memangun karya tyasing sesama

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

1

MEMA NGUN KA RY A TY A S ING S ES A MA
Pambegan kang wolung prekara kang pinaringan asma Hasthabrata
hanggelar lelabuhan mau, kalamun anggung pinundi kanthi patitising
tangguh, empan papan angon mangsa dulu marang kahanan, sayekti bisa
ngirup sanggyaning kang tumingal. Iya tapak lelabuhan kang mangkono
mau bisa dadi pikukuhing laku tumrap janma manungsa kabeh ing sajroning
bebrayan urip ing alam donya umume, utamane kagem para satriya utama
pangembat pusaraning praja kalebu para pemimpin bangsa, nganti tumeka
kepala bale wisma utawa mimpin diri pribadi. Kabeh amung kinarya pikukuh
murih sakabehing tumindak becik nganggo dasar tepa salira, ditepakake
marang rasane dewe. Ana tetembungan ngono ya ngono nanging aja ngono,
bisa dadya kasmaran mring laku kang utama, binangun ing kalbu wening.
Sranane murih kasembadan panggelaring lelabuhan, becik kudu den
nyatakake pribadi sarana andeling tekad. Kena den basakake, tan ana
gunane ngelmu lamun tan krana laku, tan ana pigunane kitab wedha lamun
datan pinarcaya. Sanadyan mangkono tinemune ing kasunyatan, uga tan

wenang hanjagakake wohing pakarti.Tumrap kang wus pada pono
mangulah gati, sakehing lelaku kang hangarep arep marang wohing pakarti
iku, dadi pratanda kalamun durung temen panggayuhe. Jer lelabuhane ing
kono isih kawoworan lan karoban dening hardaning rasa kemelikan kang
dadi pratanda durung suci atine nganti tumeka pribadine Tembung temen
ing kene dudu temene Guru utawa temene Gusti nanging temening
pribadinira kang antuk pikukuhe Kang Maha Kuwasa. Dene Guru miwah
Gusti amung saderma niteni cidra lan temening laku sawuse kabeh mau
katemahan. Diupamaake kaya wong nandur wiji. Senadyan wiji becik, lemah
kang ditanduri uga apik,lamun datan taberi jaga apadene ngupakara, sayekti
banget anggone gampang tinerak ing hama.
Sayekti karahayon peparinge Gusti Kang Hakarya Jagad winengku ing karsa
luhur ngemot tuntunan suci sempurnaning dumadi mangesti tunggil,
minangka dadi lantaran tumurune kanugrahan hamurwani lelabuhan luhur
memayu hayuning bawana karana hamemangun karya enak tyasing
sesama.
1. Katiti panyerat mami, krana sekar smarandana, minangka dadi sranane ,
minangka panggugah rasa, kagem para sutresna, ingkang marsudi
rahayu, mamayu hayu bawana
2. Bawana setra binangkit, dadi srana pangribawa, netepi laku jantrane,

duh sutresna mangun rasa, wengakna atinira, tampanana aturipun,
pamadyaning budi tama.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

3.

4.

5.

6.

7.

8.


9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

2

Besuk kapan pada prapti, marak sowan mring Pangeran, kepareng
nampa kuncine, dadi manungsa utama, pangesuhing pra jalma, kang

pada ngudi rahayu, karyenak tyasing sesama.
Sesama sameng dumadi, sesami sameng manungsa, becik kepareng
sumeleh, sumarah karsaning Allah, sumadya ngesti brata, tumurune
wahyunipun, panetep panata gama.
Agama ageming Aji, sakehing para nalendra, yekti mung titah wantahe,
sakabeh pra laku tama, kang tansah ngesti tunggal, iku sayekti wong
agung, aneng bumi nuswantara
Sawatara awak mami, mung kinarya saksinira, saksi utama uripe,
senadyan ta durung priksa, kang mengku uripira, iku wajib muji syukur,
marang Allah Gustinira.
Gusti Ingkang Maha Asih, Gusti Kang Maha Kuwasa, netepi tresna
kodrate, mring sakehing cipteng gesang, kang gumelar aneng donya,
gumelar sajagad agung, nyukupi mring kabutuhan.
Butuh apa para jalmi, kabeh mau wus gumelar, saindenging jagad gede,
gumelar sajagad raya, wrata kinaya ngapa, lestarine titah sagung, urip
aneng alam donya.
Donya brana sawetawis, dadi lantarane pada, netepi kuwajibane,
nggonira manembah Allah, sadina dinanira, lan sawengi wenginipun,
netepi mring kuwajiban.
Wajib pada bangun nagri, katarima panembahnya, menawa wus tekeng

kene, sira weruh rasanira, rasanya rasaningong, rasane wong sa jagad
gung, rasane wong sabuwana
Bawana gung bawana lit, yekti pada tanpa beda, nadyan mung setitik
bae, dene yen ta ana beda, yekti mung aneng karsa, kang kawengku
laku hayu, nyukupi mring kabutuhan.
Kabutuhan ageng alit, gumantung marang kang nedya, memangun laku
uripe, gede cilike mung katon, aneng tata gelarnya, dene aneng
yektinipun, yekti pada tanpa beda
Kang beda anane nenggih, ingkang dadi kabutuhan, tumraping pati
uripe, kanggo sangu ning dedalan, netepi kewajiban, peparing Gusti
Maha Gung, mrih enak tyasing sesama.
Sesama sameng dumadi, ngugemana mring rasanya, bungah susah
sandangane, bungahe para manungsa, susahe manungsa uga, tan
ginggang nadyan sarambut, yekti mlaku reruntungan.
Reruntungan unda ungkih, nadyan gilir gumantinya, ngenut mring
kabutuhane, bungah susah mung saderma, nyukupi kabutuhan,
ngibadah marang Sang Hayu, hanetepi kuwajiban.
Apa wajibe wong urip, gumelar ing alam donya, sumebar sajagad gede,
becik tansah emut pada, anane sira gesang, minangka dadi pangesuh,
paugeraning Pangeran.


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

3

17. Pangeran wus paring wajib, heh sira para manungsa, sumujuda sira
kabeh, manembah marang Hyang Manon, kang paring sira gesang,
tembe wingking dadi wahyu, sempurnaning kondurira.
18. Kondur ngarsane Sang Adil, ora ngasta apa apa, kang ginawa mung
amale, jroning urip aneng donya, kang yekti sawatara, kena kanggo
sangunipun, mulih alam kalanggengan.
19. Langgeng datan owah gingsir, tan gotang keh amalira, uga tan wuwuh
anane, jenjem cukup tanpa slewah, petungane tan salah, nadyan ta
amung sarambut, iku pada den emuta.
20. Emut sajroning aurip, ing donya mung sawetara, mampir ngombe
upamane, becik den elinga sira, sadhar saliring lampah, tansah lelaku

ngaluhur, memangun mrih tentrem samya.
21. Samya nulad mring pribadi, maos serataning Allah, jroning nala tan
bedane, pepindane surya kembar, kang hamadangi jagad, jagad alit
jagad agung, sayekti datan prabeda.
22. Prabedane wong aurip, yen priksa marang kawignyan, lantip mring olah
rasane, bisa ngenaki mring liyan, lan bisa weh pepadang, syukur yen
paring panuntun, tumuju mring kautaman.
23. Utamane wong aurip, manjinga sajroning rasa, jejer mlaku sesamine,
tansaha paring pepadang, hanggelar pangawikan, murih dunung
uripipun, purwa madya lan wasana.
24. Purwaning para manungsa, tinitah urip ing donya, iku sayekti karsane,
Gusti Kang Maha Kuwasa, kang paring kanugrahan, nedakna
katresnanipun, memayu hayu bawana.
25. Bawana rinakit wingking, handadosna kawuningan, cinipta kagem
papane, para tumitah sajuga, sakdurunge manungsa, tumedak ing
donya iku, titah kang liya wus ana.
26. Sawusna pepak sakalir, nembe manungsa cinipta, pranyata purna
anane, purna sempurnaning titah, datan mada manungsa, awit
manungsa satuhu, ngemot citraning Pangeran.
27. Pangeran Kang Maha Asih, tansah mayungi rasanya, marma tentrem

pinanggihe, sak mobah mosiking rasa, ngenut jantraning lakon, dadya
karenane sampun, sempurna nggonnya ngibadah.
28. Purna ngibadahe janmi, yen sampun prapteng wancinya, marak sowan
mring gustine, awit tinimbalan marak, sowan ngarsa Pangeran, tilar
donya lan sedarum, mlebet alam kelanggengan.
29. Langgeng anggennya manunggil, wusnya ngagem pralampita, dumeling
saking uripe, ngrasuk pawiwahan brata, mangestu tunggal jiwa, kalayan
Purwaning Hayu, Gusti Purwaning Lelakon.
30. Lelakon panunggal karsi, jumbuh sajrone lelampah, memangun karya
enake, manungsa jroning bebrayan, urip ing alam donya, dadya hayu
kang rumuhun, alap ingalapan pedah.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

4

31. Pedah apa mangun karsi, karyenak tyasing sesame, mertobat jroning

rasane, gawe padang lan tumrawang, padang aneng paningal, kang
katingal yekti amung, guyub rukun bebarengan.
32. Bebarengan kabeh sami, nulad citraning Pangeran, kang gumelar aneng
kene, pratanda yen sira pada, kekasihe Pangeran, kang wus mengku
budi luhur, pono wikan saliring bab.
33. Wikan samubarang kalir, sabarangreh kang gumelar, warata sajagad
gede, sarehne jejering titah, among rasa bebrayan, becik den persudi
mungguh, tumrape wong sabuwana.
34. Sabuwana among siji, Gusti sesembahanira, Allah Ingkang Welas Asih,
katarima panyuwunnya, pada antuk sarana, nggonira darbe panyuwun,
welas asih mring sesama.
35. Samapta sajroning diri, ngancik zaman kalanggengan, tata tata
sakabehe, gawenen tentrem ing gesang, wiwit ing alam donya, wiwitana
kanti twajuh, gawe enake bebrayan.
36. Den bebraya samukawis, marang sakehing lelampah, murih enteng
junjungane, lelakone pra manungsa, keparenge Pangeran, nganggo
dasar tresna laku, hanindakna manjing rasa.
37. Rasa Jati mengku karsi, mujudake kasampurnan, kang dadi cipta jatine,
ciptane pinanggih mulya, donya tumekeng mbenjang, sayekti lamun wus
kondur, dateng alam kalanggengan

38. Langgeng datan owah gingsir, sajrone bebrayan gesang, rina wengi
mrih purnane, anggon ngemban dawuh Allah, murih tentreming jagad,
rahayu sabuwana gung, rahayu kabeh kang gesang.
39. Sangkan Paraning Dumadi, purwaning sira dumados, kagelar urip ing
kene, becik sigra prayitna, hanampani nugraha, kang tedake saben
dalu, wahyu pambukeng warana,
40. Warana binukeng titi, wus tumeka ing wancinya, sastra piwulangreh
wenteh, wus terwaca panyeratnya, dedalane agesang , wus manunggal
budi luhur, aneng rasa jatinira.
Mustikaning bebrayan yekti kapirsan saka anggone mbudi daya
panunggaling cipta rasa lan karsa saiyeg saeka praya saiyeg saeka kapti
hambangun Padaleman Suci aneng sajroning kalbu weninge sagung dumadi
lan iya krana mangkono dadi lelantaran tumurune kanugrahan Pangeran
marang para jalma manungsa kang yekti katingal saka anggone pada urip
rahayu wilujeng tentrem mong kinemong ing samukawis langgeng tumeka
aneng zaman kalanggengan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir