sambeganing laku nuju marang kasampurnan

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

1

SAMBEGANING LAKU
NUJU MARANG KASAMPURNAN
Pepadang sing bisa digayuh kalawan laku kaya sing wis kaceta ing duwur iku
prasat prasast ngungkuli padange srengenge. Srengenge mono padange mung
kena dirasakake lan disipati dening kalairan (pandulu, badan sakojur) nanging
padang sing ditemu sarana laku iku padanging roh, ya sing arani nurcahya
(Nur=cahya, cahya=caya, dadi cahyane cahya = roh ilapi) sing daya panguwasane
ngngluwihi kadi padange srengenge.
Tegese : pepadang sing kaya mangkono mau sing ceta bisa jalari tindak utama ing
madyaning bebrayan lire jagad gede kawaratan, bisa nanduki marang sarira
pribadi (jagad cilik)karana bisa meqar dadi amal suci. Atine padang ora kasrimpet
ing pamotahing napsu kadagingan, kalis saka saka goda rencana kadonyan sing
ajak-ajak rusak, ya rusake raga, ya rusake jiwa. Iki kabeh mau kudu ditindakake
kalawan tanpa kendat ing salawase urip.
Mung emane dene sing kaya mengkono iku arang banget kang bisa nglakoni, kehkehane banjur kandeg ing tengah dalan, ing sakawit kaya iya-iyaa, nanging toging
ngendon bareng mrangguli gampange banjur ngusira, murtad saka gegebangane

kang sejati.
Kang mangka kabeh mau kudu ditindakake ing salawase urip lan kudu diemuti yen
iku mau kabeh mung mujudake sawijining prajanji sing kawetu lan kalakone mung
sapisan.
Ana dene sing jalari angele iku mau, jalaran sing akeh ora bisa nyandak marang
susurupan ing bab legining madu.
Ora idep ing lungguhi si legi lan lingguhe si madu sarta manunggale sakarokarone. Endi sing diarani “Dzat” madu lan endi sing ngeker sipat manise, ora bisa
digraitani. Iki dasare mung prasemon tumrap marang sasira pribadi, sing ateges
ora ngidepi marang jejering Kawula lan Gusti sarta manunggale sing kabeh mau
prasemone Gaibing Hyang Widi, dadi sok mangkonoa uga ateges ora bisa
nyumurupi ing Pangerane. Kang mangka dudununge senajan ora karuwan golekgolekane yen ditumemeni tinemu ana awake dewe.
Ana unen-unen adoh tanpa wangenan, cedak tanpa senggolan iku maknane ora
bedo karo keplase madu lan legine iku mau. Gemblenge mujudake kahanan sing
aninang, sing ora ana prabedane karana manunggal dadi siji.
Kanggo nyumurupi dununge sipat legi lan dzat madu sarta ndamangi marang
manunggale, ya sing ateges meruhi marang manunggale Kawula lan Gusti utawa
marang Pangerane, iku temene wis pada cumepak prabote, tur genep pisan, yaiku
tinemu ana ing sarira pribadi, ana ing awake dewe. Nanging ing sarehne kurang
bisa migunakake carane anggone ngudi banjur sok ora genep, ninggal salah
sijining srana saka uger-uger panggilu dane ngelmu (sarengat, tarekat, hakekat lan

makrifate). Utawa isish kerem marang ubaling napsu kadagingan, duwe pamrih
rupa-rupa sing tumanjane mung marang urip kalairan.
Kajaba iku, keh-kehane pambudine sok sembrono ora ngendahake marang
wewalering ngelmune nyepelekake karana ngrumangsani yen wis bisa nyakup
marang surasane kabeh, wiwit saka “Ha” nganti tekan “NGA” utawa marga saka

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

2

anggone kurang bisa ngendaleni hawa napsune, banjur ora bisa ngetut utawa
nyusetyani marang sakehing wewaler kang mestine kudu diturut.
Lekas ing kaya mengkono mau mbebayani tumrap marang awake dewe lan
samangsa kudu ngadepi kukuting jiwangga, asring isih kagubet dening pakartining
napsu kadagingan lan kagoda dening pakareman-pakareman kang di alami dek
rekalane isih meger-meger urip waras-wiris.

Jer sakabehing tindak kang dilakoni nalikane isih jejer dadi manungsa iku, luwihluwih sing ana gegayutane karo ubaling angkara murka, isih tumabet ana ing jiwa
kang angel ilang-ilangane. Awit saka iku sing akeh-akeh patine banjur sasar susur
ora bisa sampurna utawa ora bisa entuk dalan kang padang lan gampang.
Anggane ngudi saya ngangsa-ngangsa kayungyune marang pamrih sing maneka
warna lan asipat kadagingan mau. Ana dene sing dianggo nutupi mung estine
marang tindak madya lan utama. Dadi apa sing katindakake mau salugune
cengkah karo kekerane ngelmune kang sejati, ateges uga tumindake cidra ing
atase nggilud pangelmon, bebasane jabo putih jero kuning (palsu). Upamane
banjur madeg dadi dukun kang ngalap opahan, netepake mejani lan patukon lsp,
kang dadi margane urip seneng nanging mung uriping wadag.
Awit saka iku, ing babagan sing kaya mangkene iki kudu sing bisa waskita lan
trampil milah-milahake, endi-endi sing tidak nyata nurut andemaning kajaten, endi
sing mung dianggo srano mulas kajatene kang ora bener iku. Yen dijablasake endi
sing tumindak bener-bener atas asmane Pangeran karana lekasing lair iku
dikemudeni dening batin, lan endi sing mung tindak ninggal Pangerane Gusti
karana lekasing lair iku mung kanggo nyukupi kabutuhaning lair wae.
Ana dene sarengat sing kanggo gagaran pamilihing kahanan, endi sing sejati lan
endi sing mung pulasan, yaiku pangeling-eling marang Pangeran manunggale
Kawula lan Gusti lan ngugemi kayakinan, yen urip iku satemene ana kang murba
lan masesa, yaiku Hyang Widi. Dadi kudu emut solah bawa, muna-muni iku mau

kabeh atas asmaning Pangeran, kang sipate suci ora ana kang madani. Samangsa
ana lekas sing katon melok, mangka banjur cengkah karo kasucianing Pangeran,
iku terang banget yen ora bener (eling marang sipat 20 ing Pangeran).
Sipat kajaten, yaiku keploking tindak lair lan osiking batin,krenah marang kautaman
sing bener-bener kanti rila legawa lan nyata-nyata dudu pulasan, mungguhing
banyu mono pada wae karo banyu wening lan resik akinclong-kinclong yen ta
diombea bebayane ora ana nyata-nyata bisa mareming ati lan sirnaning salit. Ya
tindak sing kaya mangkono mau sing dialami wiwit saka lair nganti tekan samatine.
Ana rembug pangelmon sing ana gandenge karo babagan Sangkan Parane
Dumadi ana tetembungan yen uripe manungsa ana ing donya iku bebasane mung
purlu Mampir Ngombe.
Tembung “Mampir Ngombe” kasebut, kajaba mengku sipate sing kudu diombe,
uga mengku wektune, lire mung samampir, mung sak perlu, dadi ora suwe lan sing
diombe kudu banyu sing mupangati tumrap marang uripe lair batin, yaiku tirta
wening sing wanese kalintang.
Dadi terang banget uripe manungsa ana ing alam donya iku bebasan mung
sasiliring bawang mung sedela banget yen ta ditandinga karo wektu kang bakal
dialami ana ing alam langgeng. Dadi samangsa urip kang sedela iki ora
dipigunakake sing kalawan pratitis, mestine banjur bakal kapitunan lire migunake
kalawan pratitis yaiku ngobeya banyu kang wening, nggiluta ngelmu sing murakabi

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

3

tumrap marang urip lan pati, bisoa nyumurupi saka ngendi urip iki lan menyang
endi urip iki sabanjure ((ing sak wise kukut ragane). Weruh sing kalawan tementemen lan alandesan pikir kang maton.
Iki lagi bisa kelakon yen enggone milih iku kanti pratitis, bisa damang endi sing
nyata lan endi sing pulasan, endi sing suci lan endi sing kebak pamrih kang ora
yoga. Dadi kudu bisa mbedakake endi sing tirta wening lan endi sing tirta tan
wening, kang supaya ara keblasuk. Awit yen kleru sapisan mesti bakal kleru ing
salawase : janjine mung sapisan.
Toging data sakehing pambudi mau mung ditujukake marang patine, ewa semana
rasane meksa isih durung rila temenan.
Mula sajroning ngudi sawiji-wiji iku kudu sing tansah weweka lan ora tinggal
petung, awit satemene ora ana wong sing wong sing bisa mestekake lan saligune
ora ana wong kang milalah patikanti tanpa sebab apa-apa nadyan ta wis tuwa tur

pikun pisan, rasane isih sungkan (owel). Lugune wae ora ana wong sing milalah
mati eklas lair batin.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Kumitir