Petunjuk Umum: Materi Yang Diujikan. 1. Menyimak.

PEMERINTAH KABUPATEN GROBOGAN DINAS PENDIDIKAN UPTD PENDIDIKAN KECAMATAN GEYER SEKOLAH DASAR NEGERI 2 NGRANDU Alamat : Dsn. Tapen, Ds. Ngrandu, Kecamatan Geyer Kode Pos 58172 UJIAN AKHIR SEKOLAH PRAKTIK TAHUN PELAJARAN 2016 2017 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari, tanggal : Selasa, 19 April 20166 Waktu : 10.00 – 11.30

A. Petunjuk Umum:

1. Peserta UAS praktik wajib mengenakan pakaian seragam. 2. Peserta UAS praktik wajib memasang nomor dada. 3. Peserta UAS praktik wajib mengikuti semua mata ujian.

B. Materi Yang Diujikan. 1. Menyimak.

Nandur Palawija Nalika sasi Agustus para among tani bubar panen gadhu. Sawahe Pak Hasan klebu sawah tadhah udan. Dadi manawa wis bubar sasi Agustus ora bakal oleh oncoran banyu maneh. Olehe banyu mung saka banyu udan. Mula saka iku sawah tadhah udan iku yen wis bubar panen gadhu banjur ditanduri palawija. Tanduran palawija iku jinise warna-warna, kayata jagung, pohung, tela, kacang ijo, wijen kacang brol, lan kedhele. Kaya wis dadi pakulinan, saben bubar panen gadhu, Pak Hasan lan among tani liyane padha grengseng nandur kedhele. Panandure kedhele ing sawah tadhah udan iku gampang, ora perlu kaya yen nandur ana tegalan. Lemah sing arep ditanduri kedhele, ditaju nganggo kayu kang dilincipi pucuke. Jerone watara 5 cm. Kedhele banjur diulurake, dicemplungake ing papan kang wis ditaju. Lete ora perlu kerep-kerep, lan ora perlu arang-arang, cukup ana ing sela- selaning tunggakan dami, udakara 18 cm. Kedhele kang ditandur ana ing sawah tadhah udan lumrahe ora dirabuk. Mung bae samangsa kedhele mau wis ngarepake kembang pelik, tunggakan dami kang thukul singgange mau perlu diwatun. Tanduran kedhele uga perlu disemprot nganggo obat. Dhasar Pak Hasan iku sawijining wong tani kang taberi ngolah tetanen, mula ora nggumunake tandurane kedhele lemu-lemu, dhompolane gedhe-gedhe. Tanduran kedhele umure ora patiya dawa. Kira-kira umur 90 dina kedhele mau wis bisa dipanen. Kapethik saka : Wursita Basa 6 kaca : 9 – 10 Pitakon-pitakon ing ngisor iki wang sulana nganggo basa krama 1. Pak Hasan panen gadhu sasi apa? 2. Sawahe Pak Hasan kle3bu sawah tadhah udan. Apa karepe? 3. Yen bubar panen gadhu, Pak Hasan nandur apa? 4. Kajaba kedhele, apa maneh sing klebu jinise tanduran palawija? 5. Kepriye panandure kedhele ing sawah tadhah udan? 6. Genea tanduran kedhele ing sawah perlu disemprot obat? 7. Pirang dina kedhele bisa dipanen? 8. Kapan kedhele ing sawah tadhah udan diwatun? 9. Apa sebabe tandurane kedhele Pak Hasan lemu-lemu? 10. Apa wae gunane kedhele?

2. Berbicara

Critakna wacan “ Nandur Palawija” nganggo basamu dhewe utawa crita sing wus tau korungokake

3. Membaca Geguritan ing ngisor iki wacanen kaya patrape wong maca puisi

Tuhu ing Janji Lintang-lintang abyor ing tawang Wengi iki kaya padhang rembulan Langite padhang sumeblak Atiku padhang kaya wengi iki Mau awan Muridku padha mituhu ing kuwajiban Nggarap wulanganku Iba endahe wengi mau Kaya endahe uripku Muga-muga tetep tuhu Sateruse aku ing donya Kaya endahing lintang-lintang ing langit Karipta : Tjartiwan H.S

4. Menulis

Nulisa layang balesan marang wong tuwamu kang surasane kowe ora bisa bali, amarga lagi ngadhepi Ujian Akhir Sekolah lan nyuwun sangu lan mbayar karyawisata wulan Juni.

C. Peralatan Yang digunakan : Kertas lan alat tulis.