HASTA SAWANDA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

H A S T A
Tari

1

S A W A N D A

minangka cabange kesenian,

t umrap

seniman

muj udake sal ah

sawij ining wadhah ungkapan ide lan gagasan-gagasane seniman mau.
Kant hi nget rapake kemampuan lan dhaya kreat if e seniman mau nyusun
gerak ngant i manut konsep lan imaj inasine, ngolah ger ak ngant i wuj ud apa

kang diarani t ari.
Bp. Sudarsono ing bukune Tari-Tarian Indonesia I ner angake menawa sing
diar ani t ar i yaiku Ekspresi j iwa manungsa kang diungkapake liwat gerak
sing t erat ur lan indah. Amarga gerak mau dianggep minangka elemen
dhasar ut awa medium pokok t umrape t ari. Dadi ana ger ak, senadyan or a
nganggo iringan iku wus bisa diar ani t ari. Mula ora mokal yen seniman mau
milang-miling mil ih ger ak ngant i nj limet kanggone susunane t ar ine. Luwihluiwh t ari t radisi, or a saben gerak bisa dienggo, amarga t ari t radisi mono
wus duwe wat on wat on sing ora bisa dit inggal ngono bae.
Ing t ari t r adisi, wiwit saka posisi sikil, posisi awak, posisi t angan, ngant i
posisi sir ah, digat ekake lan diat ur banget . Saben perangan t ari duwe wat on
dhewe-dhewe l an ing ant ar ane perangan sij i lan sij ine duwe wat on sing ora
padha. Wat on kanggo t ari put r i, t ari alus, lan t ar i gagah kuwi ora padha.
Senadyan wat on-wat on mau dir asa or a ket at banget nanging t umrap
seniman t ar i t r adisi kemant ebane wat on mau isih dirasa kuwat . Saj ak
kurang mant eb manawa ngalanggar wat on mau senadyan sit hik pisan,
ananging ora at eges nut up kemungkinan kanggo pangembangan t ari t r adisi
mau. Pangembangan t ari t radisi mau dibut uhake banget kareben budhaya
Jawa t et ep kuncara.

Hasta Sawanda

Kaya wus kacet ha ing ngar ep manawa seni t r adisi iku duwe wat on sing
dienggo pat hokan, semono uga t ar i t r adisi. Wat on-wat on sing dienggo
t umrap t ari t radisi iku sing diar ani Hast a Sawanda. Par a penari sing durung
nget rapake hast a sawanda kena diar ani durung sempurna,

isih ana

kegot hangan anggone madeg dadi penari. Hast a Sawanda mono bisa
dij lent r ehake kaya kat r angan ing ngisor iki:

1. Pacak
Pacak iku bisa diar ani cak-cakan. Dadi penari kudu duwe cak dhewedhewe lan bisa ngecak liyane. Kant hi mangkono penari bakal duwe ciri
cak sing mant eb lan mapan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

2


2. Pancat
Pancat iku muj udake perpindhahan ger ak sij i menyang gerak liyane.
Luwih cet hane sel eh gerak ut awa singget . Penari kudu nget rapake
pancat kar eben gerak t ar ine or a nglawus.

3. Ulat
Ulat padha karo polat an. Polat an iku warna-warna, ana polat an luruh,
polat an longok, polat an agal, lll. , kabeh duwe at uran dhewe-dhewe.
Penari kudu ngert i ulat supaya bisa mil ahake kar akt er t ari sij i l an sij ine.

4. Lulut
Penari ngono ger ake kudu lulut , mbanyu mili. Dadi wis kat on ora mikir
maneh marang ger ak kang dit indhakake.

5. Luwes
Luwes iku hubungane karo besus. Yen panari wis wiwit manggung kudu
nampilake awak kant hi besus ut awa solah. Ora t eges luwes iki ger ake
sing alus, ora nanging uga bisa ger ake sing kasar pisan.


6. Wilet
Wilet iki ana hubungane karo kembangan ut awa sekaran. Penari bisoa
duwe wilet sing kepenak lan masing-masing penar i mest hi duwe wil et
dhewe-dhewe, kabeh gumant ung ana keprigel an lan rasa mapane penari
mau.

7. Irama
Penari kudu ngert i ir ama l an seleh ir ingan. Dadi r asa seleh gendhing l an
iringan sing dienggo t ari mau kudu dikuwasani.

8. Gendhing
Penari kudu bisa ngr asakake gendhing sing dienggo ir ingan t ari mau.
Kant hi mangkono penar i luwih bisa menj iwai t ar i mau.
Hast a sawanda iki t umrape penari t r adisi Jawa muj udake sangu kang kudu
diduweni saben penar i. Gandar e penar i t radisi sing apik kalawan wus bisa
nget rapake Hast a Sawanda. Kant hi kat r angan sing singkat iki muga bisa
nambah wawasan l an cakr awala t umrap para sut r esna.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir