serat kawruh sanggama
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
SERAT KAWRUH SANGGAMA
Amarsitakaken patrap sarta mantranipun saresmi.
Ingkang saged karaos marem tumrap wanita.
Tuwin prayogi kadadosaning putra.
Kaimpun dening :
Raden Bratakesawa
Ing ngajeng redhaktur Budi Utama ing Ngayogyakarta.
Lare ingkang dereng dewasa kaawisan maos serat punika.
TJETAKAN YANG KEDOEA
Kawedalaken sarta kasade dening :
TAN KHOEN SWIE
ING KADIRI
1927
Bubuka
Sampun dangu anggen kula gadhah sedya ngarang serat kawruh sanggama
punika, amargi kala kula wiwit ngikat birahi ngantos wanci tumambirang : maos
serat-serat gugubahanipun para sarjana ing jaman kina ingkang isi kawruh bab
sanggama, kadosta : wedha asmara, nitimani, asmara gama, susila sanggama,
lan sapanunggalanipun. Pangraos kula mboten gampil sagedipun inggal dipun
mangretosi suraosipun dening saderek kula para mudha ingkang dereng kathah
anggenipun dhahar jalaran serat-serat wau satunggal kaliyan satunggalanipun
wonten ingkang geseh, tur panganggitipun sami kathah sesekaranipun sarta
mawi seselang tembung kawi tuwin tembung monca sanesipun ingkang angel
sagedipun enggal cumantheling manah. Nanging kala samanten niat kula wau
dereng saged kalaksanan dening kaalangan ing pakaryan.
Samangke kula sampun ngancik satengah sepuh, awon ngigur maosi maleh
serat-serat kasebut nginggil cap-capan ingkang kantun kanthhil teka kathah
temen ingkang pinanggih lepat ing pangecapipun ngantos andadosaken
kalintuning suraos tarkadang malah tanpa teges, punika anjalari manah kula
lajeng kagugah maleh, asreng ngarang serat punika.
Menggah pangarang kula serat punika sayektosipun inggih namung ngimpun
sarta ngethak-ethukaken karang-karangipun para sarjana wau, kula gubah kula
runtutaken suraosipun kula pewah, pamanggih kula piyambak ingkang
sasaged-saged kedah pinanggih ing nalar, kados karsanipun saderek kula para
mudha ing jaman samangke.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
1

Panggubah kula serat punika ingkang kathah ngangge tembung jarwa wantah
kemawon. Mila inggih radi ketingal lekohipun. Ing pangangkah namung sagedo
cetha, ingkang maos gampil mangertos suraosipun, mboten langkung namung
aksamanipun para nupiksa kemawon ingkang tansah kula suwun.
Rampunging pangarangipun wonten ing kitha Kadiri, ing dinten ngakat legi,
tanggal kaping 28 Pebruari 1926 tinengeran (prasa karonsih trusing ati) utawi
14 ruwah, warsa : be 1856 tinengeran (rahsa tinata ngesthi putra).
Kathandan : ingkang ngarang
N.B :
Cap-capan ingkang kaping kalih punika, mboten namung kula lepasaken
ingkang lepat ing pangecapipun kemawon : prasasat kula bangun malih,
supados langkung cetha suraosipun.
I. MULA BUKANING KAWRUH SANGGAMA
Sampun kodrat priya punika manawi ningali wanita lajeng tuwuh manahipun
remen, sengsem, mekaten ugi kosok wangsulipun, remenipun wau beda kaliyan
remen ingkang tumrap dhateng barang. Sayektosipun lajeng kepengin sajiwa
utawi salulut dening kodrat ingkang mekaten wau kita lajeng gadhah
panganggep manawi ingkang Maha Kawasa pancen anglilani sarta paring
dhawuh supados kula sadaya bangsa manungsa sami ambabaraken tuwuh
mong kaisenipun marcapada. Sinten ingkang ngestoaken dhawuh wau sami
pinaringan ganjaran kenceng : raos nikmat ing salebetipun tutik.
Ananging sarehning manungsa punika beda kaliyan sato sanajan, bab sarasmi
punika sampun sami saged nindakaken inggih kedah nganggeya tata
karmaning sanggama utawi susilaning sanggama punika purwanipun wonten
kawruh sanggama ingkang ugi winastanan, aji Asmara Gama. Asmara
tegesipun sengseming cumbana.
Menggah bakunipun ingkang kinajengaken dhateng ingkang ngagem aji
Asmara Gama wau wonten kalih prakawis inggih punika :
1. Tumrap dhateng rasaning wanita sageda wanita ingkang sininggama punika
raos lega, rena, marem carem satemah mantep temen ambangun turut
dhateng priya.
2. Tumrap dhateng putra sageda apuputra ingkang kenging sinebut utawi
jalaran saking punika. Mila aji Asmara Gama wau ugi kawastanan, Asmara
Dwi Paedah, tegesipun kalih pigunanipun, rahsaning wanita tuwin putra.
Saiba begjanipun manawi priya saged amengku garwa ingkang ambangun turut
bekti ing laki, tuwin kagungan putra ingkang utami, sangsaraning sangsara
manawi kataman kosok wangsulipun mila kainan sanget manawi priya mboten
karsa marsudi sarta ngagem aji Asmara Gama punika.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
2

Kacarios menggah aji Asmara Gama punika ing kinanipun ingkang ngagem
namung panjenenganipun para dewa tuwin para nabi, lajeng tumurun dhateng
para sinatria ingkang linangkung, angsalipun aji wau sarana perkaos, kedah
tinumbas ing tapa brata. Sang Hyang Giri Nata (Bathara Guru) duk jaman kina,
Bathari yo sagedipun katarima pinaringan aji wau dening Sang Hyang Tunggal
inggih mawi mesu puja brata jalaran taksih sereng marem ing galih kagungan
putra sakawan mboten wonten ingkang pinunjul. Sasampunipun Sang Hyang
Giri Nata ngagem aji Asmara Gama lajeng saged apaputra Sang Hyang Wisnu
gugunganipun para dewa.
Dados aji Asmara Gama punika pancen dede ngilmi sembarangan, mila mboten
prayogi damel kangge mainan sayekti malati. Inggih punika : manawi
panggilutipun mboten adadasar panggalih suci, resik, sisip sembiripun kesasar
kerem dhateng patrap pratingkah lalangening cumbana tuwin raos kanikmatan
kemawon satemah dados priya brancah boten pilih-pilih inggih bilahi yektos
ngrisakaken jiwa raga mula saderek kula para mudha : den awawas den emut.
II.
II. PIRANTOSING CUMBANA TUMRAP PRIYA
Pirantosing saresmi tumrap priya punika wonten ingkang katingal saking jawi
sarta wonten ingkang dumunung ing lebet katarengaken kados ing ngandhap
punika :
1. Kalam utawi dakar
Kalam utawi dakar inggih pasta purusa, peranganipun wonten tiga inggih punika
:
1). Otot ageng sakembaran jejer saes dhawuluh ing sanjata panganten, otot
punika ing lebet ngrokos pindha jamur karang dados pirantos wadhah erah.
Manawi nuju kothong : dakar empuk yen kilen erah dados atos saya kathah
rahipun ingkang mili mriku saya mindhak atosipun kiyat kenceng.
2). Bolongan margi turas lan nutpah, dumunung ing sirahing dakar kapering
ngandhap.
3). Urung-urung margi turas lan nutpah, kaprenah wonten saantawisipun otot
ageng sakembaran wau kaperang ngandhap saestalantakipun sanjata
panganten wau. Urung-urung punika pungkasanipun ingkang satunggal
dumunung wonten ing sirah. Satunggalipun wonten ing poking dakar ugi
ngrokos pindha jamur karang, manawi sampun kilen erah saged melar sarta
atos.
Titian kina anggenipun nyukani paparap dhateng dakar utawi kalam wau
kapendhetaken asmanipun para dewa ingkang sinekti, kadosta : Sang Hyang
Surasmara, Sang Hyang Purusa, sapanunggilanipun. Ingkang mekaten wau
saking sangeting anggenipun ngaosi.
2. Palandhungan
Palandhungan utawi konthol, punika wujud kulit awangun kantong saged melar
sarta mangkeret limrahipun langkung cemeng tinimbang kulit ing saranduning
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
3

badan. Ing lebetipun palandhungan punika wonten paringsilinipun kalih, jejer
gumandhul wonten pokipun dakar mawi kalet-letan ing kendhangan. Ingkang
kiwa limrahipun langkung alit katimbang ingkang tengen, nanging langkung
landhang. Paringsilan punika gembuk-gembuk saged landhung sarta
mangkeret, manawi tiyang saweg ngraosaken nikmating cumban, paringsilan
punika dados atos sabab kalenanipun ing lebet kebak isi erah. Paringsilan
punika peranganipun ing jawi kepara nginggil wonten amplokipun awangun
lintah sarta wonten usus-ususipun ingkang mengkal-mengkol saes nglangi,
ciyuting bolonganipun usus-usus punika namung sarambut pungkasanipun
kempal dados satunggal kaliyan peh. Usus-usus punika dados urung-urung
wedalipun nutpah saking pringsilan. Wonten ingkang nginten manawi tiyang
kebincih punika boten saged jimak malih, nanging panginten punika lepat
sayektosipun taksih saged namung kemawon boten ngedalaken nutpah, dados
boten saged nganarki. Wunguning dakar punika boten sabab saking nutpah,
inggih punika saking kilening erah kados ingkang sampun kapratelakaken ing
ngajeng.
3. Badhening nutpah
Nutpah utawi kama punika awujud yiyit warninipun pethak monda-monda.
Gandanipun saemper kerikan balung utawi cingat. Wedalipun saking
palandhungan wigunanipun kangge netesaken badhening manungsa. Menggah
kadadosanipun nutpah utawi kama wau saking yiyit tigang prakawis. Inggih
punika ingkang medal saking peh, saking purus, tuwin yiyit ingkang medal
saking impes. Yiyit ingkang medal saking peh punika boten kenthel sarta tanpa
gonad, wedalipun kantun. Dene yiyit ingkang medal saking purus sarta impes
punika wedalipun dakar dados kenceng tuwin nalika ngraosaken nikmat. Yiyit
punika pliket ugi tanpa gonda. Kempalipun yiyit tigang prakawis punika ingkang
anjalari anggonda kados dene kerikan balung. Nanging manawi sampun
kenging hawa, gonda wau sirna. Sarat manawi sampun garing warninipun jibles
pethaking tigan.
4. Satwa mani maya
Satwa mani maya : jarwanipun kewan kama, inggih punika kewan ingkang alit
sanget ingkang dumunung wonten ing salebeting kama. Dumadosipun wonten
ing pringsilan. Wiwit lare ngangkat birahi kinten-kinten umur 15 tahun, curesipun
ing badan manawi tiyang sampun umur watawis 65 tahun. Satwa mani maya
wau saking paringsilan lumember dhateng peh. Kamaning priya ingkang taksih
kadunungan satwa mani maya, manawi saged gathuk kaliyan tigan badhening
manungsa ingkang dumunung wonten ing wanita lajeng rumesep ing tiga wau
apratistha ing jeneripun ing ngriku wanudya lajeng saged ing garbini.
5. Peh
Peh punika wujud kekempalaning kanthongan alit-alit dados wadhahing nutpah
ingkang badhe kawedalaken cacahipun wonten kalih, sisih kiwa kaliyan tengen
dunungipun wonten ing saantawisipun impes lan usus jubur. Wangunipun
kados poporing pistol, lumahipun kebak isi jentolan. Nutpah ingkang saking
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
4

pringsilan sasampunipun lumampah anglangkungi usus-usus ingkang kados
sawer nglangi wau lajeng kendel wonten ing epeh. Ing ngriku peh lajeng
ngedalaken yiyit inggih punika lajeng dados kama ingkang medal nalika priya
mungkasi cumbana.
6. Purus
Purus punika wujud koyor angeng, warninipun pethak monda-monda,
dumunung ing saantawisipun jangganing impes wadhah turas kaliyan poking
dakar. Wangunipun memper jambu nanging gepeng, indhenipun katrajang ing
urung-urung margi turas pramila manawi purus wau dados ageng, amargi
saking sanget karem olah asmara, urung-urung wau dados kaslempit andamel
pakewed manawi turas.
III.
III. PIRANTOSIPUN CUMBANA TUMRAP WANITA
Pirantosing cumbana tumrap wanita punika ugi wonten ingkang katingal saking
jawi, wonten ingkang dumunung ing lebet katerangaken kados ing ngandhap
punika.
1. Parji utawi Pawestren
Parji punika tembung Arab, tembungipun jawi pawestren, kawinipun baga,
peranganipun :
1). Babathuk, wujud daging alus ing gajih, kabasakaken redinipun Sang Devi
Venus inggih Sang Hyang Ratih. Milanipun anggajih sayektosipun
minongka tatanggul supados pameteking priya duk kala cumbana boten
angremekaken balung enem ingkang dumunung ing lebet, babathukipun
lare estri ingkang sampun ngangkat birahi punika adatipun kathukulan
rambuting prentel, trus mangandhap urut korining parji.
2). Korining parji inggih punika blewehanipun parji ingkang katingal saking jawi.
Limrahipun mingkem adhames nanging wanita ingkang metdaging utawi
ingkang
sampun
kerep
ambabaraken
putra
boten
makaten
kawontenanipun.
3). Lambe ageng wonten ing lebeting kori ingkang jawi piyambak saestha
wengku. Piranganipun lambe ageng ingkang jawi awujud daging kandel
pojokipun ing nginggil gandheng kaliyan kuliting bathuk sangandaping pojok
punika wonten dagingipun menthol kawastanan indreng. Lare estri jawi
ingkang sampun umur 6 utawi 7 taun, pojokipun lambe ageng ing ngandhap
dumunung ing kawet sacelakipun jubur. Manawi wanudya nglairaken
jabang bayi ingkang ageng, perangan ing ngandhap wau asring suwek,
nanging lami-lami saged pulih malih.
4). Kawuping parji kawastanan lambe alit inggih punika lambe ageng ing
perangan lebet dados inggih gandheng kemawon kaliyan lambe ageng
wau. Awarni daging alus malerah abrit dados pirantos nuwuhaken raos
nikmat tumrap wanodya. Kuwup punika pojokipun ingkang satunggal
dumunung ing ngandhap satunggalipun nyonthong manginggil awujud
daging menthol berut-berut kawastanan purana utawi waga prana.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
5

5). Purana utawi Waga Prana dados pirantos tuking kanikmatan tumraping
wanita. Kadadosipun sarta lageyanipun boten beda kaliyan dakar, inggih
punika saking otot-otot ingkang alus. Waga prana punika manawi kagepok
wanita ngraosaken keri sarta nikmat kathah tiyang ingkang cawuh
ambedakaken indreng kaliyan purana utawi waga prana punika. Ing serat
bau sastra jiwa kawi : purana, waga purana, kaliyan indreng (itil) punika
pancen kadamel sami. Ing tembung walandi inggih makaten, anggenipun
mastani indreng punika kittelaar, tembungipun latin clitoris. Ing Kramers
Woordentolk anggenipun nerangaken makaten : clitoris (latijn) kittelaar,
vrowelijk orgaan der geslachtelijke prikkolbaarheid. Nanging mirit
katranganan ing nginggil sayektosipun indreng kaliyan purana punika
piyambak-piyambak, indreng : punika turutanipun lambe ageng, dumunung
ing pojokipun lambe ageng ing sisih inggil dados ragi ing jawi. Sareng
purana utawi waga prana : punika turutanipun kuwup (lambe alit) ugi ing
sisih inggil dados dunungipun ragi nglebet. Ingkang saged nuwuhaken raos
nikmat tumrap wanita sarta anggadhah ing watak keri manawi kasenggol
(prikkelbaarheid) punika purana, indreng : boten.
6). Daging song. Ing ngandhapipun babathuk baga ingkang nglebet punika
wonten dagingipun ingkang kawastanan daging song, dipun parabi Sang
Hyang Lambira. Agengipun sami kaliyan mentholing bathuk baga. Song
wau manawi kasenggol wanita karaos keri, song lajeng mekrok saestha
kewan kintel manawi kasenggol, mekrokipun wau andadosaken karaos
nikmat ing sakali-kalihipun (wanita lan priya) daging song kaliyan purana
punika inggih sok jumbuh anggenipun mastani, mungkasa yektosipun
kathah sanget bedanipun, purana punika daging menthol alit, song punika
ageng : sami mentholipun baga, dunungipun langkung lebet malih
tinimbang purana. Ing serat nitimani nyebataken manawi Sang Hyang
Lambira (song) punika dunungipun wonten ing wurining purana, nanging
punapa tembung purana ing serat nitimani wau ingkang dipunkajengaken
indreng, punapa purana ingkang sebut ing wangka 5 ing nginggil punika :
boten terang, amargi ing serat nitimani boten mratelakaken bab perangperangan wau.
7). Margi turus, dumunung sangandhaping purana. Letipun dados
pungkasaning margi turasing impes, ingkang nama impes punika
kanthongan wadhah turas dumunung wonten sanginggilipun baga.
8). Pastiawa. Punika lenging parji. Manawi taksih prawan katutupan ing
kendhangan alus kawastanan kulit prawan utawi beteng. Beteng punika
wonten bolonganipun ciyut manawi katemben rinurah ing kakung : beteng
wau bedhah sarta ngedalaken erah mila kenya ingkang saweg sapisan
rinabasing priya punika karaos sakit (perih). Beteng wau ugi saged bedhah
jalaran dhawah utawi kaplengkang kala alitipun.
9). Kuwung-kuwung. Inggih punika urung-urung saking pastiawa dhateng
borining pranakan dumunung saantawisipun impes lan usus ageng ing
jubur. Wangunipun saestha bumbungan nanging gepeng saya nglebet saya
jembar. Adekipun boten jejeg lan boten sumeleh, inggih punika mayak,
kuwung-kuwung punika awujud kulit kados babad saged melar mingkup
sarta tansah teles semu kiner-kiner.
2. Pranakan
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
6

Pranakan ugi kawastana wadhah bayi, dumunung saantawisipun impes kaliyan
usus ageng ing jubur, sumeleh ing pungkasaning kuwung-kuwung, ing kiwa
tengenipun dipun uwat-uwati kendhangan saestha lurub sarta otot gilik,
adebipun pranakan wau ugi mayak nunggil sipat kaliyan pastiawa tuwin
kuwung-kuwung. Pranakan punika wangunipun kados kalenthing, sarta
bolonganipun ing nglebet kadugi namung isi wiji jiram pesel satunggal nanging
manawi sampun wonten isinipun jabang bayi saged melar ngebat-ebati.
Peranganipun wonten tiga inggih punika ingkang amba lendhuk kawastanan
badan ingkang menggik kawastanan jongga, ing pungkasaning jongga
kawastanan kesan utawi lenging pranakan gandheng kaliyan kuwung-kuwung,
warninipun lesna punika kados silet ayam, wanita ingkang sampun nate
ambabaraken putra, leng wau wonten tilasipun suwek wanita ingkang
dununging pranakanipun lebet mongka pasta purusanipun kakung kirang
panjang, boten saged puputra, amargi panyemproting satwa mani mayanipun
kakung boten saged dumugi lenging pranakan. Makaten ugi manawi lenging
pranakan wau kepepetan erah sasakit sasaminipun inggih boten saged puputra.
3. Sopanaan Tiga
Sopanaan tiga punika talang tiganing manungsa, wujud bumbungan otot alus
kados usus cacahipun kalih, kiwa kaliyan tengen gathuk kaliyan pranakan
wonten ing lompongan ingkang wiyaripun namung cekap bobat satunggal
talang tigan punika dados marginipun tigan ingkang dumunung wonten ing urita
rentah lumebet dhateng pranakan tuwin dados marginipun kamaning kakung
ingkang sampun lumebet ing pranakan badhe methukaken lampahing tigan
wau. Tigan kaliyan kama wau manawi gathuk wanita saged anggarbini.
4. Uritan
Uritan punika penggenanipun tigan badhening manungsa. Wangunipun bunder
bligon warninipun pethak ing nglebet abrit sarta ngrokos pindha jamur karang,
isi bayu pinten-pinten sami pluntiran, uritan punika dados timbunganipun
pringsilan kaotipun : pringsilan anggenipun nuwuhaken kewan kama (satwa
mani maya) wonten ing nglebet uritan anggenipun nuwuhaken tigan wonten ing
jawi. Dunungipun uritan punika wonten ing pungkasanipun talang tigan. Tigan
saking uritan badhe lumampah dhateng pranakan punika, boten saben-saben
nurut ing talang tigan terus saged dumugi ing pranakan nanging mawi
katampen ing trompet rumiyin, trompet punika peranganipun ing ngandhap
bolong sarta ing pungkasanipun mawi gombyok kawastanan pranye. Gombyok
wau terkadhang nutupi lenging talang tigan mila lampahing tigan wau sok sasar
kecemplung ing bolonganing trompet ing ngandhap wau, terkadhang kaalangalangan ing pranye, satemah boten saged dumugi ing pranakan.
IV . PATRAPING CUMBAN KANTHI ASMARA GAMA
Patrap utawi pratingkah ing saresmi punika warni-warni, kadosta : miring,
anjebing, lenggah, mangku, ngadeg sukuning wanita dipun panggul, wanita
wonten ing nginggil, sapanunggilanipun, ingkang murih sukaning galih,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
7

ananging patrap ingkang makaten wau sayektosipun kirang mikantuki tumprap
salih-kalihipun. Sarta kenging kabasakaken kekathahen polah boten pasaja.
Ing ngatasipun aji asmara gama, punika boten namung murih leganing prana
kemawon inggih ugi amrih leganing rahsa sajati, mila kedah ngangge patrap
pratingkah utawi tata kramaning sanggama ingkang prayogi (susila sanggama)
sampun kadamel mainan kasukan.
Menggah pratingkah ing cumbana ingkang mikantuki punika kacariosaken
kados ing ngandhap punika :
Manawi badhe matrapaken sacumban, punika utaminipun priyantun kawing
kaliyan putri lenggah rumiyin ajeng-ajengan, ardaning driyanipun asrep-asrepa,
ponca driya kaleremna, sawarni kados badhe muja semedi. Nunten astaning
priya ingkang tengen anyepenga dariji manisipun wanita ingkang kiwa, lajeng
kapijeta sawatawis supados wanita kraos manahipun gadhah greget saut pyur
tratab, ngantos karaos ing jisimipun estri, titikanipun keketekipun estri mungel
deg-deg, asring kepireng ajeng-ajengan, nunten kakung angasta agigirpun estri
dumugi walikatipun tuwin angarasa poking karna ingkang wradi ngantos dumugi
grananipun wanita. Tumunten angalapan pasipun estri, katariking napasipun
kakung, ing batos nyipta angalap manahipun wanita wau. Lajeng angaras
alarapanipun estri, sarta anyiptaa malih : ngalap warni, kala kuwan tuwin
nyawanipun wanita wau sarana dipun aras embun-embunanipun, sadaya wau
kedah katindakaken kalayan sabar sareh.
Menggah anggenipun mawi patrap kados ing nginggil punika wau, saking
pamanggih kula ingkang dipun kajeng ngaken makaten : sapisan, supados
hardaning priyanipun priya boten ngombra-ombra, panggalih boten daya-daya,
pikantukipun adamel dangu medaling rahsa, satemah adamel leganing prana
tiwun prayogi tumraping putra. Kaping kalih, mawi angeningken cipta angalap
manah tuwin nyawanipun wanita (aji asmara cipta), punika manawi katrimah
nggih prayogi sanget. Awit saged adamel lega rahsa ning wanodya ingkang
sajatining rahsa, pikantukipun wanita saged karaos marem carem lair batos.
Kaping tiga, mawi mijet dariji, ngaras sapanunggilanipun punika minongka
panggungah supados manahipun wanita saged karaos rahsanipun saged
kabuh, pikantukipun garegeting wanita saya mempeng, dununging rahsa enggal
cumawis. Satemah gampil ing pangrurahipun, sayektosipun bab patrap ingkang
mongka pambukaning rahsa punika inggih kenging nganggep trap sanesipun
makaten punika. Namung anggeripun boten sanget saru kados satataning sato,
dene utaminipun anindakna aji asmara wanita kasebut ing wingking, mongka
pambukaning rahsanipun wanita wau.
Sasampunipun makaten, wanita lajeng karangkula, kasarekaken ing kajang
sirah ingkang alon ririh, jengkuning estri kalih pisan katekuka : kasedhekusna
manginggil, ragi kabenggang sawatawis, kempol karapetna ing pupu, tungkak
karapetna ing pocong saestha kadamel nyagatki. Priya lajeng amatrapna
sariranipun pribadi, patrapipun mangkurep suku kalih pisan kaslonyjorna
ingkang rapet, padharan kaabena sami padharan. Jaja katumpangna payudara
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
8

den ririh (anggah-anggah) astaning priya ingkang tengen kasedekusna, asta
ingkang kiwa kabantalna ing cengelipun wanodya.
Manawi sampun makaten priya lajeng amaos mantranipun aji asmara gama ing
salebeting batos kadosing ngandhap punika :
“Hong hyang-hyang kama jaya ratih, surap sara-surap sarining asmara, ulun
mawisik wanita, satemah yumana kang rahsa, sing dayeng aji asmara gam,
myang wiseseng paduka”.
Bakda punika lajeng amaosa mantra malih, mongka panariking wiji ingkang
utami, makaten :
“Hong hyang-hyang dhada pratingkah, ulun manuhun lumeraheng wijining
manusa wakang minulya, mokasuting ulun sing wiseseng paduka”.
Sarampunging pamaosipun montra wau kenging lajeng miwiti nindakaken
sanggama. Lebeting pas purus ingkang alon saking sakedhik, manawi pasta
purus sampun dumugi ing kuwup lajeng kaangkah-angkaha sagedipun tansah
anggo soka esong, pandedelipun ingkang ajeg lan alon-alon manut panjing
wedalipun napas, ing salebetipun makaten bilih karsa angaras : angaras
saantawising pipilan grana. Panggalintiring penthil kaangkah amurih kerinipun,
thukuling raos daya-daya kedah tansah dipun perangi wontenipun namung
sareh, ngarah-arah. Empaning sanggama kacipta amanggen wonten ing
pucuking pasta purusa.
Manawi song wau tansah kagosok estri karaos nikmat sarta keri, adat ingkang
sampun kalampahan lajeng ngedalaken toya ingkang kados yiyiting mina. Ing
ngriku kerinipun saya wewah, nyarambahi ing badanipun sakojur, gregeting
karsanipun estri katawis saya mempeng, sautipun pastiawa karaos saya kiyeng,
watakipun lajeng buteng, inggih punika lajeng palintiran ngulat-ngulet utawi
damel solah bawa sansesipun, ingkang sayektosipun ambiyantoni solah ing
pasta purus : supados nyenggol ing dununging prasanipun.
Tumrap estri ingkang sampun kawical lenyeh ing kakung, wiwit sinanggama :
sampun damel solah bawa, anggenipun damel solah bawa punika mawarniwarni, tanpa mawi taha-taha utawi rikah-rikuh, malah pangraosipun : solah
bawanipun wau satunggaling wignyan ingkang saged damel sukaning kakung.
Nanging satemenipun : pancen inggih, kathah priyantun kakung ingkang
lamlamen dhateng solah bawaning wanita ingkang makaten wau. Dene tumrap
wanita ingkang sae saha, solah bawanipun wau namung samadya kemawon :
manawi sampun karaos keri sanget jalaran inggih rikuh manawi kadakwa lenjeh
ing kakung punika wau.
Ing wekdal wanita greget sautipun katawis saya mempeng wau, priya kedah
nimbangana, inggih punika dedel sendhalipun pasta purusa ragi kakerepana
sarta karosanipun kaajegna. Sasampunipun makaten sukuning estri lajeng
kawudhara : salonjor, pupu karapetna sami pupu, dene pupuning priya kalih
pisan inggih lajeng katumpangna ing pupuning wanita. Salajengipun bab
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
9

pangaras sarta panggalintir penthil ugi kados ingkang sampun kajarwa ing
nginggil utawinipun mawiya anyecep lathiningt estri ingkang ririh, sarta sarira
kagosokna sami sarira ingkang waradin, manawi solah bawaning wanita
sampun katawis saya buteng, kados bathara kala krodha badhe anguntal jagad
mratandhani manawi sampun badhe amudhar prasa, inggih lajeng
kapungkasana, sarana ngerepaken sendhal dedeling pasta purusa, adat
ingkang sampun kalampahan boten dangu wanita lajeng mudhar prasa, mila
sirahing purusa karaos kados dipun ameti ing lambening kenya gondhang,
(gineget ngepuh kama). Inggih punika korining kayanganipun Sang Hyang
Kamajaya binuka medal minongka rahsa pita. Tarkadhang asring kepireng
swara mak cethut dening rosaning panggeget amargi saking leganipun,
pratandhanipun malih manawi wanita wau sampun madhar prasa, sariranipun
ngalumpruk marlupa kados oncat yitmanipun sarta asasambat ingkang damel
trenyuh ing manahipun priya. Tumrap wanodya ingkang sampun asring-asring
leledhang ing taman lambang sari, asring sambat pejah, boten purun pisah,
sasaminipun kados inggih-inggiha. Dene tumrap wanita ingkang sae-sae,
adatipun namung sasambat kapurih nyampuni, dening pancen sampun rumaos
kalegan prananing rahsa.
Dene utaminipun duk kala badhe mungkasi wau, manawi priya sampun karaos
gumreget badhe ngelaken rahsa (kama), punika lajeng wiwit amegenga prasa,
tancebing cipta ing gayuha utama. Manawi kama sampun medal pasta purusa
katetepna den ngantos netep kakendelna panggosokipun ing ngriku lajeng
amepeta ponca driya, eninging panggalih anggayuh utama kalajengna.
Pikantukipun : manawi kasusupan wiji mongka lantaraning dumadi, badhe
prayogi kadadosanipun.
Wonten matih patraping cumbana ingkang saged damel leganing wanita,
ananging priya sok boten betah, jalaran kedah ragi sawatawis dangu ing
panggosokipun, patrap wau estri salonjorna bokong kaganjela ing kasuran alit
supados baganing estri saged mangal, sukuning priya kapethangkongna,
(kasedhekusna mregagah), padharan ugi kaabenna sami padharan jaja
katumpangna ing payudara. Panggosoking pasta purusa dedel sandhalipun
kabandulna manginggil supados sageda anggosok song, kridhaning bokonging
priya sawatawis kaegol-egolna manangen mangiwa. Bab pangarsa paneceping
lathi, salajengipun ugi kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil.
Patraping sanggama ingkang kasebut ing serat nitimani kados ing ngandhap
punika wosipun :
Kalamun pasta purusa, wus kiyeng kiyet santos, kwehning saya wus samekta,
iku nulya katindakna, umangsah ing rananggana, sayekti datan kuciwa,
katempuh ing rananggana, sayekti datan kuciwa, katempuh ing bandayuda,
nanging ta dipun prayitna, ing tendak aywa sembrana, gone bakal nuju prasa,
mring wanita mengsahira, supaya lega ning driya, wruh antawisipun waspada,
jroning pasti kono ana, musthikaning rasa mulya, rineksa para jawata, karan
Sang Hyang watapatra, utawa Sang Hyang gambira (song), dumunung wuri
purana, yen tinempuh dening gada, watak keri prasanira, nuli babantune prapta,
pipingitan ing jrobaga, ingaran sang hyang asmara, asisilih Sang Hyang Cakra,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
10

kang abi praya sarosa, wimbuh keri ngriming ngira, anarik daya ajunya, mring
Sang Hyang purnama sangko utama Sang Kamajaya, pameting rahsa
mangkana, srana ngagem mawi saya, pratingkah ukeling pasta, kacarita solah
hira, duk marwani lumaksana, karya pupusuking yuda, kwehning daya sanis
kara, aywasi nerusa rosa, ing tindak kedah saronta, pangangkah amung
muriha, keri prasaning wanita, kalawamun wus sawatara, campuh ing pring
lama-lama, papalu tumempuhira, pinindha upama gada, tinangkis ing bonda
baya (tameng), saking rosaning panggada, kuwating panangkis sira, wekasan
metu dahana, mubal sumundhul ngakasa, susumuke ngemu pega, kukus katut
samurana, prapta tumanduking prasa, kekerining mengsahira, gumriming saya
andadra.
Gantya wau sang wanita, genya tadhah bonda baya, mubal wetuning dahana,
sumarambah ing sarira, tan kuwawa anaenna keri gumriminging prasa, saya
harda ngombra-ombra, wantu wataking wanodya, yen wus liwung kroda nira,
ing budi datan saronta, sigra amusthi sanjata, warastra mongka pusaka,
tuturunan sang jawata, ganjaran Hyang Girinata, piningit sajroning baga, yeka
kanghru barunastra, sumembur angemu tirta, toya lir yiyiting mina, angalem
pasta purusa, wauta sira sang pasta. Silem kineleming tirta, tan montra-montra
riringa, ing solah saya gambira, pangeburing barunastra. Lir ombak samodra
bena, gangge lumut satepinya, samodra karoban toya, ngempel ngumpu ? Lir
tinata, babarisa warata bala, kadi gelar cobra banyua, bobondhot bundheting
pasta, nging tan surut saya rosa, liwung pamukireng yuda, mangkya gantya
cinarita, ramening prang bratayuda, nulya kono ana swara, lamat-lamat
kapiyarsa, surasa asung samita, wiyosa kadya mangkana, eh kulup sira sang
pasta, po mangger dipun prayitna, panarik sendhaling gada, maju miwah undur
rira, papane lunyu sadaya, wus tan kena tinulaka, wit iluning barunastra, saya
adres panemburnya, dene gon malumaksana, lamun lena yekti ina, yen
kaplesed angsahira, rebah nindhihi gada, katikel dadya rubeda, ing jro aran
roga brata, pileg ing kadadeyannya, lan kulup weruha, adat wataking wanodya,
yen wus ngedalaken tirta, kang kadi yiyiting mina, gumriminge saya harda,
mempeng sereng ngireng prasa, kawistara sarapira, kiyat kiyeng sariranya,
sawonda kejeng sedaya, dene lamun wus mangkana, sira adar beya sedya.
Tutulung mring mengsah ira, tumraping asmara gama, tan liya amung wisaya,
silahing pusta purusa, sinengkakna pamukira, tempuh pamukuling gada, kang
ajeg lan den kerepna, kalawan dipun waspada, amawasa ing sasmita, adat
wantuning wanita, yen wus liwung pamukira, nulya kagawe lelewa, pratingkah
solah ingkang ga, wit saking kurang prasaja, sajatine karsanira, biyantu
solahing pasta, kinen nuju amrenahna, mring dununging prasa sira, kang
supaya tinrajangnga, sinondhal pucuking pasta, ing kono dipun turuta,
sakarsanireng wanodya, yen pinareng datan lama, wanita amudhar prasa, yekti
ana wataranya, gara-gara jroning baga, anyodol pucuking pasta, iku saka kirakira, laraping reca gupala, kabukaning kang wiwara. Jineking Hyang Kamajaya,
aliya tondha mangkana, ing sayekti kawistara, kawawas sawarna nira, ingkang
ga sakojur wanda, anglir kaoncatan yitma, lesu ngalumpruk marlupa, kadi-kadi
tan kuwawa, anandhing enaking rahsa, sasambate melas sarpa, karya trenyuh
ing wardaya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
11

Patraping cumbana ingkang kawarsitakaken ing nginggil punika wau kenging
dipun wastani sampun nyekapi, liripun dene sampun seged damel leganing
wanita, pratondha angganipun ngalumpruk marlupa yayah kaoncatan yitma.
Ingkang prelu, ing salebetipun saremi, wau priya kedah amawasa ulat liringing
wanita, tuwin inggih amawas sariranipun pribadi. Manawi panggalih sampun
karaos lega, maren sarem ing salih-kalihpun upami dahahar makaten sampun
karaos tuwuk prayogi kapungkasana saperlunipun, inggih punika nalika wanita
mudhar prasa wau priya nyarengana wedalipun kama. Nanging manawi
liringing wanita sanajan sampun wudhar prasa : nanging sajakipun dereng
patosa lega, upami dhahar makaten taksih kedah tanduk utawi manawi priya
pribadi ingkang rumaos dereng lega, inggih sampun anyarengi ngedalaken
kama, dados wanita mudhar prasa piyambakan, dene manawi priya karaos
kelayu badhe tumut mudhar prasa (ngedalaken kama) kedah dipun ampet
kalayan tahan, sarananipun ngampet makaten :
Kedah manggen wonten gajeging gela, sampun ngantos kadamel lega,
tegesipun : manahing priya sampun kadamel lega, angenget-angeta gelanipun,
pasta purusa kakendelna rumiyin wonten ing jawi utawi wonten salebeting
kuwup gumantung seneng parengipun panggalih. Manawi sampun ragi aring,
raos kelayub dhemudhar prasa wau sampun ical, kenging tumunten
kalajengaken malih, nanging sampun grusa-grusu, sampun daya-daya, awit
sang wanita wau sariranipun marlup, mila kedah dipun arih-arih, bok manawi
kapareng dhangan ing panggalih. Priya kedah angempakna tembung
manuhara, manis sedhep ing wicara, den bisa nuju prana, angatingalna
katresnanira. Manawi sampun wonten antawisipun kepareng, patrap
pratingkahipun inggih tan prabeda kados ing nginggil, sang wanita kagugaha
kerining prasanipun, adat ingkang sampun kalampahan boten antawis dangu
wanita lajeng pulih malih kakiyatanipun, tandanmgipun kados raseksa badhe
amangsa daging. Ing ngriku priya ingkang prayitna, kenging lajeng dipun kerepi
sendhal dedeling pasta purusa, sarta lajeng angedalna kama; nyarengi
pamudharing prasanipun wanita, dados wanita mudhar prasa kaping kalih, priya
sapisan.
Ing serat paniti sastra, gugubahanipun bagawan palasara ingkang sampun
dipun jarwakaken dening Sang prabu Jayabaya (*) ing bab 85 nyebutaken
makaten : menggahing sanggama, tiyang jaler lan punika saminipun pawestri,
mila pangandikanipun dewi drupadi : boten wonten pawestri tuwuk ing kakung.
Nanging ungel-ungelan punika sayektosipun tumrap priya ingkang boten
ngagem aji samara gama. Manawi priya saged nguja karsaning wanita kados
ingkang kapratelakaken ing nginggil nika, wanita inggih saged karaos tuwuk
sayaktos malah kacariyos tuwukipun wau sagen kangge ing salebetipun
saminggu.
Kacariyos katrimahipun aji asmara gama ingkang makaten punika, wanita
karaos angsal sarining kanikmatan ingkang linangkung, sarta tansah enget
salaminipun gesang dhateng tanduk solah bawa tuwin warninipun kakung,
sanajan tebih inggih tansah katingal gawang-gawangan tuwin boten kasupen
raosing kanikmatan wau. Mila priya ingkang sampun widagda dhateng aji
asmara gama wau, sanajan mengku pawestri ingkang lejeh pisan insya Allah
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
12

saged malik dados narimah, manut miturut sapangreh ing kakung, rumaos
boten saged pisah. Manawi wonten alangan pisan, mongka estri wau
sinanggama ing liyan kakung, ing salebeting cumbana wau tansah karaos
cuwa, gela, sarta kengetan wawentahan dhateng raosing kanikmatan nalika
sinanggama ing kakung ingkang undhagi aji asmara gama wau, dening priya
beda sanget raosipun awit sang widagda asmara gama wau, boten namung
saking sagedipun dateng bab patraping sanggama : anuju prasaning wanita
kemawon inggih saking katarimah anggenipun nyipta ngalan manah tuwin
nyawanipun estri wau dados wanita karaos kalengan sanget rahsanipun sajati.
Pancen inggih boten gampil nindakaken aji asmara gama punika, nanging
wonten babasanipun : sapa temen-temen: tinemu. Dados manawi wonten priya
karsa cumbana sarana roda paksa utawi namung kangge mainan sasaminipun
punika boten kalebet ing wawarahipun kawruh sanggama punika.
Manawi priya sampun widegda sayektos nindakaken aji asmara gama makaten
punika, sanajan pasta purusanipun alit utawi ageng, celaka, panjanga, sampun
sami kemawon : saged damel suka renaning wanita. Nanging priya ingkang
dereng saged nindakaken aji asmara gama : boten makaten, manawi pasta
purusanipun alit : wanita karaos cuwa, manawi ageng : karaos sebab, yen
celaka karaos kemba, yen panjangka raos sakit, dene manawi cekapanan
ageng sarta panjangipun sanajan wanita sanged karaos sekeca, nanging inggih
boten saged karaos lega. Dene cumbana ingkang ngantos dangu wekdalipun
manawi priya dereng widagda aji asmara gama punika malah adamel anyel
manahing wanita.
Wonten sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi citra tuwin saniranipun
wanita punika perang pinten-pinten warni, wonten namanipun piyambakpiyambak punika manawi sinanggama inggih wonten kawruhipun piyambakpiyambak anggenipun ambukani (miwiti) nglebetaken pasta purusa, amrih
enggal kabuka rahsanipun, nanging bab punika kajawi angel anggenipun
mastani utawi andunungaken selehipun satunggal-tunggaling citra wau, tuwin
sagedipun apal patrapipun miwiti, sayektosipun patrapipun wau inggih namung
sakedhik sanget bedanipun kaliyan ingkang sampun kajarwa ing nginggil,
bakunipun patraping sanggama punika namung kedah amuriha keri prasaning
wanita, makaten salajengipun ngantos wanita mudhar prasa, ing ngriku priya
kedah waspada ing semu, duk kala wanita badhe mudhar prasa wau, pasta
purusa bedah ragi sineru sendha dedelipun, manawi wanita sampun mundhar
prasa, priya anyrengana ngedalaken kama, pasta purusa katetepna ngantos
pokipun dumugi ing kuwuping parji tuwin sirahipun dumugi ing lesaning
pranakan lajeng kinendelan ing ngangosokipun, ing ngriku pucuking pasta
purusa karaos kados dipun ameti ing lambe keyong, inggih punika wiwaraning
wanita angepuh kamaning priya, manawi kaleresan wahyaning mongso
kalasang wanudya lajeng saged anggarbini. Adatipun sakaliyan senggoring
napas saderengana sarta mawi gonda ambeting hawa arum angambar pindha
ganda sekar melathi ingkang dhedheng ambabar sari, mretandhani tumruning
cahya adi mulya dhateng guwa garbaning wanita alantaran priya.
Para jajaka purun ingkang kirang seserepan sami mastani lesaning pranakan
ingkang warninipun kados silit ayam punika ; kenthos sarta sami nginten
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
13

manawi punika dununging prasanipun papesti. Mila manawi cumbana ngarah
sagedipun sirah ing pasta purusa tansah nyenggol ing lenging pranakan wau
sarana dipun tetep-tetepaken, panginten punika boten leres, awit lenging
pranakan punika manawi kapetel pawestri karaos pegel kirang sakeca, nanging
manawi wanita pinuju mudar prasa monga lenging pranakan wau kapetel ing
sirah ing pasta purusa (dipun tetepaken) punika wanita karaos marem sanget,
lega, tuwuk, anggeripun boten keseron ing pametelipun.
Wonten malih sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi wanci wiwitipun
wudharing asmaragama tumrap wanita punika boten sami, miturut bedabedaning kukulitanipun wanita. Nanging bedaning wanci wau boten kathah
kaotipun, namung jam-jaman sedaya wanci dalu. Pancen prayoginipun
cumbana punika inggih wanci dalu, kiwa tengenipun tengah dalu ngantos
dumugi bangun enjing, awit ing wanci mau kajawi sirep tiyang, kawontenanipun
wiji: pinuju pupul manawi dados putra wahanipun badhe kandel wawatekanipun,
manawi wayah siyang kawontenanipun, manawi wanci siyang dening soroting
suryo, manawi dados putra wahannaipun tipis wawatekanipun. Ing
sederengipun cumbana utaminipun sampung ngantos sare rumiyin ing sakalihkalihipun.
V. NGAGEM AJI ASMARA GAMA KEDAH MAWI LAMPAH: CATUR
BRATA
Sadaya ngelmu punika katarimahipun kedah dipun rangkepi laku (lampah),
makaten ugi ngelmi asmaragama punika inggih kedah mawi lampah. Dene
lampahipun wonten kawan prakawis (catur brata) kados ing ngandap punika :
1. Lila, inggih punika lila dhateng kalong-longan, tegesipun nuruti sapa
nedhanipun estri.
2. Narima, inggih punika narimah dhateng laladosan tuwin cawisanipun estri.
3. Temen, tegesipun boten remen cidra, anuo lena ing patembayan.
4. Sabar, tegesipun boten sugih duka, para apura ing kalepataning wanita.
Lampah kawan prakawis ing nginggil punika manawi katarimah, saged
amewahi dayanipun aji asmara gama, inggih punika wanita saged kadunungan
tresna, mantep, sregep, tumemen nguja sakarsaning priya.
VI. RUBEDANING CUMBANA SARTA PAMBENGKASIPUN
Ingkang prelu kedah sami dipun engeti, manawi badhe nindakaken sacumbana
punika : panggalih kedah sabar, saronta, sampun daya-daya lumaksana,
angentosana manawi sang pasta purusa sampun kiyat kiyeng, santosa. Manawi
dereng kiyat santosa saestu, mongka lajeng sineru lumaksana, punika asring
ambalenjani neng wiwara, panggalihing priya dereng lega, sang wanite dereng
mudhar prasa, kesaru wiyosipun Sang Hyang Kamejaya. Ingkang makaten
punika, kajawi priya piyambak manggih cuwa, inggih cinedaka batosan dening
wanita, amargi tiwas karaya-raya wawadi binuka, tibakipun boya montra
kadamel lega, malah manggih gela, cuwa. Kacariyos wanita ingkang sampun
karaos keri murinding mongka dereng ngantos mudhar prasa lajeng dipun
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
14

sampuni, punika kajawi cuwa sanget manahipun inggih karaos pegel boyokipun
ngantos pinten-pinten jam dangunipun, arata, rak mesakaken.
Kathah para mudha sami remen ngangge jampi awarni galepungan utawi lisah
wonteng ing pasta purasanipun, supados kuwawi sacumbana dangu, punika
saking pamanggih kulo kirang prayogi, awit danguning cumbana wau lajeng
boten timbang kaliyan kikiyataning sarira, liripun manawi sarira ringkih mongka
lajeng sinengka kangge cumbana dangu : jalanan ngangge jampi wau, punika
ngrisakaken sarira, tur terkadhang jampinipun wau inggih dereng katenan
manawi boteh mawi dat ingkang kirang prayogi tumrap kasaraning sarira.
Punapa malih danguning wanci wau inggih dereng mesthi damel renanning
manahipun wanita. Pawestri manawi sinanggama ing kakung ingkang dereng
lebda dhateng aji asmara gama, danguning wanci wau malah adamel sakit,
sanajan sinanggama apinten-pinten jam dangunipun. Wanita angel sagedipun
mudhar prasa, (ngedalaken rah sapita), malah wewah anyelipun, sukani
renaning wanita punika boten saking danguning wanci, inggih punika sidagda
ngulah ing sanggama tuwin waskitha mawas kedhep liringing netra, inggih
punika ingkang kawastanan kakung undhagi aji asmara gama. Mila para mudha
boten prayogi ngagem jampi-jampi kasebut nginggil.
Dene sarana ingkang prayogi punika inggih sabar, sareh, boten daya-daya
punika wau. Sarta panggalih kedah ening, bening, awas, eling, pikantukipun :
• Eneng, adamel dangu wedaling rahsa, angandelaken wiji, manawi dados
putra badhe panjang yuswanipun.
• Ening, saged karaos nikmat manpangat, ambeningaken wiji, manawi dados
putra badhe kadunungan watek guna, kawasa.
• Awas, saged priksa ulat liring wanita tuwin awon saening wiji.
• Eling, enget dhateng wawadosipun wanita tuwin enget amrenah wiji ingkang
awon.
Samangke nerangaken rubedaning cumbana. Menggah rubedaning cumabana
punika wonten pinten-pinten bab kados ing ngandhap punika :
1. Manawi sariraning priya saged kataman ing arip, sakit, luwe, tuwin susah.
Milanipun manawi priya saweg kapan dukkan ing rubeda kawan prakawis
wau inggih prayogi sampun nindakaken sacumbana.
2. Manawi priya cumbana kaliyan wanita ingkang prasaning rahsa boten
tunggil bongsa. Kadosta manawi lalawalen kayiyan wanita wredadha,
satemah panggalih kapandukan ing raos engah, gela, cuwa, kemba.
Manawi tawanan kaliyan wanita ingkang kuciwa ing warni, penggalih lajeng
kataman ing raos ewa, merang. Menawi lawanan kaliyan estri ingkang
awon snget gandanipun satemah panggalih kadunungan raos neg, geg, geg
mila prayoginipun priya milih wanita kagem garwa punika ingkang ngatosatos, kedah ingkang nunggil bongsa prasaning rahsa wau.
3. Manawi priya boten kapadhaning karsa ing salebeting cumbana. Mila
prayoginipun priya sampung grusa-grusu : cumbana sarana roda paksa,
pangarih-arihipun den aririh, pamilutipun den mamalat prana, rinungruma
ing sabda rum sampun ngantos purunipun saresmi wanita wau namung
jalaran ajrih ing pameksa sasaminipun kedah sarana seneng parenging
panggalih.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
15

4. Manawi pasta purusa dereng kiyat santosa lajeng sineru lumaksana, kados
ingkang sampun kajarwa ing nginggil, mila prayoginipun manawi pasta
purusa wau dereng kiyat saestu, sampun ngantos katindakna sacumbana
rumiyin poma den sabar.
Menggah rubeda wangka : punika pancen kerep sanget dipun alami dening
para mudha ingkang kirang sabarana, menawi priya kataman ing rubeda wau,
panulakipun makaten : kados ingkang kasebut ing bab patraping cumbana
manawi priya badhe kelayu mudhar prasa. Ing salebetipun kendel wau priya
kedah amumulya kridha, tegesipun amumulih gagas, osik, anggelengna prasa
tuwin rahsa. Manawi katarimah, sapandurat kemawon, prasa tuwin rahsa wau
saged gumeleng satemah lajeng saged tumindak malih ingkang tan sangsaya,
nanging tinimbang makaten inggih prayogi ingkang sabar punika wau.
VII. PANGRUKTINING SARIRA
Wonten sarjana ingkang kagunggan pamanggih, para priya ingkang matekaken
aji asmaragama punika perlu sanget dhahar : dhadhaharan utawi jampi ingkang
gadhahi daya benter tumraping sarira, kadosta : ulam menda mawi bumbu
marica pala, tigan ayam mawi madu tuwin marica, sasaminipun, utawi malih
kathah para mudha ingkang sami remen ngunjuk jampi bangsanipun arak
supados kiyat, punika wau sadaya menggahing kula ingging kirang condhong
awit dhadhaharan utawi jampi ingkang kapratelakaken wau, dayanipun ingkang
ageng namung prakawis kiyating sanggama serta ngindhakaken raos kepengin
cumbana, tundonipun lajeng dados kakung ingkang barancah karem dhateng
cumbana; satemah adamel risaking sarira, prasasat anggege pejah, jalaran
kama punika kadadosan saking sari-sari saking otot ingkang alus-alus miwah
sungsum, milanipun priya ingkang sanget karem ilah langenning asmara punika
adatipun sok kataman ing sasakit ngethok, ngeres, linu, pegel suda paningal,
sasaminipun sarta inggih kenging kawastanan ngecer-ecer satwa mani maya,
wiji badhening manungsa, ingkang tamtu badhe angsal bebendu saking
ingkang maha kuwasa. Kacariyos cumbana punika prayoginipun kerepkerepipun ing salebetipun saminggu namung sapisan langkung saking
saminggu saya prayogi.
Dene ingkang prelu kedah dipun jagi punika bab kasarasaning sarira,
sarananipun resikan sampun tumandang ingkang sarwa nyengka, (langkung
saking ukuran) tuwin adhahar dhadhaharan ingkang prayogi tumrap sarira,
kadosta : peresan lembu, tigan ayam, sekul saking uwos ingkang taksih wuluh,
kacang ijem, sayur-sayuran, sapanunggilanipun, bab punika para nupiksa tamtu
boten kakilapan, manawi karsa ajajampi jawi, para sepuh paring piwulang,
kacariyos lempuyang punika saged nuntumaken urat-urat ingkang lumempit uwi
katilap, dene unjuk-unjukan ingkang prayogi punika : bonggoling nampu.
Kaabennan oyoding lempuyang, oyoding kunir, oyodhing sedhah, oyoding
rumput teki tuwin oyoding nampu punika carub dados satunggal kagodhog ing
toya ingkang ngantos tanah, toyanipun kakantunaken sapalihipun.
Sadaya ingkang saged ngindhakaken raos kapengin saresmi punika saking
pamanggih kula malah prayogi sanget dipun singkirna ing sawatawis, kadusta
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
16

kakathahen wungu, kakathahen eses, (udud), ngunjuk kopi kakathahen dhahar
lombok, sasaminipun ingkang adamel benter raosing sarira.
Pasta purusa ingkang waras wiris punika saking pamanah kula boten prayogi
dipun rekadaya : dipun unjuki jampi-jampi ingkang murugaken kirang kiyet,
kuwawi saresmi dangu. Awit dedehiyenging pasta purusa tuwin danguning
wanyahe cumbana punika ingkang saged damel lega rahsaning wanita, manawi
priya dereng saged susilaning sanggama. Ingkang murba wisesa anggenipun
maringi gawuhan saranduning angga kita tamtu sampun mawi ukuran kikiyatan
ingkang timbang kaliyan pigunanipun, amurih kiyating pasta purusa tuwin
danguning cumbana, boten wonten sarana malih ingkang prayogi, mikantuki,
kajawi namung saking sabaring panggalih punika wau.
Dene ingkang prelu tumrap para mudha punika namung sampun ngantos
tumindak utawi dhahar dhaharan ingkang saged ngendhokaken pasta purusa,
kadosta : kelan terong, eses mawi, uwur kalembak pucuk, sapanunggilanipun,
sampun lenggah ing papan asrep andhodhok kedangon, malumpat wiyar,
sadaya punika saged ngendhokkaken purus.
Nanging manawi priya pancen kataman ing sakit kirang kiyat pasta purusanipun
inggih punika peluh utawi melur, punika inggih prayogi dipun jampeni ing
saperlunipun, adatipun priya ingkang kataman sasakit makaten punika, manawi
boten kenging alangan sanesipun, jalaranipun saking karem asmara ingkang
ngantos langkung saking taker. Jampinipun : kedah cegah sanggama rumiyin
ngantos samantunipun pungu sarta siram saben enjing, ebah ing sarira ingkang
ajeg, dhahar dhadhahran ingkang sarwa empuk sarta andamel kiyat tumraping
sarira, wosipun sarira kaliyan panggalih kedah tansah dipun seseger. Ingkang
langkung prayogi inggih punika nyuwun pitulunganipun dhokter tuwin mituhu ing
sapitedahipun.
VIII. TUMURUNING
TUMURUNING WIJI INGKANG WINADI
Kacariyos malebetipun wiji punika anyarengi lebeting napasipun bapa, Nunten
umineb wonten ing utek lajeng rembes dhateng panon, inggih punika sarining
utek ingkang manggen wonten salebeting menika, wiji ing sasampunipun
wonten ing ngriku kawawa manuksama ing pramana, sarta kawawa amor
sarasa, rasaning pramana andayani saeka karsa, nunten anarik daya serening
sacumbana. Punika saged mewah muncaring pangeksi, dene manawi linantur
dados batur, lahiripun saged mahanani putra.
Menggah badhe kadadosanipun putra wau ing tembenipun punika manut
empaning cipta sarta urubing pramana wau. Awit duk kala wau wiji sumusup ing
pramana lajeng nunggil urubing pramana, punika upami tetedan : sagreneking
ciptanipun wau minangka bumbu, urubing pramananipun minangka bau. Bumbu
manawi sampun kaulet ing bau, raosi