NASKAH DRAMA BAHASA JAWA ANGGOTA KELOMPO

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

ANGGOTA KELOMPOK :
1.ADINA FITRIA
(01)
2.ARVIN WIMA R
(02)
3.DEVIO WILLYANA
(07)
4.ELOK DWI LESTARI
(09)
5.ERLINAWATI PUSPITA R
(11)
6.FAIZAL ALFIANA
(13)
7.GITA AJENG ARFINA
(15)
8.MUH. RICO ANDREAS
(24)
9.RENALDY HERNAWANTO
(29)

10. TEGAR PRIMADANA PUTRA (35)

GGS
(Gara Gara Semprul)

Paraga :
Devio Willyana

: Narator

Elok Dwi Lestari

: Susi

Gita Ajeng Arfina

: Sri

Faizal Alfiana


: Minah

Adina Fitria

: Ibu

Tegar Primadana Putra

: Poyo

Renaldi Hernawanto

: Bapak

Erlinawati Puspita Rahayu

: Jessica

Muh. Rico


: Semprul

Arvin Wima Rasyid

: Pak RT

Kukuruyuuukkkk..... kukuruyuuukkk...
Keprungu swarane jago saka buritan omah. Srengenge ya wis katon mlethek ning sisih wetan. Sri
jebul tangi saka paturonane. Mripat sajak sik kriyip-kriyip, saka njobo Ibuk wis mbengok-mbengok ngejak
Sri lungo menyang pasar.
Ibuk

: (mbengok) “Sriiiii...!!! Ndang tangi....!!!! Wis padhang jingglang kae lo ! Ndang tangi, trus
melu Ibuk nang pasar yoh!”

Sri

: (mbengok luwih banter) “Peehhhhhh!!!! Sik ngantuk iki lhooo....!!!”

Ibuk


: (ngeret tangane Sri) “Heleh, wista ayo!”

Sri

: (mlaku karo mbesengut) “Tapi tumbasno pentol yo mengko”

Ibuk lan Sri banjur budhal menyang pasar sanding omahe. Sawise blonjo kanggo keperluan omah,
Sri banjur nagih janjine Ibuke sing bakal nukokake pentol.
Sri

: (lunga menyang panggonan bakul pentol) “Buk, aku tumbas pentol disik ya”

Semprul

: (cengengas - cengenges) “Ouiit... ouiiit cah ayu !!!”

Sri

: (meneng wae) “...”


Semprul

: “Cah ayu, tetepungan dhisik to!”

Sri

: (mlerok, banjur meneng wae) “....”

Semprul

: (jawil Sri) “Idiiihhhh sombonge, ayu-ayu di takoni ora gelem semaur”

Sri

: (bingung) “Ngomong karo aku ta?”

Semprul

: (nabok bathukee) “Majalaaaaahhhhh”


Sawise oleh pentol sing kang dipengennake, Sri banjur ninggalake saka panggonan mau.
Semprul

: (ngaling-alingi Sri) “Eh,, eh, arep menyang endi iki? Kok malah ngaleh?”

Sri

: (besengut) “Nyapo to???”

Semprul

: (mesem) “Kenalan disik ta, jenengmu sopo? Jenengku semprul”

Sri

: (nyauri karo cepet-cepet arep ngalih) “Aku Sri, uwis ta?”

Semprul


: (ngaling-alingi Sri maneh) “Sik sik sik,aku jaluk nomer hpne disik yo”

Sri

: (mlengos) “081123456789”

Sawise menehne nomer hpne, Sri banjur bali marani Ibune kang isih nunggoni, banjur wong loro kui
muleh nang omah.
Ning jero kamar Sri katon bingung sinambi nyekeli hpne karo mlaku ngalor ngidul. Ora let sedela ana
telepon melbu saka nomer asing,
Sri

: (sumringah) “ehm,ehm, iki mesti bocah lanang kae mau. Halloo??”

Semprul

: “Halo, halo cah ayuu!”

Sri


: (bungah di celuk cah ayu) “Engg,,engg iki sopo yoo?”

Semprul

: “Iki mas semprul sing mau isuk kenalan ning pasar”

Sri

: (mlumpat-mlumpat) “Yihiiii”

Semprul

: (rada kaget) “Loh nyapo Sri? Kejiret kabel telepon ta gulumu?”

Sri

: (kisinan) “Eh ora, ora. Mau ono coro lewat, gilo aku. Eh ana apa telpun?”

Semprul


: “Ngene lo Sri, aku iki jomblo”

Sri

: “Trus?”

Semprul

: “Tapi aku preman paling keren sak pasar ngemplak lho Sri”

Sri

: “Gene kok jomblo?”

Semprul

: (gombal) “ Jane ngene Sri, aku ki sik nunggu Cah ayu kaya sliramu”

Sri


: (mumbul) “Halaahhh, ana-ana bae to awakmu i”

Semprul

: “Mengko sore ana acara ra?”

Sri

: (mikir-mikir) “Emm, koyoke gak ana. Ana apa?”

Semprul

: “Yoh dolan ning pingka golek angin sore kang sumilir, karo numpak prau getek”

Sri

: (bingung) “Piye yaa...”

Semprul


: “Wista pokok mengko tak jemput jam 3 ning gang sanding pasar”

Klik, kemrungu swara telpon di tutup. Sri katon bimbang, tapi deweke yo pengen dolan karo
semprul. Saking bingunge sampek ora sadar Sri nabrak pembantune, Minah.
Minah

: (kaget amarga ditabrak Sri) “Duh Gustiii”

Sri

: (Muring-muring) “Duh Minaaahhh lek mlaku mbok ojo ning tengah dalan to”

Minah

: “Loh loh ...”

Sri

: (Age-age ngaleh) “Wis wis ojo lah loh ae , galau iki galau. Ngerti po ra jane”

Minah

: “Galau ngopo to Mbak Sri iki?”

Sri

: (mandek sedela trus nyedaki Minah) “Mmm, eh Minah, aku mengko jam 3 arep metu golek
buku ning kutho karo Susi”

Minah

: “Trus nyapo Mbak?”

Sri

: “Ya mengko lek bapak takon saurana ngono”

Minah

: “Ngopo gak pamitan bapak langsung mbak? Mengko lek...”

Sri

: (medhot gunemane Minah) “Alah wista, ojo kokean takon”

Sri banjur mlebu kamare lan bukak-bukak lemari, jajali klambine mulai saka daster sampek setelan
jeans. Sri macak ning ngarep koco karo mesam-mesem. Atine tansah bungah, ketarane dewe’e lagi
ngrasaake ceblok tresno. Sawetara jam 3 kurang seperempat Sri, mlipir-mlipir metu saka omahe. Banjur
mlaku nyang panggenan kang wis dijanjeni karo Semprul.
Semprul

: “Wilujeng Sore ndoro ayu”

Sri

: (abang branang) “Wis lah, ayo jerene ngejak dolan”

Semprul

: “Yoh numpako kene”

Semprul lan Sri banjur meluncur nang pingka, semprul sing sejatine preman pasar, numpak motor
balap-balap karo jingkat-jingkat. Rumangsane keren ngetril-ngetril nang dalan. Tekane ning pingka, semprul
markir motore ning pinggir kali. Disawangi Sri sing katon jedindil pucet bubar dijak kebut-kebutan.
Semprul

: (nepuk pundake Sri) “Ngono e kok wedi to yank, biasakno awakmu. Ben ketoro koyok
bocah hits masa kini”

Sri

: (besengut) “Nyowo gak di dol nok pasar ngemplak to kang kang!”

Cekak cerita Semprul banjur ngajak Sri numpak prau gethek, bocah 2 mau katon bungah atine,
nganti ra kroso srengenge wis meh ora ketara. Sri katon was-was, wedi lek didukani bapake ana ngomah.
Sri

: “Duh wis meh peteng iki, muleh disik yoh”

Semprul

: “Yawis tak terke muleh, tapi kudu gelem dadi pacarku”

Sri

: (semburat abang) “Engg... yawis lah iya, yoh terna aku mulih disik”
***
Sesok isuke nang sekolahan...

Sri

: (bengok-bengok) “Susiii Susiiii”

Susi

: “ngopo to Sri esuk-esuk kok wis mbengok-mbengok?”

Sri

: “Aku wis taken saiki”

Susi

: “Opo? Trus opo gandengane awakmu karo teken? Sikilmu ginio?”

Sri

: “Aduhh Sus, taken taken, uduk teken”

Susi

: (kaget) “Wah, mosok? Karo sopo? Duh PJ iki”

Sri

: (bungah, banjur ngetokake hp android e) “Hehe, mreneo tak dudui fotone nyang instagram”

Susi
: (nyandak hpne Sri) “Wah, yo bagus iki Sri, gedhe dhuwur, putih,mbangir, waahhh nemu
kan ngendi iki Sri? Aku yo gelem lah siji sing koyok iki”
Sri

: “Gundulmu, la Poyo kate kok dekek ngendi?”

Susi + Sri

: (guyu bareng)

Dino ganti dino, banjur ganti minggu lan sasi. Sawise Sri pacaran karo Semprul, aten-atene mulai
ganti. Saka Sri sing bocahe sregep maleh aras-arasen tandang gawe, Sri sing biyen mesti nyenengke atine
wong tuane mulai seneng bangkang lan ora gelem gugu omongane wong tuane. Bapak lan Ibune sing gak
ngerti lek Sri berubah mergo gandeng karo semprul, mulai berang karo Sri.
Bapak

: “Buk, kae lo anakmu kok maleh ngono ki nyapo to jane?”

Ibu

: “La yo mbuh to Pak, aku dewe ya bingung kok Sri maleh bedo. Saiki lek metu-metu ratau
gelem pamitan, Minah, opo bener to lek Sri iku bendino pamite mae Susi dolan ning mae Susi
temenan?”

Minah

: “Engg, kula nggih mboten ngertos lho Buk, Mbak Sri mesti criyose ngoten, lek kula
tangkleti menapa boten pamitan bapak ibuk langsung malah duka lo Buk, Pak”

Bapak

: “Rasane enek sing garai Sri berubah ngono Buk”

Ibuk

: (manggut-manggut)

Bapak

: “Buk, coba jajal Sri jaken mrene, tak takonane”

Ibuk

: “Iyo Pak”
Ibuk banjur marani Sri ning kamare, Sri lagi asik telpun-telpunan karo pacare.

Ibuk

: “Sri, bengi-bengi kok panggah dolanan hp wae to, opo ora sinau. Sik kono metuo, di celuk
bapakmu kae lo”

Sri

: (nesu) “Ah Ibuk iki, ganggu Sri ae. Iyo iyo buk mengko tak moro, saiki Ibuk ngaliho bae”

Krungu Sri bentak-bentak Ibuke, bapak banjur moro lan nyenen-nyeneni Sri. Bapak sing biasane
gatau nesu nganti bengok-bengok garai Sri wedi lan rada frustasi. Sawise bapake lan ibune ceramah dowo
sundul langit, Sri banjur telpun koncone, Susi.
Sri

: (kembik-kembik) “Hallo, Sus, awakmu nandi iki? Aku jemputen ya Sus, aku oleh ta nginep
ning mahmu dilut dilut ae”

Susi

: (bingung) “Halo Sri, kok nangis? Ana apa Sri?”

Sri

: “Mengko bae critane Sus, saiki jemputen aku. Tak tunggu”

Klik, Sri mateni telpune. Pikirane kalap, Sri banjur ngomongi Minah menawa deweke arep nginep
ning omahe Susi 2-3 dina. Minah rada kaget lan nyoba ngaling-alingi majikane sing saiki rupane persis kaya
beruang kutub. Nanging Sri wis tetep karo keputusane, Bapake karo Ibuke mung iso ngelus dada nyawang
Sri dipapak Susi, sak durunge Sri melu karo Susi, bapak nitip pesen karo Susi
Bapak

: “Nduk, nitip Sri ya, mengko lek ana apa-apa, telpuno ngomah”

Susi

: “Inggih Pak”

Susi kang isih bingung, mapah Sri sing katon pucet numpak ing motor e. Sawise teka omahe Susi,
Sri nyritakake kabeh kedadeyan dino iki mau.
Sesuke Sri isih ning omahe Susi, dino iki dina minggu. Susi ana janji arep kencan karo Poyo, nyawang
kondisine Sri sing isih kurang sehat, Susi ninggalake Sri ning omahe.
Poyo

: “Sus, ana apa ta karo Sri kok nginep nang omahmu pirang-pirang dina iki?”

Susi

: “Masalah keluarga mas, biasalah”

Poyo

: “Oalaahhh.. eh Sus, aku pengen ngenalke awakmu karo koncoku lo”

Susi

: “Sopo mas?”

Poyo

: (clingukan banjur nunjuk wong loro kang lagi adu asih) “Nah kae lo, Woi bro!”

Semprul

: “Hoi Yok, rene-rene”

Poyo

: (nepuk pundake semprul) “Heh, sopo kui? Pacarmu to?”

Semprul

: “Oh iyo iki. Kenalan sik no beib”

Jessica
: (nyalami poyo lan susi banjur ngibaske rambut) “Kenalin i am Jessica, you you friendnya
bebeb Richard yes?”
Poyo

: “Hahaha, Richard opo to Jes, Jes, semprul modele koyo ngene iki kok di celuk Richard”

Jessica

: “Eh eh, my boyfriend ini namenya Richard not semprul okay?”
Susi sing ket mau ngadek ning sandinge Poyo katon pucet, di gerete Poyo ngadoh teko semprul lan

jessica
Poyo

: (bingung) “Duh ana apa to iki Sus?”

Susi

: “Adewe kudu bali ning mahku saiki mas, ayo”

Poyo sing isih bingung akhire pamitan karo koncone lan ngeterne Susi ning omahe. Ning dalan Susi
mung meneng wae, sampek kan omah Susi lagi crito lek semprul kui sejatine pacare Sri saiki, sing garai Sri
duweni masalah karo wongtuane. Sri sing krungu omongane Susi karo Poyo langsung jenggelak teko
kamare.
Sri

: “He? Opo? Semprul selingkuh? Gak mungkin”

Eluh e Sri langsung drewesan, ugung sampek Susi lan Poyo nyauri opo opo, Sri wis langsung mlayu
lan nyandak sepeda pancale Susi sing di parkir ana ngarepan omahe.
Susi langsung dibonceng Poyo nyusul Sri sing kalap.
Ning pingka Sri jegegeg kaku nyawang Semprul lagi geguyon karo wong wadon liyo. Tanpa babibu Sri
langsung marani wong loro kui, lan jambak rambute Jessica.
Sri

: (nangis campur nesu) “heh kowe sapa kok gangguin pacare uwong”

Jessica

: (bingung) “Maksud youuu apa?”

Sri

: (menteleng karo nunjuk semprul) “Kowe, mulai saiki adewe putus!!”

Bubar mutusne semprul, Sri banjur mlayu nuju jembatan siap-siap arep mlumpat. Saka kadohan Susi
lan Poyo mlayu karo bengok-bengok.
Susi

: “Sriii Sriii awakmu arep nyapooo???”

Poyo

: “Mlumpato Sri mlumpato!!!”

Susi

: (nabok poyo) “Eh mas Poyo ki piye to jawane?”

Poyo

: (ngusek2 sirah) “Aduh masaallah salah omong Sus, panik”

Susi

: “Wis Sri tak urusane, celukno sopo2 ngono gih, wong tuek gawe nulungi sri”

Susi cepet-cepet gondeli awake Sri sadurunge bocah kui mau jegur ning kali. Wong-wong sing ana
ning kono bodo ngumpul ngrubung Sri sing arepe bunuh diri. Poyo karo Jessica mung iso meneng nyawang
Sri ning duwur jembatan di goceli Susi. Sawetara 15 menitan, Poyo balik karo ngajak ketua RT daerah kui
lan wongtuane Sri, plus pembantu kesayangan, Minah. Sak jane Minah ora diajak, tapi amarga panggah
ngetek pengen weroh keadaane majikane sing wis pirang-pirang dina gak nek omah, akhire minah diajak
melu.
Nyawang anake sing meh jegur kali, Ibuke sri mlayu banjur ngamplok anake karo drewesan luh e.
Ibuk

: (nangis) “Awakmu nyapo to Sriiii?”

Pak RT

: “Duh duh ana apa ta iki?”

Susi

: (nyuding semprul) “Niku lo Pak, GARA-GARA SEMPRUL!!!”

Ibuk

: (ngamuk) “Koee !!! Koe sing garai anakku nganti kaya ngene !!!”

Jessica
: (ngalih ninggalake semprul) “Ooohhh, jadi you ini biang kerok yes. You udah bohong sama
i. Oke you i end !!!”
Pak RT
ngene”

: “Wis wis, saiki yoh nang omahku nduk, banjur critakno kedadeane ngopo kok awakmu iso

Akhire Sri dipapah Susi lan Ibune menyang omahe Pak RT gawe nenangne Sri kang lagi semrawut,
nyawang kadadean kui semprul mung iso mlongo kayata wedhus lali dalane muleh.
Minah

: (ngece) “Haa....Haaa sokooorrr makane to dadi wong lanang kui ojo pleiboi, kapok raaa???”

Semprul

: (nyengir) “Mbakyu, saman jenenge sopo? Kenalan yoh”

Minah

: (mlangkah ngalehh) “Masaallaaahhhh”

Semprul

: (nyusul minah) “Loh kok ngaleh? Kenala disik ta mbakyu”

Minah

: (mlayu) “WEGGAAAAHHHH!!!!”
TAMAT