ngupadi heninge ratri anggayuh weninge ati

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI
Wengi ditegesi beda-beda antarane wong siji lan sijine. Ana kang nganggep
yen wengi iku padha karo peteng kang nyalawadi. Ing kamangka kahanan
peteng rapet sesambungan karo laku durjana lan kadurakan. Ana sesebutan
golongan peteng, laku peteng, lan uga lembu peteng. Jin setan priprayangan
padha guyu latah-latah nggegodha janma uga jumedhul ing madyaning ratri
kang wingit. Tan mokal yen akeh pawongan kang wedi metu ing wanci
bengi.
Saperangan bebrayan ana kang negesi yen lakune wengi bakal jumujug ing
kahanan sepi. Jare kandha sajrone wengi anane mung lali. Lali mring
kasunyatan kang kita sumurupi ing alam padhang. Wengi nyata bakal
nggawa kita urip ing alam impen kanggo nglelipur driya amrih bisa
nglalekake sesanggan abote urip. Muhung aneng sajrone impen kuwi kita
bisa njawab pitakonan-pitakonan kang ginembol medhosol ing sajrone ati.
Iku ngono makna wengi tumrap wong-wong sing uripe isih sinangsaya mring
kahanan. Beda karo wong-wong mulya sing nganggep yen wengi iku kudu
dinikmati. Wengi iku kayadene alam kaswargan kang endah.

Njumenengi Ratri amrih Caket mring Gusti

Kang tinulis ing dhuwur iku nggambarake pinemune sebageyan wong
ngenani wengi lan peteng. Mesthi wae ana maneh pinemu kang beda.
Kabukten akeh uga kang menehi makna positif ngenani tekane wengi. Para
ahli agama lan para warga bebrayan kang dhemen marsudi olah kridhane
batin nganggep yen wengi iki kudu dijumenengi kanggo marga amrih caket
mring Gusti sesembahane tumitah. Mugiya kawuningan yen tembung ‘ratri’
sing tegese ‘bengi’ iku asal muasale kanggo nyebut jenenge Dewi Ratri
yaiku dewi kang nguwasani alam wengi manut kapercayan lan mitologi
Hindhu.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com


AAK Culture Library
Nadyan kanthi cara lan ritual sing beda-beda, para ahli agama lan kebatinan
yakin yen wengi iku sa’at mirunggan kanggo ngadani laku amrih bisa cedhak
ing ngarsa-Ne Gusti kang Maha Agung. Laku tirakatan ing candhi lan pura
kita sumurupi ing tanah Bali nalika teka wanci purnama siddi. Kaya kang
daksumurupi ing wulan Juli kepungkur nalika aku sanja ana papane mitraku
ing Singaraja, dheweke semaya anggone ketemu aku muhung kepengin
tirakatan ing candhi kang mapan adoh saka kutha Singaraja. Kajaba wengi
purnama siddi kang kanggo tirakatan, uga ana wengi peteng ndhedhet kang
sinebut Syiwaratri yaiku wengine Hyang Syiwa kanggo ngadani ritual
manembah marang Dewa Syiwa.
Ing crita rakyat saka Blora kita tepung karo paraga kang aran Jati Kusuma
lan Jati Swara (data disertasine Dr. Setya Yuwana Sudikan saka Unnesa,
Surabaya). Pangeran Jati Kusuma lan Jati Swara iku asring disebut
minangka cikal bakal desa Janjang, Jiken, Blora. Paraga loro kang
kondhang sekti iki anggone laku prihatin kanthi cara kang wewalikan. Jati
Kusuma tansah nyegah dhahar nanging kena nendra, suwalike Jati Swara
kena nedha nanging ora kena sare. Gegambaran laku iku nuduhake lamun
pangan iku lambang kanikmatane awan dene turu iku mujudake kanikmatan
ing wanci wengi.

Nora beda karo kang wus sinebutake ing dhuwur, sajrone wulan Romadlon
ummat Islam dilatih supaya bisa ngendhaleni dhiri marang nguja kanikmatan
kang wujud mangan lan ngombe ing wanci awan uga ngurangi nendra ing
wayah bengi saperlu bisa nindakake ibadah sunnah. Ana prastawa tekane
lailatul qodar kang kita kabeh wus sumurup yen wengi iku regane sakemper
karo sewu sasi. Ing wengi iku nyata caket banget Gusti Allah mring titah.
Eman yen wengi-wengi iku ora bisa dimanfangatake kanggo nikelale ibadah.
Wengi-wengi kang pungkasan iku bisa kanggo nggayuh kasampurnane
iman anggayuh derajad taqwa sing luhur.
Neng Ning Nung Nang

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

2

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

Saka andharan ing dhuwur kita bisa kandha lamun wengi saktemene dudu
wanci kang medeni lan nggegirisi kaya dedongenan wong-wong kuna sing
ndhelik ing guwa nalika teka grahana rembulan ngira lamun rembulane
ilang ditadhah kalamangsa dening Hyang Bathara Kala. Tumrap pawongan
kang dhemen ngasah landhepe batin lan mersudi waskithane pangesthi,
wengi iku bisa dadi sarana kanggo tumuju kemenangan urip kanthi dalan
neng ning nung lan nang. Neng ning nung nang iku sekawit mujudake swara
dhasar gamelan (Muhammad Zuhri 1996). Rumusan iki uga mujudake
piwulange Ki Hajar Dewantara. Mung wae, kita bisa ngetrapake bab iki ing
sajrone laku sing beda.
Neng. Tembung ‘neng’ asale saka tembung jumeneng. Wengi iku kudu

dijumenengi utawa diedegake. Kayadene wisma, supaya wewangunan
wisma bisa ngadeg mesthi mbutuhake cagak. Cagake awak iku sikil nanging
cagake sirah dudu gulu. Cagake mustaka iku jebul netra. Coba dibayangake
kayangapa kekuwatan gulune Mike Tyson, Si Leher Beton lamun mripate
wus ngantuk kelakon ambruk nglumpruk tanpa daya. Ya saka pangerten iki
mula ana istilah cagak melek. Ing kampung-kampung yen ana adicara
jagong sepasaran bayen (ing tlatah Yogya lan Surakarta) utawa muyi (ing
tlatah Wonosobo), melek sajrone pupak puser (ing tlatah Tegal), mula padha

tirakatan. Kanggo cagak melek mula terus padha kidungan, main kertu, lsp.
Njumenengi wengi mesthine diprayogakake kanthi dalan sing bener yaiku
nindakake ngibadah lan nikelake anggone eling mring panguwasa-Ne Gusti
kang Maha Rumeksa. Ing piwulang Islam disebutake yen saprotelone wengi
sing pungkasan iku klebu wektu sing ijabah, mula disunnahake padha
ngakeh-akehi nindakake ngibadah. Adate donga lan panyuwunan kang
diunjukake marang Gusti ing wanci iki uga gampang kasembadan nadyan
tembung ‘kasembadan’ iku bisa ditegesi werna-werna. Tumrap sing
njumenengi wengi kanthi mendem utawa ngunjuk ciu lan main gaple
mesthine beda entuk-entukake karo sing tekun ngibadah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

3

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

Ning. Tembung ‘ning’ teges hening lan uga wening. Kanthi njumenengi

wengi mula bakal bisa ngrasakake swasana kang hening. Ratri kang terus
tumapak bisa dirasakake. Ing kahanan kang banget nyeyet kita bisa
ngrasakake keteke jantung, melar mingkuse nafas, prasasat tumiyupe
samirana, obahe gegodhongan, pirembugane kutu-kutu walang ataga bisa
rinasa kanthi cetha malela. Apamaneh lamun kita bisa ngrasakake gantine
dina ing madyane ratri, ana rasa sing ora bisa ginambarake kanthi reroncene
tembung lan dawane andharan. Kanthi nglatih ngrasakake heninge ratri kita
bisa nglatih konsentrasi tumuju ati kang wening. Weninge ati bisa menehi
pituduh dalan bebener lan bisa uga nyumurupi dalan luput.
Nung. Tembung ‘nung’ teges kasinungan. Kasinungan iku padha wae ateges

kapanggonan. Kasinungan ing kene nuduhake kapanggonan daya. Lamun
bisa duwe ati kang wening mula nyumurupi dalan bebener lan luput wus
mesthi titah iku bakal kasinungan daya kaluwihan kang maneka warna. Ana
kang ditambah kawaskithane, ngelmu mimpin, daya linuwih, kapinteran,
kesabaran, lan maneka warna kanugrahan liyane. Wong kang kasinungan
iku bisa diarani entuk wahyu (hanung) kang bakal murakabi kanggo dhiri
pribadi, kulawarga, lan bebrayan agung. Hanung iku nuduhake sih

kanugrahan lan kawelasane Gusti kang Maha Kawasa marang kabeh para
titah.
Nang. Tembung ‘nang’ bisa ditegesi menang utawa wenang. Pawongan

kang wus kasinungan utawa entuk hanung bisa diarani wong kang menang.
Menang sajrone urip tegese bisa nguwasani urip. Menang karo sapa? Dudu
menang sajrone perang lan nguwasani sepadha-padha nanging menang
lumawan hawa nafsu. Wong sing bisa ngalahake nafsune dhewe teges
entuk kewenangan ngrasakake kamardikan lair batin. Ing kamangka ing
jaman iki ora ana maneh perang sing luwih gedhe kajaba perang lumawan
hawa nafsu. Wong sing uripe kalah yaiku wong sing dadi budhak hawa nafsu
lan kepenginan kadonyan. Yen kaya mangkono nyata urip iku muspra tanpa
piguna awit jantrane uripe tumuju dalan sing agawe keblinger.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

4


www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

5