Bersyukur atas kebesaran Tuhan dengan adanya 4

keberadaan bahasa Jawa sebagai anugerah Tuhan Yang Mahaesa sebagai sarana menyampaikan informasi lisan dan tulis 2 Melalui menyimak cerkak peserta didik dapat memiliki perilaku kreatif, tanggung jawab, dan santun sebagai ciri khas karakter masyarakat Yogyakarta 3 Menentukan unsur-unsur instrinsik cerkak 4 Menemukan ajaran budi pakerti dalam cercak 5 Menyebutkan tema cerkak 6 Menyebutkan tokoh dalam cerkak 7 Menyebutkan watak tokoh dalam cerkak 8 Menyebutkan alur cerkak 9 Menyebutkan latar cerkak

D. Materi Pembelajaran

Cerkak cekakan saka carita cekak. Nanging cerkak dudu crita sing dicekak. Cerkak bisa komplit lan mbulet. Ing Bahasa Indonesia istilahe diarani cerpen. Cerkak salah sijine karya sastra jawa kang prasaja. Wujude gancaran prosa dene cerkak sing becik iki duwe titikan mangkene: a. Nggemot teges makna utawa manfaat b. Kenthel utawa mentespadhet c. Proses nulis becike figuratif d. Tataran sabanjure eskalatif Ing cerkak ana perangan kang disebut unsur ekstrinsik lan unsur instrinsik. Unsur ekstrinsik yaiku unsur ing sajabaning carita cerkak, nanging isih mangaribawani dumadine cerkak mau. Unsur ekstrinsik antarane factor ideologi, politik, ekonomi, sosial budaya, agama, tata nilai kang ana ing satengahig masyarakat. Dene Unsur instrinsik yaiku unsur kang bakal dienggo pathokan gawe crita cekak, kayata tema, tokoh lan penokohan, latar, alur, sudut pandang lan amanat. Nah ana ing wulangan iki samengko bakal nggladhi para siswa supaya bisa nemokake tema, tokoh, latar lan alur kang ana ing cerkak. Nanging luwih becik nyinau unsur intrinsik, antarane:

1. Tokoh-penokohan

Tokoh utawa paraga yaiku bleger,wewujudan, sosok utawa individu rerekan kang direka kang bakal dicaritakake ana ing cerita cekak. a. Tokohparaga protagonist, paraga utama b. Tokohparaga antagonis, paraga kang lelawanan karo paraga utama c. Tokohparaga tritagonis, paraga ing antarane protagonis lan antagonis. Penokohan utawa watak yaiku, panggawene wewatekane tokoh, lan crita gegambaraning watak ing carita cekak.

2. Latar

Yaiku unsur sajerone cerita cekak kang nuduhake ing ngendi, kepriye, Ian - kapan carita mau kedadean. Latar ana cacah telu, yaiku: a . lat ar papan b . latar wektu c . latar swasana utawa latar sosial kang nuduhake ciri-ciri panguripane masyarakat. Latar iku gegayutan karo swasana carita, tuladhane yen carita dumadi