SEJARAH TAPEL ADAM sejarah tapel adam

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

SEJARAH TAPEL ADAM
۩۩۩ Pupuh 01 ۩۩۩
DHANDHANGGULA
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

1.

2.

3.

4.

5.

6.


7.

8.

Giyuh hing tyas dennya mrih manising, wasita [1] leng,lenge kang
kahungan, tang tumunggu pangikete, pan saking karsanipun, Kanjeng
Pangran Harya Mantawis, terang hingkang timbalan Kanjeng kang
Sibuhun Susuhunan Pakubuwana, Senapati Ngalaga Ngabdurrahman,
Sayit Panatagama.
Ingkang kaping saptarsa ngwasani, babaddira nagri tanah Jawa,
winangung hing sajarahe, haluraning laluwur, hingkang luhur linuri,luri,
linalat salirrira, laluwur kang luhur, haluran kang saking Jawi, jinarwakker
sadaya.
Wijang,wijangira kara para ji, miwah para Nabi Sadayannya, hawit duk
tapel hadamme, tinurut hurutipun, saputrane Kanjeng Nabi Sis, kang
marang panengennya, myang pangiwanipun, pinurwa duk purwanira, para
ratu sadaya hing tanah Jawi, wawinih saking dewa.
Trahing Nabi campur trahing ngejim, mangkya winaone sajarahira,
mugyantuka sapangate, mawantuwa ring wahyu, yuwanane dennya
ngayumi, ring wadya sadayanya, sinunga rahayu, haywana sangsayanira,

yuwanane tumerah hatrusa wuri, manggiha suka harja.
Myang harjane wadya sanagari, Surakarta hing karatonira, luhura lir
laluwure, kang sami sinung luhur, hing Hyang luhur luhuring nguni, kedep
hing ngrat kadeppan, rat Jawa sumuyud, rerep ri pusa hanannya,
salaganing bumi pada lulut hasih, pilih tan ngastu pada.
Kang piniji maharjeng gitadi, raden hangabehi [2] Sibdusasatra, kaliwone
raja Niten, mangun langening tembung, myang nging tembang titaning
dongding, sedeng hingkang kinondang, hamedar kondagung, kaliwoning
Kadipatyan, nenggih Raden Ranggawarsita ngabehi, trahing pujangga
praja.
Taruna wus wignya sakaliring, kapujanggan miwah kasujanan, halim kiwa
panengene, kitab gung ngagung putus, myang nging basa kawi winasis,
muhtamak pabettira, hing carita kasus sagung para bijaksana, Surakarta
kang ahli carita sami, tuwin para pujangga.
Miwah para ngulama kang sami, halim kitab raseh saking para, Musannib
Arab hanggite, ngajawa katampan wus, mring Susuhunan Giri mredenni,
winulangken sakabat, myang warga tinuntun, Jeng Sunan Giri widagdya,
basa Arab myang basa Kawi winasisi, winarna basa Jawa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com


AAK culture library I
9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

17.


18.

Effort to Preserve National Culture

Hamrih dangan kang sami miyarsi, marma sinawungan lawan tembang,
nira siku sasingkelle, rehning darmi tinuduh, dening Gusti pinardyeng budi,
muda punggung pinninda, pujanggeng prajagung, dahad gung ring kang
Pamudya, ring Hyang Ngagung kaping genging puji, marang Sang
Nayakengrat.
Hiya Kanjeng Nabi kang sinelir, Muhammaddinnil mustapa lawan, para
sakabate kabeh, ping tri pamujinipun, marang sagunging para Nabi, ping
pat pamuji marang, para ratu,ratu, ping lima pamujinira, marang sagung
para Wali para Mukmin, tuwin para Pandita.
Sadayane hingkang kecap sami, jroning serat sa,[3]jarah punika, mugi
genga haksamane, myang paringa panjurung, ring panganggit wenganing
budi, pamedaring tyas muda, pambukanning punggung, pangapusireng
pustaka, pinadangna dening Hyang denira hamrih, runtutute kang carita.
Para Pujangga hing nguni,huni, dennya sami hamarma carita, tanah Jawa
sejarahe, Ki Hageng hing Matarum, sempalane datan winnilis, pangiwa,
panengennya, pangetan winuwus, hamung bakune binuka, panning

mangkya karsanya Sri Narapati, winedar sadayanya.
Pinurwa ring pannitra nujwari, somamanis tanggal ping nembelas,
Dulkangidah Dal tahune, sancaya windunipun, siyang wanci hing pukul
kalih, mangsa surya kasapta, sangattipun Yusub, wuku telu kang
lumampah, Brama wugu Sri tumurun nuju dadi, mangsa wuku kalima.
Sinenkelan yenning tahun sasi, gunung hobah hing pitun nagara, lamun
hing tahun srengenge, sangkalannya penettung, patang rupa Panditeng
nagri, hijrah jeng Nabi duta, hing tahun sitangsu, Pandawa lilima
manembah, hing jeng Nabi tahun surya pitung bumi, nembah hing
nayakengrat.
Sangkalaning jagad hetang hawit, Nabi Adam tumurun mring dunya, Lan
Babu Kawa toyane, samodra warna pitu, hiku lamun hing tahun sasi,
lamuning tahun surya, sangkalanira wus, sirna guna trussing rasa,
kunneng kitab Bahrul Butun kang winarni, rinacul lapallira.
Myang maknane sampun den muraddi, kusus lawan [4] Ijemmak kiyasira,
trussing dalil lan kadisse, duk masih awang,uwung, myang ngilmunning
maksih ginaib, ran Allah durung ngana, miwah ranning rasul, halamipun
Akadiyat, nulya kitab Bahrun Ngalam hingkang muni, halamipun Wahdat.
Maksih rancanganing gaib, nuli Bahrul layud,layud ranning kitab,
Waakidiyat halamane, ya misih gaib iku, Arwah halammira winnarni, ran

Allah lan Muhamat, katelune rasul, laku tri Insan Kamil, sapta wajib
kababar.
Sadurunge gumelar bumi langit, maksih wang wung Akadiyat kocap,
ghaibing ghaib tegese, yaila iyanajul, dadi dhingin kang sajaratil, muntaha

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

19.

20.

21.

22.

23.

24.


25.

26.

27.

28.

Effort to Preserve National Culture

nuli hana, kang haran cahya nur, Gusti Allah hangandika, marang hing nur
heh nur sujudda hing kami, nur sujud kaping lima.
Mring Pangeran hingkang Maha Suci, marma wonten limang wektu solat,
wit saking henur sujudde, kang smi sedya ngrungu, mituhuwa hyaiing dalil,
kang maca jinabdda, haja gumantung junut, kang henur dadi kamulyan,
nur malumah kukuse mandhuwur sami, dadi langit kasapta.
Saisine hing nginggil pra sami. Haran kursi miwah dhindhing jalal, lukkil
mahpul satulise, kukus dadi gni sumyur, kamulane Malaekat sami, miwah
[5] jan lanhitnujan, lan widada rya gung, surya lintang lan rembulan, lan

sadaya isine nginggil prasami, saking nur lumahira.
Kaebing nur jroning kitab muni, Barul Lahud he nur kurebira, dadi bumi
kapitue, lawan saisinipun, hingkang wonten sajroning bumi, jro kali jro
samodra, jroning rong jro watu, miwah kang nyangga pratala, sadayane
saking kurebing nur sami, gya nur miring sujudnya.
Marma dadi bumu handhap hinggil, legak,legok papereng jajurang, saking
hing nur pamirenge, hanuli henur lungguh, dadi kamulane kang hardi,
saking nur lungguhira, mdal krengetipun, dadya kamulane toya umbul
sumber kali pancuran jaladri, kringeting nur asalnya.
Reregeting henur hingkang mijil, dadi kamulane isining rat, jro bumi dharat
toyane, kekedhepe hingkang nur, kamulane gurnita sami, caleret thathit
kilat, lalidhah galudhug, hangsal saking nur kedhepnya, misih gaib hangsal
karsaning Hyang Widhi wahdat lan wakadiyat.
Hantaraning pitung leksa warsi, Gusti Allah pan [6] harsa hanglirna, halam
Arwah pannabanne, ngandika Kun Payakun, gimelar kang bumi langit, lan
saisine pisan, kang pepak Asnapun, bumi langit gya gumelar, lapal Kuran
Sitikatyi yayamin, semastana ngaras.
Kursi maknanipun pan dadining, langit kasapta saisenira, kalawan pitung
bumine, hiya saisinipun, hing dalem nem dinna mepaki lalampahan, sewu
warsa sawiji,wijining langit, denning lalongkangira.

Hing sawiji,wiji kang langit, nglimang ngatus tahun hibrerira, hing peksi
tanpa hareren, dhindhing jalal punika, tegesipun halam Swargadi, hapan
petak,petakan, lir tala tawon gung satunggal,tunggaling swarga, wiyaripun
tanpa wangenan sayekti, widadari kang tengga.
Warna sakawan kang widadari, putih ireng kuning lawan abang, kang putih
semu jenarre, lan hireng abang tungtung, hingkang hireng tungtunge abrit,
semu pethak lan jenar, hingkang abang tungtung, kuning tungtung
tungtung pethak, sorot hireng sadaya sulake wilis, kang widadari jenar.
Sorot hireng abang tungtung putih, tejanya muyek hingkang pasariran,
rebut gon sungsun sorotte, hujwalanira banung, sasolahe hangresapeni,
haruruh rurus wijang, tan kena winuwus, hendah hendahe kang warna,
pan sadaya kakuwunge hanelahi, saben swatga satunggal.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

29. Hingkang tengga ten kena winilis, widadarine [7] kathen wendran,

sadayeku hing badhene, nenggih gadhanganipun, jalma hingkang sami
hantuk sih, hing Hyang manjing sawarga, ginanjar sadarum, hing sapetak
petakira, warna,warna kaswargan sawiji,wiji, hana rupa mutyara.
30. Rikittanne pan mutyara sami, kembang,kembang pethettanning taman,
hawarna mutyara kabeh, hapraba ting palancur, kang kasawarganipun
sawiji, sami hinten sadaya, pepethettannipun, godhong woh sekar
pradapa, pang wit hinten sararenggannira sami , sara wedinne kodrat.
31. Ngebarliyan ngujwala nelahi, hing sawarga jumerud mangkana, pra sami
jumerud kabeh, pethetan kembangipun, kumala mas luru, suwasa miwah
salaka, sakalire kadya kang wus kocap nguni, namane ya warnanannya.
32. Marma hujwalannira nelahi, ting pancorot mancur ting palancur, tan nana
siyang dalune, halam sawarga punika, tetep halambang kang nglanggengi,
tan kenna winarnaha, pasang rakitipun, satunggal tunggaling swarga,
kodrating Hynag pan sarwa ngebat tebatti, pepucakking sawarga.
33. Lapal laila hailalahi, lan lapal mukamad rasullulah, kang haran [8] ngisor
swargane, kang haran lohkilmahpul, maknanipun lapal kakalih, loh punika
pan kalam, mahpul papanipun, kang kalam nurat piyambak, haneng papan
nora lawan den cekelli, tan wonten kendellira.
34. Kuwasane Hyang kang Maha Suci, lepas saking watara duduga, tinggal
prayoga majadde, kalangkung helokkipun, pangandika sapisan dadi, Kun

Payakun samana, sajege tumanduk, tanpa wali wali Allah, sipat baka
tanpa obah tanpa gingsir, hingkang kayu sajarah.
35. Til muntaha hageng hang nguwit, pitung jagad gagodhongannira, pan
monca warna rupane, kunning bang hireng biru, kapuranto dadu lan wilis,
wungu kalawan seta, sami mawi kuwung, rebut sorot ting galebyar, ting
pancorot haciri tulisan sami,haranne kang manungsa.
36. Lamun godhong alum salah siji, pasthi lamun manungsa lara, yen godhong
aking huwonge, wus tuwa repot ciklu, lamun godhong rentah saking wit,
tinadhahan malekat, gya tumurun malekat ngambil nyawaning, jalma kang
mungal surat.
37. Yen wus kababar halamming jalmi. Lohkil mahpul [9] dadi panengeran,
manungsa dawa cendhake, lamun godhong nom runtuh, pupus miwah
tengah kang pethil, rentah saking wittira, hana pethil sepuh, hobahe kang
gagodhongan, lir gamellan hunine pating carengkling, hiramanira raras.
38. Hanyumrahi sarira kapyarsi, ngegarakenning tyas hungallira, jajalangan
gendhingngane, sangandhping wreksagung, kang rumeksa malekat sami,
yutan baran hawendran, tan kenna hingetung, saking kathahing malekat,
karyanipun pinatah sawiji,wiji, sapangkat pangakattira.
39. Kang kinarya hutusan Hyang Widdhi, pan sakawan malekat Mukarab,
Janarail, Mingkaille, Ngisrapil, Ngijraillu, denning kannang sakawan sami,
www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

40.

41.

42.

43.

44.

45.

46.

47.

48.

Effort to Preserve National Culture

Ijajil gangsallira, hapan kinaryagung, hangreh malekat sadaya, kang
minangka kalipahira Hyang Widdhi, dadya ratuning suwarga.
Denne hingkang pitung lapis bumi, jembarripun lawan langit samya, pan
kinarya kebarrane, hing ngandhap lan ning luhur, miwah lapis,lapissing
bumi, lan langit tan prabeda, hing sap,sapannipun, sinengga denning
Malekat, warni Naga hing Mesrik tekeng Mahribbi, sirah buntutting Naga.
Lantan mindhuwur hing pitung langit, buntut ma,[10]lengkung gathuk lan
sirah, hamangan buntutte dhewe, wengkuning bumi pitu, hiya warna Naga
nglekeri, buntut gathuk lan sirah, hiya buntuttipun, kang minangsa
salaminnya, takdirring Hyang nora lara hangreh matti, hingkang Naga
sinongga.
Denning lembu gumarang sawiji, sungu sewu kupenge kang singat,
maksrik tekeng mahribbinne, lembu sinonggong watu, kumalasa hageng
nglangkungi, wiyare pitung jagad, denning selannipun, hapan sinongga
hing minna, hulam henun singga dening jaladri, hamongsa sami hulam.
Minna littatalit prapta pribadi, takdiring Hyang tannana kendhatnya, dene
saluhur bumine, cinatur hisennipun, kang dumadi sawiji,wiji, redi lebak
jurang, sami medal banyu, sendhang kali lan pancuran, hasri tinon
pasangan surya lan sasi, lintang habra hing tawang.
Kuwung malengkung punggirring langit, sirah manjangan ngobe sagara,
kilat thathit lan caleret, glar sato kewanipun, wana wukir jurang ringring,
warnane beda,beda, miwah jroning banyu, hisine pan warna,warna, hising
rong jro bumi datanpa wilis, warnane beda,beda.
Wus mangkana Hyang Maha Suci, nitaheken kang peksi satunggal, geng
luhur hijo warnane, gilapnya kang lar mancur, pakanane wus den cawisi,
tumuwuhan ngalam dunya, pira,pira thukul, lir wiji sawi warnanya, satelase
thuthukulan den thotholi, kang peksi nuli ejah.
Nulya Allah ngandikeng Ngijrail, kinen manjing [11] sajroning mutyara,
sawiji sami gedhene, Ngijrail haturipun, lebet hamba saking ing pundi, tan
wontenten marganira, kang kumala buntu, lan hinggih mongsa dedhenga,
kang kumala namung sawijining sawi, lamun hamba beber lar.
Saking Masrik meh tekeng Mahribi, punika mba dereng tiwikrama, maksih
warni malekat, ngalam dunya meh jujul, lamun tiwikrama sayekti, hing
ngalam dunya sesak, hing pundi pukulun, marmamba saged manjinga,
hing sosotya Allah hangandika haris, hora teka manjinga.
hajrih mopo Ngijrail gya manjing hing sasotya langkung wiyarira, sigra
hambeber elare, miber kalangan nglangut, nora montra gepok hing pinggir,
dedel meksa tan montra, gepoka hing luhur, Ngijroil sayah hibernya, nulya
kendel sujud tobat hing Hyang Widdhi, nuwun hapurasmara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 02 ۩۩۩
ASMARADANA
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

1.

Hyang Suksma ngandika aris, heh Ngijrail awasna, ngarsanira apa katon,
Ngijrail sigra humiyat, wonten peksi satunggal, warnanya ijem kalangkung,
hujwalanira sumunar.
2. Tungtung abang sorot kuning, tungtung biru so,[12]rot pethak, muncar
ngunguwung prabane, gilaping larnya tumeja, Sang Hyang Suksma
ngandika, Ngijrail den enggal mangsuk, marang guwa garba.
3. Hiya ingkang manuk wilis, Ngijrail saksama, hing sajroning paksi hijo,
hanglangkungi wiyarira, hupami bebera lar, mibera den kadi wau, gepok
pinggire tan bisa.
4. Hosiking tyasnya Ngijrail, Gusti Rabilngalaminna, luwih saking kuwasane,
tan kena kinaya ngapa, marang hingkang kawula, lan iki hana wismagung,
haneng jroning guwa garba.
5. Warnane kaliwat wilis, Ngijrail harsa parekka, larutsadaya bayune, kang
Maha Suci ngandika, Ngijrail malebuwa, jroning wisma hijo iku, Ngijroil
matur nglenggana.
6. Hamba tan seged mrepeki, lesu lupa tanpa krekat, tadhah dadaku
maklukke, Allah Tangala ngandika, hiya Ingsun tarima, Ngijrail haturireki,
dhadhasar mangkono uga.
7. Miyarsa swara Ngijrail, dumateng kalingan hira, neng sajroning wisma hijo,
humatur swara punapa, Gusti kang kapiyarsa, ngandika kang Maha Luhur,
heh Ngijrail wruhanira.
8. Yeku swaraning Sankamil, Ngijrail lon turira, [13] wonten pundi
panggenanne, kang Maha Suci ngandika, tan ing jro tan ing jaba, nora
ngisor nora dhuwur, hadohe tan wangenan.
9. Luwih parek lan sireki, ananging nora gepokan, Ngijrail halon hature,
saderengipun gemelar, bumi langit kasapta, wonten ing pundi genipun,
kang Maha Suci ngandika.
10. Lah hiya hiku Ngijrail, bablase Inwaakada, bakda soinlasonene,
sadurungira ginelar, tan kena ingaranan, hiya yen sawiji iku, gemlare bumi
akasa.
11. Tan kena ingaranan kalih, kang nurat ngusuli sabda, kados pundi
terbukane, lapal kakalih punika, sami dipun galiha, duk maksihe awang
uwung, Sankamil panggenanira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

12. Hantaranira Ngijrail, dennya lumebu sasotya, pan sewu warsa lamine,
mangkana kang murbeng jagad, hangresakken anitah, neng dunya jin
naminipun, kinarya sisining jagad.
13. Neng alam dunya alami, salaki rabi satata, branahan anak putune, ejan
kang minangka raja, tamejut kadi jalma, maksih sami badan alus, awit
angsal dadining brama.
14. Lakune duraka sami, datan mukir ring Pangeran, lali mring hingkang
nitahake, lamine antaranira, jan dadi ratu dunya, apan pitung keksa tahun,
mumah mumuh ambeganira.
15. Dadi kadukaning widdhi, jan sira sinamber gelap, [14] anak putu
kadhatone, Hyang Sukma nuli hakarsa, nitahaken banujan, neng dunya
kinatya ratu, sami angsal saking brama.
16. Bala pirang,pirang kathi, slaki rabi satata, branahan anak putune, maksih
badan alus samya, banujan dadi raja, puwa,puwa hambegipun, namak
mumah aneng dunya.
17. Lakune duraka sami, bajunan sanak putunya, lali marang Pangeran,
lamine antaranira, dadi ratu neng dunya, hapan wolung leksa tahun,
hanulya tampa duduka.
18. Sanak putune sirnanting, banujan kinelem toya, yata hingkang winiraos,
kang kinarsakken dening Hyang, Sang Ijajil Malekat, dadi ratuning swarga
gung, langkung mukti hawibawa.
19. Duka samana sang Ngijrail, wus dilalah tyasirarsa, huninga ngisor langite,
tan antara gya tumedhak, ginrebeg pra Malekat, pitung kathi kang tut
pungkur, prapta sor langit kapisan.
20. Hangabekti sewu warsi, Ijajil marang Pangeran, tangine saking sujude,
saha bala gya tumedhak, mring langit ping kalihnya, sapraptane lajeng
sujud, Ijajil marang Pangeran.
21. Hing sawuse sewu warsi, saha bala gya tumedhak, [15] pan cinaturaken
bae, saben langit pan mangkana, Ijajil udhunira, jangkep pitung lapisipun,
hiya pitung ewu warsa.
22. Wus prapteng dunya Ngijajil, langkung denira kacaryan, lali karaton
swargane, mider hangideri jagad, Ijajil takdiring Hyang, karasan minggah
gunung, jinang kali myang sagara.
23. Glar sato kewan marpeki, miwah isining samodra, akeh warnane
katongtong, kali sumber myang bagawan, sendhang miwah pancuran,
suruping surya handulu, kemyare wulan lanlintang.
24. Pating karethap neng langit, abra sajagad kawratan, Ijajil karem ing tyas,
neng dungya ngideri jagad, masrik mahrib jinajah, hingiring malekat gung,
pitung kathi datan pisah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

25. Pra malekat matur sami, sadaya ngajak wangsula, kundur minggah
sawargane, dennya wus lami neng dunya, bikmanawi paduka, manggih
dukaning Hyang Ngagung, Ijajil alon sahurnya.
26. Hiya sun tarima sami, malekat kabeh turira, sru marma ing jeneng ingong,
hanana kang walang diya, mungguh dukaning Suksma, hing tyasingsun
durung tutug, miyat lalengening dunya.
27. Deningta gen ingsun bali, mulih marang nging [16] sawarga, lamun wus
padha lawase, lan endhuningsun mring dunya, saking langit kasapta, hiya
pitung ewu tahun, ngabekti marang Pangeran.
28. Malekat kendel samyajrih, nyerang atur mring ratunya, dadi anut
sakarsane, iku caritaning kitab, Bahrul butun kalawan, Bahrul ngalam
nahrul lahud, hananing jan lan banujan.
29. Lawan malekat Ngijajil, anannya kinarya wijang, tinithahken dewe,dewe,
wonten kaol kang satengah, mungal sajroning kitab, nenggih salsilatul
guyub, min ansabil jinatiwas.
30. Sayasin tegesereki, sajarahing jin lan setan, kang bangsa siluman kabeh,
nalika jeng Rasulullah, siniwi aneng kakbah, hing para sakabet agung,
nimbali ratuning setan.
31. Kalawan ratuning Ngejin, nama Prabu Tamimasar, ratune setan namane,
nenggih sang raja Saraban, dinangu kalihira, ananing jin purwanipun,
kalawan ananing setan.
32. Nembah sujud ratuning jin, miwah ratuning kang setan, Saraban
Tamimasane, ngaturken sajarahira, sageng bangsa siluman, ananing jin
purwanipun, miwah ananing kang setan.
33. Hingkang tinitah rumiyin, Marijan lawan Marijah, [17] dereng sipat, dereng
sipat jin kalihe, sajodo warni bun upas, sami kadadosannya, hulate kang
latu samun, hapan upasing dahana.
34. Hinggih sami mijil saking, cahya Nur kamulanira, kang Maha Suci karsane,
kinarya isining jagad, Maeijo susutan Jan, hajan punika sasunu, hejan
paparab Banujan.
35. Punika kawit sipat jin, Banujan yoga tetiga, Ijajil kang sepuh dhewe,
kinarya ratuning Swarga, sasampuning kadukan, hakathah jajulukipun,
Ajumarah sayatina.
36. Paparab malekat Karis, hajajuluk Iblis laknat, hanurunken setan kabeh,
sutaning banujan hingkang, panengah namanira, Ngajalijin turunipun, kang
wuragil sutanira.
37. Hapaparab Handajali, nurunken dewa lan ditya, kathah asalah kadaden,
handajali turunira, wahuta kang winarna, Ijajil sutanipun, pinucung sang
kathahnya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 03 ۩۩۩
PUCUNG
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.

Hingkang sepuh sutane nama yalabur, Pasin panggulunya, nulya Akwari
nireki, apan nuli lakaos nulestri marah.
Nuli sahet nuli dasim srinipun, hanuli welahan, sadaya suteng Ngijajil,
sanga pisan pan dadi ratuning setan.
Tan winuwus kang wawolu turunipun, namung tu,[18]runira, Jalabur
hingkang winarni, saurute praptaning raja Saraban.
Pan sakawan nenggih sutaning jalabur, kang sepuh hanama, dajal
paparabireki, Dajal lannat hamargantuk lannattulah.
Kinunjara haneng langit ping catur, wit badhe mamongsa, nglebur
saisining bumi, linuwaran benjang yen dina kiyamat.
Haprang lawan Nabi Ngisa mengsahipun, Mukamat ngapiyah, Humarmaya
Nabi Kilir pejahipun Dajal saking Nabi Ngisa.
Rining Dajallannat Dajil naminipun, Senut arinira, nama Nun hingkang
wuragil, Dajil wau nama Dulilsutanira.
Nuli dubil nuli dit blas sutanipun, hasusuta Lallal, ingkang gadha jeng Nabi
Dris, cinolok dom netranira hingkang kiwa.
Dalah mangke picak siji netranipun, Lallah asasuta, suta satunggil hanama
Lalim, hasasuta Jalarat susuta Buldet.
Hingkang katul minggah ing palwa Nabi Nuh, Buldat hasasuta, Sarhas nuli
hasasiwi, Mihsat suta Hamarah suta Hawiyan.
Hasasuta nama Langin hasasunu, Biktab suta Distar Distar, sauta Balal
sasiwi, Hambal suta Kibrat nuli sutanira.
Nama Iprid kang ngrencana Nabi Ayub, kala ka,[19]sengsara, Iprid punika
sasiwi, nama Ngiprus hasuta Karisiyan.
Hasasuta nama Swino hasasunu, Dipil hasasuta, Milasar suta Asijasin,
nuli hasasuta nama Karis sarah.
Karissarah wahu puputra Ngastarus, sasuta Buldyat, Buldyat wahu sasiwi,
Dulya larat susuta nama Duwanar.
Hasasuta Buwanarjas hasasunu, Salahat sasuta, nama Bangan hasasiwi,
nama Bangal jebul hasasuta Yayal.
Hasasuta Jahil hasasuta Sarbun, suta Sarbudanar, suta Mungajal sasiwi,
Maksum suta Malrat suta Mallarabad.
Hasasuta raja Sarabad puniku, turun kawandasa, tatiga saking Ngijajil,
sutanipun sanga kathah pencarira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

18. Lawan turun Handajali hapancarut, sami lap ingalap, miwah turuning
Ngajali, hapan dadi isen,isen ngalam dunya.
19. Hingkang nurunaken jim Ngajali wau, Ngajali sasuta, nama Ngaljus
hasasiwi, nama Ngajrak kayanganira karanan.
20. Hing Ngajurak sasuta Damras ranipun, hasasuta haswat, sasuta Amman
sasiwi, ran Maheran punika pan kawit Islam.
21. Hanut marang agamanira Nabi Nuh, Maheran sasu,[20]ta, Sabah
hasasuta Sahlil, hasasuta Sajab Katlabat.
22. Hawit kapir hamargi kawon perangipun, lan ratuning setan, nama Wujan
trah Ngijajil, sutaning Katlabat ngatis namanira.
23. Hasasuta Kadngan hanuli sasunu, Latbiyan sasuta, nama Sarsar hasasiwi,
nama Aswas hasasuta nama Dadjah.
24. Hasasuta Hajali namanireku, kang sareng sadina lahire lan Kanjeng Nabi,
Yusub lajeng dados pawong mitranira.
25. Kawit Islam malih Gajali milyanut, hing ngagamanira, sarengat Nabi
Ibrahim, jin Gajali sasuta nama Alidat.
26. Hasasuta Janabar kawon prangipun, lan ratuning setan, raja Iprid trah
Ngijajil, kapir malih Janabar manut ingsetan.
27. Hasasuta Salmun hanuli sasunu, Salmusil namanya, sasuta nama
Aswasil, hasasuta Karmus suta Salmunasar.
28. Hasasuta Sarngam sasuta Jabarjus, kapir lajeng Islam, teluk marang
Kanjeng Nabi, Sulaeman wus sare sarengat jeng nabi Musa.
29. Raja Barjus pan kinarya ratunipun, jim setan sadaya, dening jeng Suleman
nabi, suteng Barjus Asngasar sasuta Bastam.
30. Nuli hasasuta Kasras hasasunu, hejin tir sasuta, nama Inrus hasasiwi,
nama Kanam kapir malih kawon aprang.
31. Lan ratuning setan nama Bangaljetul, kanam ha,[21]nama Bal, Kanam
sasuta Sarkasi, hasasuta Girkasi suta Kabiras.
32. Hasasuta Giraji nuli sasunu, hanama Dam riyat, lajeng Islam manut
maring, agamane jeng Nabi Ngisa reh kulah.
33. Jin Damriyat wau hasasuta Memum, memum hasasuta, nama Mursad
hasasiwi, hanama jin Sangkan sasuta Marikan.
34. Hasasuta Karissatir namanipun, kakalih sutanya kang sepuh namanireki,
hejin Kalbal kang anem jim Kaskani jan.
35. Hasasuta Aswasil nuli sasunu, Sanasil apatya, jim Kalbat wau sasiwi,
Dawisatir hasasuta Tiyruyasar.
36. Tiyruyasar punik nuli sasunu, Prabu Tamimasar, hapeputra Rodosatir,
hapan seket turunan saking Marijan.
37. Kang wus kecap sadaya wau jim ratu, lan ratuning setan, mung ginanjar
hingkang maring, Prabu Tamimasar lan raja Sarabad.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

38. Gurunipn Handajali kang cinatur, sutannya satunggal, nenggih
peparabireki, Prabu Winus jajuluk Sri Handakara.
39. Handakara sutanira wolulikur, hingkang sepuh nama, Prabu Paliya warni
jim, panggulune hanama Prabu Jampina.
40. Warni ditya sungu nuli harinipun, ran Patih Parwata, harinira nama Jahwi,
awak sarpa nuli rinira hanama.
41. Jin Jaminah jin diyu jajulukipun, nulya harinira, hanama [22] raja Parangin,
harinipun nama Min warni kukila.
42. Harinipun nama Kup hawarni manuk, nuli harinira, warni yuyu nama Dahri,
harinira ran Maranis warni ditya.
43. Harinipun hanama ejim Wakitu, hinggih warni ditya, nulya rinira hanami,
Sang Balidhuh warni jim jajuluk Baljwak.
44. Harinipun hanama Ejim Balituk, hanama waraka, nuli Malituk warnesthi,
nuli Prabu Ngamunkeling jajuluk Am.
45. Nuli Prabu Nuradi nuli rinipun, hanama Wellahan, harinya ran Patih Hamir,
harinipun jim Kaliku namanira.
46. Warni Kucing nulya Kalilat rinipun, Ejim warni Sima, nuli Wenu rinireki,
harinira nama Limpak warni gajah.
47. Nuli Lapuk warni ditya harinipun, Suhas warni kapal, nuli Buraham, warni
wil, harinira ran Palapat warni sona.
48. Harinipun nama Malak warni tikus, nuli harinira, hanama Ejim Allapid,
jangkep wolulikur, kathah pencarira, sami nurunken pribadi, turunipun
kathah hingkang salah rupa.
49. Turun Handajali lan Ngajali carub, miwah lan [23] turunnya, malekat
karisngijajil, carub besan binesan alap ingalap.
50. Nak kumanak tanpa wilis kathahipun, bangsaning lalembut, jim setan
prayangan peri, purwa saking Marijan pungkuranira.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 04 ۩۩۩
PANGKUR
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

1.

2.

Kuneng jin sajarahira, hamangsuli caritanireng nguni, nenggih kitab Bahrul
butun, Bahrul ngalami lawan, Bahrul lahud Ngijajil sasampunipun, tumurun
mring ngalam donya, samana Hyang Maha Suci.
Karsa karya tapel adam,
adam hingkang dadi Kalipah neng swargi, Jabarail gya
ingutus, tumurun marang donya, kinen ngambil hing siti warna pipitu, kang
kinarya tapel adam, Jabarail tumurun aglis.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I
3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

Effort to Preserve National Culture

Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh siti dhingini hangling, heh
Jabarail sira hiku, dinuta hing Hyang Suksma, kinen ngambil maring sun
warna papitu, yun kinarya tapel adam, matura marang Hyang Widdhi.
Yen ingsun banget lenggana, dene nora wurung adam hing benjing, nemu
dukaning Hyang Ngagung, marma ingsun nglenggana, heh Jabarail yen
pari paksa sireku, ngambil ingsun warna sapta sayakti sun upatani.
Nemuwa bendhuning Suksma, Jabarail miyarsa ling,[24]ing bumi, hajrih
hing ngupatanipun, Jabarail wangsul sigra, prapteng ngarsaning Hyang
Suksma sujud matur, lamun siti sru nglenggana, hing karsa Hyang Maha
Suci.
Kinarya tapeling Adam, dene boten wande adam hing benjing, manggih
dukaning Hyang Ngagung, lamun kawula paksa, nepatani sanget ing
papacuhipun, hamba tinedha manggiha, kang sanget beduning Widdhi.
wusnya telas haturira, Jabarail gantya hingkang tinuding, Mingkail sigra
tumurun, maring nging ngalam donya, saparptane bumi dhingin sru
muwus, tan pae pangucapira, kadya nguni mring Jarail.
Yen kinarya tapel Adam, sru nglenggana sartane nepatani, Mingkail dupi
hangrungu, linge bumi mangkana, sigra matur prapteng sujud matur,
lamun datan hantuk karya, ajrih sapataning bumi.
Ngijrail tumuruna, marang ngalam dunya ngambila bumi, pitung rupa
abang biru, hijo lan kapuranta, putih ireng wungu kuning den agupuh,
ingsun karya tapel Adam, Ngijrail tumurun aglis.
Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh [25] bumi dhingin
hangling, heh Ngijrail sira iku, dinuta ing Hyang Suksma, kinen ngambil
marang sun warna papitu, kinarya tapeling Ngadam, baliya matura haglis.
Yen ingsun banget lenggana, dene nora wurung Adam hing benjing, nemu
dukane Hyang Ngagung, den dhunaken mring dunya, lah matura marang
Hyang kang Maha Luhur, yen mangkono haturing wang, aja mungguh
kang sirambil.
Rupa sapta yen gelema, mung arupa siji nglenggana mami, yen sira dreng
kudu berung, maksa ngambil maring wang, sayakti yen sun hupatani
sireku, nemuwa bebenduning Hyang, marma baliya den aglis.
Ngijrail duk amiyarsa, lingling bumi sarya sru nepatani, kudha sru denira
muwus, heh ta apa lingira, lakuningsun hapan dinuta Hyang Ngagung,
mangsata dadak mundura, dening upatanireki.
Gelema nora gelema, hingsun ambil rupa sapta sireki, bantala angles
tyasipun, dening Ngijrail maksa, datan mundur sangking hing upananipun,
bantala lara karuna, kathah sasambatireki.
Hananging tan piniarsa, sasambate Ngijrail si,[26]gra ngambil, hing bumi
warna pitu, abang ireng lan seta, ijo kuning wungu dadu lawan biru,
wusnya jangkep pitung rupa, mesat Ngijrail gya prapti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

16. Hing ngarsanira Hyang Suksma, wusing sujud ngaturaken Ngijrail, hing siti
warna pipitu, heh Ngijrail kayapa, duksirambil bumi pitung rupa hiku,
sasambate lawan apa, nora nganggo nepatani.
17. Myang kalane sira gawa, sujud matur Ngjrail mring Hyang Widdhi, hinggih
Gusti sakalangkung, sasambating bantala miwah denya nepatani
hamamacuh, kawula paksa kewala, karuna sambat mlas asih.
18. Hananging tan hamba pirsa, nunten kendel bantala tan angling, telas
Ngijrail turipun, Hyang Suksma hangandika, yen mangkono Ngijrail sira
hing besuk, kang Ingsun sinung karya, yen Sun wus babar alaming.
19. Manungsa neng ngalam donya, pasthi sira ingkang Ingsun sedhahi,
angambila nyanipun, hing nganak putu Adam, yen wus padha kababar
neng dunya, besuk, sira kang hanglurahana, malekat kang tunggu sami.
20. Gedhonge kayu sajarah, tilmuntahalohkil mahpulling janmi, hawendran
malekatipun, hiku sira rehna, hiya dadi Malakulmaut sadarum, lemah
hingkang pitung rupa, wijekken dadi sawiji.
21. Putih ireng lawan abang, ijo dadu biru wungu lan [27] kuning, saksana nuli
cinaruh, wujude hingkang lemah, ana kasap sedheng ana alus, wus carub
winejak sigra, lembut lir endhut kang siti.
22. Wusnya nuli cinaruban, kang bangsangin kalawan bangsagni, sakawane
bangsa banyu, kalawan roh Mukamad, kang ambekta pepake, kang roh
sedarum, sakahing titipaning Hyang , kawengku roh Mukamadi.
23. Lawan Ngijrail warana, papesthene kang wong sawiji,wiji, yen wus babar
alamipun, manungsa aneng dunya, lah padhnen lan unine lhkilmahpul,
pan wus ana tulisira, kang ala lawan kang becik.
24. Dawa cendhak meskin begja, pinter busuk sor ungguling kang jalmi, lan
sahwat ing ngestri jalu, sawusnya carub samya, gya rineka manungsa wau
kang endhut, lamine antaranira, tapel patang puluh warsi.
25. Dadine dina Jumungah, sakalangkung bagusira kang warsi, tan wonten
sasaminipun, sadaya kang rerupan, sawidasta panjange pan sarwa patut,
Allah tangala ngandika, garangen iku Ngijrail.
26. Ana ing bumi lalongkang, tanah mekah lawan tanah [28] ing taib, sandika
nuli sinambut, mring malekat sakawan, Jabarail, Mingkail, Ngisrapil, tumut,
prapta ing bumi lalongkang, sineleh rineksa sami.
27. Tapel kasonganing surya, kawarnawa wau malekat Jajil, kang maksih
kacaryan dulu, asrining ngalam dunya, pan meh lali karatoning
swargagung, mubeng angubengi jagad, lan malekat pitung kethi.
28. Duk samana cinarita, sang Ngijajil sampun miyarsi, hing karsa Hyang
Maha Luhur, hakarya tapel Adam, apan lagya ginarang samangkenipun,
aneng nging bumi lalongkang, tanah Arab lan ing taib.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

29. Ngijajil sampun rumangsa, lamun badhe angsal dukaning Widdhi, kalamon
dennya tumurun, marang ing ngalam dunya, kongsi lali karatonireng
swarga gung, Ijajil osiking driya, yen mangkono Maha Suci.
30. Karsa nyalini wangunan, neng sawarga kalungsur awak mami, Adam kang
kinarya ratu, melekat jajil sigra, saha bala mesat harsa handadulu, marang
tapelira Adam, prapteng longkang ngarab taib.
31. Ijajil dupi ngumiyat, ing warnane tapel Adam nglangkungi, paukiran
bagusipun, tanana isiningrat, kang rarupan kadi Adam tapelipun, tapel nuli
linebetan, mider jro garba Ijajil.
32. Sawusira temu gelang, langkung hebat Ijajil ani,[29]ngali, sen isening
Adam wau, sajroning guwa garba, hapan wonten kadi wisma mekar
nanjung, Ijajil harsa manjinga, ing wisma dheprok tan bangkit.
33. Ijajil hanuli medal, saking hing jro saprptanireng jawi, wawarti hing
wadyanipun, pitung kethi malekat, wruhanira jroning tapel Adam iku, nora
nana sesamanya, kabeh maklukking Hyang Widdhi.
34. Isen isening badanya, pan kinarya luwih adi kang warni, duweni alam
pamengku, Abir sahire pepak, saisening swarga ing langit kapitu, aras
kursi dhidhing jalal, lohkilmahpul ana sami.
35. Myang lintang surya rembulan, sawarnane pepak tan kurang siji, lan ing jro
ana kadalu, lir wisma tanpa lawang, duk lagyarsa ingsun leboni sumaput,
lesu lupa raganing wang, dheprok tan bisa mrepeki.
36. Tanpa bayu tan karkat, sun pisahken saya lesah tan sipi, iku kira
kiraningsun, nggene Iman Kamulyan, dene ingsun prepeki bae sumaput,
heh sagung para malekat, sira kang kereh ing mami.
37. Upama ana parentahe ing Hyang Suksma apa gelem sireki, hanut marang
Adam hiku, ya ture para malekat, pitung kethi sayektu kula manut, paranta
yen lengganawa, yen wus karsaning Hyang Widdhi.
38. Sayekti manut kewala, saparentahipun ingkang [30] akardi, Ijajil mangsuli
wuwus, yen mungguh isngun ora, lamun hana parentahira Hyang
Ngagung, kinen hanuta ing Ngadam, yekti yen lenggana mami.
39. Sun kadadehaning brama, kinen manut mring kadadehan bumi, kedekken
sakehing tuwuh, amis bacin najisan, tibeng lemah yen jenes arus, apa
gawene, kadukan ingsun lakoni.
40. Yata wau karsaning Hyang, mring malekat sekawan pan tinuding, Jabrail
Mikailipun, Ngisrapil Ngjrailnya, pada sira tiyubna mring nyawanipun,
mring kakasih ingsung Adam, ananging talam rinukmi.
41. Lah sira iku gawas, sigra mangkat para malekat ngiring, anggarebeg
munggwing pungkur, sapraptaning lalongkang, tiniyubken nyawa marang
grananipun, kang tapel Adam sakala, kodrating Hyang bisa osik.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

42. Dupi harsa pinanjingana, ingkang nyawa marang nging tapel nuli,
hanglangkungi awratipun, jinunjung datan kangkat, kinaliyan tiniganan tan
kajunjung, kang nyawa sangsaya awrat, tan purun manjing piranti.
43. Dening jroning tapel Adam, peteng rupak kalangkung saking rempit, gya
sinereng ing Hyang Ngagung, heh teka malebuwa, dyan tunmanduk
nyawa pan narsa malebu, saking grana marginira, lagya tumempel ing
ngarsi.
44. Nulya wahing tapel Adam, sirahira pecat saking [31] ing jisim, bahu epek,
epek sikut, dhengkul bokong dlamakan, Hyang kang Murbeng Jagad pan
ngandikanipun, marang malekat sakawan, padha patrapna sami.
45. Kang buyar pating palesat, wus kinumpul dening malekat sami, tinatrap
tutup lir wau, Hyang Suksma misik Adam, lamun wahing den age sira
anebut, ngucapa Alahamdulillah, gya Allah ngandika maring.
46. Malekat papat den enggal, tiyupna nyawane adam nuli, tiniyupken nyawa
mangsuk, hing tapel saking grana lumaksana prapteng jro wus manggen
wau, kang tapel wahing sakala, nebut Alhamdulillahi.
47. Rabilngalamina agya, hanauri mring Allah dennya wahing, Iyam Iya kanak
budu, wa iya kanas tangyan, ingkang tapel sadayane sampun kukuh,
darbeni ros thik enthikan, ingkang napas manjing mijil.
48. Hingaranan iku ambegan, pan minangka tatalining bfahurip, kabir sahire
kawengku, wus dadya Nabi Adam, pan ingayap dening malekat sadarum,
kanan keringira aglar, miwah ngarsa lan ing wuri.
49. Kalangkung ing resepira, pra malekat mring Adam hingkang wreni, ngucap
labarakullahu, tegese ingkang lapal, mupangati tapel Adam singsun dulu,
Nur mukamdira ngucap, paken pangandikaning Widdhi.
50. Sun dadekken dhingin Adam, mangka wiji haneng [32] dunya miwiti, kang
dadi ing yayahipun, sagunge kang manungsa, yen erohe pan roh
Mukamad sadarum, tur ingaken tandhaning Hyang, Allah hangandika
malih.
51. Heh Jabarail den inggal, hamunduta busana mring swargadi, hiya kang
sarwa di luhung, Jabrail sigra mesat, tan antara Jabrail ing wangsulipun
bekta busana di nulya, wus inganggekaken sami.
52. Nenggih ,marang Nabi Adam, makuthane nama retnadi, sangkebbing
sariranipun, busana saking swarga, pan sadaya wau hujwala nganguwung,
tan kena yen winuwusa, Nabi Adam ingkang warni.
53. Saking takdiring Pangeran, sakathahing ngujud tanana sami, saisining
sawarga gung, miwah isining dunya, Sang Hyang Suksma ngandikeng
malekat catur, padha sira kalumpukna, sinome malekat sami.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 05 ۩۩۩
SINOM
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

kabeh padha hangiringna, mring Adam munggah swargadi, sakancanira
malekat, kang ana ing pitung langit, hiya lan pitung bumi, mung kariya
kang atunggu, gilira hing rareksan, sawusira ngumpul sami, gya bidhalan
Adam minggah mring sawarga.
Sapraptanireng sawarga, kinen Palongka [33] linggih, sinasotya
nawaretna, jumerut nila widuri, prabanira nelahi, muncar,muncar
hangunguwung, tan kena winuwusa, takdinnira Hyang Widdhi, prabanira
madhangi langit kasapta.
Pangandikaning Hyang Suksma, mring sagung malekat sami, kabeh
padha hasujuda, mring Adam kalipah mami, yeku sun karya sulih, neng
swarga humadeg ratu, mongka kalipah ingwang, pra malekat sujud aglis,
pan sadaya hamrekungkung sujudira.
Sujud marang kahurmatan, antarane satus warsi, mung sang Ijajil malekat,
kang nora sujud pribadi, kadi hujare nguni, tinetepan datan purun, anut ing
Nabi Adam, nulya malekat Ijajil, pan sakala kena benduning Hyang
Suksma.
Ijajil salin warnanya, rai perot mata ngelik, liyap linyip lamun mulat,
kedhepe sungsun narithil, biru putih ireki, seret sasuluhanipun, sacanthing
sitahira, bathuk lengar pundhak kepis, kuping ciut gulune gedhe adawa.
Dhadha greng ndringkus ingannya, weteng cempluk bokong canthik,
rambute ngaruis abang, jenggot mulyak janggut lincip, bau sagagang
aking, drijinya sadedhang gabu, sikile sahububan, dedege cendhak acilik,
ambekukul lakune miring lan oyag.
Hyang Suksma handikanira, heh Jajil sandhangen [34] ugi, sira mopo ing
reh ingwang, mangkono warnanireki, pan sira dadi isi, besuk neng nraka
waelul, Ijajil aturira, sumangga ing karsa Gusti, tan nglenggana dados
sisining naraka.
Nanging panuwun kawula, ing salami hamba maksih, tinitah dereng
kiyamat, lumebeng jroning yamani, kalilana nutugi, lawan kalilana benjing,
hanggagodha dhateng hing nak putu Adam.
Wontena rencang kawula, lumebeng dhateng yomani, Hyang Maha Suci
ngandika, hiya sakarepireki, kang karencana gingsir, kang tan gingsir
ngong tanasung, lawan wong kang krana Allah, iya aja kok pareki, lawan
aja omah awor lan manungsa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

10. Omaha lebak jurang, embel umbul siluk sungil, kayu watu omahana,
saanak putinireki, ing besuk kabeh kapir, Iblis lanat ranireku, Ijajil gya
kaplesat, tiba sajabaning langit, redi dhasar tutupe naraka jahnam.
11. Apan lajeng kayangan, neng redi dhasar Ijajil, ngadhaton jroning dahana,
ing saciptanira dadi, hapan dadining geni, lawan wus sinung pinunjul,
pangwasa ing Hyang Suksma, Ijajil saktinereki, linuwihken saking malekat
sadaya.
12. Benjang maksih dadi raja, Ijajil kang den ratoni, [35] setan dhemit
brekasakan, iya yohanya pribadi, tangkar,tumangkar sami, setan aglis
kathahipun, manak,kumanak samya, branahan datanpa wilis, sami mencar
kayangan neng ngalam dunya.
13. Linantur dening Hyang Suksma, Ijajil sasarireki, kuneng wau kang
winanrna, malekat kang sujud sami, duk mulating Ngijajil, nalikanya
nandhang bendu, malih warnaniraga, ratuning ala sabumi, ngumpul dadi
rupaning Ijajil lanat.
14. Sujuding para malekat, rangkep sujud sukur sami, tan kapire rahmatollah,
ing sawuse satus warsi, liwar sadaya tangi, saking denira asujud, marang
pakaryanira, henggene sawiji,wiji, ingkang kantun amung kang sami
hangayap.
15. Marang sira Nabi Adam, tanana towangireki, malekat kang sami ngayap,
miwah ingkang widadari, Nabi osiking galih, linaden ,malekat ingsun,
rumasa dudu bangsa, myang linaden widadari, gya maladi rem,rem ayam
denya lenggah.
16. Sarwi nglalar lambung kiwa, parmaning Hyang ingkang prapti, myat
wonten wanudya endah, mijil saking lambung kering, ngiga wekasan
linggih, neng iringan sarwa patut, sakala Nabi Adam, medal birainireki,
sakalangkung kasmaran ing galihira.
17. Haranipun Siti Kawa, kasor hapsari swargadi, [36] pamulesmu wilis jenar,
bomjo pasariran lungit, sakala kangjeng Nabi, nolih astanya tumelung, pan
arsa gayuh jangga, sigra Jabarail prapti, hangalangi pamanglunge
astanira.
18. heh tuan dereng aningkah, tan wajib dadosa rabi, mundur astanira Adam,
nulya ningkah kangjeng Nabi, malekat Jabarail, kang ningkahken
kaumipun, walinya Gusti Allah, Hyang Suksma ngandika aris, marang
Adam lawan marang Siti Kawa.
19. Heh wruhanta sira padha, karo ratuning swargadi, sun jurung sakarsanira,
mung siji kang sun larangi, karan woh,wohan kuldi, haywa wani,wani
jupuk, lan ing kawruhana satrunira si Ngijajil, kawruhana panggodhane
marang sira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

20. Jeng Nabi lawan kang garwa, sujud sandika tur neki, mangkana sang
Ngijajil, neng ngardi dhasar genipun, miyarsa lamun Adam, ing mangkya
wus darbe rabi, Siti Kawa wastane ingkang wanodya.
21. Paparingira Hyang Suksma, mangkana wau Ngijajil, tan wus raose tyasira,
yen Adam maksih neng swargi. Gya mesat sang Ngijajil, minggah marang
swarga gung, prapta mider ing jaba, temu gelang tanpa margi, mung sawiji
kinunci tinunggu ing mrak.
22. Paksi mrak nang luhur lawang, sirahe mangklung [37] mring jawi, buntut
aneng jro lapisan, pikiring tyas sang Ngijajil, nuli hamalih warni, pan arupa
uler tahun, gumremet ngarsaning mrak, mulat ing mangsanireki, gya
cinucuk kalebu wetengnya.
23. Nuli mising paksi merak, Ijajil tibeng jro lapis, mubeng jro lapis kapisan,
temu gelang tanpa margi, korine mung sawiji, kinunci sarta tinunggu,
dening kang ula naga, sirah mangklung luhur kori, ilat melet lir daludag
kulabetan.
24. Nyrengangas siyunging naga, hagdhing liman ngajrihi, ilunya dres kadi
upas, tumiba upase mandi, netrane balerengi, lir surya kembar duk
bedhug, Ijajil ajrih nyelak, gya matak limunan ing jim, pan sakala Ijajil
dutan katingal.
25. Wus nyelak ngarsaning naga, netrane kalih sinilir, cangkemira dinamonan,
merem angep langkung arip, Ijajil sigra manjing, ing cangkem
dukangopipun, prapteng jro cangkem naga, buntutira neng jro lapis, sigra
mising kang naga Ijajil medal.
26. Tumiba jroning swarga, Ijajil gya malih warni, hamindha malekat jaga,
neng pinggir pethak anangis, klesedan melas asih, kagyat widadari
ngrungu, iki swaraning ngapa, kapyarsa amelas asih, ganti,ganti widadari
samya ngucap.
27. Kaya swaraning karuna, dening ta sawarga iki, larangan lamun karuna, iki
teka wani nangis, sakehing widadari, kang celak sami dudulu, celuken Siti
Kawa, aningali kang anangis, tinakenan sireku malekat apa.
28. Klesetan wani karuna, kang nangis humatur aris, milamba asru karuna,
myarsa rakanta jeng Nabi, lawan paduka Gusti, manggih serenging Hyang
Ngagung, inggih badhe binical, saking sajroning swargadi, den dhunaken
inggih dhateng ngalam dunya.
29. Gusti yen kalampahana, paduka lan raka Nabi, binucal saking sawarga,
dene tanpa dosa yekti, mung dumeh Nabi osik, salebeting galihipun,
linadosan malekat, rumaos yen dede jenis, mresing driya satemah dados
paduka.
30. Miyos saking ngiga wekas, lambunge Nabi kang kering, Siti Kawa keter ing
tyas, watak wantuning pawestri, gugon tuwoning galih, rumangsa lamun

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

31.

32.

33.

34.

35.

36.

37.

38.

39.

40.

Effort to Preserve National Culture

satuku, wasana angandika, apa temen tirireki, kang amindha karuna matur
sapata.
Yen amba matura dora, dhatenging paduka Gusti, kenya babenduning
Hyang, badan kawula puniki, sampun limrah lan jinis, malekat
sadayanipun, Siti Kawa ngandika, iya wus ngandel wak mami, lah ing
ngendi gon sun arsa suminggaha.
Kang malih warna turira, sarwi luhira dres mijil, [39] dhuh Gusti saking
tresnamba, darbe ratu Kangjeng Nabi, miwah paduka Gusti, apan wonten
syaratipun, paduka lan rakanta, hadahara wohing kuldi, pasthi lamun boten
amanggih daduka.
Siti Kawa lon ngandika, iku laranganing Hyang Widdhi, wedi yen ingsun
mangana, lawan durung wruh kang warni, ingsun lan Kangjeng Nabi,
miwah malekat sadarum, tan ana kang mangana, liyan paringing Hyang
Widdhi, subkannallah kanikmataning sawarga.
Tan liya mung subkannallah, kaya iku turireki, mangan kuldi wohira,
linarangan ing Hyang Widdhi, malekat kang anangis, ngusapi luh sengrak
senggruk, milane linarangan, wit dados sesarat Gusti, lamun dhahar
mandekken dedukaning Hyang.
Apa temen aturira, kang nagis supata malih, dreweli sasumpahira, temah
Siti Kawa gingsir, ing tyas langkung kapengin, nanging tan wruh
prenahipun gennira woh larangan, ngandika marang kang nangis, lah ta
iya gene ingsun tuduhana.
Siti Kawa sigra mangkat, lawan malekat kang nangis, sapraptanireng
ngunjwara, humatur paduka Gusti, pan sarwi anudingi, wohing kuldi
prenahipun, Siti Kawa duk mulat, marang wohing kayu kuldi, sru kacaryan
kumecer kedah dahara.
Sapraptaning sor tumenga, aningali wohing kuldi, [40] asta kalih gayuh
nyandhak, woh kuldi pinethik kalih, sirah mbun,mbunanereki, Siti Kawa
pan kasundhul, sadedeg inggilira, woh kuldi wusnya ingambil, gya
dhinahar mring Siti Kawa satunggal.
Langkung nikmate kang rasa, lagya tekeng jaja nuli, niba kantu Siti Kawa,
sahengetira ningali, kang jaja amendhisil, mentar,mentar dadi susu, lir woh
kuldi kang warna, maya,maya ngrespateni, marmanipun wonten wulu lan
jinabat.
Kalanpun Siti Kawa, tumenga mulat woh kuldi, marma rinaupan, kaping tri
lananta kalih, kinosokan pra sami, denira kinarya gayuh, milane kang
mbun mbunan, kaping tri dipun usapi, pan kasundhul woh kuldi kala
tumenga.
Mila kuping ingusapan, kaping tri dennya miyarsi, ing tuduhe iblis lanat,
kang mindha malekat nangis, sakng dennya tumindak, mring saandhap
wohing kuldi, saderenge wulu apan kang jinabad.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

41. Dene sayah riwe medal, Kawa denira lumaris, milanipun yen wanudya,
saben sasi metu getih, kadadehan woh kuldi, miwah ingkang banyu susu,
wohing kuldi toyanya, yen salat Adam ngamati, sak dina tulhikram jakat
pitrah siyam.
42. Marga saking Siti Kawa, dennira mot wohing kul,[41]di, ri sampunira
mangkana, Siti Kawa kundur nuli, bekta woh kuldi siji, karsa ingaturken
wau, mring raka Nabi Adam, Ijajil kang malih warni, sampun musna
mantuk mring kayanganira.
43. Yata wau Siti Kawa, kang bekta woh kuldi siji, wus katur marang kang
raka, jeng Nabi adam lingnya ris, pagene sira yayi, wani,wani ngambil iku,
kuldi laranganing Hyang, apa sira yayi lali, kala dhawuh pacuh marang sun
lan sira.
44. Kang garwa lon aturira, boten kasupen wak mami, marmane purun kawula,
pan wonten malekat nangis, sareng kawula titi, margi saking tresnanipun,
ing paduka lan amba, kathah,kathah turireki, malah sumpah yen boten
temen,temena.
45. manggiha babenduning Hyang, wus katur sadaya sami, wiwitan prapteng
wekasan, solahe ngambil woh kuldi, milanipun suwawi, punika dhaharen
gupuh, woh kuldi kang satunggal, hamba wus nedha satunggal dados
sarat sampun kongsi manggih duka.
46. Jeng Nabi wus kangsaning Hyang, myat ing woh kul,42]di kapangin, yen
mangkono karsanira, iya yayi sun turuti, tinampan wohing kuldi, anuli
dinahar sampun, raose langkung nikmat, duk ingeleg wohing kuldi, tekeng
jongga jeng Nabi niba kantaka.
47. Dadya mandhekel kang jongga, ingaranan kala menjing, duduh kuldi
dadya kama, tan antara Kangjeng Nabi, sawungunya amanggih,
dudukanira Hyang Ngagung, kalawan Siti Kawa, kang busana mesat sami,
saking badan kalih pindha maskumambang.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 06 ۩۩۩
MASKUMAMBANG
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

1.
2.
3.

Nabi Adam lan kang garwa kawlas asih, busanane sirna, kalih ting
baringkung sami, saparan,paran kesoddan.
Harsa ngaub tan ana kang den aubi, miwah angambila, godhonge kang
kayu sami, kinarya tutuping ngurat.
Kayu,kayu pra sami ngujar,ujari, lah ta Adam kawa, sampun parek,parek
mami, pan andika wong duraka.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.

Effort to Preserve National Culture

Keneng gudha saking rencananing ngeblis, temah antuk duka, lah
lampahana pribadi, sampun ngembeti maring lyan.
Bokmanawi kalih sami nanulari, miharsa gya kesah, kesoddan tambuh den
nungseni, sadaya lumuh pinaran.
Wonten kayu satunggal ran kayu ajir, langkung welasira, mring Adam
Kawa lingnyaris, lah ngambila godhong ingwang.
Sigra mara Adam Kawa mring sor anjir, kang kayu anulya, godhonge
ngalinthing sami, hingaran kayu cemara.
wonten malih kayu kang welas ningali, marang [43] Adam Kawa, kayu garu
nguwuh aris, ing ngriki sami ngauba.
Sigra mara sapraptaning ngisor wit, godhongipun sirna, mangkeret
dalasan mangkin, garu baluju kewala.
Wus mangkana karsaning Hyang Maha Suci, Adam lawan Kawa,
tinudhung saking swarga di, tinurunaken mring dunya.
Lawan naga merak kayu garu ajir, Jabrail dinuta, hanurunnaken tumuli,
Nabi Adam Tibanira.
Neng wukit baot gunung ing