Watesaning perkawis Wosing perkawis

8 sosiolinguistik jumbuh kaliyan pamanggihipun Sumarsono 2009:1 sosiolinguistik inggih menika kajian basa ingkang dipungayutaken kaliyan kahanan wonten ing masarakat. Adedhasar andharan para ahli wonten nginggil saged kapendhet dudutan bilih sosiolinguistik inggih menika ngelmu ingkang nliti bab basa saha masyarakat. Sosiolinguistik ugi nliti bab panganggenipun basa ing masyarakat. Basa ingkang dipunginakaken ing masyarakat nuwuhaken mawarni-warni peristiwa basa. Kajianipun inggih menika masarakat tutur, variasi basa ingkang dipunginakaken, mitra micara utawi topik ingkang dipunrembag, saha ancasing pawicantenan. Miturut Nababan 1984: 3 bab-bab ingkang dipunrembag dening sosiolinguistik kadosta; 1 basa, dialek, idiolek , saha ragam basa, 2 masarakat basa, 3 panganggening basa, 4 sikap basa, 5 basa saha kabudayan, lan sapiturutipun. Salah setunggal bab ingkang dipunrembag sosiolinguistik inggih menika variasi utawi ragam basa. B. Variasi Basa Basa gadhah sistem saha subsistem ingkang dipunmangertosi dening sedaya panutur basa. Masarakat tutur ingkang maneka werni ingkang mangaribawani basa menika dados kathah ragam utawi variasinipun. Variasi basa kadadosan saking para penuturipun ingkang werni-werni saha ragam kagiyatan interaksi sosial ingkang werni-werni. Saben kagiyatan interaksi sosial mbetahaken variasi basa. Maneka warni klompok panuturipun saha maneka werni fungsi basa menika ugi saged ndayani variasi basa. Karagaman menika saged muwuh langkung kathah menawi basa menika dipunginakaken dening panutur 9 ingkang kathah, saha wonten papan ingkang wiyar. Tuladhanipun basa Indonesia ingkang dipunginakaken saking Sabang dumugi Merauke Chaer saha Agustina, 2010: 61. Panganggenipun basa wonten ing masarakat menika beda-beda. Miturut pamanggihipun Wardaugh 1986: 22 variasi basa inggih menika cara priyantun ngandharaken unen-unen, tembung, saha titikan gramatikal ingkang kadayan dening faktor eksternal . Faktor eksternal menika kadosta faktor geografis saha faktor sosial . Pamanggih sanes miturut Nababan 1984 : 13 bilih variasi basa menika dipunjalari saking asalipun panutur, klompok saha kahanan panutur, tingkat formalitas , saha wekdal tuturan menika. Tuladhanipun dipunpendhet jinis variasi basa adhedhasar panuturipun, salah satunggalipun inggih menika dialek . Pelafalan dialek Banyumas menika beda kaliyan pelafalan Yogyakarta. Wonten ing pelafalan tembung “sega” ing basa Jawi dialek Banyumas dipunlisanaken [sega] dene ing basa Jawi dialek Yogyakarta tembung kasebut dipunlisanaken [seg ɔ ]. Variasi basa boten namung dipuntemtokaken dening faktor linguistik kemawon, ananging ugi faktor nonlingistik . Faktor linguistik menika ngengingi panganggening basa ingkang wonten gayutanipun kaliyan unen-unen, tata tembung, tata ukara, saha tata makna. Faktor nonlinguistik inggih menika ngengingi panganggening basa ingkang wonten gayutanipun kaliyan faktor sosial . Awit saking menika, ingkang ngengingi bab faktor sosial saged dipunpirsani saking yuswa, jinis kelamin , pendidikan , status sosial , pakaryan, lan sapanunggalanipun.