serat suluk samsu tabarit

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

SERAT SULUK SAMSU TABARIT
Salah satunggaling Serak Suluk
Asli saking suwargi K.R.T. Sasranagara
Andedagan ing Pajimatan Imagiri (1939)
PUPUH
GAMBUH
1.

Lah iki kojahingsung : wonten caritaning wali kutub, saking Jawi
nama Seh Samsu Tabarit, langkung wanter tekadipun, tur karamat
kinaot.
2. Myang wananira bagus, dedeg pideksa rada arangkung, alelana
mring Arab mindha raryalit, sami lan umur tri taun, sarwi wewuda
kemawon.
3. Ing praptanira nuju, ari Jumngah pepak para kaum, myang ulama
lebe modin merbot ketib, pepak para saleh jamhur, neng
masjidilkaram kono.
4. Myang Pandhita gung-agung, miwah mulana amir aji Rum, dereng

kondur saking dennya minggah haji, ing ari Jumungah kumpul,
raryalit prapta dumrojog.
5. Tanpa larapan uluk, salame : Asalamu alekum, ya tuwanku mulana
Rum amir aji, lan para Jumngah sadarum, nulya anjawab gumuroh.
6. Ya ngalekum salamu, he raryalit lungguha sireku, lajeng lenggah ing
ngarsane amir aji, ngandika amir aji Rum : he para Jumngah sapa
wroh.
7. Rare kang darbe sunu? Para Jumngah sadaya umatur : dhuh
pukulun datan wonten kang udani, sudarmeng rare puniku, ing Arab
ngriki tan tumon.
8. Inggih prayoganipun, tuwan dangu pribadi puniku, asalipun pun rare
saking ing pundi, ngandika amir aji Rum : heh thole ingsun tetakon.
9. Inggih ngendi pinangkamu, dene tanpa larapan praptamu!, rare
matur : ya tuwanku amir aji, dereng purun jarwa ulun, purwane ing
praptaningong.
10. Amba tannya rumuhun, lawan para Jumngah sadarum, angandika
mulana Rum amir aji : ya thole apa karepmu, necik takona
maringong.
11. Apa kang adi luhung, apadene masalahing ilmu, ingkang ekak
miwah ingkang gaib-gaib, raryalit alon umatur : gampil yen tuwan

wus sagoh.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
12. Dene panyan ulun : gaibing Allah lan malihipun, gaibing Muhamad
punika kang pundi? Mesem ngandika amir Rum : “Heh bajang yen
sira tan wroh.
13. Gaibing Allah iku, pan Muhamad de Muhamad iku, ing gaibe pan
iya Allah sayekti : iku yen sirarsa weruh. Rare gumujeng turnyalon.
14. Ya tuwan mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, pan jawabe
Muhamad gaibing Widi. Kaaken punapa iku, Muhamad dening
Hyang Manon?
15. Punapa dene lamun, Allah ingaran gaibing rasil, Allah kaaken
punapa denin Nabi? Heh thole ingsun tan ngrungu, kaya ujarmu
mangkono.
16. Mara jarwaa gupuh, teka ngendi pinangkanireku? Rare matur : Ya

tuwan mulana aji, dereng purun jarwa ulun, malih amba atetakon.
17. Ing tuwan sang amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, salat
Jumngah kang tuwan sembah punapi, tuwin salat limang wektu?
Ulun arsa wruh kang yektos.
18. Ngandika mulana Rum, saha para saleh para jamhur : Iya thole sun
salat Jumngah iki, tuwin salat limang wektu, tan liyan nembah
Hyang Manon.
19. Lamun nora kadyeku, nora apsah sembah pujinipun : wus muktamat
kang muni ing dalil kadis. Raryalit iku duk ngrungu, ngguguk wentise
den entrog.
20. Sun sidhep tan kadyeku, ya tuwanku mulana adi Rum, ing asale
sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi
enggene Hyang Manon?.
21. Panembah tuwan ngawur, siya-siya tan wrin genahipun : ing asale
sembah tuwan saking pundi, dhateng pundi purugipun, pundi
enggene Hyang Manon?.
22. Dheleg amir aji Rum, para Jumngah kabeh ting palinguk, dnnya
kaluhuran sabda lan raryalit. Dangu-dangu mojar sang Rum : Ya
thole ingsun tan weroh.
23. Ing enggone Hyang Agung, lan paraning sembah ingsun tan weruh,

miwah witing sembah ingsun tan udani. Mangka rare iku muwus :
Ya tuwanku Rum sang katong.
24. Myang para saleh jamhur, pangucape kadya rare timur,
anggurayang tan ana ingkang umirib, anembah muji Hyang agung,
tuwan jarwakna maringong.
25. Kaaken apa iku, Allah dening paduka amir Rum? Angandika mulana
Rum amir aji. Ya kunthing marma sun sebut, sun mulya-mulya
Hyang Manon.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

2

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
26. Dene agawe ingsun, lan agawe manungsa sadarum, andadekaken
bale ngaras bumi-langit, miwah ing saisinipun, dinadekken ing
Hyang Manon.
27. Myang swarga narakeku, awal-akir lahir-batinipun, nora liyan kabeh
titahing Hyang Widi, raryalit asru anguguk : Ah genah apa sang

katong!!
28. Pangucapira iku, tuwin para saleh para jamhur, pamuwuse tan ana
ingkang premati, moreg mung pijer katungkul, padha dhikir lenggaklenggok.
29. Pijer sujud arukuk. Wus marem ing sembah pujinipun : tangeh
lamun prataa ingkang ginaib : pangrasane wus pinunjul, tan ana
graiteng batos.
30. Heh mulana aji Rum, miwah para jumngah sadarum, rare alit
kewala pasthi udani, kang kaya ujarmu iku, yen kabeh titah Hyang
Manon.
31. Nanging sireku ngawur, angarani tan wruh paranipun, Amir matur :
Ya tuwanku rare alit, paduka jarwa rumuhun, asal tuwan kang
sayektos.
32. Angandika Seh Samsu Tabarit : Heh mulana aji Rum saking embuh
saking tambuh prapta mami, kabeh kadadean during, kang dadi
dhihin pan ingong.
33. Ingkang gaibulguyub, during dadi ya Allah ya Rasul, during dadi,
ingsun kang dadi rumuyin : kang luwih mulya pan ingsun saking
sakehing dumados.
34. Mangkana mulana Rum, lawan para Jumngah sadarum, samya
sujud ing sukune Seh raryalit, pan bias muwus, kaya ujarmu

mangkono.
35. Panjawabmu Hyang Agung, sira arani gaibing Rasul, Rasul sira
arani gaibing Widi, raryalit pan bias muwus, kaya ujarmu mangkono.
36. Lan sembahyangireku, kang sira sembah-sembah Hyang Agung,
yen mangkono sira kabeh padha kapir, during Islam kang satuhu,
dene tekadmu mangkono.
37. Makaming Allah iku, lawan kaya ngapa wujudipun, lawan kaya
ngapa rupaning Hyang Widi, sira apa wus kepangguh, apa lanang
apa wadon?.
38. Mojar amir aji Rum, miwah para Jumngah sadarum : Lah seh timur
kawula datan udani, ing sual tuwan puniku. Raryalit malih miraos.
39. Yen mangkonoa heh Rum, aja nembah ing Allah sureku, tan
sampurna mundhak sira kupur-kapir. Andheku amir aji Rum, pan
sarwi aris turnyalon.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

3

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts
40. Ya tuwanku seh timur, inggih sinten paduka puniku? Angandika
sarta rupa kaki-kaki, lenggah ing kursi mas murub, neng ngarsane
Rum sang katong.
41. Kursi kramat iku, sami gawok kang miyat sadarum, panganggone
sadaya pan sami langking. Pamuwuse mring amir Rum : Heh amir,
yen sirarsa wruh :
42. Sajatine ya ingsun, ingkang awal kang akir ya ingsun, miwah
ingkang inum-inuman ya mami, kang tandhak-tandhakan ingsun,
edan-edanan ya ingong.
43. Kang tambuh-tambuh ingsun, ingkang gaib kang guyub ya ingsun,
iya ingsun ingkang lahir ingkang batin, kang nembah sinembah
ingsun, kang muji pinuji ingong.
44. Ingkang nikmat ya ingsun, ingkang aweh nikmat nikmat iya ingsun,
ingkang rasa kang rumasa iya mami, kang ngrasani iya ingsun,
kang sinasan iya ingong.
45. Ingkang wedi pan ingsun, ingkang wani sayekti ya ingsun, ingkang
wadi madi mani iya mami, ingkang manikem ya ingsun, kang dadi
awak pan ingong.
46. Kang nom kang tuwa ingsun, ingkang lanang kang wadon ya

ingsun, iya ingsun ingkang sugih ingkang miskin, ingkang ratu ya
ingsun, kang wadya bala ya ingong.
47. Ingkang akeh ya ingsun, ingkang sathithik iya ingsun, ingkang loro
ingkang siji iya mami, ingkang lumaku ya ingsun, ingkang madheg
iya ingong.
48. Ingkang gumuruh ingsun, ingkang meneng sayekti ya ingsun,
tengah wuri ngarsa pinggir iya mami, kanan keri iya mami, kang lor
wetan kidul kulon.
49. Nora liyan iya ingsun, kang loh kalam nukat gaib ingsun, kang dat
sipat asma apngal iya mami, kang wujud ngelmu nur suhud sejatine
iya iya ingong.
50. Kang bumi geni banyu, miwah angina pan iya ingsun, ingkang sabar
ingkang keras iya mami, ingkang alim iya ingsun, ingkang kereng
iya ingong.
51. Ingkang dhihin ya ingsun, ingkang kari tan liyan ya ingsun, kang
sarengat kang tarekat iya mami, hakikat makripat ingsun, kang iman
tokid ya ingong.
52. Inking allah ya ingsun, ingkang Muhamad pan iya ingsun, kang
gaibing Muhamad pan iya mami, gaibing Allah ya ingsun, kang
gedhe cilik ya ingong.


www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

4

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
53. Ingkang anak ya ingsun, kang nganakken apan iya ingsun, kang
kekadang ingkang lola iya mami, ya ingsun kang kalek-makluk,
kanga lip lam lam he ingong.
54. Kang mim kang ehe ingsun, kang min-akir kang dal iya ingsun,
ingkang donya kang akerat iya mami, kang swarga-naraka ingsun,
ya ingsun kang jaba jero.
55. Heh mulana amir Rum, miwah para Jumngah sadarum, ingsun
pemut ywa pepeka ing aurip, mokal yen sira tan weruh, lamun
atemahan layon.
56. Ingkono nggon pakewuh, ewuhe wong akeh salang surup, ngelmu
sarak den arani anguwisi, malah panasaran agung, yen tan darbe
ngelmu jatos.

57. Aja pijer kumlungkung, iku dadi dedalane kumrung, pengungbingung embuh-embuh kang den rukti, kitabe keh ngundhungundhung, kodheng brahala den gendhong.
58. Kandhangan wong kadhadhung, ing drubiksa den ajak kedlarung,
mring peperengan, peri den sengguh apsari, sarwi siniweng
dhedhubruk, jinaga dening gandarwa.
59. Pangrasane sarwa gung, tan uninga yen tibeng bekung-kung ; kang
mangkono tanggung-tanggung dadi jalmi, pan anggur dadia asu,
patine tanpa keraos.
60. Gampang pratikelipun, sirnane aris datanpa tuitur. Dadi jalma yen
tan wruh tanajul tarki, nora wurung katalikung, heh eling-eling Rum
katong!!!
61. Yata ri sang amir Rum, lawan para Jumngah sadarum, dupi muarsa
sabdanya ri sang siniwi, samya nembah ngraup suku, sarwi
ngrerepa turnyalon.
62. Ya tuwanku seh sepuh, muglangsala supangat pukulun, lan
peparab tuwan kularsa udani. Ngandika ri sang she pikun : Heh
mulana Rum kationg.
63. Lan Jumungah sedarum, ora ta sira wruha maring sun, ariningsun
iya Seh Samsu Tabarit !!!, sawusnya ngandika uluk, salam dyan
musna saking nggon.
64. Gaib sakursinipun, nulya sinauran salamipun, pan gumuruh sarya

andongong pra sami, getun-getun pungun-pungun, jota-joto ting
palenggong.
65. Anganggo-onggo sagung, gung alit kabeh pating palinguk, ngungakungak mangu pangungune dening, praptane lan kesahipun, pan ora
ana ingkang roh.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
66. Kang kari samya wuyung, angken wewayang wijangganipun, lir
kekeyan angajengi poyang-paying, kayungyun sanget kalayu, yen
kagrayang tan kegayoh.
67. Ing kayuwananipun, kaya-kaya kaleyanging wahyu, weh wiyadi
yayah maniyup yang-yanging, kekayangan mrih rahayu, ayun
ngupadeng Hyang Manon.
68. Dadya samya yeg guyub, sadaya nedya puruiteku, ngelmu ingkang
nyampurnakaken ngaurip, ana ngetan ngalor ngidul, saweneh ana
mangulon.
69. Titi caritanipun, wali mulya ; poma-poma sagung, anak putu rasakna
lepiyan iki, sengga den kongsi sumurup, mring tekad ingkang
mangkono.
70. Nanging aja ngawur, nggugurua mumpung meksih idhup : yen den
ancap ing tulis bae tan keni : lamun during anggeguru, nggurayang
nora gumecos.
71. Nadyan ahli tasawup, ahli usul miwah ahli suluk, lamun nora ahli
puruita ngungkih, yekti temah sasar-susur, wantere angas
kemawon.
72. Jer iki antepipun, pangrakite perabot pangracut, apan nora kalebu
sajroning tulis, among cumanthel ing guru, sabab larangan geng
kaot.
Suraosing tembung angel wonten ing Serat Suluk Samsu Tabarit
naming kadamel cekak-cekak.
Suluk : a). Lambang tumraping kawruh kasunyatan; b). Ambahambahan margi dhateng tarekat; c). Tembangipun tiyang Sufi.
Pada 1 :
Wli Kutub : tetunggaling

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

6