Peningkatan Keterampilan Menulis Geguritan dengan Metode Integratif Membaca pada Siswa Kelas X-E SMA N 1 Lasem Kabupaten Rembang.

SARI

Suherini. 2009. Peningkatan Keterampilan Menulis Geguritan dengan Metode
Integratif Membaca pada Siswa Kelas X-E SMA N 1 Lasem Kabupaten
Rembang. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan
Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Yusro Edy Nugroho,
S.S, M.Hum., dan Pembimbing II: Drs. Widodo.
Kata kunci: nulis geguritan, lan metode integratif maca.
Pasinaon nulis sastra duwe peran sing wigati ing piwulang basa Jawa. Salah
sijine yaiku siswa bisa nulis geguritan. Saka asil observasi lan wawancara karo guru
basa Jawa, bisa dikaweruhi yen ketrampilan siswa nulis geguritan isih endhek jalaran
metode utawa cara pasinaon sing dinggo guru isih kurang trep. Guru isih nganggo
cara pasinaon konvensional saengga ora ana variasi nalika sinau. Mula kuwi
dibutuhake cara pasinaon sing pas lan nengsemake, yaiku kanthi nganggo cara
pasinaon integratif maca.
Gegayutane karo perkara mau, mula perkara sing dibahas ing paneliten iki
yaiku (1) pira akehe mundhake ketrampilan siswa nalika nulis geguritan nganggo cara
integratif maca?; (2) kepriye owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas X-E
SMA N 1 Lasem sawise entuk lakune pasinaon kanthi nggunakake cara integratif
maca? Wos paneliten iki yaiku mundhake ketrampilan siswa nalika nulis geguritan
kanthi cara integratif maca ing SMA N 1 Lasem.

Variabel panelitan iki arupa variabel ketrampilan nulis geguritan lan variabel
metode integratif maca. Paneliten kelas iki dileksanakake nganggo rong siklus.
Ngumpulake data nggunakake cara observasi (observasi ketrampilan nulis geguritan
lan tindak tanduk siswa sasuwene pasinaon), jurnal, lan wawancara. Cara nganalisis
data yaiku nganggo teknik kualitatif lan kuantitatif. Teknik kualitatif digunakake
kanggo nganalisis data kualitatif (tindak tanduk), lan deskriptif persentase digunakake
kanggo nganalisis data ketrampilan nulis geguritan.
Asil saka paneliten nuduhake yen ketrampilan siswa nulis geguritan mundhak.
Ing tahap prasiklus, guru isih nganggo cara pasinaon sing konvensional, saengga asile
60,9. sabanjure dileksanakake siklus I kanthi nganggo cara integratif maca asile 64,8,
nanging kala siklus I isih kangelan nggolek tema lan ana sing durung bisa milih
tembung (diksi) sing trep, jalaran kosakata Jawa siswa mung sithik. Ing siklus II asil
tes siswa nulis geguritan yaiku 73,18. Asil saka observasi, jurnal, lan wawancara
nuduhi anane owahing tindak tanduk siswa kelas X-E SMA N 1 Lasem, yaiku dadi
sregep lan semangat anggone sinau nulis geguritan, sakliyane kuwi mawa nggunakake
cara integratif maca siswa bisa luwih ngerti kepriye nggunakake tembung sing bener.

Saran saka paneliti yaiku (1) guru basa jawa sabisane nganggo cara integratif
maca dadi salah sijine cara pasinaon kanggo siswa; (2) kanggo para paneliti basa lan
sastra bisa nggawe paneliten sing padha nanging nganggo cara sing beda, saengga

bisa digunakake kanggo alternatif cara pasinaon nulis geguritan.

Dokumen yang terkait

PENINGKATAN KETERAMPILAN MEMBACAKAN TEKS BERITA DENGAN TEKNIK SIMULASI MENGGUNAKAN MEDIA AUDIOVISUAL PADA SISWA KELAS VIII E SMP NEGERI 1 LASEM KABUPATEN REMBANG

8 197 321

PENINGKATAN KETERAMPILAN MEMBACA PUISI PADA SISWA KELAS X 1 SMA MUHAMMADIYAH 3 SURAKARTA Peningkatan Keterampilan Membaca Puisi Pada Siswa Kelas X 1 Sma Muhammadiyah 3 Surakarta Melalui Metode Pembelajaran Scaffolding.

0 2 18

PENINGKATAN KETERAMPILAN MEMBACA PUISI PADA SISWA KELAS X 1 SMA MUHAMMADIYAH 3 SURAKARTA Peningkatan Keterampilan Membaca Puisi Pada Siswa Kelas X 1 Sma Muhammadiyah 3 Surakarta Melalui Metode Pembelajaran Scaffolding.

0 3 20

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS PUISI DENGAN METODE PEMBELAJARAN OUTDOOR PADA SISWA KELAS VII F SMP N 1 TERAS Peningkatan Keterampilan Menulis Puisi dengan Metode Pembelajaran Outdoor pada Siswa Kelas VII F SMP N 1 Teras.

0 2 18

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS PUISI DENGAN METODE PEMBELAJARAN OUTDOOR PADA SISWA KELAS VII F SMP N 1 TERAS Peningkatan Keterampilan Menulis Puisi dengan Metode Pembelajaran Outdoor pada Siswa Kelas VII F SMP N 1 Teras.

0 3 13

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS CERPEN Peningkatan Keterampilan Menulis Cerpen Dengan Media Gambar Berseri Pada Siswa Kelas X-1 SMA Negeri 2 Karanganyar.

0 2 16

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS PARAGRAF NARATIF MELALUI METODE LATIHAN TERBIMBING DENGAN MEDIA LAGU PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS PARAGRAF NARATIF MELALUI METODE LATIHAN TERBIMBING DENGAN MEDIA LAGU PADA SISWA KELAS XI-3 SMA NEGERI 1 LASEM KECAMATAN

0 0 14

PENDAHULUAN PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS PARAGRAF NARATIF MELALUI METODE LATIHAN TERBIMBING DENGAN MEDIA LAGU PADA SISWA KELAS XI-3 SMA NEGERI 1 LASEM KECAMATAN LASEM KABUPATEN REMBANG.

0 0 8

(ABSTRAK) PENINGKATAN KETERAMPILAN MEMBACAKAN TEKS BERITA DENGAN TEKNIK SIMULASI MENGGUNAKAN MEDIA AUDIOVISUAL PADA SISWA KELAS VIII E SMP NEGERI 1 LASEM KABUPATEN REMBANG.

0 1 3

PENINGKATAN KETERAMPILAN MEMBACA BAHASA PRANCIS SISWA KELAS X SMA N 1 SANDEN BANTUL YOGYAKARTA DENGAN METODE QUESTION STUDENT HAVE.

0 0 264