SERAT JASMANINGRAT
S ERA T JA S MA NINGRA T
!
"
"
#
$
!
%
@@@
SERAT JASMANINGRAT
Pupuh I
Asmarandana
1.
Tatkala wiwit tinulis / ing dina Dite kasihnya / jam sawiji ing wayahe / ing
wulan Rabingulawal / tanggal kaping sekawan / tahun Dal sengkelanipun /
panca wiku sabda nata.
2.
Anenggih wulan Welandi / Pebriwari kang lumakya / nuju kaping salikure /
tahunira pan ingetang / sewu astha tus kawan / dasa pitu langkungipun
mangsanira kaping sapta.
3.
Julungpunud wuku neki / kang angka Mertawinarna / tri atus dasa kalih /
karsanira sri narendra / Jeng Sultan Mengku Bwana / Senapati Ngalageku /
Ngabdurrahman Sayidina.
4.
Panata gama sang aji / Kalipatollah ping gangsal / hanenggih kumendur
sekyeng / Bintang Leyo ing Nederlan / kang ngergani keretyan /
Ngayogyakarta rat agung / amangun srat Jasmaningrat.
5.
Ngelmu sarengat kang dhingin / kapindho ngelmu Tarekat / katiga Akekat
mangko / kaping sekawan makrifat / punika kang pinurwa / tedah jalma kang
dereng wruh / amrih pecahe galihnya.
6.
Ingkang pinurwa kariyin / masalah ngelmu sarengat / pangurakan saenggane
/ kang kocap wektu lelima / luhur kelawan ngasar / maghrib ngisa lawan
subuh / punika arebut karya.
7.
Kang tan kocap wektu kalih / jangkepe wektu kang sapta / dadi pangiren
kancane / wektu kalih ika dina / tan nunggil wetu lima / punika kang dadi
wuwus / dene ngisa karyanira.
8.
Minal witri ngatal witri / punika kang den bicara / dereng mudhun sakaryane /
agung angrembuyong kewala / sabarang karyanira / ngucira salamenipun /
marmane paben aramya.
9.
Ki asar mahrib angling / ki ngisa ki subuh mojar / mara ki luhur sabdane /
marmane wong kalih ika / sakalir barang karya / punika tan purun mudhun /
manira boya narima.
10. Minal witri ngatal witri / punika samya suwita / pangane samya pinacen / teka
anglidhung kewala / kawula tan narima / sun ungkih sak kayanipun / Ki Luhur
aris angucap.
11. Yen mengkono eca mami / payo den ungkih ing kathah / dimen medhuna
gawene / apan dhimin sri narendra / anggadhah pangandika / wong roro
kinen akumpul / sareng mundur sareng mara.
12. Lah nedha tinata kardi / leheng katura ing suksma / iku tedha karyane / Kehe
Ngasar asru mojar / inggih leres punika / samya sinung karyanipun / Ki
Mahrib asru wecana.
13. Punika pan reres ugi / kahe Ngisa asru mojar / nedha tinata gawene / adum
karya wong lelima / ramening pangurakan / Ki Subuh asru amuwus / ingsun
pan nora kuwasa.
14. Angiring wong kalih iki / iku uga wong gegantungan / datan purun ngiri ingong
/ dereng wonten pangandika / iya tan purun ingwang / Ki Luhur asru amuwus /
ya ingsun datan sakeca.
15. Kasaru utusan prapti / Ki Patih Jabrail ika / marang pangurakan age / sakeh
wadya pangurakan / cingak sirep sedaya / sadhateng duta agung / Ki Patih
Jabrail ngucap.
16. Samya padu apa iki / rame-rame neng patirtan / Ki Luhur alon wuwuse /
punika apaben karya / ingkang dadya bicara / kang ngrambyong marang Ki
Subuh / dipun ungkih karyanira.
17. Pun Manalwitri puniki / raka Ngatalwitri punika / dipun iri sakarsane / punika
tan purun nebda / saliring barang ing karya / marmanipun dadi padu / punika
sumangga karsa.
&
18. Ki Patih Jabrail angling / iku aja geru sira / anata barang gawene / iya wong
kalih punika / barang gawene pisah / sinelir dening Hyang agung / iku
andikaning Allah.
19. Heh ta wong roro puniki / salire barange sinongga / iku darbe karya dhewe /
prenahe aneng ngayunan / ajaga karyaning Hyang / ing siyang kelawan dalu /
asaos karsaning suksma.
20. Jabrail kagyat ningali / Ywa sarengat lunga saba / kawayang mangkya
tandange / Patih Jabrail angucap / amangsit wong lelima / lah iya ika gustimu
/ ingkang lagya mangkat seba.
21. Lah padha ngiringa sami / menek sira keri seba / den enggal mangkata kabeh
/ wong lima samya ngiringa / gowoa upacara / wong lelima mangkat sampun /
rumeksa ing gustenira.
22. Sarengat kagyat ningali / yen kancanira tut wuntat / kalintang bungah manahe
/ lumampah sarwi obengan / tekbire datan pegat / sarta lan tilawatipun /
dhikiripun datan pegat.
23. Tesbehipun anelahi / mutyara ingkang kinarya / pinalisir sutra jene / bawang
sabungkul dhestarnya / mawi koncer apanjang / asri munggeng gigiripun /
besusipun angarangan.
24. Angermpayak lampahneki / pan lambeyan turut marga / pan kulaweran
dhestare / sumekta rasukan jubah / lungsir pethak apelag / ngagem gonda
merbuk arum / pan sineret dhestarira.
25. arubed dennya lumaris / tur asareh bundenira / awratning busanane /
amberegong polahira / besuse lengulengan / milang tindak lampahipun / lir
pedah jalma bedhayan.
26. Kang ngiring mesem pra sami / aningali gustenira / gumuyu dening polahe /
Luhur kalawan Ki Asar / Ki Mahrib loan Ki Ngisa / Ki Subuh esmu gumuyu /
samya beda upacara.
27. Pengawinan datan keri / sigegen datan winarna / gentia kocap mangko / kang
kemit Ki Sokasana / lagi apadu karya / Ki badan lawan Kalbu / Ki Osek lawan
Ki Jawa.
28. Parimona lan Ki Budi / kelawan Ki Panarima / Ki Tapsi lan Ki Elinge / pan
sami apadu karya / wong kalih dereng nebda / dipun ungkih karyanipun / eling
lawan panarima.
29. Ingkang tinata ing kardi / nenggih wau Ki Tapsila / dene angrembyong ing
gawe / wong roro ngrembyong kewala / Ki Eling Ki Panarima / ing karyane
datan medhun / Ki Badan aris aturnya.
'
30. Lah nedha wong kalih iki / samya tinata karyanya / ana teka ngrembyong bae
/ Ki Eroh aris angucap / bener ujar punika / tan ana karyane iku / Ki Panarima
aris angucap.
31. Lah nedha denira kardi / punika pan wong ngangguran / Ki Osek alon
wuwuse / pnede mengkono uga / puniku dereng nongga / marang
pakaryanireku / lamine nganggur kewala.
32. Ki Terima eling aris / pesthi manira tan trima / iku para jalukane / ing karyane
wong punika / iku pan gegantungan / kinasiyan mring gustimu / lamun ana
pangandika.
33. Karyane wong kalih iki / manira datan lenggana / saosing gusti semangke /
winicara neng ngayunan / kesaru praptanira / Ki Patih Mingkail rawuh /
pinarak suka sadaya.
34. Nata karya kajengneki / kagyat kang aneng paseban / sapraptane kya hatah
(hapatih) / Ki Pitih (Patih) aris tetanya / lah iku padu apa / arame gennya
gumuruh / ika (kang) den padu apa.
35. Ki Badan umatur aris / punika padu(don) karya / Ki Panrima lan Ki Elinge /
punika tan Nongga karya / taksih ngrembyong kewala / punika pan teksih
nganggur / gene wonten Ki Tapsila.
36. Yen suwawi atur mami / kawula atrapken karya / mudhuna sapakaryane / Ki
Patih Mingkail mojar / aja ageru sira / anata ing karyanipun / wus pinanci ing
Hyang Sukma.
37. Sabarang karyane mijil / saos karsaning Hyang Sukma / mila katingal wong
roro / jaganing kang pangandika / cumawis caos karya / sabarang karsaning
ratu / semongsa na pangandika.
38. Cumawis karyaning gusti / iku kang atampi karya / Ki Patih ningali mangko /
Ki Tarekat mangkat seba / mengkono solahira / Ki Mingkail alon muwus / lah
ta ika gustenira.
39. Lagya lunga seba uning / lah padha ngiring-ngiringa / wong nenem miluwa
kabeh / lah age sira mangkata / wong nenem sigra mangkat / bekta
upacaranipun / Kyai Tarekat tumingal.
40. Balanira tumut sami / angiring-ngiring sedaya / abekta upacarane / Ki Tarekat
agraita / sigra-sgra lampahnya / pesaja busana kampuh / pan nganggo daram
pinala.
41. Wonten kang winuwus malih / ingkang kemit kamandhungan / kang lagya
nata karyane / kang Paningal lan Pangucap / Pangambu Pamiarsa / Cipta lan
Ripta wus rawuh / wong kalih den ungkih karya.
(
42. Ki Adhep lan idhep linggih / punika pan iri karya / Paningal asru wuwuse / lah
nedha tinata karya / Ki Adhep Idhep ika / lah punapa silanipun / dening dora
nangga karya.
43. Iku wong ngucireng karpi / tansah anganggur / kewala / iku wong tanbuh
gawene / Ki Pangucap aris mojar / nedha ika tinata / aja na wong nganggur /
manira banget kangelan.
44. Ki Pangambu angling aris / inggih aleres punika / puniku tanbuh gawene / eca
anglindhung kewala / iya milu ginanjar / barang karya datan tumut / lan akarya
kemandhungan.
45. Saene sinungan kardi / Ki Pamirsa lon angucap / nedha wicara mangke / iku
dijaluk karyanya / mila tan tumut karya / nganggur tanbuh pedahipun / yen
punika wewijangan.
46. Apesthi entheng sinanggi / dadia pitung giliran / Cipta lan ripta wuwuse /
pesthi manira tan suka / yen sira kang jaluka / dhingin angrembyong
maringsun / sarta lawan pangandika.
47. Ana dene mengko iki / para karsa ngiring karya jalukan ngayunan mangko /
manira dermi kewala / angembyong wong punika / Ki Paningal asru muwus /
ingsun tan wruh pangandika.
48. Punika sun jaluk kardi / Ki Pangucap asru mojar lah nedha jinaluk mangko /
kapanane yen mudhuna / si Cipta Ripta ika / mubeng padune lumencur /
bungah den nengna kewala.
49. Mangsa kenoa puniki / yen jinaluk wiwikingan / kejawi ngarsa sang katong /
sokur dadi padu besar / Ki Pamiarsa ngucap / luhung jinaluka ing ngayun / Ki
Pangambu aris mojar.
50. Iya bener iku ugi / Allah amek wong ngurahan / pan tuwas sisan alane /
mongsa kiranga gawean / Ki Cipta Rpta ngucap / nadyan den jaluka ngayun
iya luwih karsanira.
51. Apan ana ujar mami / den aririh ujarira / aneng ing ngayunan mangko / den
prayoga bicaranya / srta pangandika / Ki Paningal asru muwus / boya idhep
ujarira.
52. Ki Patih Israpil prapti / arsa marang kemandhunga / anata gawe karsane /
kagyat mirsa ramnya-ramnya / jalma kang paben karya / nulya sirep kang
apadu / sapraptanya Kiya patya.
53. Samya kendel semu ajrih / padu karya bok kadukan / Patih Israpil tingale /
kadung kang apaben karya / waune kalintang ramya / Ki Patih amara gupuh /
Ki Patih Israpil tanya.
)
54. Mau padu apa sami / ramnya aneng kemadhungan / apa kang pinadu rame /
dene kongsi bengkerengan / Ki Paningal asru mojar / paben karsane sang
ulun / angiri kang dereng nebda.
55. Pun Idhep lan Adhep singgih / punika den iri karya / dereng nebda sakaryane
/ lir barang karya panebda / ana ngrembyong kewala / inggih pun Cipta
Ripteku / kawula tedha karyanya.
56. Ki Patih Israpil angling / aja geru ngiri karya / wong roro iku karyane / iku
siniyan Hyang Sukma / mijia karyanira / saos karsane sang ulun / asaos
aneng ngayunan.
57. Sira angungkih ing kardi / wong roro iku tan kena / lamun sira ngiri gawe /
apesthi yen nora kena / Israpil kagyat mulat / gustenira kang dinulu / Ki
Akekat lunga seba.
58. Mawas-mawas lampahneki / Ki Patih Israpil mojar / lah batur gustimu katon /
apan lagya lunga seba / lah padha ngiringena / wong sekawan mesat sampun
/ samya beta upacara.
59. Ki Khakekat aningali / balanira atut wuntat / abekta upacarane / Ki Akekat
lampahira / sigra-sigra gancangan / age-age lampahipun / lampahe
angungak-ungak.
60. Tan arsa kakehan pikir / tan arsa kakehan sandhang / amung ngagem
nyamping bae / won wonten malih kang warna / kang kemit siti bentar / rame
nata karyanipun / Ki Nyawa lawan Ki Atma.
61. Ki Sukma Ki Cahya iki atanapi Ki Murcaya / wong kekalih dereng amor /
dereng mudhun karyanira / tansah dadi bicara / Lageng lan Ki Toked iku /
tansah den ungkih karyanya.
62. Ingkang angrembyong ta singgih / wau sira Ki Murcaya / Ki Nyawa asru
wuwuse / lah payo tinata karya / aja ngidhung kewala / ingajak neba karya
gung / gih dadi saya golongan.
63. Ki Ayma amuwus aris / pesthi bener iku uga / wong nganggur tanbuh gawene
/ iku milu tampi sihnya / karyane nora nana / tan bekti kemit sedalu / Ki
Nukma sugal angucap.
64. Lah nedha den iri kardi / kapanane tumapaka / apan iku nganggur bae / Ki
Cahya delingnya mojar / teka bener kewala / apan iku wong anganggur /
sedhenge den iri karyanya.
65. Lah nedha jinaluk wani / yen tan purun ngangkat karya / yen budi sun
kembarane / kinarubut ing wong kathah / wong roro rosa pira / amungsuh
wong papat iku / Murcahya meneng tan ngucap.
*
66. Mirsa wong papat angling / Murcahya angusap jaja / arum memanis wuwuse /
sakarsanira angucap / pan iya ujaring wang / ing kene apa pinadu /
winecaranen neng ngajengan.
67. Nadyan sinungana kardi / nanging sae neng ngajengan / Ki Nyawa sendhu
saure / Murcahya ngalingi karya / sila gengdi rupanya / la si Tokid karyanipun
/ tan wande sun tedha karya.
68. Suka tan sukaa kardi / tan wande sun tedha ngarsa / pesthi sun bethothot bae
/ yen kalah sun jarah / wiyahe sun balinga / apan wus tawas sun jaluk /
jajaban bae tan tena.
69. Nyawa ngucap kaduk wani / yen wus metu kordanira / tan wande medhun
gawene / badane tur tuwas rusak / Ki Nyawa asumbar-sumbar / ingsun tate
anilang tatu / sun dol nreh aden wisaya.
70. Kasaru Patih Ngijrail / miyos marang siti bentar / anata karya karsane / Ki
Patih kagyat miarsa / wadya kang padu karya / kang bala dhangan andulu /
sirep kang apadu karya.
71. Wong sekawan asmu ajrih / wus ngraos yen tinakonan / Ki Patih tumingal
langko / wong kemit apadu karya / gumeder awuruhan / nulya pinaranan /
gupuh / aglis prapta ngarsanira.
72. Ki Patih tetanya aglis / apa kang kang den padu padha / dene arame syarane
/ pating bangkereng syaratnya / kaya wong yun kerengan / Ki Nyawa nulya
wot santun / punika apaben karya.
73. Kanca kula nyageng kardi / inggih kang dados bicara / pun Langgeng pun
Tokid mangko / kula tedha karyanira / teksih ngrembyong kewala / pun
Murcahya kapiluyu / ngiloni Tokid lan Baka.
74. Pun Langgeng lawan pun Tokid / datan mudhun pakaryannya / Murcahya ing
wong dahuwen / ngukuhi wong mukar karya / panas ati kawula / Langgeng
Tokid gajihipun / sami lan kang bangkat karya.
75. Anuwun priksa Ki Patih / Patih mojar aja gancang / iku wong miji karyane /
siniyan ing gustenira / aja age ta sira / yen ana timbalan dhawuh / Langgeng
Tokid karuhena.
76. Wong roro puniku singgih / samya nganti pangandika / ana dene paran kiye /
angantia pangandika / yen sampun ta rumangsa / Ngijrail kagyat andulu / Ki
Makrifat mangkat seba.
77. Agancang dennya lumaris / Ki Ngisrapil alon mojar / wong lima winisek kabeh
/ Allah ika gusnenira / pan lagi mangkat seba / lah iringen aja kantun / den
enggal nuli mangkata.
+
78. Wong lima samya angiring / samya beta upacara / sarta lan pengawinane /
pan sampun pepak sedaya / samya nututi lampah / pan enggal lampahipun /
Ki Makrifat pan tumingal.
79. Balane samya tut wuri / Makrifat mesem jro nala / Makrifat inggal lampahe /
tan mambu wong mara seba / sarwi cawet kewala / cingak sakeh kang adulu /
samya micoreng jro nala.
80. Tan memper saos ing gusti / tanb memba wong sesarasan / ing sasolah
pratingkahe / dhateng lumajar kewala / apan kadi jaran ngerap / pan nora
nolih ing pungkur / samya micoreng jro nala.
81. Lampahe separti angin / Makrifat lampahnya gancang / kang tut wuntat keri
kabeh / kang mangkat dhingin kawuntat / dungkap prapta ing nglawang/ kang
nama kori panutup / lir pendah kori srinata.
Pupuh II
Sinom
1.
Anenggih kori punika / dedalane manjing puri / nenggih kancingipun tobat /
sesakanipun rohbani / maningkem talineki / pan rohani inebipun / payo sabar
derana / ingkang tengga kori iki / Radyan Mutmainah bagus tan sikara.
2.
Mulat Raden Mutmainah / yen gustine ingkang prapti / aglis winenganan
lawang / Ki Makrifat liwat aglis / bala kantun ing jawi / tan wonten tumut
malebu / sampun minep kang lawang / Ki Nyawa arsa tut wuri / Raden Bagus
Mutmainah datan suka.
3.
Makrifat wus manjing pura / wus linggih neng ngaras kursi / munggeng aneng
ing ngayunan / pan sampun pinanci-panci / peparinge ing gusti / warni kupi
gung perukum / murub yen tiningalan / isi madu masthika di / duk sinambut
marang Ki Makrifat ika.
4.
Gandane arum mangambar / pan wonten winuwus malih / Ki Akekat lagya
prapta / ing nglawang wesi puniki / nenggih dedalaneki / pan tigafar
kancingipun / rohani sesakanya / maniyun / tetalineki / tinebipun anenggih
kandil punika.
5.
Pepayon sampurnaning dat / kang akemit tengga kori / Rahaden Suwiyah ika
/ prayetna tan amaloni / kang Suwiyah udani / lamun gustenira rawuh / aglis
sinungan lawang / Ngakekat lumebeng puri / balanipun sedaya kantun neng
jaba.
6.
Tan sinunga kesah-kesah / pan sampun ngineban kori / lan ing balarsa
tumuta / angungkih anedha kori / Ki Suwiyah nyukani / wus nusul mring
,
gustenipun / Ki Khakekat wus prapta / nulya linggih ngaras kursi / samya
ngumpul wus ngadhep aneng ngayunan.
7.
Sampun pinanci punika / peparingan werna adi / wewadhah werna kencana /
ya isi serabat wangi / wus tinampanan aglis / marang Ki Khakekat sampun /
wonten ing ngarsanira / yata kawarnaa malih / lampahipun Ki Tarekat lagya
prapta.
8.
Ing lawang siratal ika / punika dedalaneki / kancinge panebut ika /
sesakanipun rohani / maniyah talineki / gih tarekat inebipun / payon keh
ananing dat / kang kemit tetangga kori / Raden Bagus Amarah langkung
ulama.
9.
Raden Amarah tumingal / lamun gustenira prapti / ngandika amundhut lawang
/ aglis winengan kori / Ki Tarekat lumaris / aglis lumebeng kedhatun / bala
kantun ing jaba / tan sinungan manjing kori / pan agupun amarah maniteb
lawang.
10. Ki badan anjaluk lawang / arsa tumut gustineki / Ki Amarah datan suka / dedel
dinedel ning kori / Ki badan meksa ngungkih / pan den gitek sirahipun / Ki
Badan sru bremantya / mekanjar bekalahi / Ki Amarah gitet jaja malang
kadhak.
11. Yata Rahaden Amarah / tingale ngatirah andrik / apan sarwi ngagem rotan /
Ki Badan amenthelengi / Ki Badan esmu ajrih / wekasan kendel lan muwus /
Ki Tarekat wus prapta / alinggih neng ngaras kursi / pan akumpul pinarak
aneng ngayunan.
12. Wus pinancen paringannya / Ki Tarekat marang gusti / awarni bokor kencana
/ aingsi wowohan adi / namane wowohan adi / sekar suratollah arum / pan
sampun tinampanan / wonten kawarnaa malih / ingkang kantun dhewe
nenggih Ki Sarengat.
13. Lampahe tansah lonlonan / anganteni kadangneki / tan nyana yen kantun sira
/ duk angkate andhingini / tan wruh den lancangi / marang kadangkadangipun / mila eca lonlonan / awak den liling-liling / tesbehipun samarga
den kudang-kudang.
14. Sigra nulya prapteng nglawang / sela matangkep puniki / gih punika
dedalannya / kancinge niyat sejati / sesakane jesmani / nur madi tetalenipun /
jahur inebing lawang / pepayon rengaling ngeski / kang atunggu Raden
Luamah punika.
15. Dhusta tur esmu durjana / Raden Luamah udani / yen gustine lagya seba /
agupuh mengani kori / Ki Sarengat lumaris / wus malebeng ing kedhatun /
-
lampahe lonlonan / tan pegat dennya dhikir / balanira sedaya kantun neng
jaba.
16. Tan wonten sinung tumuta / pan sampun mineb kang kori / Ki Luhur meksa
tumuta / Luamah dhupak ing sikil / wong lima aneng jawi / balane Sarengat
wahu / samya ajrih sedaya / galihe samya kumitir / sakelangkung samya ajrih
gustenira.
17. amung Ki Luamah ika / kang binekta manjing puri / ngiring-ngiring Ki Sarengat
/ Luamah dhasar galidhig / yen ana karsaneki / kalangkung denira berung /
tan kena sinuwalan / Ki Sarengat sampun prapti / sampun lenggah aneng
kursi bale ngaras.
18. Ki Sarengat esmu duka / angrasa lampahe keri / tansah menggah manjing
tingal / Kyai Ngakekat angliring ? Ki Makrifat ningali / Ki Sarengat esmu bendu
/ tumungkul sarwi bekah / pan sarwi agiget lathi / menggah-menggah pan
sarwi angusap jaja.
19. Ki Sarengat aris mojar / nanging ginarit ing ati / nora nyana badaning wang /
dene ta padha dhingini / duk angkatira kari / amung ingsun kang karuwun /
ngong lampah alon-lonan / sun nganti mring sira sami / ingsun sidhep maksih
kari wong tetiga.
20. Si Tarekat lah adena / lakune tan giring-iringan / kabehane padha jawal /
lakune padha nglancangi / si Khakekat wong baring / esmu tan idhep semu /
lah ta si Makrifat / nganggo atine pribadi / Ki Sarengat dukanira jroning nala.
21. Ki Tarekat tanpa ngucap / sru tumungkul esmu wedi / anyana badhe kadukan
/ wus karaos galihneki / dinulu netra abrit / angling pan sarwi macucu /
lathinya kajuwitan / basengut jajanya abrit / pan ajentung adangu migu
kewala.
22. Nenggih Ki Hakekat ika / gumujeng jroning ati / mulat marang kakangira / Ki
Makrifat ngesemi / aliyan dennya linggih / selonjor alulur suku / sarwi singsot
punika / melat melot anguciwis / dipun sumur geguyon lawan Tarekat.
23. Kyai Tarekat tumingal / marang Ki Makrifat iki / gumujeng amijet jaja / kang
rayi sarya winangsit / sarwi tumungkul anglirik / gumujeng suka ing kalbu / Ki
Sarengat tan wikan / nulya majeng awotsari / sampun lungguh mencangah
aneng ngayunan.
24. Sampun pinancen paringan / wau marang gustineki / tandhane lamun siniyan
/ sakarsane den saosi / wadhah mas selaka di / warna pelag isenipun / sarwi
dhedhaharan endah / Sarengat bungah ing ati / Ki Luamah ingkang marani
kebat.
.
25. Kang rupa tinampan selaka / Ki Luamah kang nampani / nulya binuka
sasbnya / Ki Sarengat aningali / panganan adi-adi / apa kang ora na iku /
Srengat ngucap ing nala / tanggon manira yen bukti / donya kerat ginanjara
dening Hyang Sukma.
26. Ki Sarengat aris mojar / tanya Ki Tarekat aris / sira pinaringan apa / yayi
marang gustineki / ingsun arsa udani / peparinge mring sireku / miwah yayi
Khakekat / sira den paringi punapi / ngong yun wruha miwah pun adhi
Makrifat.
27. Ki Tarekat aris mojar / gih kawula den paringi / sangking sihe gustiningwang /
gih punika ingkang warni / bokor mirah pinanci / nanging saingsine dereng
wruh / pan kapundhi kewala / dereng purun angungkabi / sak kelangkung jrih
bok dede karsanira.
28. Ki Sarengat aris mojar / Ki Khakekat den takoni / sira pinaringan apa / manira
ayan nu dining / Ki Sarengat lingnya aris / kawula pinancen sampun / warni
kopi kencana / ingsine dereng udani / pan adangu teksih kapundhi kewala.
29. Kawula tan purun buka / yen dede karsaning gusti / Ki Makrifat tinakon / sira
den paringi punapi / ingsun ayun udani / Ki Makrifat alon muwus / gih kawula
sinungan / warna kopi kumala di / isenipun nenggih madu pinatika.
30. Tur endah gandanya ngambar / Ki Sarengat esmu isin / mirsa wecana
mengkana / angrasa wedhar kang galih / angrebda pusuhneki / kadya
bedhaha ing lambung / nalane terataban / kumitir sajroning galih / langkung
duka dalane kadya ginongsa.
31. Ki Sarengat dukanira / lir pendah yayah sinipi / andulu marang Makrifat /
Sarengat angling saya andik / yen mengkonoa ugi / pra uga kabehna iku /
ingsun ayun uninga / warnane kadya punapi / kang gonda rum lah age para
bukaa.
32. Manira ayun wruha / lah age bukanen aglis / aja kongsi kumelamar / ing
tingalingsun puniki / aja tan suka yayi / pesthi mengko sira kabur / mring gusti
luwih wikan / manira tedha ing ngadil / asru matur Ki Tarekat mring Sarengat.
33. Inggih patedhan kawula / yekti tan suka wak mami / dene wus pancen
piyambak / peparingan marang gusti / pesthi ajrih wak mami / yen tan pentah
ing Hyang Agung / mangke sun alenggana / andika buka puniki / sak
kelangkung ajrih yen dika bukaa.
34. Khakekat nambung ujar / gih makaten awak mami / tan suka lamun binuka /
pan wus pinancen pribadi / pan wus pininta sami / marang karsane Hyang
Agung / Ki Makrifat lingira / dudu dhapur wong puniki / gih puniku tuduh
jeneng wong nelongsa.
35. Ki Sarengat sru bramantya / anglarap denira angling / si Tarekat ingkang ala /
dadya panutan wong baring / atuwa jeneng mami / datan ngajini maring sun /
sumawana Khakekat / miwah Ki Makrifat sisip / yen amuwus wong telu pan
salah mangsa.
36. Aweha nora aweha / tan wandes sun jaluk mangkin / kabeh apan duwekira /
Ki Luamah wus cawis / sebet acawetan sampun / cancut atali wonda / wus
wikan karsaning gusti / tandangipun acakut datan mundura.
Pupuh III
Durma
1.
Ki Luamah trangginas nulya angrebat / maring kang warni kopi / pan katiga
pisan / punika dipun rebat / wong tiga agrajeg sami / kae Luamah / meksa
angungkih sami.
2.
Ki Makrifat kupi meksih ginujengan / ingsine kocar-kacir / miwah Ki Khakekat
/ kupine dipun rebat / nanging kupi datan keni / pan kocak-kocak / Luamah
ngerbut wani.
3.
Ki Tarekat dipun rebut datan kena / meksih rejengan kupi / pan kocar-kaciran
/ tumiba bale aras / temahan prahara uning / Kae Luamah / kongsi ngolang
ngaling.
4.
Lir den ringut manira Ki Luamah / antuk asihing gusti / gita ing paseban /
geger kadya gilingan / kagyat wadya kang neng jawi / Ki Luhur mojar / batur
geger punapi.
5.
Allah konca baya iki ana karya / ing paseban angisis / dudu Aluamah /
ingkang gawe prakara / kang wonten lawang puniki / Raden Luamah / lawan
Suwiyah singgih.
6.
Sumawana sira den Mutmainah / samya kagyat tan sipi / amiarsa syara /
opyak kang aneng jaba / syarane pating jalerit / akeh wong lumajar / sangking
paseban nenggih.
7.
Dyan pinendheng wau sangkaning prakara / nulya lumayu aglis / wus prapta
paseban / dinulu Ki Luamah / polahe anggegilani / Raden Amarah / sigra
nulya merpeki.
8.
Ki Luamah den sikep marang amarah / Ki Suwiyah ngebyuki / miwah
Mutmainah / sigra samya tumandang / Ki Luamah den cekeli / dipun
dhedhabyang / binekta medal jawi.
&
9.
Pan sineret Luamah maring wong tiga / Luamah meksa budi / kalintang
rosanya / wong tiga sami sayah / nongga kurdane kang budi / meksih den
bayang / medal jawining kori.
10. Sekathahe bala kang kantun neng jaba / sedaya wus winangsit / gupuh sami
mara / cingak sira tumingal / deding Luamah puniki / weneh angucap apa
mulane uni.
11. Kahe Lahir angucap selamet sira / jer kena walat mami / duk andhupak mring
wang / tet kala aneng lawang / sira rasakena mangkin / sakeh kang bala /
samya kinen nyakiti.
12. Ki Luamah nulya den pala wong kathah / Ki Nyawa mala dhingin / ngasoki
gigirnya / kemadhu kang kinarya / Ki Atma sigra gitiki / sarta anekak / guglune
kongsi mlirik.
13. Kyai Sukma sigra jambak rambutira / Luamah datan osik / anulya Ki Caya /
sigra anyiram toya / Ki Murcahya angideni / Ki Soca angucap / sigra lambe
den puntir.
14. Ki Pamirsa sigra jewer kupingira / Ki Pangambu sira aglis / amulir irungnya /
Ki Paningal punika / anyalok netrane kalih / Kae LuaMah / tobate andharidhit.
15. Kae Cepta Ripta analeni tampar / Ki Luamah den godhi / nulya Kae Badan /
sigra gablok jaja / Ki EroH sigra nyiweli / ing lambungira / Ki Panarima aglis.
16. Sigra nulya anabeti / Ki Panarima aglis / nyekeli bahunya / nulya Ki Atapsila /
anerungku sukuneki / Ki ElinG sira / sigra ngileni kuping.
17. Ki Luamah polahe niba-niba / dipun wesi asati / wong lima punika / tan
wonten tumut mala / eca denira ningali / ajrih gustinya / bilih binendon gusti.
18. Sami suka wong lima nonTon kewala / pangrasane ing ati / tan wonten
duduka / ingkang panjuru bala / lamun ilang wong puniki / pan calunthangan /
yekti kapenak mami.
19. Ku Luamah ngolang-ngaling polahira / kelangkung dennya sakit / sambat
mring gustinya / gusti nedha ngapura / tan betah anandhang sakit / sambat
kadangnya / Kang Tobat dika mrika.
20. Pan Ki Tobat punika sanake tuwa / pan karasa ing ati / sambat adhuh biyang /
wong lima tan tumuta / kadange Luamah singgih / ingkang atuwa / Ki Tobat
barepneki.
21. Kang Luamah panggulune esmu dhugal / nunten amarah iki / nunten Ki
Suwiyah / anunten Mutmainah / iku tunggal bangsaneki / Luamah niba / Ki
Tobat marepeKi.
'
22. Dene mangke Ki Tobat anjaluk seca / marang Luamah iki / Ki Amarah mara /
Ki Suwiyah ika / lan Mutmainah tan kari / pepal sedaya / kadange samya
prapti.
23. Ki Luamah angucap sarwi karuna / kakang dika uripi / kawula tan betah /
nandhang siyasating wang / awak mara litang sakin / nedha ngapura /
Luamah ngasih-asih.
24. Ki Amarah ingsun iki uculana / dene kaliwat luwih / ingkang kaya sira /
Suwiyah Mutmainah / den aglis anguculi / Luamah niba / Ki Tobat sira aglis.
25. Lah ta mara age sira uculana / dene wus seca becik / Ki AMARAH ika /
kelawan Ki Suwiyah / lan Ki Mutmainah singgih / aglis tumandang / nulya
samya nguculi.
26. Yata sampun inguculan Ki Luamah / sumringah tingalneki / ngrasa lamun
gesang / dening wus linuwaran / mring kadange papat iki / Kae Luamah /
mesim lir madu gendhis.
Pupuh IV
Dhandhanggula
1.
Kang anurat ngame JroninG ati / sadangune gumujeng jroning nala / lebeting
tyas ngestokake / siyang kelawan dalu / pangetune datan gumingsir / Wong
olah gangsal wedal / ayun wruh surupipun / ing jero jinerokena / den cethekna
cethek endhek usul kadim / poma sampun belaka.
2.
Saucule Ku Luamah iki / sinrahaken ing wektu lalima / Luhur rumeksa alane /
Ki asar datan kantun / sumawana lawan Ki Mahgrib / nenggih lawan Ki Ngisa
/ sarta lawan Ki Subuh / binekta dhateng yogyana / aneng nglawang apan
samya den kemiti / tan suka lunga-lungan.
3.
Ingkang wonten paseban singgih / apan sami bubaran sedaya / Sarengat
ilang manahe / konduripun karuwun / Ki Tarekat kantun neng puri / kelawan
Khakekat / lan Makrifat kantun / lumaku gandhengan asta / alulungsen
gennya lonlonan lumaris / kantun ing wuri pisan.
4.
Ki Sarengat lampahnya aririh / sampun prapta wau ing yogyana / ing prenahe
linggih mangke / Ki Tarekat sumungsul Dhateng Gunung Jabalkat singgih /
punika Pernahira / Khakekat tan kantun / marang Gunung Erap ika / gih
puniku pernahe genira linGGih / pan mantuk sowang-sowang.
5.
Wonten den Ki Makrifat singgih / dhateng Gunung ing Ngarpat punika /
winayang wayang anggene / punika pernahipun / samya remen mardi kang
(
singgih / tansah karaseng nala / ewuh nyananipun / dene atemah mengkana /
sarupane kagungane ing Hyang Widi / samya kocap sedaya.
6.
Wonten dene kagungan puniki / kang kasebat Ki Makrifat ika / kupi kumala
ing mangke / wau sakocakipun / apan tiba ing ngaras kursi / akarya gara-gara
/ pan arupa iku / ati jro mangke punika / jajuluke Hanila Hening kakelir / warna
kadi palwaga.
7.
Ki Makrifat ingkang madani / wonten dene pasengitanira / pantes Ki Sarengat
mangke / apan ana wewengkonipun / kang atiti minongka seksi / kapat Ki
Johar awal / ing kalimanipun / duk malum si namaguna / kaping neme katrap
panjiyat puniki / kapitu ijmakira.
8.
Ane dene kagungan senelir / aneng kana gunung pitenah / nenggih punika
pernahe / tur radi warnanipun / kekajengan ageng ainggil / pange
amancawarna / papat kathahipun / samya kapulet ing ngrata / luhuripun tan
ana ingkang ngungkuli / meh kasundhul ngawiyat.
9.
Sanggabuwana namane singgih / kang angongang ing jalat punika / windu
punika ayode / selaka kajengipun / pan agodhong lungsir mulya di / pan akeh
warnanira / ana lungsir jingga ingkang adi / la lungsir kuning raras.
10. Lungsir pethak warnane nehali / lungsir wilis datan kawoworan / miwah
lungsir cemeng mangke / warna-warna dinulu / kembang mirah warna sotya
di / awoh inten kumala / lan sesotya murub / datan ana kang uninga / mung
wong cebol-cebol anggayuh ing langit / alenggah ngandhap jurang.
11. Kang angreksa wanodya yu luwih / akekasih Dewi Sarpiningrat / punika
tunggu kuncine / pan wus ginadhang iku / sapangandikanya Hyang Widi /
apan wus jangjenira / ing wau Hyang Agung / dadya ratuning kasyargan /
wanodyeku kinasihan ing Hyang Widi / yen wus tekeng ubaya.
12. Ingkang angreksa wanita YU luwih / akekasih NI DEWI KARUMAN / punika
kang sinung gawe / ing benjang janjenipun / lamun sampun dhateng ubanggi /
dadi ratuning syarga / nadyan puniku / kinasihan ing Hyang Sukma / wus
pinesthi cipta denira Hyang Widi / iku sinung pangandikan.
13. Dewi Aruman amangun kingkin / aningali kang naga bendana / angrasa owah
rupane / tan ana polahipun / wus saparti layun / ageng mapan wus ilang / tan
ngusikan kadimu barekatneki / sureme cayanira.
14. Pan dinulang mangan datan apti / ingkang aran nigena cendhala / puniku
pepangane / anenggih warnanipun / kadi wau uruh ing warih / umben umbene
ingkang / kosya manis arum / ingaran gaga sutikna / urab bawor
amancawarna cahyeki / surem ing warnanira.
)
15. Nanging esak bayanya puniki / Nagabendana sapati pejah / sangsaya ilang
warnine / Ki Aruman andulu / pan angrangkul anjrit tan nangis / tanbuh ing
polahira / tan saged aduluh / manah liwung tan anyana / mung kang raka
kang kacipta sinambat tangis / sarya mijil waspanya.
Pupuh V
Mijil
1.
DEWI ARUMAN tumurun aglis / lampahira alon / sangking ngumbul ngawiyat
sangkane / angure weni samargi-margi / datan nolih wuri / lumampah lan
pnjung.
2.
Tan aetang wirang lawan isin / tangise pan alon / sarta datan pegat sambate /
datan sande dinukan ing gusti / dene tiwas mami / kagungan Hyang Agung.
3.
paran polah ingkang ngreksa iki / tiwas ten ingong / mung kadange sinambat
tangise / ingkang wonten udyana di luwih / Ki sarengat nenggih / wus nyana
ing kalbu.
4.
Lamun dinukan marang Hyang Widi / awaknya wus along / anenedha mring
Hyang Sukma mangke / muga-muga diapuraa mami / nedha galap gampil /
muji wangsul-wangsul.
5.
Pan kasaru dhatenge kang rayi / sang dyah ayu anom / Sarpiningrat atawan
tangise / pada kang raka dipun sungkemi / pan sarya nangis / sotya abih
balut.
6.
Syara erak anganyutken ati / sasambatnya alon / lir sundari sang dyah
pangringihe / sangking sangete denira nangis / gubel kadangneki / kang raka
angungun.
7.
Ki Sarengat grahita ing ati / mring kang rayi katon / Ni Sarpiningrat maras
galihe / wus angrasa wau jroning galih / yen panggawe mami / Ki Sarengat
muwus.
8.
Sarpaningrat babo ari mami / matura den alon / kadingaren lah yayi marene /
sarwi sira tawan-tawan tangis / SARPININGRAT angling / wuwusnya wor
muwun.
9.
Pegat-pegat ature wor tangis / kakang gusti eningong / tiwas temen ngreksa
sengkerane / pan angreksa kagungan dalem Hyang Widi / kajeng sogangumi
/ nenggih samya ngalum.
10. Samya ilang warnane kang sari / alum ingkang godhong / kadi pundi kakang
mas purwane / adhuh kakang mas dika jameni / Sarengat ngling / kewedan
ing kalbu.
*
11. Nulya emut kamulyane dhingin / sigra muwus alon / tan kuwasa ing sunahe
ANGGER / tan uninga kagungane gusti / maranga ing ardi / Jabalkat wong
ayu.
12. Anjaluka pernah sira yayi / mring Tarekat mangko / Ni Sarpiningrat tikel alise /
mirsa kang raka denira angling / dene anyaguhi / dening mung satuduh.
13. Sarpaningrat rengu sarwi nangis / kesah pradong-pradong / tan pamitan sang
dyah duk kesahe / garundelan muwus turut margi / kang sinambat tangis /
kang raka ing gunung.
14. Ing JABALKAT denira alinggih / nedha tulung ingong / ingkang kantun ing
yogyana langke / Ki Sarengat lenggana tan angling / muwus jroning ati / netra
kumengbeng luh.
15. Arinira Sarpaningrat singgih / kang meksih katonton / kirang-kirang akathah
polahe / sangking pegelira ing galih / waja tansah kengis / teka asung
wuyung.
16. Penangise teka dudut ati / sarwi melot-melot / lan tan pamit wong ayu
lungane / teka pantes grundelan nut margi / gentia kawarni / kang rayi neng
gunung.
17. Ponang ardi umbul wiyat singgih / sang dyah ayun anom / RETNA DEWI
ARUMAN westane / sarawuhira atawan tangis / Ki Sarengat angling padanya
rinangkul.
18. Anungkemi pada sarwi nangis / sesambatnya alon / tiwas temen kakang mas
sun kiye / enggen kula ngreksa kagungan gusti / nedha tulung mami mring
kakang wong bagus.
19. Sun tan wande kadukan Hyang Widi / Ki Sarengat jomblong / sakelangkung
abunek manahe / aningali marang ingkang rayi / ageng dennya brangti /
amicoreng kalbu.
20. Kaya paran aweta kaeksi / katon melok-melok / tan suwala neng jroning
kalbune / Ki Sarengat istipar dharidhil / kadudoning pikir / ngusap jajanipun.
21. Ki Sarengat nulya tanya malih dhuh wong ayu anom / kadingaren nimas
mirah mrene / sira tumurun saking ngardi / sarya tawan tangis / paran dadi
wuyung.
22. Menek ana ingkang dadi watir / kapalanging raos / paran baya kang dadi
atine / alah yayi matura sayekti / Dewi Aruman angling / pan sarwi amuwus.
23. Mingsek-mingsek kasesegen tangis / awor turnya alon / dhuh kakangmas
mila prapta kene / saking ngumbul wiyat awak mami / ngreksa kagungan gusti
/ tiwas kakatengsun.
+
24. Kagungan Nagabendana sakit / tan polah lit layon / aneng ngarga kula tilar
bae / alah kakang andika tulungi / jampenana mami / kakang selak lampus.
25. Ki Sarengat meneng datan angling / agamblok jaja lon / sarya jelu-jelu
manahe / pangucape agangsul pribadi / kaya napa mami / tuwas-tuwas
ingsun.
26. Saya kathah durakanya Widi / delape awaking wong / angur baya matia
samangke / tanggung-tanggung urip awak mami / tan jamak lan jalmi / ageng
bekanipun.
27. DEWI ARUMAN umatur aris / kakang atur ingong / tambana sampun meneng
bae / ecane manah kawula iki / dika prayogani / kang mulyakna iki.
28. Kangungan dalem ingkang asakit / maras temen ingong / kaya paran aweta
rusak bae / datan wande kabendon Hyang Widi / Ki sarengat angling / tan
kuwasa ingsun.
29. Dudu ingsun tresandha yayi / kagungan kang layon / mapan ana kang pinanci
gawe / samya kinen wau nguni-nguni / sabarang neng mami / ana ing
sanakmu.
30. Kang palinggih neng Jabalkap uni / paranana mangko / Dewi Aruman runtik
wuwuse / kaya paran kakang tan nyaguhi / entheng bobotneki / mila sun
tumurun.
31. Apan sangking mukir pati-pati / mung dika kang katon / ingsun emut
kekadang dheweke / mengko sun susung datan nyaguhi / lah dumeh punapi /
datan sem maring sun.
32. Apa katungkul sandhangan putih / agung agerembyoh / manggunga rasukan
jubah bae / jejenggote ngarguyung awilis / brengose jakithit / taliwange kusut.
33. Dedeg alus kang budi / bungah den alem wong / bungah-bungah yen linanjar
bae / jenenge punapa iki / pan kakehan warsi / tuwa bangka bawuk.
34. Ki Sarengat tumungkul sarya ngling / sakarsanya sinom / lir wayang dhalang
upamane / papanjake nimas manira iki / bisa amiwiti / pinesthi Hyang Agung.
35. Datan saget mungkasi ngong iki / adhuh aren ingong / Dewi Aruman aris
wuwuse / yen mengkono godheg tanpa alis / tuwas nyanyukeri / luhung dipun
cukur.
36. DEWI ARUMAN lunga tan pamit / sarya pradong-pradong / sarwi muwus saya
brangtine / asru denya sasambat ing tangis / muhun anut margi / sambatnya
mlas ayun.
37. Adhuh gusti baya nora ngimpi / yen ingsun binendon / nenggih maring ing
Hyang Sukma mangke / sakkelangkung dening brangta kingkin / kuneng kang
winarni / kang palenggah gunung.
,
38. Wukir Jabalkap ageng ainggil / Ki Tarekat kang wong / sakelangkung
amangun brangtane / wus kawayang cobane Hyang Widi / margane bilahi /
duk samya akumpul.
39. Neng ngayunan panduka pinanci-panci / wahu mring Hyang Manon / nenggih
sangking Sarengat purwane / akarya ngrisak kagungan gusti / duk rinebat
dhingin / pancene Hyang Agung.
40. Pan kesaru dhatenge kang rayi / Sarpiningrat katon / sarya tawan-tawan ing
tangise / sesambate sang dyah mlas asih / sarya nungkemi / pada rakanipun.
41. Kya Tarekat agya den sungkemi / angrangkul jangga lon / nimas angger
manira tan dipe / Sarpiningrat matur sarya nangis / dhuh kakangmas mami /
dika dereng ngrungu.
42. Dene dika tan tolih ing mami / Tarekat lingnya alon / kagyat ing nala mulat
arine / dene beda sasolahe dhingin / Ki tarekat angling / kaya ngapa iku.
43. Babo sira kadingaren yayi / angrangkul maring ngong / apa baya ana ing
karyane / sapraptanira agegitani / matura ing mami / aja geru muwus.
44. Pan kawula semangke jrih ing sih / upamane ingong / pan kawula awong
ginadhe / mila lejur tawan-twan tangis / anedha jejampi / kang manah lir
liwung.
45. Adhuh kakang andika tambani / Tarekat lingnya lon / apa marga laranira kuwe
/ SARPANINGRAT matur bukaneki / manah esmu kingkin / ewuh jroning
kalbu.
46. Dene sampun ubaya kariyin / dhateng ing Hyang Manon / Dewi Sarpiningrat
lon ature / kadi pundi kakang karsaneki / ywa lawas ta mami / Ki Tarekat
muwus.
47. Tan Kuwasa nimas awak mami / karsane Hyang Manon / pan wus ana iku
ubayane / yen kagungan puniku ta sakit / yen wus tekeng jangji / wonten
yektenipun.
48. Sampun kersana Sukma linuwih / tuduh bae ingong / lah miyanga kadangira
mangke / kang palenggah Gunung ERAP nenggih / iku kang prayogi /
paranana gupuh.
49. Sarpiningrat angling esmu runtik / kadi pundi ingong / kakang karsa andika
ing mangke / dene teka timbalan mangkin / nanging kula suthik / mung dika
kasuwun.
50. Ki Tarekat wuwuse amanis / mirah ujaringong / lah adhepen tuturingsun age /
aja sira nelongsa ing budi / Sarpiningrat runtik / ature mlas ayun.
-
51. Yen makaten kakang dika kari / kula kesah ngulon / sang dyah agya
lumengser lungguhe / Sarpiningrat pan sarya kasyasih / siking tyas jroneki /
paran polahingsun.
52. Pan aolah lampahe lestari / apan sarwi mlerok / sang retnayu anutuh badane
/ pan duraka manira wet urip / sun tedha wak mami / kapan baya lampus.
53. Ki Tarekat anon anyekikik / dulu sang lir sinom / pan katingal separipolahe /
Sarpiningrat sarwi kontrang kantring / lumampah tan tebih / pan saya trus
lawung.
54. Ki Tarekat meneng tanpa angling / dadya datan anon / jroning ati narima
bekane / pan kasaru dhatenge kang rayi / sing ngumbul wiyati / tawan-tawan
muwun.
55. Sapraptane Ki tarekat ngliring / ngrangkul pada lon / gupuh-gupuh
sumungkem padane / sang dyah mahu matur sarwi anangis / liwat luwih gusti
/ tega marang ingsun.
56. Pan kawula katiwasan gusti / Trekat gita lon / mulat sapraptanira arine /
sasolahe beda lan kariyin / Ki Tarekat angling / dingaren wong ayu.
57. Sapraptanira gita mas yayi / ewet tangguhingong / apa baya kang dadi atine /
atanapi yen duwe kuwatir / popoyana yayi / Ni Aruman matur.
58. Api tambuh kakang dika iki / katiwasan ingong / mokal lamun tan weruha kiye
/ karsaning Hyang ingkang angsung wangsit / dinukan Hyang Widi / risak
kagunganipun.
59.
Kang wasta nagabendana nenggih / ingsun tilar layon / lah ta kakang
tambanana mangke / Ki Tarekat anahuri aris / kithing dhimpil mami / warta
dereng ngrungu.
60. Pesthi tambuh awakingsun yayi / para mido mring ngong / pan abener ujarira
mangke / Dewi Aruman umatur aris / tambanana aglis / dimen nuli mantun.
61. Ki Tarekat wuwuse amanis / tan kuwasa ingong / dudu para iku tersandhane .
kagungan rusak pan wus pinesthi / NAGANBENDANA gring / aturira iku.
62. Ingsun atuduh bae mas yayi / pan bebahan kang wong / ingkang alungguh
Gunung ERAPE / paranana yayi dipun aglis / Ni Aruman angling / esmu runtik
kalbu.
63. Milanipun andika puniki / alian kemawon / langkung pegel galihingsun kiye /
pan andika gih tumut pinanci / ngraksa kagungan gusti / lagi jajonipun.
64. Mangke dika teka angoncati / dumeh datan anon / kula tempuhake mring
dheweke / bisa punapa kawula estri / Ki Tarekat angling / nimas areningsun.
65. Aja sira salah tompa yayi / iya awakingong / anyinggahi lara lan patine /
durung ana jangjine Hyang Widi / manira sung margi / kang rayi den rungrum.
&.
66. Lah Aruman den arih-arih / angrasula kang wong / ingkang rayi ala budine /
canggeh pangucap ture matitis / basa ujar wangsit / angreka ing tuduh.
67. Rada gandes pangucape manis / Tarekat lingnya lon / ingkang rayi den
lemesi bae / den prih aja kongsia nangis / pradene ta iki / Aruman agasul.
68. Lah ta kakang mara dipun aglis / aja mandheg mayong / Ki tarekat amanis
wuwuse / dhuh mas mirah ana ujar mami / glis maringa ardi / ing NGERAP
sun tuduh.
69. Dewi Aruman amuwus aris / datan temen ingong / baya dika kalangkung
lumuhe anmepuhi maring
lara mami / yen mengkono ugi / anistha
kelangkung.
70. Alemes basa jroning ati / nora nyana kang wong / kabangkitan kawruh
tinangkise / apa dumeh ingsun wong pawestri / kaburua mangkin / lampah
dika iku.
71. Kang toya kinum sajro jeladri / adhem asrep mring ngong / mung senene den
pikirake / lir durjana tinerka memaling / kang kinarya tangkis / Ki Tarekat
tumungkul.
72. Datan kena micaraa malih / dennya mirsa anon / wuwusira kang rayi
mengkene / leneg-legeg datan kena angling / sang dyah semu runtik / nulya
lengser sampun.
73. Kesahira tan mawi pamit / kesah pradong-pradong / asru wuyung mlas sih
sambate / Ni Aruman lampahira aglis / Ki Trekat angliring / marang arenipun.
74. Mesem sarya ngusap jajaneki / eman sira anom / kontrang kantring ya
lumaku dhewe / canggeh bisa micara ing wangsit / kawarnaa malih / kang
wonten ing gunung.
75. Ki Khakekat dennya linggih / Gunung Ngerap kang wong / kalangkung dene
wuyung nalane / cobaning Hyang Sukma anekani / karaseng jro ngati /
dukaning Hyang Agung.
76. Marganira Ki Sarengat dhingin / karya rupa mring ngong / duk rinebat
kagungan kriyine / pan kesara dhatenge kang rayi / sarta tawan tangis /
Sarpiningrat wau.
77. Gupuh nulya angrangkul nungkemi / Ki Khakekat anon / sarya kinosya-kosya
padane / sarpiningrat sambat ngasih-asih / pasang tabe mami / kakang nedha
tulung.
78. Ki Khakekat kagyat aningali / mring kang rayi anon / apan sampun kumitir
manahe / andulu polahe wau kang rayi / beda lan duk uni / praptanira gupuh.
&
79. Ki Khakekat wuwuse amanis / dingaren reningong / duk tumurun asigra
lampahe / lah tutura mirah mring wak mami / sarpiningrat angling / asekel
atengsun.
80. Pegat-pegat matur sarya nangis / dhuh kakang wakingong / milanipun kula
prapta kene / pan tumurun dhateng Ngerap puniki / kakang atur mami /
katiwasan ingsun.
81. Gen kula ngreksa kagungan gusti / mangke temah layon / ingkang kajeng
sanggabumine / beda warnane kelawan dhimin / surem sorotneki / sarya
wastra alum.
82. Kaleyange runtuh tibeng siti / ngong siram tan ayom / sanget dennya risake
warnane / milanipun kawula mariki / kapang-kapang gusti / kula nedha tulung.
83. Ki Khakekat meneng datan angling / mirsa sang lir sinom / apan esmu
kemengan manahe / Ki Khakekat wuwusira manis / tan kuwasa mami / dudu
duningipun.
84. Nanging manira atuduh yayi / kang mulyakna kayon / apan nenggih kadangira
dhewe / kang palenggah Gunung NGARPAT iki / dunungen ing galih /
paranana gupuh.
85. Sarpiningrat angling jroning ati / angrasa wakingong / lamun kalunta-lunta
lampahe / manahira pan sangsaya kingkin / alon denira angling / anuwun
katengsun.
86. Kadi pundi karsa dika mangkin / menggah awakingong / dening teka
alembatan bae / pan kawula wus ngandel ing gusti / Ki Khakekat angling / lah
dununganingsun.
87. Alah idhepen pitutur mami / sira merdi mring ngong / apan durung pinesthi
wajibe / yen dadia katresandha mami / pa gene sira yayi / asalah karya gung.
88. Iya iku duduh ujar wangsit / dunungen reningong / Sarpiningrat pan rengu
galihe / yen mengkono kakang ngong parani / lengser sangking ngarsi /
Sarpiningrat muwus.
89. Sasambate tan pegat samargi / tambuh polahingong / samarga-marga sang
dyah tangise / ing yogyana kang kesthi / mung kang raka nenggih / kang
kantun ing gunung.
90. Ki Khakekat angeres manahneki / dulu sang lir sinom / pan katonton separi
polahe / Sarpiningrat tansah ngolang ngaling / lampahnya sang dewi / tan ana
kaetung.
91. Ki Khakekat angling jroning ati / eman temen kang wong / pan kasaru
dhateng rayine / Ki Khakekat kagyat aningali / praptane kang rayi / tawantawan muwun.
&&
92. Gupuh nulya nrangkul anungkemi / aneng pada alon / Ni Aruman akathah
sambate / lah ta kakang tulungana mami / kawula puniki / dinukan Hyang
Agung.
93. Ki Khakekat wuwuse amanis / matura reningong / Ni Aruman amanis ature /
milanipun kawula mariki / dhateng ngarsaneki / kakang nedha tulung.
94. Pan kawula katiwasan nenggih / inggih resaningong / apan Nagabendana ing
mangke / kadya pejah kasanget ing sakit / sun tilar puniki / sanget
watiringsun.
95. Ki Khakekat meneng datan angling / ing manah karaos / duk semana ika
purwane / langkung ewet manahira mangkin / cobaning Hyang Widi / wus
teka maringsun.
96. Dewi Aruman umatur aris / kakang gusteningong / yen ta nora waluya ing
mangkin / datan wande kadukan Hyang Widi / kakang dipun aglis /
tambanana iku.
97. Ki Khakekat anauri aris / tan kuwasa ingong / dudu manira iku tandhane /
sarusake kagungan puniki / tan ana kang pinanggih / yayi awakingsun.
98. Anyampurnakna kagungan gusti / nanging tuduh ingong / nanging ana
kadangira dhewe / kang alungguh Gunung NGARPAT singgih / paranana
aglis / mirah areningsun.
99. Ni Aruman angling esmu runtik / kaniaya wakingong / dene teka alembatan
bae / pan kawula pitaya kepati / marmane mariki / wus kaping pat ingsun.
100. Ingsun sidhep angecani mami / mangke teka linyok / dika tansah alembatan
bae / dumeh punapa kawula puniki / lah dika tempuhi / basa apatingsun.
101. Ki Khakekat anauri aris / sarta mesem alon / sarta ingarih-arih arine /
sinamur-samur yata kang runtik / sampun kaduk tampi / dunungen reningsun.
102. Ujaringsun iku yayi / apan dudu ingong / ingkang kinarya tresandhane ing
mangke / Ni Aruman ngucap sarya nangis / raka den budeni / kaburu ing laku.
103. Kadi watu kapendhem sela di / sela mor lan kang wong / sela obah kelawan
bumine / kadya angin kadhangan ing wukir / mangkya lali margi / Ki Khakekat
muwus.
104. Sarya gumuyu suka ing ati / bisa areningong / dene bisa angucap mengkene /
alah mara dunungena yayi / Ni Aruman angling / pan sarya amuwus.
105. NI ARUMAN kesah datan pamit / kesah pradong-pradong / mingsek-mingsek
ngusapi waspane / Ki Khakekat mulat mring arineki / manah esmu kingkin /
mesem mor lan rengu.
&'
106. Pegel tyase awekasan angling / eman ayu anom / dening kontrang kantring ta
polahe / lampahira datan mawi cethi / kawarnaa malih / kang lenggah ing
gunung.
107. Ardi Arpat denira inggih / Ki MAKRIFAT kang wong sakelangkung liwunge
manahe / lampahira pan aedan eling / datan nyandang jarit / angulas raga
alus.
108. Karyanira meng-ameng ing wukir / mider-mider alon / aneng ing Gunung
Arpat pernahe / sarta ginandheng astane kalih / singsot sarya muji / totolih ing
pungkur.
Pupuh VI
Pangkur
1.
Asadat sarya sulukan / clala-clulu pangucape yen angling / yen digapar mawi
kidung / sinambi tetembangan / yen anembang namane dhateng Hyang
Agung / den sesambi jejogedan / yen salat meneng tan osik.
2.
Meneng datan obah-obah / aningali lir pedah ing wong mati / yen turu bari
lumayu / sira Kae Makrifat / aningali sadhatenge arenipun / Niken Dewi
sarpaningrat / pan sarya lara anangis.
3.
Lampahe sarya lumajar / karsanira wau arsa ngabekti / dhateng kang raka
punika puniku / Kae makrifat mojar / apan sarya akagyat sajroning kalbu /
tiningalan arenira / praptane atawan tangis.
4.
Ki Makrifat garjiteng tyas / sira mangke arsa dipun sungkemi / Makrifat nulya
lumayu / minggah dhateng ngaldaka / laju minggah kandheg aneng pucuk
gunung / pan sarwi alingan sela / jemadi tetindhih ardi.
5.
anenggih Gunung Ngarepat / turan ageng inggil angleliwati / lamun dinulu
apatut / rakite lir mestaka / iya iku pamidhanganira Hyang Agung / yen kula
asung pawarta / Sarpiningrat mantun nangis.
6.
Mulat kang raka lumajar / manahira pan saya brangta kingkin / nulya nusul /
munggah gunung / Sarpiningrat karuna / lampahira suku tangan kalihipun /
sangking ewuhe kang arga / lir brajag katareng curi.
7.
Den ambah lunyu kaliwat / lamun dede babadan aresik / nulya prapta
puncakipun / Sarpaningrat sengkoyongan / menggah-menggah ambekane
melar mingkus / langkung sayah lampahira / Ki Makrifat ngungak uning.
8.
Dhateng arine punika / Sarpaningrat tak sengguh ora tut wuri / tiningalan
arinepun / aneng ing ngarsanira / Ki Makrifat kagyat dulu nulya muwus /
dhenok sira age menea / ingsun aneng kene yayi.
&(
9.
Ni Sarpiningrat miarsa / yen kang raka ngandika rum amanis / adan marang
ngarsanipun / sedya n