L3 Ngonceki impen sos sastra anyar revis

NAMA
NIM
KELAS
MSTKUL

: LINTA DWI RAHMAWATI
: 12020114021
: 2012 A
:SOSIOLOGI SASTRA

PACOBAN URIPE PARAGA SAJRONE CERBUNG “ NGONCEKI IMPEN”
ANGGITANE SRI SUGIYANTO
(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA IAN WATT)

1. Purwaka
Manungsa kang urip ing donya kebak pacoban, mula

ing urip bebrayan kudu

nduweni sipat sabar. Sabar anggone ngadepi pacoban urip kang wis dadi ginarising Gusti.
Manungsa kudu tansah sabar lan nrima. Pacoban urip utamane nalika urip ing bale somah lan

wis bebojoan iku kudu tansah ngati-ati lan waspada. Sabar lan nrima kudu tansah diduweni
dening titahe Gusti. Sipat pikir lan tresna pasutri tansah kudu tetep ditengenake.
Pacoban uripe manungsa kuwi akeh dicritakake sajrone karya satra arpua cerbung,novel
uga cerkak. Kabeh karya sastra kuwi ngandharake kepriye pacoban uripe manungsa kuwi lan
kepriye cara mrantasine. Mula sajrone karya sastra nduweni piwulangan etik, estetik, lan
saintik, kanthi aspek-aspek kuwi mau ndadekake manungsa bisa nggayuh kasampurnan.
Cerbung kanthi irah-irahan sajrone “ Ngonceki Impen” anggitane Sri Sugiyanto iki
minangka salah sijine cerbung kang nyritakake pacoban urip arupa masalah sosiale paraga
utama yaiku waskitha. Dheweke sajrone urip balesomah tansah katerjang pacoban kang
maneka warna. Pacoban-pacoban kuwi dilakoni dheweke kanthi sabar lan ikhtiyar kang ora
kendat, saengga pungkasane aweh kanugrahan lan karaharjan.
Cerbung kanthi irah-irahan Paraga Priya sajrone “ Ngonceki Impen” anggitane Sri
Sugiyanto iki diterbitake ana ing majalah panyebar semangat taun 2014. Sri Sugiyantara
minagka pengarang modern sing akeh-akeh ngangkat kedadeyan sing ana ing bebrayan

1 SOSIOLOGI SASTRA

agung. Karya –karya sing wis ditulis kayata cerbung kanthi asesirah “janggrung” taun 2006,
cerbung kanthi irah-irahan”Ngalacak Singlon Sardulo Krodha” taun 2000. Ing kene uga nulis
novel kanthi asesirah “Tirisan Derai Kasih” taun 2000 lan “Selendang Buat Inuk”taun 2002.

Sakliyane seniman uga dadi budayawan sing nyiptakake tari, uga seneng nulis sing
ndadekakae pengarang lan panulis.
Masalah-maslah sosial lan pacoban urip kang ana sajrone cerbung “Ngonceki Impen”
narik kawigaten kanggo ditliti. Panliten iki ditliti kanthi tintingan sosiologi sastra Ian Waat.
Tintingan iki digunakake amarga cundhuk karo isine cerbung kang ngandharake prekaraprekara sosial. Kanthi ngerteni Pacoban urip bisa meruhi isine crita lan kanthi ngerti masalahmaslah sosial kanggo ngerteni kahanane crita..

2. Landhesane Teori
2.1 Cerbung
Cerbung salah sijine crita carangan kang kapacak ana ing pirang-pirang majalah, dadi
ora mung sepisan wae, nanging pirang-pirang majalah utawa medhia masa. Critane sambungsinambung kanthi pirang-pirang episode. Crita sambung uga luwih kompleks tinimbang
cerkak.
Suripan Sadi Hutomo ngendhika yen crita sambung minangka kawitane ngrembakane
novel Jawa modern kang kapacak ing pira-pira majalah. Adhedhasar andharan kuwi bisa
diweruhi yen crita sambung ana gandheng rakete karo ngrembakane novel Jawa modern, crita
sambung uga nduweni peran kang wigati aiku dadi sarana lan prasarana kanggo karya sastra
Jawa sing didadekake obek panliten teka saiki (Suripan Sadi Hutomo, 1987:5)
2.2 Pamarekan Struktural
Cerbung kinosek ing lindhu iki nggunakake pamarekan struktural. Pamarekan
struktural asring sinebut pamarekan obyektif, pamarekan formal, utawa pamarekan analitik,


2 SOSIOLOGI SASTRA

kang lelawanan saka asumsi en karya sastra dadi karya kreatif kang otonom. Saengga
saumpama arep ditliti kudu sikaji uga unsur pambangune karya kuwi yaiku kaya tema, alur,
latar, panokohan, lan aspek-aspek sing ndadekake karya sastra (Atar Semi, 1996:67)
Ratna (2011:21) ngandharake yen sajrone tintingan struktural, bisa dititiki: (1) karya
sastra minangka modhel tulisan kang kasusun saka maneka unsur kang diatur dening
paugeran sastra, lan (2) anane faktor paugeran unsur kang ngasilake efek kasusastran tanpa
nengenake kanyatan sajabane sistem struktur.
Nurgiyantoro (2007:124) ngandharake yen tintingan struktural nduweni tujuwan kanggo
njlentrehake kanthi setiti fungsi lan gegayutan antarane maneka unsur karya sastra. Tintingan
struktural nduweni tujuwan kanggo nuduhake gegayutan antarane unsur-unsur kasebut sarta
tujuwan kaendahan.
Analisi struktural minangka tingkat kawitan ing panliten sajrone karya sastra. Tingkat
iki angel diilangake, amarga analisis struktural minangka gerbang kang utama kanggo meruhi
unsur-unsur kang dadi pambangune. Kita bisa meruhi jrone karya sastra kanthi cara nggoleki
njabane dhisik. Dhasarae analisis struktural nduweni tujuwan kanggo njlentrehake kanthi tliti
lan sajero-jerone sesambungane saben-saben unsur karya sastra saengga ngasilake makna
kang sampurna (Sangidu,2004:15)
Pradopo sajrone Suwondo (2012:69) ngandharake yen sing dadi konsep dhasar

tintingan struktural yaiku anane pamawas yen sajrone karya sastra mujudake sawijine
struktur kang otonom sing bisa dingerteni minangka sawijine kesatuan kang nyawiji karo
unsur-unsur pamangune karya sastra kang gegayutan antara siji lan sijine. Tintingan
struktural bisa ditintingi kanthi cara nengenake unsur intrinsik karya sastra, tanpa nengenake
sejarah lan niate pangripta nalika nulis sawijine karya sastra, utawa bisa diarani yen ora
nengenake unsur ekstrinsik karya sastra

3 SOSIOLOGI SASTRA

2.3 Tema
Dick Hartoko lan B. Rahmanto (1986:67) ngendikake tema minangka struktur karya
sastra kang nduweni peran wigati ing salah sijine crita. Tema lumrahe dirancang luwih dhisik
tinimbang unsur intrinsik liyane, amarga kanthi anane tema dhisik kang disusun bisa
ndadekake crita ora metu saka isi kang dikarepake dening pangripta sajrone crita. Tema saka
andharan ing ndhuwur bisa diweruhi minangka unsur kang pokok sajronbe crita.
Tema minangka gegambaranbe urip utawa pambiji-pambiji tartamtu kan mangun
dhasar utawa gagasan kang utama saka karya sastra (Henry Guntur Tarigan, 2003:125).
Burhan Nurgiyantoro (1994:12) ngendika yen salah sijine novel bisa nduweni luwih saka siji
tema, yaiku tema utama lan tema tambahan, nanging tema tambahan kedah nduweni sipat
nopang lan nduweni gegayutan karo tema utama kanggo merkoleh kepanduan.


2.4 Sosiologi sastra Ian Watt
Sosiologi sastra tumuju ana ing pangripta yaiku ana ing sosial sastrawan sajrone
masyarakat lan ana gegayutane karo masyarakat pamaca. Pangripta bisa nuduhake sastrane
amarga ana kedadeyan sing dilakoni ana ing panguripane lan pada karo apa sing dadi
pakaryane. Sasta sing cinipta dening sastrawan uga bisa dirasakake dening pamaca.
Sosiologi sastra Ian Watt ana telu yaiku sing sepisan konteks sosisl pangripta sing
gegayutan karo masyarakat pamaca bisa nuduhake kedadeyan-kedadeyan sing dilakoni
masyarakat ing paguripa. Sing kalebu faktor-faktor social sing bisa menehi pangaribawa
marang pangripta minangka paraga ing sajrone karya sastra. Konteks sosial pangripta kuwi
jembar uga kudu nduweni kawiwiwtan masalah sing arep dikaji.
Pamarkan iki bisa ditiliki saka kepriye pangarang kuwi bisa nggolek pakaryan kangge
panguripan saben dina ing kene uga pangripta nuduhake pakaryan-pakaryan kuwi kudu
dilakoni supaya bisa nuduhake sastra kasebut. Kepriye pangripta kuwi bisa ndadekake

4 SOSIOLOGI SASTRA

pakaryan dadi minangka profesi ing kene uga pakaryan sing ditandang dening opangripta bisa
nuduhake pakaryan sing ajeg dilakoni. Masyarakat apa sing kudu dituju saka pangripta ing
kene uga nuduhake satra sing digawe kudu laras karo pakaryan sing dilakokake lan uga bisa

ngrasakake kedadeyan-kedadeyan sing ana ing masyarakat saiki.
Kaloro yaiku sastra minangka pandangan masyarakat. Masyarakat nduweni
kedadeyan sing pada bisa nunjukakake kepriye nunjukakae apa kang dilakoni dening
pangripta sing nduweni kaendahan kanggo ndadekake sastra sarana kanggo

apa kang

dilakoni. Ana kang dadi wigati ing kene yaiku sepira sastra kuwi dadi pandangan masyarakat
wektu karya sastra ditulis ing kene uga sastra sing wis ditulis bisa didadekakae pedoman
kedadeyan kang wis dilakoni kanggo menehi ciri sing wigati, sepira sipat pribadi pangripta
bisa menehi pangaribawa gambaran masyarakat sing diandharake ing kene uga sastra sing
diasilake kudu nduweni kaendahan saengga bisa ngajak masyarakat bisa ngrasakakae apa
sing ditulis pangripta, sepira genre sastra sing digunakake pangripta bisa makili masyakatat
ing kene uga sastra sing digawe pangripta bisa makili masyarakat supaya akaeh sing ngerti
isine sastra kasebut.
.

Katelu fungsi social sastra. Fungsi sosial sastra sepira njeru nilai satra gegayutan karo

nilai sosial. Ana kang dadi wigati ing kene yaiku sepira sastra nduweni fungsi minangka

perombak masyarakat ing kene uga nuduhake apa kang dilakoni masyarakat bisa didadekake
sastra kang bisa ndadekakae masyarakat kuwi ngerti apa sing ana ing masyarakat , sepira
sastra nduweni fungsi panglipur ing kene uga satra bisa ndadekakae pangglipur kanggo sapa
bae lan sasatra kasebut bisa narik pamaca kanggo ngersti lan ngrasakake apa sing katulis uga
bisa didadekake carita saengga bisa ndadekakae masyarakat bisa seneng.
Ana sepira kedadeyan sing sintesis antarane kedadeyan saka fungsi perombak
masyarakat lan nduweni fungsi panglipur maksute sastra bisa nunjukaka sarana kanggo

5 SOSIOLOGI SASTRA

masyakat kanggo nyipta iki uga bisa digabungake saka bisa digunakake kanggo nuduhake
masyarakat kuwi nduweni sastra kang macam-macam saka latar lan wektu saengga bisa
didadekake minangka sarana kanggo panglipur saka sastra-satra sing wis kabentuk lan uga
bisa didadekake gambaran saka panguripan.
Kanthi cara epitemologi ora mungkin kanggo mbangun samubarang sosiologi sastra
general sing nyangkup kabeh pendekatan sing dikemukake iku uga menehi tradisi sing kuat.
Miturut (faruk, 2013) yaiku Konsep ngenani masyarakat wis bedha karo pendekatan siji lan
sijine, durung konsep ngenani sastra iku dewe.
Sesambungane karo sastra yen sastra nampilake gambaran kauripan sing nyakup
sesambungan antrane masyarakat, antara masyarakat karo per wong, antar manungsa, lan

antarane prastawa sing muncul saka sajrone batin pawongan sing asring dadi bahan sastra,
yaiku pantulan sesambungane pawongan karo wong liya utawa karo masyarakat lan
nuwuhake sikap sosial tartamtu utawa bahkan kanggo nyampekake prastawa sosial tartamtu,
Damono (1979). Saka skema lan klarifikasi ing dhuwur maeng bisa digambarake yen
sosiologi sastra, yaiku pendekatan sastra kanggo bandingake segi-segi kemasyarakatan,
nduweni sikap sing jembar, akeh wernane lan ruwet, sing nyangkut ngenani panggripta,
karyane, sarta pamaca.
Saka katrangan ing dhuwur bisa didudut yen apa sing diandharake yaiku sosiologi
sastra miturut para ahli mligine Ian Watt dibagi dadi 3 yaiku: 1. Konteks sosial pengarang, 2.
Sastra sebagai cermin masyarakat, 3. Fungsi sosial sastra

3. Andharan:
Bab andharan ing tulisan iki bakal ngandharake ngenani tema lan masalah sosial
mligine perangan sosial sajrone novel. Andharan iku bakal dijlentrehake kanthi urut yaiku

6 SOSIOLOGI SASTRA

kapisan njlentrehake ngenani tema, banjur kapindho ngandharake masalah prekara sosial.
Perangan-perangan iku bakal dijlentrehake siji blaka siji ana ing ngisor iki.


3.1 Pacoban Urip Paraga
Pacoban uripe Waskitha yaiku ing antarane ora nduwe dhuwit nalikane nambakake
wong tuwane, rusake komputere, kulawargane difitnah, kacingkrangan, lan dipalak
pawongan. Pacoban-pacoban iki bakal diandharake siji mbaka siji ing ngisor iki.

3.1.1 Ora Nduwe Dhuwit Kanggo Nambakake Wong Tuwane
Pacoban urip kang dialami dening Waskhita yaiku salah sijine nalikane dheweke tau
kepepet ngetokake dhuwit akeh kanggo nambakake wong tuwane. Andharan kuwi bisa
dideleng ing pethikan ngisor iki.
. . . . Wong urip sandungane lelakon kuwi akeh. Apa sing
diangen-angen kadhang mrucut saka panggantha. Nyatane
dheweke bola-bali kejeglong ing butuh. Wong tuwane
mlebu rumah sakit ambal pindho. Dhuwit slempitan nggo
mbayar semesteran kepeksa kabut kebrandhat, isih tambah
utangan nggo nebus wong tuwane. (Ngonceki Impen, PS
no. 12 :2014 , kaca 19:3-1).
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake apa sin bakal dilakoni Waskitha iku bakal wedi yen
kelekon kayata apa sing dialami ing jaman biyen. Wis tau dheweke kya kedadeyan kya
mangkono, wis nyelengi nanging ana kedaeyan ing ira bisa diduga. Saka kedadeyan kuwi
Wskhita wedi arep ngalkokake apa sing arep dilakokae saiki. Saiki dheweke mung aren

nyenengake keluargane tanpa ana kekurangan kabeh mau wujud tanggung jawabe Waskhita
mrang keluargane.
3.1.2 Rusake Komputere

7 SOSIOLOGI SASTRA

Ana kedadeyan kang nnguciwani kanggo Waskhita maneh minangka pacoban uga
yaiku nalikane ngetik komputere Waskitha rusak. Ora gelem dilakokake mung macet.
Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:
. . . . wis piye anggone nguthegi CPU nanging panggah ora
gelem dijak nyambut gawe, rsane angluh . computer kuwi
kaya-kaya sambat. Dhweke ora gelem yen dijak mlayu
kaya playune inspirasi sing terus nggendring saben drijine
nutuli keybord (Ngonceki Impen, PS no. 12 :2014 , kaca
20:1).
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake Wskhita iku tresna marang komputere. Amarga
sing digawe kanggo ngetik karyane ya mung computer iku. Atine Waskitha mung bisa sabar.
Amaga dheweke ing dina iku wis nduwe inspirasi-inspirasi sing wis di konsep marang
dheweke. Mulane dheweke krasa gela marang apa sing kedadeyan ana ing dheweke saiki kok
dumadaka komputere macet.

Dana sing diduweni Waskita kangge ndandani computer mau ora nnutu. Akeh
kebutuhan liya sing kudu dilakokake dheweke mula bingung ora duwe dhuwit. Kagambara
ana kutipan ing ngisor iki:
“ Dhuwite rung nuntut. Tabungan sithik nggi jagan sragame
Wisnu mlebu Play Group karo nggo nyicil semesteran”.
Kunthi mesem tipis. Drijine sing alus mucuk eri njupuk
utri dionceki, agahan diwenehake menyang sing kakaung.
Langune ora pati krasa , merga gula jawane akeh rada
akeh, saengga luwih krasa legine timbang paite (Ngonceki
Impen, PS no. 12 :2014 , kaca 20:1).
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake duwit sing diduweni Waskitha iku ora nuntut. Mung bisa
kangge mangan lan nguripi anake iku, mula kudu bisa ndadekake kabeh mau kudu bisa
ngalahi apa sing bakal kedaeyan ing dina temban uga kudu jaga-jaga kanggo apa sing bakal
diperlokake kangge kabutuhan saiki sing luwih wigati.
3.1.3 Kulawarga kang difitnah

8 SOSIOLOGI SASTRA

Kulawargane Waskhita difitnah yen Kunthi selingkuh karo Jumeno saengga
ndadekake arep bubrah. Fitnah kuwi akhire kabongkar nalikane para warga ngaku yen
nyebarake fitnah kuwi amarga dikongkon Jumeno. Andharan ngenani kulawarga kang
difitnah kuwi bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.
52. . . . ingkang baken underaning perkawis bilih Pak Sukra,
Mas Joko Luwak lan kanca-kancane sampun ngakeni bilih
ingkang nyebar pitbah punika inggih piyambake. Namung
dhalangipun panic wonten. Inggih punika Jumeno”
Waskitha mung unjal ambegan landhung karo mangutmangut (Ngonceki Impen, PS no. 32:2014 , kaca 47:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake ora ngira yen anane tukar padu, anane kabar sing ana ing
keluargane iku amarga fitnah. Ing kene Jaka Luwak ngaku yen dheweke nyebarake finah sing
njalari Jumeno. Jumeno pancen wong lanang sing sukses nanging mung arep ngrusak
kaliuarhgane wong liya. Tanpa mikir atine wong liya
3.1.4 Kacingkrangan
Kacingkrangan iki bisa diweruhi nalikane Waskhita bingung anggone nerusake
kuliyah amarga ora anane bandha. Dheweke bingung arep nerusake kuliyah apa ora iku
nandakake yen dheweke taksih ngalami kacingkrangan sajrone urip bebrayan. Andharan kuwi
digambarake ana kutipan ing ngisor iki:
24. “ piye mas, panjenengan kuwi sedhela maneh skripsi, apa
ora eman-eman yen dioncati?” pitakone Kunthi.
“ kabeh wis dak niyati Dhik. Daal jaluk sliramu aja
nggandhuli pancandanku iki sapa ngerti kabeh iki
mujudake pacoban supaya mecut awake dhewe urip
mandiri. Kabeh mumpung durung mbutuhake ragat.
Memgko yen kedlarung anak gedhe tambah brayat ora
wurung bakal dadai gandhulane ati” (Ngonceki Impen, PS
no. 18:2014 , kaca 20:2)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskita iku ora nduweni niyat arep ngakokake
kuliyahe kuwi. Sisihane ming meneng nalikane gawrwane wis ngwndika kaya mabgkono
mau. Waskitha wis niyati yen dheweke mung mentingake keluargane , amarga wedi yen ing

9 SOSIOLOGI SASTRA

dina liya bakal mbutuhake duwui, nagging dwis diwanti-wanti bijine nangging yo panggah
ira bisa karo pepinginane dhweje sing panggah mikir ekonomine keluargane.
Waskitha ora sida sida nerusake kuliyahe amarag kanhi pikran dawa ana kabutuha
sing luwih penting. Tinimbang apa sing arep dilakoni dheweke saiki. Amarag kurange dana
sing kudu dijangkepi kangge skripsi. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:
25. sisihane wis njurug. Dhuwit tabungan, ditambah golek
utangan bank, lan yen perlu penganggone Kunthi kena
kanggo jagan samangsa kurang dana. Kuliyah sing wis
ngadhepake skripsi kepeksa dipunggel merga danane nggo
ngoyak butuh. Ora bakal digetuni, kabeh wis digagas
kanthi pikirab kang dawa (Ngonceki Impen, PS no.
18:2014 , kaca 43:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake anggone nerusake kuliyah mau cuthel maneh garagarane duwute kuraf kanggi ngragati apa sing kudu dibayar ing kuliyah. Saka iku mula
Waskitha mau mung medhot maneh kuliyahe lan urung nduwe pikiran diterusake kapn.
Nanging kabeh mau ora digetuni, wis lakone urip, nangigng mesthi ana dalane dhwew nalika
tenanan anggene nglakokake samubarang sing becik.
Ana ning njero omah Waskitah mau mung mandengi lawang kanggo mikir gajine
sing mung sethithik. Mula ing kene sissihane arep golek kerja kanggo nututu apa sing bakal
diperlokakae dening keluargane. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:
26. nalika wengi saya nggremet anggone nyawang omah
kaya ora ana entek-enteke. Sing digagas ora ana liya
kajaba basib sateruse. Omah njenggarong ukuran pitu
sangang meter durung katon mambu lepan. Cendhela lan
angin-angin isih tembelan blabag tilas cor-coran. Gajine
kadhang ora nyandhak yen nyendhengake kedbradhat
butuh kang ora diyana. Sing dibledhig ora ana liya kejaba
mung golek sebrakan koperasi.
“piye Mas, menawa aku nyambut gawe, menggko nggo
nambah ekonomine?” pitakone kunthi kaya mecah
swasana amem wengi kuwi.
“ menawa sliramu kerja megko Wisanu karo sapa?”

10 SOSIOLOGI SASTRA

“ Dititipne mbahe kaya wong-wong kae. Nyatane wongwong sing padha nyambut gawe kae nglakoni ngono yo
isa mlaku” (Ngonceki Impen, PS no. 19:2014 , kaca 20:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha mikirake urip sing dilakoni. Kudu
bisa mikir mangarep apa sing bakal kelakon kanthi becik lan bener. Mulane direwangi utangutang supaya bisa cukup kabeh kebutuhan keluargane, oramung ngono sisihane uhga
ngrewangi

nyambut gawe kanggi nyukupi kabutuhan. Sisishane ora memtala nguasake

garwane kaya mangkono binggung mikirake apa sing dadi kabutuhane keluargane, nanging
garwane pngah nuntut sisihane supayakudu bisa njagaanake la nana wektu kanggo anake
mau.
3.1.5 Dipalak Pawongan
Prekara kriminal minangka maslah sosial kayata anane palak. Palak kuwi kedadeyan
sajrone novel ngonceki impen iki nalikane Waskhita arep budhal ngajar menyang sekolahan.
Andharan kaya mangkono bisa diweruhi ing kutipan ngisor iki:
18. gendheng ora kena dislah, sepedhah motor nuli dituntun
arep digawa menyang bengkelsing adohe mung setengah
kilo wae. Nanging durung nganti muter sedehah montore,
kadadak ana wong numpak RX King mandheg neng
ngarepe. Jenenge Jojo Luwak. Pawakaane dempel
rembuge sugal, gaweyane saben dina mung kluyuran
dalan, adu jgo, main, ngombe.
“nyuwun dhuwite Pak , niki rak wonten rapelan undhakundhakan gaji. Yen mung ngge tuku rokok men rak ora
krasa”, guneme Joko Luwak karo ngathungake tangane.
Mripate sing abang mentheleng, lambene sing nggada
omben isih klomat-klamet (Ngonceki Impen, PS no.16 :
2014 , kaca 19:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake sepedahe Waskitha iku wis tuwa, nanging sish bisa
digawe amaraga dirawat. Sadawane dalan mau Waskitha cegad karo jaka Luwak. Jaka luwak
siapate ala bangrt mung bisa ngentekake duwit, memdhem, adu jafgo lan ngombe. Jaga
luwak iku kepengen njaluk dhuwit karo Waskhith nangig ora sopan. Ing kene Waskitha mung

11 SOSIOLOGI SASTRA

batin, kok dina iki ana wong kaya mangkono mung isane njaluk la nyenenganke atine dhewe
ora milrake kepentingane wong liya.
Waskitha akhir menehi dhuwit marang Jaka luwak. An uga menehake kanthi ikhlas.
Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:
19. Waskitha ngerti menawa Joko Luwak yen dhong mendem
ngono kuwi wuws ora gelem disanak. Dheweke wegah
rgejengan malah dadi masalah. Mula Wasktha banjur
ngetokakae dompete. Dhuwit sing kari telung puluh ewu
kuwi kepenakdiselser rong ruluh ewu diwenehake wong
mendhem kuwi (Ngonceki Impen, PS no. 16 :2014 , kaca
19:3)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha iku pancen apik bathine. Buktine dheweke
uga menehi dhuwit kaya sing dijalik dening Jaka Luwak, senajan dheweke mung nggawa
dhuwit teung puluh ewu, kabeh mau oera dadi apa, mergane yen ora diwenehi bakal dadi
rame nalika kuwi Waskitha wis kasep anggene masuk sekolah
Kriminal uga salah sijine ana maneh yaiku fitnah. Perkara kuwi bisa diweruhi nalika
Kulawargane Waskhita difitnah yen Kunthi selingkuh karo Jumeno saengga ndadekake arep
bubrah. Fitnah kuwi akhire kabongkar nalikane para warga ngaku yen nyebarake fitnah kuwi
amarga dikongkon Jumeno. Andharan ngenani kulawarga kang difitnah kuwi bisa dideleng
saka pethikan ing ngisor iki.
52. . . . ingkang baken underaning perkawis bilih Pak Sukra,
Mas Joko Luwak lan kanca-kancane sampun ngakeni bilih
ingkang nyebar pitbah punika inggih piyambake. Namung
dhalangipun panic wonten. Inggih punika Jumeno”
Waskitha mung unjal ambegan landhung karo mangutmangut (Ngonceki Impen, PS no. 32:2014 , kaca 47:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake ora ngira yen anane tukar padu, anane kabar sing ana ing
keluargane iku amarga fitnah. Ing kene Jaka Luwak ngaku yen dheweke nyebarake finah sing
njalari Jumeno. Jumeno pancen wong lanang sing sukses nanging mung arep ngrusak
kaliuarhgane wong liya. Tanpa mikir atine wong liya.

12 SOSIOLOGI SASTRA

3.2 Prekara sosial sajrone sastra
Prekara sosial

kang ana sajrone novel ngonceki impen iki. Prekara kuwi bakal

diandharake ing ngisor iki.

3.2.1 Kacingkrangan
Kacingkrangan iki bisa diweruhi nalikane Waskhita bingung anggone nerusake
kuliyah amarga ora anane bandha. Dheweke bingung arep nerusake kuliyah apa ora iku
nandakake yen dheweke taksih ngalami kacingkrangan sajrone urip bebrayan. Andharan kuwi
digambarake ana kutipan ing ngisor iki:
24. “ piye mas, panjenengan kuwi sedhela maneh skripsi, apa
ora eman-eman yen dioncati?” pitakone Kunthi.
“ kabeh wis dak niyati Dhik. Daal jaluk sliramu aja
nggandhuli pancandanku iki sapa ngerti kabeh iki
mujudake pacoban supaya mecut awake dhewe urip
mandiri. Kabeh mumpung durung mbutuhake ragat.
Memgko yen kedlarung anak gedhe tambah brayat ora
wurung bakal dadai gandhulane ati” (Ngonceki Impen, PS
no. 18:2014 , kaca 20:2)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskita iku ora nduweni niyat arep ngakokake
kuliyahe kuwi. Sisihane ming meneng nalikane gawrwane wis ngwndika kaya mabgkono
mau. Waskitha wis niyati yen dheweke mung mentingake keluargane , amarga wedi yen ing
dina liya bakal mbutuhake duwui, nagging dwis diwanti-wanti bijine nangging yo panggah
ira bisa karo pepinginane dhweje sing panggah mikir ekonomine keluargane.
Waskitha ora sida sida nerusake kuliyahe amarag kanhi pikran dawa ana kabutuha
sing luwih penting. Tinimbang apa sing arep dilakoni dheweke saiki. Amarag kurange dana
sing kudu dijangkepi kangge skripsi. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

13 SOSIOLOGI SASTRA

25. sisihane wis njurug. Dhuwit tabungan, ditambah golek
utangan bank, lan yen perlu penganggone Kunthi kena
kanggo jagan samangsa kurang dana. Kuliyah sing wis
ngadhepake skripsi kepeksa dipunggel merga danane nggo
ngoyak butuh. Ora bakal digetuni, kabeh wis digagas
kanthi pikirab kang dawa (Ngonceki Impen, PS no.
18:2014 , kaca 43:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake anggone nerusake kuliyah mau cuthel maneh garagarane duwute kuraf kanggi ngragati apa sing kudu dibayar ing kuliyah. Saka iku mula
Waskitha mau mung medhot maneh kuliyahe lan urung nduwe pikiran diterusake kapn.
Nanging kabeh mau ora digetuni, wis lakone urip, nangigng mesthi ana dalane dhwew nalika
tenanan anggene nglakokake samubarang sing becik.
Ana ning njero omah Waskitah mau mung mandengi lawang kanggo mikir gajine
sing mung sethithik. Mula ing kene sissihane arep golek kerja kanggo nututu apa sing bakal
diperlokakae dening keluargane. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:
26. nalika wengi saya nggremet anggone nyawang omah
kaya ora ana entek-enteke. Sing digagas ora ana liya
kajaba basib sateruse. Omah njenggarong ukuran pitu
sangang meter durung katon mambu lepan. Cendhela lan
angin-angin isih tembelan blabag tilas cor-coran. Gajine
kadhang ora nyandhak yen nyendhengake kedbradhat
butuh kang ora diyana. Sing dibledhig ora ana liya kejaba
mung golek sebrakan koperasi.
“piye Mas, menawa aku nyambut gawe, menggko nggo
nambah ekonomine?” pitakone kunthi kaya mecah
swasana amem wengi kuwi.
“ menawa sliramu kerja megko Wisanu karo sapa?”
“ Dititipne mbahe kaya wong-wong kae. Nyatane wongwong sing padha nyambut gawe kae nglakoni ngono yo
isa mlaku” (Ngonceki Impen, PS no. 19:2014 , kaca 20:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha mikirake urip sing dilakoni. Kudu
bisa mikir mangarep apa sing bakal kelakon kanthi becik lan bener. Mulane direwangi utangutang supaya bisa cukup kabeh kebutuhan keluargane, oramung ngono sisihane uhga
ngrewangi

nyambut gawe kanggi nyukupi kabutuhan. Sisishane ora memtala nguasake

14 SOSIOLOGI SASTRA

garwane kaya mangkono binggung mikirake apa sing dadi kabutuhane keluargane, nanging
garwane pngah nuntut sisihane supayakudu bisa njagaanake la nana wektu kanggo anake
mau.
3.2.2 Kriminal
Prekara kriminal minangka maslah sosial kayata anane palak. Palak kuwi kedadeyan
sajrone novel ngonceki impen iki nalikane Waskhita arep budhal ngajar menyang sekolahan.
Andharan kaya mangkono bisa diweruhi ing kutipan ngisor iki:
18. gendheng ora kena dislah, sepedhah motor nuli dituntun
arep digawa menyang bengkelsing adohe mung setengah
kilo wae. Nanging durung nganti muter sedehah montore,
kadadak ana wong numpak RX King mandheg neng
ngarepe. Jenenge Jojo Luwak. Pawakaane dempel
rembuge sugal, gaweyane saben dina mung kluyuran
dalan, adu jgo, main, ngombe.
“nyuwun dhuwite Pak , niki rak wonten rapelan undhakundhakan gaji. Yen mung ngge tuku rokok men rak ora
krasa”, guneme Joko Luwak karo ngathungake tangane.
Mripate sing abang mentheleng, lambene sing nggada
omben isih klomat-klamet (Ngonceki Impen, PS no.16 :
2014 , kaca 19:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake sepedahe Waskitha iku wis tuwa, nanging sish bisa
digawe amaraga dirawat. Sadawane dalan mau Waskitha cegad karo jaka Luwak. Jaka luwak
siapate ala bangrt mung bisa ngentekake duwit, memdhem, adu jafgo lan ngombe. Jaga
luwak iku kepengen njaluk dhuwit karo Waskhith nangig ora sopan. Ing kene Waskitha mung
batin, kok dina iki ana wong kaya mangkono mung isane njaluk la nyenenganke atine dhewe
ora milrake kepentingane wong liya.
Waskitha akhir menehi dhuwit marang Jaka luwak. An uga menehake kanthi ikhlas.
Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:
19. Waskitha ngerti menawa Joko Luwak yen dhong mendem
ngono kuwi wuws ora gelem disanak. Dheweke wegah
rgejengan malah dadi masalah. Mula Wasktha banjur

15 SOSIOLOGI SASTRA

ngetokakae dompete. Dhuwit sing kari telung puluh ewu
kuwi kepenakdiselser rong ruluh ewu diwenehake wong
mendhem kuwi (Ngonceki Impen, PS no. 16 :2014 , kaca
19:3)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha iku pancen apik bathine. Buktine dheweke
uga menehi dhuwit kaya sing dijalik dening Jaka Luwak, senajan dheweke mung nggawa
dhuwit teung puluh ewu, kabeh mau oera dadi apa, mergane yen ora diwenehi bakal dadi
rame nalika kuwi Waskitha wis kasep anggene masuk sekolah
Kriminal uga salah sijine ana maneh yaiku fitnah. Perkara kuwi bisa diweruhi nalika
Kulawargane Waskhita difitnah yen Kunthi selingkuh karo Jumeno saengga ndadekake arep
bubrah. Fitnah kuwi akhire kabongkar nalikane para warga ngaku yen nyebarake fitnah kuwi
amarga dikongkon Jumeno. Andharan ngenani kulawarga kang difitnah kuwi bisa dideleng
saka pethikan ing ngisor iki.
52. . . . ingkang baken underaning perkawis bilih Pak Sukra,
Mas Joko Luwak lan kanca-kancane sampun ngakeni bilih
ingkang nyebar pitbah punika inggih piyambake. Namung
dhalangipun panic wonten. Inggih punika Jumeno”
Waskitha mung unjal ambegan landhung karo mangutmangut (Ngonceki Impen, PS no. 32:2014 , kaca 47:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake ora ngira yen anane tukar padu, anane kabar sing ana ing
keluargane iku amarga fitnah. Ing kene Jaka Luwak ngaku yen dheweke nyebarake finah sing
njalari Jumeno. Jumeno pancen wong lanang sing sukses nanging mung arep ngrusak
kaliuarhgane wong liya. Tanpa mikir atine wong liya.

3.2.3 Pelanggaran marang norma sosial
Pelanggaran marang norma sosial iki bisa diweruhi nalikane Waskhita nyedhaki Santi
saperlu nglarakake atine Kunthi supaya krasa larane kaya sing diraskake Waskitha. Prekara
kaya mangkono tetep klebu nglanggar norma sosial amarga bisa diarani selingkuh.
Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

16 SOSIOLOGI SASTRA

44. wektu iku Waskitha sengakja luwih ngatekake Santi
katimbang sisihane. Srawunge digawe saya mepetlan
kadhang sok senggolan lengen karo api-apai ngelusi
tumoukan majalah sing mentas diwaca Santi. Asine
Kunthi dadi goreh. Anggone nyuntak rasa kangen marang
Jumeno dina kuwi kaya cagar merga nyipati Santi lan
Waskitha katon raket (Ngonceki Impen, PS no. 28:2014 ,
kaca 20:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha pengin ngerteni apa sing dirasakakae
dening dheweke. Kepriye rasane atine yen Kuthi metu karo Jumeno, senajan Jumeno iku
mung kanca mitrane. Nanging kunthi kaya seneng karo kesuksesane Jumena, kesuksesan
kuwi maeng durung mesthi becik anggone ngolek.
3.2.4 Disorganisasi Kulawarga
Perkara disorganisasi kulawarga iki kedadeyan nalika Waskhita ngenengake bojone
amarga kuciwa. Kedadeyan kaya mangkono nuduhake yen mutus komunikasi marang salah
siji anggota kulawarga kang ateges disorganisasi kulawarga. Kedadeyan mangkono
kagambarake ing pethikan ngisor iki.
30. “ aku melu bali. Mengko yen Wisnu nggoleki malah
panjenengan repot.”
Waskitha wis ora aweh wangsulan. Angahan sepedha
motore distater nuli ninggalake plataran omah sawise
nggunakake klakson ping pibdho. Sadurunge bali, kanggo
nglipur atine Wisnu dijak mlebu toko swalayan. Bocah
kuwi karemane es krim. Dijarake milih sing disenengi.
Ora ndang muulih, sepedha motor diengokake neng
warung sega goring lesehan (Ngonceki Impen, PS no.
17:2014 , kaca 19:1)
Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake saka kedadeyan kuwi mula Waskitha enggal-enggal
metu saka panggone ibuke sisishane iku. Wisnu dijak muleh, ing dalan diajak mlaku-mlaku
marang bapake. Kanggo nglipur atine supaya bisa nyenengake atine bapake. Mung Wisnu
sing bia ndadekake atine Waskitha bisa seneng nyawang kahahn sing kedadeyan ana ing
omahe ibuke sisishene iku yrn krlingan Waskitha mung bisa ambegan sing akeh.

17 SOSIOLOGI SASTRA

4. Dudutan
Cerbung iki nduweni amanat yen oleh pacoban urip kudu tamsah sabar lan nrima sarta
tetep upaya. Sipat iku mau kang bakal dadi piwales kang apik ing sabanjure. Pacoban uripe
Waskitha yaiku ing antarane ora nduwe dhuwit nalikane nambakake wong tuwane, rusake
komputere, kulawargane difitnah, kacingkrangan, lan dipalak pawongan. Prekara-prekara
sosial sajrone cerbung iki ing antarane ngenani kacingkrangan, kriminal, pelanggaran marang
norma, lan disorganisasi kulawarga.

KAPUSTAKAN
Agus Sujanto, dkk. 2006. Psikologi Kepribadian. Jakarta: Bumi Aksara.
Albertine Minderop. 2011. Psikologi Sastra: Karya Sastra, Teori, dan Contoh Kasus. Jakarta:
Yayasan Pustaka Obor Indonesia.
Atar Semi. 2012. Metode Penelitian Sastra. Bandung: Angkasa.
Escarpit Robert. 2008. Sosiologi Sastra. Jakarta: Yayasan Obor Indonesia
Farug. 2013. Pengantar Sosiologi Satra. Yogyakarta : PUSTAKA PELAJAR
Herman J. Waluyo. 2002. Pengkajian Sastra Rekaan. Salatiga: Widya Sari Press.
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University
Press
Redaksi Jaya Baya, Majalah Jaya Baya. Minggu IV Oktober 2014. Surabaya : Redaksi PT
Jayabaya Prabu Gendrayana.
Sangidu. 2004. Penelitian Sastra, Teori, Metode, Teknik dan kiat. Yogyakarta: UGM
University Presss.
SugiHastuti. 2003.teori dan Apresiasi Sastra. Yogyakarta : Pustaka Pelajar.

18 SOSIOLOGI SASTRA

Suripan Sadi Hutomo. 1987. Telaah Kasusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat Pembinaab
dan Pengembaan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Suwardi Endraswara. 2008. Metode Penelitian Psikologi Sastra Teori, Langkah dan
Penerapannya. Yogyakarta: MedPress.
Wellek, Rene dan Austin Warren. 1977. Teori Kesusastraan. Terjemahan oleh Melani
Budianta. 1990. Jakarta: Gramedia.

19 SOSIOLOGI SASTRA

20 SOSIOLOGI SASTRA