GNYANA YOGA Wejangan ingkang kaping Sekawan

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 23 ngredane dosa lan kasangsaran. Iku musuhe manungsa ing jagad rame iki. 38. Dheweke tansa linimputan dening angkara lan murka, kaya dene huruping geni kang tansah linimputan dening kebul, uawa kaca kang tansah tinutupan dening bledug, uatawa wiji kang binungkus dening ari-ari. 39. Mangkono uga kawicaksananing manungsa iku tansah binuntel dening musuhe para sadu, yaiku kamarupa utawa angkara murka, kang tansah murub mobyar-mobyar tanpa duwe marem. 40. Kamarupa mau nyrambahi lan jumeneng ana ing indriya, akal, pangripta lan ciptaning manungsa, lan banjur amblinger manusa samangsa wus bisa nutupi kawaspadane. 41. Indriya iku gedhe banget gunane. Parasaan gunane luwih gedhe, luwih gedhe maneh gunane akal. Budi gunane luwih gedhe tinimbang akal. Kang gedhe dewe gunane yaiku Dheweke. 42. Sawuse sira ngreti yen Dheweke iku luwih luhur tinimbang karo budi, kanthi pribadinira teguh lan antheng jalaran saka Dheweke, yen sira prajurit sejati, sirnakna kamarupa iku, mungsuh kang julig banget, kang ora kena dicedhaki. Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping tiga. Panunggaling Harjuna lumantar Karma Yoga.

4. GNYANA YOGA Wejangan ingkang kaping Sekawan

Penunggaling Kawula Gusti lumantar Pangawikan 01. Pangayomaning jagad ngandika : “Yoga ingkang kuna makuna ora ana owahe, yoga ingkang abadi iki, ing sakawit Manira warahake marang Wiwaswat. Wiwaswat nerusake marang Manu. Manu nerusake maneh marang Ikswaku. 02. Mangkono run-tumurun piwulang iki katampa dening para ratu-pinandhita. Marga saka kejahilane sang Maha Kala, piwulang Yoga iku saya suwe saya tumpangsuh, kisruh, bubrah, wusanane wus ora bisa dingerteni maneh dening manungsa. 03. Piwulang Yoga ingkang saiki Manira wedharake marang sira, iku padha wae karo piwulang ingkang Manira wedharake ing AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 24 sakawit. Sira iku mitra Manira, kang tansah ngetokake bektinira. Mula piwulang ingkang adiluhur iki Manira wedharake marang sira. 04. Harjuna matur : “Paduka punika sugengipun saweg sapunika. Wiwaswat sugengipun sampun nalika jaman kuna, lan murud ing kasidan jati, dangu sakderengipun Paduka wonten. Kados pundi dene Paduka saged paring wedharan dhumateng Wiwaswat?” 05. Pangayomaning jagad ngandika “ Manira lahir lan mati wus marambah-rambah. Mangkono uga sira, Harjuna. Manira eling panitisan Manira kabeh, sira ora 06. Manira iku Ingsun kang Ana tanpa nganggo dilahirake, Pangerane sagung alam. Manira Dat ingkang sipat langgeng, tan kena ing owah gingsir. Nadyan Manira ngenggoni kodrat Manira pribadi wondene jumeneng Manira iku saka daya kekuwatan kamayan Manira dhewe. 07. Saben-saben sajroning lelakon uriping bumi iki, anger- anggering Tepa Salira lan Welas Asih marang sapadha-padha dilalekake, lan tindak-tanduk sawenang-wenang saya andadra, Manira nitahake Manira Pribadi. 08. Perlune mbantu lan ngayomi ingkang padha alus-alus Budine lan mbrastha kang padha ambeg angkara-murka. Murih njejekake angger-anggering Tepa Salira lan Welas Asih ing saben jaman Manira bali manjalma ing donya iki. 09. Kang ora pangling marang panjalma Manira lan ngakoni Kasucian Manira, sawuse nemahi ajal, ora bakal bali menyang donya maneh, nanging tetep manunggal karo Manira. 10. Lepas saka panguwasane hawa nafsu, muring lan was- sumelang, tansah eling marang Manira lan ngayom marang Manira, sinucekake dening urubing Pangawikan, akeh kang wus bisa manunggal karo Manira. 11. Kapriye wae anggone anaking manungsa nedya nyedhaki Manira, mesthi dheweke bakal Manira pethukake, tanpa nganggo mbedhakake dalan endi kang dipilih. Sebab kabeh dalan tumuju marang Manira. 12. Sapa kang nggayuh kamuktening urip ing donya iki, gaweya sesaji pangurbanan, dicaosake marang para Dewa. Gangsar lan kapenak uripe wong-wong kang darbe laku memundhi marang para Jawata. 13. Anane kasta papat, iku Manira ingkang gawe, dhedhasar wewatekan lan panggaweyan siji lan sijine. Nanging sanadyan ta AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 25 Manira ingkang dadi sabab, Manira tetep tanpa obah, abadi, tanpa mingset, tanpa gingsir. 14. Ora ana panggawe kang bisa ngobahake Manira. Manira ugo ora ngudi marang uwohe panggawe. Manungsa kang wus ngerti sipat-sipat Manira kang kaya mangkono iku, wus ora kablenggu dening panggawe apa wae. 15. Para leluhur jaman kuna, kang wus padha ngerti apa kang Manira wedharake iki, sarana pambudidaya kang teguh padha nggayuh kamuksan. Tumandanga kaya para leluhur ing jaman kuna iku, heh Harjuna 16. Mara terangna marang Manira apa kang diarani tumandang lan apa kang diarani ora tumandang. Para winasis wae padha bingung anggone arep nerangake. Coba saiki Manira terangake marang Sira. Yen sira wis bisa mangerti, sira ora bakal nglakoni dosa maneh. 17. Manungsa kudu weruh kang diarani tumandhang, uga tumandhang sing salah lan uga maknane meneng, jero banget maknane lakune tumandang. 18. Manungsa kang bisa nyipati Kang Meneng sajroning tumandang lan kang Tumandhang sajroning Meneng, iku manungsa kang pinunjul kawicaksanane. Dheweke nindakake Yoga sinambi nglakoni sakeh panggawe mati sajroning Urip lan Urip sajroning Mati. 19. Manungsa kang saguh ngrampungake kuwajiban-kuwajibane, ora marga kepengin ngundhuh uwohe, saha nucekake panggawene sarana urubing Pangawikan, iku kang diarani Pandhita kang sejati. 20. Wong sing ngeklasake uwohe panggawene, tansah nrima, ayem, ora gawe repote liyan, uwong kang mangkono iku, ora nuwuhake karma maneh, nadyan dheweke nglakoni paggawene apa bae. 21. Tanpa duwe pepenginan, tansah nguwasani pribadhine, lan bener-bener wus sepi ing kamurkan, kang tumandang iku mung ragane lan jalaran saka iku dheweke ora kadunungan dosa. 22. Nrima apa kang dadi pandhume, kalis saka wolak-walike kahanan, ora duwe sengit, padha wae sajroning suka lan sungkawa, ora ana karma kang nancang maneh, sanadyan dheweke nglakoni panggawe apa wae. 23. Kang wus sepi saka sakehe pepenginan, jiwane tansah tumanem ing kawicaksanan, lan ngrampungake sakeh AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 26 panggawene mung minangka kurban, yaiku tandha bektine kang kunjuk marang kang murba-misesa uripe, iku manungsa kang wus lebur panancanging karmane. 24. Ing kono sajatine kang caos kurban iku Hyang Brahma dhewe, sesaji kurban ya Hyang Brahma, kunjuk marang Hyang Brahma, lumantar urubing genine Hyang Brahma. Sayekti marang Hyang Brahma parane wong kang gawene mung mikir-mikirake sipat- sipate Hyang Brahma. 25. Para Yogi ana kang gawene caos kurban marang para Jawata. Ana maneh kang caos kurban marang Hyang Brahma lumantar urubing geni. Karone tujuane caos sesaji minangka tandha bektine. 26. Ana kang nyajekake indriyane minangka kurban kang kabesem ing geni pangudine ngendhaleni hawa nafsune. Ana maneh kang ngurbanake sakeh pepenginane jroning genine indriyane. 27. Ana maneh kang ngurbanake tumandhange indriyane, malah ana kang ngurbanake napas panguripane, jroning nglakoni yoga sarana karep nguwasani angkarane, karep kang murub makantar- kantar saka panguwasaning pangawikan. 28. Ana uga ngurbanake bandhane, ngurbanake kaseneng- kasenengane sarana cecegah. Ana kang ngurbanake mangan lan turu jroning pangudi marang kawicaksanan. 29. Ana maneh kang ngurbanake manjing-mijile napase, sarana tansah ngendhaleni lakune karone lan mbudidaya tetep eling marang asal-kamulane. 30. Ana maneh kang caos kurban lumantar tapa sarana nyiksa ragane. Wong-wong iku kabeh wus ngerti dununge pangurbanan. Pangurbanan sayekti dadi panglebure dosa. 31. Sapa urip saka turahe rejekine sauwise danggo sesaji kurban, lakune mesthi tumuju marang Hyang Brahma kang sipat langgeng. Alam donya iki mung nyedhiaake kanugrahan marang kang padha caos sesaji kurban, mangkono uga alam liya-liyane. 32. Sanadyan ta wujuding kurban kang kunjuk marang Hyang Brahma iku mawarna-warna, nanging kabeh kurban iku kelakone sarana tumandhang. Yen sira wis bisa nampa surasane piwulang iki, mesthi uripira bakal mentas, 33. Luwih utama tinimbang sesaji kurban kang wujud barang utawa bandha, yaiku tapabrata nggayuh panunggaling Kawula AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 27 Gusti. Tujuane sakeh panggawe iku ora liya mung pepadhang lan pangawikan. 34. Goleka pangawikan sarana tetakon, lan sarana mbangun turut jroning puruhita marang sang Wiku utawa sang Guru Jati. Mesthi bakal binuka kawicaksananira dening para Mahaguru, kang wus wikan ing gaibing Urip. 35. Yen kabeh iki wus rumesep bener-bener ing rasa- pangrasanira, wus ora ana apa wae kang bisa gawe rupeke atinira marga saka salah tampa. Hyang Atma nglimputi sagung kang gumelar iki. Dadi sakeh alam kang gumelar lan kang gaib iku dumununge ana ing Ingsun. 36. Sanadyan sira iku wus nglakoni kejahatan ngluwihi para bebenggole penjahat, kanthi lelayaran ing prahu pangawikan, mesthi sira bisa ngliwati samodraning sakeh dosa. 37. Yen bahan bakar iku sirna dadi awu marga saka urubing geni pangurbanan, mula genine pagawikan bisa mbesmi panancanging Karma nganti dadi awu uga. 38. Pangawikan utawa ilmu iku sesuci ingkang ampuh dhewe ing donya iki. Wong kang wus sampurna anggone olah Yoga, wusanane nemu yen Pangawikan iku dumunung ing Salira Pribadi. 39. Sapa kang mantep imane bakal tampa Pangawikan, uga wong kang tansah ngendhaleni indriyane. La, yen wong iku wus ndarbeni Pangawikan, mesthi dheweke tumeka ing luhuring aluhur, katentreman lan kamulyan. 40. Nanging sapa kang kapir, saha ora duwe kapercayan babar pisan, marga saka atine kang tansah tidha-tidha, was sumelang lan kuwatir, dheweke mesthi bakal nemahi sirna. Donya lan alam- alam ingkang luwih alus ora duwe panggonan lan ora nyediakake kasenengan kanggo wong kang tansah mangu-mangu, ragu-ragu, tanpa keantepan. 41. Kang wus nucekake Karmane lantaran Olah Yoga, kang wus ilang was-sumelange jalaran saka Kawicaksanane, kang uripe tansah manjing jroning Hyang Atma, sayekti wus medhot panancanging Karma. 42. Pramila leburen rasa was sumelang kang tuwuh jroning atinira sarana landheping Pangawikanira, lan bangkita teguh ing Panunggalira karana Olah Yoga. Punika piwucal winadi ingkang kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 28 wejangan ingkang kaping sekawan. Panunggaling Harjuna lumantar Pangawikan.

5. KARMA SAMNYASA YOGA Wejangan ingkang kaping Gangsal