Mampu mengungkapkan pikiran, gagasan dan

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN RPP Satuan Pendidikan : SMA 1 KRETEK Mata Pelajaran : Bahasa Jawa KelasSemester : XI Materi Pokok : Cerita Pengalaman Alokasi Waktu : 1x 45 menit 1 Pertemuan Standar Kompetensi : Berbicara Mampu mengembangkan pikiran atau gagasan dalam berbagai bentuk wacana lisan tentang bahasa, sastra dalam kerangka budaya Jawa Kompetensi Dasar KD : Menceritakan berbagai pengalaman dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan konteksnya. Indikator : 1. Mendeskripsikan definisi dan cara menulis pengalaman pribadi. 2. Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam pengalaman pribadi. 3. Menyebutkan nilai budi pekerti dalam cerita pengalaman yang telah ditulis Tujuan Pembelajaran : 1. Siswa dapat mendeskripsikan definisi dan cara menulis pengalaman pribadi. 2. Siswa dapat mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam pengalaman pribadi. 3. Siswa dapat menyebutkan nilai budi pekerti dalam cerita pengalaman yang telah ditulis. Materi Pembelajaran : A. Ngandharake Pengalaman Pengalaman inggih menika lelakon ingkang dipunlampahi dening sadengah tiyang. Pengalaman menika biasanipun tansah dipunemut-emut lan aji nalika dipuncariyosaken malih. Ngandharaken pengalaman dhateng tiyang sanes boten namung carita kemawon, ananging kedah mawi paugeran-paugeran tartamtu saengga cariyos kala wau saged dipunmangertosi kanthi cetha dening tiyang sanes. Paugeran-paugeran ngandharaken cariyos pengalaman : 1. Mbangun konteks utawi wawasan cariyos ingkang kawiwitan kanthi mbangun pikiranipun piyambak ingkang ngengingi papan kadadosan, wekdal, sinten kemawon tiyang ingkang dipuntuju, saha menapa kemawon ingkang dipuntindhakaken. 2. Miwiti nyariyosaken pengalaman kanthi runtut wonten alur cariyosipun, tembung ingkang dipunginaaken kedah dipunpilih, sampun ngantos nyaritosaken cariyos ingkang boten mbangun alur carita B. Manfaat Cariyos pengalaman inggih menika saged pikantuk pengalaman kang ngengsemaken saking cariyos lumantar prastawa-prastawa ingkang dipunlampahi dening tiyang ingkang damel cariyos menika. C. Nilai-Nilai ingkang wonten ing salebetipun cariyos pengalaman : 1. Nilai religiuskeagamaan utawi ketuhanan 2. Nilai budaya utawa kultur 3. Nilai etika utawi moral 4. Nilai sosial 5. Nilai estetika 6. Nilai hiburan. D. Cak-cakanipun ngarang 1. Anggenipun milih judhul saha tema ingkang trep lan saged narik kawigatosan. 2. Kadamel pokok-pokok pikiran sub tema ing saben paragraf. 3. Pamilihing tembung saha paugeraning ukara ingkang mentes lan trep. E. Tuladha Carita Pribadhi Nalika Mlebu Sekolah Sepisanan Dina senin kuwi dadi dina wigati kanggoku amarga dadi weku sepisanan aku mlebu sekolah ing SMA Taruna Bakti, Ing tahun 2009 dadi taun sepisanan anggonku mlebu SMA sawise lulus saka SMP. Masa orientasi Siswa MOS sekolah Taruna Bakti Kawiwitan ing senin kuwi, diwiwiti dening upacara pembukaan MOS banjur ana weku leren sawetara. Sinambi ngenteni kagiyatan sabanjure, aku ndheleng akeh siswa kang mloka-mlaku sangarepku lan ora sethithik uga kang mung lungguhan ing ngarep kelas. Sinambi ngenteni wektu MOS diwiwiti, aku ndeleng jadwal kegiyatan dina kuwi ing buku catetanku. Siswa-siswa liyane ana sing padha ndeleng informasi ing papan informasi lan ana uga sing maca koran. Siswa-siswa kang padha nggrombol kuwi kaya-kayane wis padha tetepungan utawa ketemu kanca SMP. Aku rumangsa rada kijenan amarga tak deleng mung aku dhewe sing durung duwe kanca lan tepungan. Kanggo nylamur kasepenku, aku bola-bali ndeleng buku jadwal kegiyatan MOS dina kuwi. Bola-bali mung tak wolak-walik bukuku kanggo ngisi waktu sadurunge kegiyatan MOS kawiwitan. Ora let suwe aku krungu ana wong kang ngundang jenengku, “Wid ... Widodo.”. Suwara kuwi keprungu saya sora lan cedhak. Basan aku noleh dakdleng ana bocah wadon ayu kang nyedhaki aku. Banjur keprunug meneh jenengku diundang, “Wid ... kowe wiodo saka SMP Mutiara, ta?” Durung rampung olehku kamitenggengen, bocah wadon mau wis nyebut jenenge karo ngulungke tangane arep salaman. “Wid ... Aku titin, kancamu seko SMP Mutiara kelas IX-B. Aku pancen ora sekelas karo kowe, nanging aku ngerti kowe amarga kowe pengurus OSIS. Apa kowe isih kelingan karo aku, Wid?”. Satleremean dak tamatke, pancen rada lali, nanging basan dak deleng andheng-andheng ing sangisor mripate Titin aku banjur kelingan. Titin kuwi salah sijining siswi SMP Mutiara kang tau dadi siswa teladan sakabupaten. Wektu samono satemene aku rada naksir Tiitin, nanging aku ora wanti amarga akeh sing uga naksir Titin. Banjur rasaku mau mung daksimpen wae ing sajroning ati. Kaya dielingke dening weku, sajroning atiku rasane bungah banget. Ora let suwe keprungu bel sekolah. Ana pengumuman menawa par siswa kudu ngumpul miturut kelompok sing wis ditemtoake. Aku karo Titin banjur mlayu tumuju marang kelompok sing wis ditemtoake. Ora kanyana, aku sekelompok karo Titin. Wah, kaya-kayane gegayuhaken bakal kalaksanan. Dina kuwi sajane jadwale rada padhet, nanging ora dakrasa abot amarga ana Titin kang ngancani aku. Semangatku saya makantar-kantar melu MOS. Pinginku kegiyatan MOS aja age-age rampung amarga aku bisa terus bebarengan karo Titin. Karakteristik - Mandiri dan keaktifan siswa Metode Pembelajaran - Ceramah - Diskusi - Tanya Jawab Langkah Pembelajaran Pertemuan ke- Kegiatan Pembelajaran Alokasi Waktu 1. Kegiatan awal : - Pembukaan : Guru membuka pelajaran dengan salam, berdoa. - Apresiasi : guru menanyakan kepada siswa tentang pengalaman bercerita para siswa. - Motivasi : guru mengajak siswa untuk mempelajari tentang bercerita pengalaman dan pentingnya bercerita pengalaman pribadhi dalam kehidupan sehari-hari. 15 menit Kegiatan inti : Eksplorasi - Siswa memperhatikan pemaparan materi tentang bercerita pengalaman pribadhi berbahasa jawa dari guru. - Siswa memperhatikan menceritakan contoh analisis pengalaman pribadi dari guru termasuk unsur 5 W 1 H yang ada di dalamnya dan juga amanat yang ada. Elaborasi - Siswa menganalisis dan merangkai unsur-unsur 5 W 1 H dari cerita pengalaman pribadi yang akan diceritakan. - Siswa menulis pengalaman pribadhi secara runtut dengan alur yang jelas. - Perwakilan siswa membacakan hasilnya didepan kelas. Yang memuat unsur 5 W 1H dan amanat - Pekerjaan siswa dikumpulkan untuk dikoreksi. Konfermasi - Siswa memperhatikan pemaparan kembali materi tentang Pengalaman Pribadhi berbahasa jawa oleh guru. 60 menit Penutup : - Guru memimpin doa penutup dan salam. 15 menit Sumber Belajar dan Media Pembelajaran 1. Sumber belajar - Poerwadarminta. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: - Jatirahayu, warih. 2011. Laksita Basa kelas X. Yogyakarta: Yudhistira - Widaryatmo,dkk. 2002. Prigel Basa Jawa. Yogyakarta: Erlangga 2. Media Pembelajaran - Teks Pengalaman Pribadhi di majalah Jaka Lodhang - Power Point Penilaian 1. Teknik : penugasan, tes tulis 2. Bentuk : uraian 3. Kisi-kisi No Indikator Skor 1 Waosna teks Pengalaman Pribadi saking majalah Jaka Lodhang. bebas milih judhul 2 Padosna unsur-unsur berita 5 W 1 H ingkang wonten ing salebeting waosan. 60 3 Padosna wosing waosan ingkang ndadosaken cariyos menika saged narik kawigatosan. 20 4 Padosna paling sekedhik kalih amanat saking cariyos menika 20 Perhitungan skor : 6 + + � = 100 Bantul, 18 Agustus 2016 Guru Pembimbing Siti Muthiatun, S.Pd, NIP. Mahasiswa Atika Nur Farida NIM. 13205241047