SERAT KRIDHAMAYA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

S E R AT KRIDHAM AY A
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya
sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog
www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital
karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna
budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@

DHANDHANGGULA
Pada 01
Raras ingkang sarkara mintasih, mring sanggyaning kang samya punikas, lawan
ingkang nyarsakake, menggah suraosipun, serat Wirid Kridhamaya di, den agung
aksamanta, nulus sabek sadu, yen wonten cingkranging wanda, myang kithaling

tetembungan sawatawis, lan kalintuning sastra.
Pada 02
Panringa pangapura yekti, jatosipun kasagedan kula, dereng sapintena kehe, teka
gumagah purun, angrerakit basa gitadi, dahat dera tan ngrasa, lamun maksih
kuthung, walaka niring weweka, sepen kawruh cubluk tuna ing pambudi, cupet mring
panggraita.
Pupu 03
Mboten sande kathah kang ngesemi, awit saking luputing panindak, datan pakoleh
tanduke, tyas berung kadalarung, kebat kliwat nora nyukupi, sasar kurangan nalar,
lalabete tan antuk, ing wuwulang prasarjana, kang wus putus mumpuni saliring
kawrin, marma sanget kuciwa.
Pada 04
Pamenipun kula anyingkiri, nyelaki kanisthaning budaya, sangsaya ginuweng akeh,
nging puntoning tyas ulun, meksa adreng kumedah nganggit, mung kinarya
panggrenda, mrih mempaning kalbu, linantih saking lon-lonan, pamintamba antuka
berkah pamuji, sabdaning prasiyaksa.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Kumitir

2

Pada 05
Lawan malih kula suwun ugi, jinampuwa dening Hyang Wisesa, paringa
kanugrahaNe, amrih sageda lulus, anggen kula manawung tulis, samben selaning
karya, mung katimbang nganggur, neng wisma mengku sungkawa, labet saking
kacombrengan samukawis, tanana kang tinengga.
Pada 06
Mangka purwaning wasita gati, kang supaya dadya pralampita, sagung pramardi
budine, kang sengsem ngisep kawruh, keparenga mulati mirit, tindaking kang mrih
arja, myang watek kang bagus, supyantuk kanugrahan, dingapura sakehing dosa
nireki, ingkang wus linakonan.
Pada 07
Kawuwusa kang warneng tulis, nenggih wonten sajuga pandhita, putus sampurna
kawruhe, titis prastawa teguh, wicaksana limpat ing budi, agal rempit tan wawasa,
gentur tapanipun, ginanjar panjang yuswanya, ajejuluk Sang Pandhita Yatnajati,
asramen pucak arda.
Pada 08

Wisnatan Wahmaya kang dhiri, ardi luhur tanana tumimbang, menggah ageng
myang inggile, lan ngongkang samodra gung, kanan kering oeoereng curi, gawat
kaliwat-liwat, arang ingkang wantun, angancik puncaking arda, sajejege tanana liya
kang wani, saking sru gawatira.
Pada 09
Tarlen amung ri sang maha yogi, lan pra cantrik manguyu jajanggga, kulina saha
wasesa, ya ta sang maha wiku, darbe canrik kang kinasih, sasat putra priyangga,
gangsal cacahipun, juga Wasta pun wiwita, kang kakalih aran puh Rahsaya cantrik,
katiga pun Citaya.
Pupu 10
Kapatira Budata wawangi, kang kalima Karsaya parapnya, limeku kinasih kabeh,
wau ta kang cinatur, amarengi sajuga ari, wanci Hyang Bagaskara, wus meh
tunggang gunung, yeku bakda salat Ngasar, duksamana sang Pandhita Yatnajati,
karsa lenggah ing langgar.
Pada 11
Den adhepi cantriknya kakalih, pun Jiwita kalawan Rahsaya, caket tumungkul
lungguhe, Sang Wiku manah darum, marang cantrik ingkang ngadhepi, “Heh cantrik
sireku, apata padha wus lama, sakarone anggonmu pada ngadhepi, aneng ngarsa
manira”.
Pada 12


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3

Pun Jiwita abdheku sumaji, mring Sang Dwija makaten aturnya, “Dhuh Sang Widra
saestune, wau saderengipun, sang Pandhita pinarak munggwing, madyaning
pacrabakan, pun cantrik wus ngantu, maera rawuh andika, anyenyambi anata
mangrasikani, bale kang kagem lenggah”.
Pada 13
Sang Awiku angandika malih, maring Rahsaya mangkana sabdanya, “Lah cantrik
paran wartane, mhhonmu padha nenandur, palawija apa lestari, myang tanduranmu
gaga, apa bisa metu”, rahsaya matur ngrerepa, “Estunipun angsal pangestu Sang
Yogi, sagung taneman kula”.
Pada 14
Subur genjah tan wonten kang gering, kang mekaten tarlen sing berkahnya, pamuji

ndika yektine, lan pangestu Sang Wiku, kang sumebar nyamati wiji, temah saged
widada, thukulnya ngrembuyung, lulusa datanpa sangsaya, kang minangko dados
rarabuking siti, tegal-tegal sedaya.
Pada 15
Nggih punika wawatek sang Yogi, dennya tansah ambek paramarta, mamayu amrih
ayune, sadina-dina manggung, angecani tyasing sasami, sirik weh serikinh lyan,
mung anggung anggunggung, lumuh sungkan yen nacad, ala becik sanityasa ing
ngelmi, met susukaning liliyan.
Pada 16
Dene ingkang minangka siraming, tetaneman ing tegal sedaya, punika saking
dayane, sih kadarmaning Sang Wiku, dera manggung dadana mintir, mring janma
kang kasrakat, ri ratri lumintu, slami datanpa kembat, anenuju sakarep-kareping
janma, tan arsa karya cuwa.
Pada 17
Sang Pandhita manambung sabdanis, mring Jiwita tanapi Rahsaya, makaten
pangandikane, “ Ya bangetira meng sun, nggonmu njunjung kluhuran kami, sapata
kang kuwawa, junjung prawirengsun, kajabane amung sira, ing samangko seje kang
dakwuwus genti, kadangmu kang titiga.
Pada 18
Ana ngendi tan angadhepi, pun Jiwit Umtur prasaja, mangkana cantrik umature,

“Nuwun ndika ndangu pun cantrik, kadang kula titiga, neng tegalan macul, samya
andamel gadhanagan, badhenipun kataneman kacang ruji, kenthang miwahkatela”.
Pada 20
Sang Awiku ngandika malih, mring dwi cantrik sabdanya mangkana, “Sira sun duta
age-age, nulatana kadangmu, si Citaya Budaya tuwin, katelune Karsaya, mengke
yen wus pangguh, tutura lamun sun duta, bocah telu mangko wanci madya ratri,
padha kinen sewaka”
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

4

Pada 21
Matur nuwun sandika cantrik dwi, gya lumengser sira ngarsa Sang Dwija, sumedya
nuruh kadange, njunjug mring tegilipun, katon maksih sami ndhangiri, taneman
palawija, samana dupi wus, perak nulya awawarta, ring kadang tri makaten denira
angling, “Dhuh kadang tri sadaya, den pirengna wuwusku kariyin, ywa katungkul

dhangiri tanduran”’ wau tau cantrik katrine, dupi miyarsa wuwus, sigra noleh bareng
tumoleh, sareng samya tuminggal, yen kadangnya sepuh, kakalih angulatana, pun
Citaya, Budaya, Karsaya sami, merak nungsung pawarta.
Pada 22
Pan makaten Citaya derangling, “Lah ta kakang paran wigatinya, de sira nusul
marene”, Jiwita nambung wuwus, “Away dadi kageting ati, nggonku katemu sira, ana
parlunipun, manira ngemban dhawuhnya, Sang Pandhita tekaku kinen animbali,
bocah telu prasamya.
Pada 23
Mengko yen wus wanci tengah wengi, jeneng sira padha didawuhana, mrih
ngadhepa neng ngersane, mungguh ing parlunipun, aku tan wruh kurang mangerti, “
Citaya lan Budaya, Karsayatrinipun, dupi ngrungu ling mangkana”, saur manuk
mangkana dennya mangsuli”, dhuh Kakang mengko sira.
Pada 24
Umatura ri Sang Maha Yogi, yen wong telu umatur sandika, ri sang Dwija timbalane,
mangke kewala dalu, kula mreg sowan Sang Yogi, wau ta Jiwita, Rahsayadwinipun,
reh wus trang wangsulanira, gya pamitan wangsul yun matur Sang Yogi, dennya
samya dinuta.
Pada 25
Tan wibawa lampahnya neng margi, mung pinunggel mrih gancanging crita, wus

prapta ngabyantarane, Sang Yatnajati wiku, marikelu denira linggih, anekeri Sang
Jati, meh anguswajengku, Sang Pandhita angandika, Mring Jiwita makaten
sabdanya Yogi.
Pada 26
“Paran wusananira, sakorone anggonmu ngulati, baya bisa pinanggya sadaya,
kadangmu tetelu kabeh”, pun Jiwita umatur, “Sangking antuk barkah pamuji, paduka
Sang Pandhita, duk wau amba wus, tiga pisan lagya dhedhangir neng tegil, nulya
kawula undang”.
Pada 27
Dupi sampun sami anyelaki, kadya kula dawuhaken timbalan, dene mangke dalu,
badhe sowan ngadhepi, ya ta sira Sang Pandhita, duk miyarsa atur, kacaryan
jroning wardaya, Sang Awiku anulya ngandika malih, mangkana sabdanira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

5


Pada 28
“Lah ta payo wus bubaran cantrik, ingsun arsa angasoken badan”, “sumangga”
cantrik ature, laju linggar Sang Wiku, pun Jiwita Rahsaya tuwin, maksih neng
pacrabakan, anata dudunung, kang badhe kangge lungguhan, ngadhepi Ri Sang
Wiku Yatnajati, away nganti kuciwa.
Pada 29
Kuneng gantya amangsuli malih, cantrik tiga kang sami ngandika, dupyantara wus
wancine, timbalan kang tinamtu, cantrik katri angumpul sami, Citaya myang Budaya,
lawan Karsayeku, laju budhalan asarengan, sru ginelak wonten tri dera lumaris,
anyipta daya-daya.
Pada 30
Prapteng ngarsanya Sang Maha Yogi, duk samana tan kawarneng margi, wus prapta
pacrabakane, Citaya gya amuwus, “Kakang kula aminta Kori”, wauta pun Jiwita, dupi
angrungu wuwus, wiwara nulya binukka, cantrik katri sakala samya umajeng, laju
lungguh sata.
Pada 31
Jajagongan ngiras angentosi, rawuhipun Sang Maha Pandhita, datan dangu
antarane, dera sami alungguh, pan kasaru rawuh Sang Yogi, nulya pinarak lenggah,
duksamana sampun, eca Sang Wiku lenggahnya, tan adangu imbal wacana Sang

Yogi, mekaten sabdanira.
Pada 32
“Heh ta kabeh bocah telu cantrik, marma sira sun timbali samya, jatine ana gatine,
bocah lima sadarum, ing samengko arsa sun wangsit, dimen padha mangertiya, lan
supaya weruh, tindak becik miwah ala, awit kabeh manuswa tumitah urip, wajib
nampik miliha.
Pada 33
Ingkang becik wajib denarepi, ingkang ala pantes ginuwanga, amrih rahayu uripe,
cantrik lilima wau, samya matur asaur peksi, mekaten aturira, “Dhuh Sang Maha
Wiku, sadaya dhawuh andika, mugi-mugi kula sageda nglampahi, lulus salaminira”.
Pada 34
Sang awiku ngandika malih, mring para cantrik mangkana wuwusnya, “Lah cantrik
tanggapen age, kabeh pituturing sun, away ana nganti kang cicir, manira yun
wedharna, ngelmuning ngidhup, kang nuntun mring karaharjan, kang supaya raharja
sajroning urip, lulus tanpa sangsaya.
Pada 35
Cacahana limang kawruh kaki, den anastiti panampanira, ywa nganti ana kang
cewet, cantrik sareng umatur, “Dhuh Sang Dwija pupundhensih, amba amituhu

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

6

jarwa, mung sumedya nungkul, ajrih lamun anglirwakna, sakathahing warsitaning
Sang Yogi, tan pisan yen nyingkura”.
PANGKUR
Pada 01
Sang Pandhita malih nabda, marang cantrik lilima kang neng ngarsi, mangkana
sabda Sang Wiku, “Heh cantrik pirengenta, dene gemi mrih trewaca pananggalmu,
saiki ingsun amurwa, anglairake wawangsit”.
Pada 02
Makaten pamarsitanya, “Lah ta cantrik padha insun tuturi, wajibe manuswa iku,
manembah mring Pangeran, awit kabeh obah osiking pramakluk, atas karsaning
Pangeran, kang kwasa sung pati urip.
Pada 03
Begya cilakaning janma, kojur-mujur tarlen karsaning Widhi, titah mung darma
lumaku, tan bangkit karya muga, marmanira samengko padha den emut, angelingi
mulanira, purwanta nggenira urip.
Pada 04
Dumadi neng ngalam donya, wineruhke lelakon ala becik, lan sira kinen dudulu,
gumlaring ngalam donya, wit urip puniku wis ginawe punjul, timbang sarananging
gesang, titah liyane sujanmi.
Pada 05
Mulane wajib manuswa, analangsa sumungkem ing Hyang Widhi, ywa pegat ing
siyang dalu, supyantuk nugraha, dingapura sakabehing dosa nireku, dene teranging
panembah, mangkene padha dieling.
Pada 06
Ana sembah catur swanta, yeku sembah kang konjuk mring Hyang Widhi, catur
papat tegesipun, swanteku, kaweningan, aeit sapa sumedya nembah Hyang Agung,
mrih bisa konjuk Hyang Sukma, kanggo budi suci.
Pada 07
Mangkene menggah terangnya, tumanjane sembah kang catur warni, mring trape
sajuru-juru, kapisan sembah rasa, kapindhone sembah cipta aranipun, tri sembah
jiwa ranira, kaping pat sembah ing dhiri.
Pada 08
Tegese sembah ing rasa, dina-dina netepna yeming ati, away dhemen ngumbar
napsu, ajegna ayeming tyas, iku wus wajibing panembah, marga ayemu nuntun
padhanging kalbu, sembah ing rasa sayekti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

7

Pada 09
De sembah rahsa kumangka, kanggo minta amrih ungguling jurit, supaya manggya
rahayu, aneng jroning payudan, away nganti tumekaning lara lampus, kapindhone
sembah cipta, mangkane patrape kaki.
Pada 10
Sadina-dina den bisa, anetepke amrih sengsemingati, ywa ngumbar hardaning
kayun, dikukuh ing panancang, awit yen wus bisa sengsem jroning kalbu, kawawa
asung papadhang, neng jroning pangraseng urip.
Pada 11
Iku wus dadi panembah, pikantuke kanggo manggayuh mamrih, katekana
sedyanipun, sedya kang mrih utama, katekane sembah jiwa patrapipun, sadina-dina
den bisa, ngesema rarasing ati.
Pada 12
Katamana lara penak, bener luput ala tanapi becik, tanggapen lan sukeng kalbu,
ngudiya eseming tyas, away nganti darbe pangresula kulup, karana eseming nala,
iku bangkit maweh wening.
Pada 13
Neng jroning pangraseng gesang, weninging tyas dadi sembah sayekti, panembah
ingkang kadyeku, kinaryannya amiminta, utamane ing tembe praptaning layu, mugamuga amanggiya, rahsa sudibya ingkang ngakir.
Pada 14
Kaping pat sembah raga, de tegese sembah raga puniki, wekel kas sing badanipun,
diajek ing panindak, kang saregep tindak kang jujur, iku wus wajibing panembah,
sembah ing raga sejati.
Pada 15
Pikantuke sembah raga, pan kinarya anjangka mring rejeki, kadonyan sasaminipun,
kang kanggo jroning gesang, kabeh mau margane bisa pikantuk, mrih katekaning
pajangka, kanthi nganggo watek kadwi.
Pada 16
Siji teman lan antepan, lamun biso nganggo watek kadyeki, manawa inggal tinemu,
ing samupakatira, katimbalan atase sakeng darbe kayun, marmanya padha den
taha, ywa nyerang saliring kapti.
Pada 17
Hyang Widhi, samengko gantya cinatur, sun arsa miterangna, utamaning watek kang
bisa nununtun, widada dumadinira. “Cantrik gangsal matur inggih”.
SINOM
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

8

Pada 01
Wajibe janma taruna, tumitah neng donya kaki, sabisa-bisa den arah, nganggo watek
nem prakawis, mangkene trangireki, mungguh wawatek nem iku, kang kapisan
intiyar, mantep ingkang kaping kalih, telu temen dene kaping pat tetepa.
Pada 02
Kaliamne angapura, kenenem narima kaki, mangkene katranganira, wijange sawijiwiji, den titi ing panampi, ywa nganti ana tumpang suh, tegese tembung istiyar,
ngaurip iku wus wajib, angupaya apa kang dadi butuhnya.
Pada 03
Kapindho mantep tegesnya, sabisa-bisa ngaurip, ngesthiya anteping budya, budi
kang amrih basuki, away pisan ngendhoni, yen durung bisa kacakup, wit kodrating
suksma, sakehing tumitah urip, sapa darbe watek temen tinemenan.
Pada 04
Kapingpate tembung tepa, mangkene tegesireki, sayogyane ing ngagesang, sabisabisa mangudi, ngegungna tapa kaki, tepa mring samining ngidhup, ywa dhemen
tindak siya, aja nganggep lawan edir, nglegutakna asih tresna mring sasama.
Pada 05
Lima tembung ngapura, mangkene tegese kaki, ngaurip neng ngalam donya,
darbeya watek utami, dhemen amemenehi, ngapura samining makhluk, kang
nandhang kaluputan, ywa sira males ngalami, marsudiya murih kamot bubudenira.
Pada 06
Kaping nenem tembung narima, tegese mangkene kaki, ngaurip sayogyanira,
darbeya narimang takdir, ywa nyerang ing pambudi, tan prayogya temahipun, kabeh
tindak sumengka, iku nir prayitneng batin, marma samya den ageng paranimanta.
Pada 07
Wateke budi narima, unggul wekasaning wuri, seje budi kang nyerang, tangeh yen
bisa lestari, marma welingku kaki, den abanget panganggepmu, away sira nyingkura,
marang pitutur kang becik, sayektine bakal ana paedahnya.
Pada 08
Yen sira mituhu jarwa, warsitaku kang kawijil, mbokmanawatembe sira, anemu
kamulyan kaki, lulus bisa mukti, tanana sangsayanipun, mangkeneku wus dadya,
pranatan adiling Widhi, sapa becik bakal antuk kabecikan.
Pada 09
Kadiparan cantrik sira, nggonmu tampa wangsit, apa wus bisa trewaca, pun Jiwita
amangsuli, dhuh-dhuh Sang Maha Yogi, yen andika dangu ulun, sadaya warsitanta,
sampun cumenthel mbokbilih, amung kantun kadang kula kang sakawan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

9

Pada 10
Punapa wus saged pana, punapa dereng tan uninga, mbok kadanguwa priyangga,
wauta sakawan cantrik, nambung umatur aris, dhumateng Sang Maha Wiku,
makaten aturira, dhuh sang pupundhen dasih, estunipun kula ugi wus trewaca.
Pada 11
Sang Pandhita malih nabda, semu kacaryaning galih, mangkana pangandikanya,
“Heh cantrik lilima sami, sarehing sira wus, bisa anyakup pitutur, tutur kang kawahya,
samangko ingsun aganti, sumedharnya saha ngalirake piwulang”.
Pada 12
Utamaning gegayuhan, kang pantes gagayuh dhingin, mung ana patang praka,
anggapen ingkang nastiti, tancepna sanubari, cancangen kenceng ing kalbu, mrih
ywa nganti katriwal, kanggowa salami-lami, pan cantrik sareng umatur sandika.
Pada 13
Ngadika malih Sang Dwija, “Lah saiki sun nurwani, amedharake warsita, prakara
panggayuh becik, padha kepareng ngarsi”, cantrik gya mangsah umaju, tumungkul
pasang karna, mangliling wisik Sang Yogi, Sang Pandhita manabda malih
mangkana.
Pada 14
Mangkene katrangira, “Silahnya sawiji-wiji, panggayuh patang prakara, kang tumrap
kanggoning ngaurip, supaya angindhaki, ngancik lalakon kang bagus, lah padha
wiyarsakna, wijanging panggayuh kaki, lakonana kalayan karsaning tyas.
A S M A RA DA N A
Pada 01
Juga kena den ranira, kawiryan den kapindhonya, artawan kaping telune, kagungan
kaping patira, guna kawiryan ranira, papat iku pedahipun, mangkene kateranganya.
Pada 02
Kawiryan tegese kaki, kagem ratu l;an prentah, yeku drajat kapya yen, marga wong
kagem Sang Nata, tanapi pamarentah, gedhe cilik sor unggul, nanging wis mengku
wibawa.
Pada 03
Tegese wibawa kaki, den ajeki ing sasana, lamun wus darbe papasthen, balanja
sapantesira, tinampan saben candra, dene pahargyan amung, mayar nora ngrekasa.
Pada 04

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

10

Matmanya den sami ngudi, mamrih kagema Sang Nata, kanggepa ing salawese,
norane kagem Sang Nata, kagema pamarentah, kaparenga anggegaduhuh,
nindakake panguwasa.
Pada 05
Mangkoneku pan keni, kinarya pakuwatira, uripe neng donya kiye, sanadyan orane
bisa, sugih nanging wus mayar, bisa ajeg panganipun, lumintu sadina-dina.
Pada 06
Dene artawan kang dwi, mangkene mungguh terangnya, yogane ngaurip darbe,
panggayuh mring kasaguhan, mrih bisa rawat bandha, ngungkuli sasaminipun, dadi
aran urip mulya.
Pada 07
Marma welingku dieling, ywa lumuh nggayuh arta, udinen mrih bisane, awit lamun
nora bisa, kalakon rawat bandha, uripmu nista kalangkung, sinatru sapadha-padha.
Pada 08
Katelune dipun nastiti, tegese tembung gunawan, mungguh terangnya mangkene,
ngaurip sabisa-bisa, mangudi mrih sampurna, tegese sampurna putus, mumpuni
saliring guna.
Pada 09
Kasusastran miwah ngilmi, ywa nganti dhagel tan yogya, nora nana paedahe, seje
lan kang wus sampurna, ngelmu tanapi sastra, uripe nora pakewuh, anggone
anggupaya boga.
Pada 10
Wit manungswa kang wus ngeting, sakridhaning kasusastran, kawruh gaibe
apadene, iku dadi pangungsenya, janma kang tuneng sastra, lan janma sepen
kawruh, tekane kanthi weh ruba.
Pada 11
Marmanya weh ruba awit, areo minta pitulungan, apa sing dadi butuhe, kang supaya
tinuduhan, barang kang durung wikan, kang wus dadi wajibipun, ingulat tan mrih
pinanggya.
Pada 12
Kamangka sira wus bangkit, maweh tuduh kang sanyata, yekti gedhe tarimane,
kajaba gedhe trimaya, aweh bungah mring sira, mangka linuring pitutur, ruru basa
kuwasanya.
Pada 13

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

11

Awit bakuning wong Jawi, duk kuna prapteng samangkya, kudu weruh ngelmu gaibe,
gaib kodrat tegesira, marma den bangetsira, mangudi mrih lebdeng kawruh, kanggo
pikuwating gesang.
Pada 14
Genepe kaping pat kaki, diyatna lan den prastawa, tembung guna kawignyane, pan
mangkene tegesira, sabisa-bisa janma, andarbenana panggayuh, mumupuni saliring
karya.
Pada 15
Kang dadi praboting ngaurip, kalumrahe ing akathah, udinen awit amrih wignyane,
wit manungswa kang wis lebda, mumupuni liring karya, akeh wong kang minta
tulung, kinen garap pakaryannya.
Pada 16
Apa sing kang den senengi, ing mangka sira wus bisa, nuruti apa karepe, sayekti
dahat sukanya, agung pangalemira, mring sira dene wus besus, bisa anuju sakarsa.
Pada 17
Apa maneh yen wus dadi, barang ingkang sira garap, pasthi ana lilirune, dhuwit ing
sapantesira, tinimbang keh ing karya, wus jemak mangkono iku, mangkana
tinimbanganira.
Pada 18
Kang mangkana iku kaki, manawa uga wus kena, kanggo pikuwat uripe, sanadyan
nora sugiha, nging uripe tan nistha, wit pangane wus kacakup, nora nganti
kakurangan.
Pada 19
Bogan yen sira tan ngudi, lawan nora manggayuha, mrih cukup salah sijine, sokursokur lamun bisa, papat kacukup pisan, orane siji wus lowung, ugere bisa katekan.
Pada 20
Yen ta kacukupa kaki, salah siji mbokmanawa, uripmu tiba nisthane, wit tuna
pambudidaya, akale tanpa guna, tanapi piyandelipun, uripe temah sangsara.
Pada 21
Dadine banjur netepi, ana paribasan ika, aji godhong jati amoh, upamane bangsa
ganda, ambune arum jamban, tanana kang dadi wanuh, labet samar yen kakenan.
Pada 22
Lha ta cantrik rehning uwis, titi terange warsiteng wang, kita kira tanana kang cewet,
saiki manira arsa, paring pitutur sira, nerangke sihing Hyang Ngagung, kang tumrap
marang manuswa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12

Pada 23
Rahsaya matur umaris, “Dhuh Sang Dwija pepundhen kula, kang tuhu wicaksanane,
sayekti prakadang kula, agung mangayam-ayam, ganjaraning Sang Wiku, pamarsita
kang utama”.
Pada 24
Sang Pandhita nabda malih, mekaten dhawuh Sang Dwija, “Heh cantrik lilima kabeh,
sira padha angrungokna, saliring warsiteng wang, samengko wiwit sun catur, pocung
samya kaestokno”.
POCUNG
Pada 01
Kaya kang wus dakwejangake mring sireku, salah sajuganya, away nganti tuna kaki,
dene yen wus kacakup slah sajuga.
Pada 02
Sira laju rina wengi den sujut, manembah Hyang Suksma, sajroning sujut sireka,
nunuwuna wahyu nygrahaning Suksma.
Pada 03
Kang sinebut sastra jendra yu linuhung, awit sastra jendra, mengku rahmat kang
linuwih, kang kawawa sung papadhang donyakerat.
Pada 04
Yektini pun kalamun sira wus antuk, nugrahaning Suksma, ingaran sastra jendra di,
jroning ngurip tanana sangsayantra.
Pada 05
Marmanipun tanana sangsayen ngidhup, awit kodrating Hyang, sapa manuswa kang
bangkit, gayuh marang sastra jendra ayuningrat.
Pada 06
Bakal antuk kanugrahaning Hyang Agung, ana catur warna, wijange mangkene
cantrik, kang kapisan kaparingan kanugrahan.
Pada 07
Kadwinipun kayuwanan kang tumurun, dene katelunya, kabrayan ingkang wus
mesthi, kaping pat genepe iku kayuswan.
Pada 08
Tegese catur bab mangkene kulup, tembung kanuragan, iku pinaringan gaib, luwih
teguh lan nganggo meguru sira.
Pada 09
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

13

Dene tembung kayuwanan tegesipun, pinaringan kodrat, dening Hyang Kang Maha
Luwih, keslametan lulus sajroning ngagesang.
Pada 10
Kang katelu tembung kebrayan kulup, mangkene tegesnya, jinampu dening Hyang
Widhi, pinarengke lulus mengku kluwarga.
Pada 11
Tegese bisa tumerah tumuruntun, uripe tan cuwa, bisa mencarake wiji, tutug nggone
amengkuoni anak rayat.
Pada 12
Kaping catur tegese kayuswan iku, antuk kamurahan, palimirmaning Hyang Widhi,
uripira pinaringan urip dawa.
Pada 13
Bisa tutug anggonmu ngemong anak putu, janma kang mangkana, iku kena den
arani, urip mulya siniyan dening Hyang Suksma.
Pada 14
Heh ta puthut dadi kawruhananmu, sarehning samangkya, wus titi terang baresih,
pituturku mring sira kang wus kawahya.
Pada 15
De pikirmu apa carem apa durung, yen durung matura, mumpung ana ngarsa kami,
lamun durung pan ingsun maksih kaduga.
Pada 16
Weh pitutur mrih bisa carem pikirmu, ywa sumelang sira, uger aku misih urip, nora
kewran yen sira mung minta wulang.
Pada 17
Nulya matur Budaya sarwi tumungkul, makaten aturnya, mring Sang Wiku Yatnajati,
mugi-mugia andadosna uningan.
Pada 18
Manah ulun tanapi kadang sadarum, samangke wus padhang, datan wonten kang
ngalingi, dupi sampun nampi warsita andika.
Pada 19
Ingkang kantun raosing tyas lir ginrujug, kang tirta nirmala, panggesangnya wong
sabumi, adhem asrep sumyah rasanira.
Pada 20

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

14

Pindhanipun kadyangganing wit kang alum, duk mangsa katiga, ngaretek ronya
barindhil, dupi sampun kataman dresing sang warsa.
Pada 21
Uwitipun seger waluya tan alum, wus rumaos gesang, wit pantuk dayaning warih,
kadya tangi garegah saking kantaka.
Pada 22
Nambung wuwus ri Sang Yatnajati Wiku, tujuninmg kang sabda, dhawuh mring
Karsaya cantrik, pan makaten dhawuhnya Sang Maha Dwija.
Pada 23
“Heh puthut paran panampi nireku, warsita manira, bab gancaraning Hyang Widhi,
sakirane apapawa wus trewaca”.
Pada 24
Dene yen wus bisa cumanthel sadarum, dahat sukaning wang, de padha mengku
lulungit, pan Karsaya mangsuli matur makaten.
Pada 25
Dhuh-dhuh adhuh Sang Dwija jijimat ulun, saliring warsita, andika kang ulun tampi,
kados-kados tan wonten ingkang katriwal.
Pada 26
Mbok bilih wus kinodrat dening Hyang Ngagung, kula lan pra kadang, jer wus
pinasthi nanggapi, warsitanta sadaya ingkang kawahya.
Pada 27
Yata Sang Wiku dupi myarsa tur, wimbuh sukaning tyas, makaten ngandikan malih,
mring pra cantrik makaten andikanira.
Pada 28
Saiki wus lega rayaning tyasingsun, mung kari sajuga, pituturku mring sireki,
miterangke jejering Gusti Kawula.
Pada 29
Siji iku tanggapen ywa kongsi kisruh, lah mara rungokna, dakterangne ing
samangking, cantrik gangsal umatur nuwun sandika.
Pada 30
Sang Awiku malih ngandika arum, samengko sun murwa, nerangke Kawula Gusti,
piyarsakna amrih timbuling wasana.
MASKUMAMBANG

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

15

Pada 01
Kang kasebut Kawula iku ta kaki, panca driya gesang, raraketan lawan dhiri,
cinancang sariningwanta.
Pada 02
Wahananane napas sira kang sajati, de sarining tirta, wahanane yeku getih, kang
nyrambahi angganira.
Pada 03
Kang katelu ingaranan sarining agni, dene wahanane, rasa karasa sejati, dupi talinya
wus wudhar.
Pada 04
Pancadriya gesang pisah lawan dhiri, laju bali marang, asale purwa kang nguni,
manjing alam langgeng laya.
Pada 05
Nora owah tetep ing salami-lami, tan kena cinandra, dunung panggonanireki,
ananging uga karuhun.
Pada 06
Kang mangkono wus tetep Kawula-yekti, kena ingaranan, mawor roroning
ngatunggal, lan menenging pancadriya.
Pada 07
Satelenging meneng pan jumeneng ening, eling dumeling tan lali, mobah rasaning
Hyang Suksma.
Pada 08
Myarsa ganda wuninga tanpa piranti, sugeng salawasnya langgeng suci nora gingsir,
ngebeki rat angganira.
Pada 09
Anguripi sakehing titah donyeki, bisa nukseng malembat, cilik tan kena tinitik, cedhak
tur nora singgolan.
Pada 10
Anira dhingini sagung dumadi, kawawa manuksma, nora sesek ing ngarempit, datan
logro ing ngajembar.
Pada 11
Yen wujud dalem buta tan kena jinimpit, adoh tanpantara, cedhak rumaket neng
dhiri, yeku Pangeran sanyata.
KINANTHI
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

16

Pada 01
Kapriye kanthine puthut, nggonira padha nanggapi, warsita kang limang ebab, baya
wus samya nyakupi, yata wau pun Jiwata, mangsuli umatur ris.
Pada 02
Dhuh-dhuh sang Maha Wiku, mugi andadosna uning, pun dasih lawan pra kadang,
dupi anampeni wangsit, andika ingkang pungkasan, raosing tyas ulun kadi.
Pada 03
Siniram tirta sawindhu, adhem asrep anyrambahi, marang saranduning angga,
sanadyan pra kadang ugi, pan makaten ciptanira, cocog sami tan nalisir.
Pada 04
Ingkang mekaten puniku, wau tetela yen antuk sih, kanugrahaning Pangeran,
tinurunan wahyu gaib, kinodrat dening Hyang Sukma, kula lan pra kadang sami.
Pada 05
Wus tinakdir ing Hyang Agung, kalamun saged nampeni, warsita ndika Sang Dwija,
mboten langkung mugi-mugi, angsala barkah andika, lulus ing salami-lami.
Pada 06
Sageda awet lestantun, nggen kula ndherek Sang Yogi, neng donya prapteng
delahan, tan sumedya angoncati, makaten ubayeng driya driya, kadang-kadang kula
sami.
Pada 07
Yata wau sang Wiku, duk myarsa turira cantrik, sumedhot jroning wardaya, wasana
ngandika aris, “Lah cantrik lima sadaya, aturmu kang wus kawiji.
Pada 08
Banget panarimaning sun, de sira padha darbeni, tyas setya kaya mangkana, yekti
bakal tak timbangi, asih tresna marang sira, timbange setyanireki.
Pada 09
Kajaba ta iku puthut, rehning wus antara lami, nggonmu ngadhep neng ngraseng
wang, lahya yo bubaran sami, wis padha sira ngasoa sun arsa nungku samad.
Pada 10
Pra cantrik bubaran sampun, sosowangan samya mulih, wau ta Risang Pandhita,
gya mangsa muja semadi, miminta sihing Bathara ywa ana sangsayeng dhiri.
Pada 11
Kandhane prasarjana nung, kabeh manungswa yen mamrih, rahayun gesangira,
ngantepna mulyaning budi, nindakna alusing tingkah puntoning tyas ywa gumingsir.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

17

Pada 12
Rasakna sajroning kalbu, den prastawa bab kang titi, angger-anggering Pangeran,
ngadat wataking dumadi, beraten budi kang nistha, ijolan kang utami.
Pada 13
Kipatna den kongsi jauh, rong bedahat mrih ywa bali, galo keh tuladhanira, warnane
janma kang nyingkir, sinau mulyaning budaya, tangeh lamun bisa becik.
Cekap semanten rumiyin, kawula nyuwun agunging pangaksami menawi wonten
kalepatan, wusana mugi sami basuki lestari nir ing sambikala

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir