serat pamrayoga utama

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

SERAT PAMRAYOGA UTAMA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa
karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga
tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu
sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh
oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@

DHANDHANGGULA
Pada ☻ 01
Hebating tyas kongsi tanpa manis, kaprabawan obahing rat jawa, wimbuh
gumrah sabawane, manjing jro jaman maju, kang tinuju mung aja kongsi,
rinengkuh den sawiyah, sejane anjunjung, ajining derajat jawa, sayug hiyeg

gumolong anunggal budi, baya karsaning sukma.
Pada ☻ 02
Paring asik kang utama yekti, tumuwuh ing tembung: kamardikan, lumrah dadi
kembang lambe, nyata sewu pitulung, lenging cipta kari mumuji, wijining
kamajuan, bangkita tumuju, jumbuh lawan sang winenang, samawana kang
samya pantes ngayomi, ayuning wiyah janma.
Pada ☻ 03
Tinuwuhna piwelasing galih, wit tan tan kiyan jiwa ning kawula, tinalen sih
wilasane, dene kang sedya rukun, mung miliha kang mitulungi, tuduh benering
marga, aja slura-sluru karana yen tan rineksa, nora wurung kadi sulung lebu
geni, bareng tibeng sangsara.
Pada ☻ 04
Nora ngekul lekasing priyayi, nanging lamun wong cilik balaka, during wruh
kenthang kimpule, selak melu kasusu, tanpa naker kuwating dhiri, katut
gubyuking kathah, nora wruh ing rembug, mung ngebyuk ubyung-ubyungan,
agung alit miwah wong padesan sami, tumekeng narakarya.
Pada ☻ 05

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

2

Daya-daya denya mbuwang caping, salin topi kang cara ngamanca, ngewani
klambi lurike, tinilar tan rinasuk, selak salin atela putih, gulon amba setebah, tur
sinetik tuwuk, nyangking gitik tetepakan, kang seneja mung jajan kang sarwa
aji, neng meja pesta raja.
Pada ☻ 06
Ambaruwah semben ngombe brendhi, pangrasane iku kang ingaran, majuning
panguripane, tan wruh kaliru surup, kang mangkono ketemu mburi, nora susah
ginulang, yen wes kuat tuku, pira angene wong nyandang, nora obat yen mung
lurik salin putih, iku dudu pikiran.
Pada ☻ 07
Saya gampang salining pambukti, nora engel mangan ongklok kenthang,
cinakot pira atose, nora susah rinembung, de kang kudu sami binudi, majuning
pangupaya, kang supa kurup, cukupe ginawe tadhah, anglakoni panguripan
kang utami, pantese tininggalan.

Pada ☻ 08
Iku ingkang kudu den parsudi, bebasane; jiwa kagedhen empyak, peyok yen
kurang jagake, marma aja kalimput, kudu tartib denya mawiti, sinangkan
pangupaya, den ajeg asayuk, sabiyantu lan pra warga, lilimbang met pikiran
kang premati, tiniti patrap sira.
Pada ☻ 09
Yen wos golong gumeling budi, aja tlompe bareng sami ngangkat, nora kena
ting kalendhe, den mantep maring laku, aja dhemen anyimpang margi, lire kang
bangsa kriya, den sregep ing kalbu, ambudi geyanira, marsudi mirih wuwuh
enggale dadi, lawan beciking warna.
Pada ☻ 10
Apa maneh ingkang among tani, den amungkul pangolahing tanah, rineka
amreh mayare, lan wuwuhing pametu, tekan tegal kebone sami, miwah para
nagkodha, den sami sumungku, ambudi amrih weruha, jalane mrih enggal
lakuning grami, bebathene mundhaka.
Pada ☻ 11
Luwih angel kang mangkono yekti, nangging lamun pinikir ing kathah, pasthi
yen ana kaceke, tinimbang nyimpang laku, andhakane, kandheg tan dadi,
upama pandhe desa, tukang kajen pacul, kepengin dadi kemasan, tuwas sayah
sangune entek neng margi, pinerdi durung bisa.

Pada ☻ 12
Yen tan mungkul upama wong tani, reka-reka ngrangkep tukang rangka, tiwas
ting crewing pikire, rangkane nora payu, wit wus kalah klawan mranggi, tur

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3

sawahe kapiran, nora kober matun, iku wataking slewengan, nora wurung
suduk gunting tatu kalih, katuanan mrene-mrana.
Pada ☻ 13
Palambange lir carita nguni, ana janma wus satengah tuwa, rambute nyambel
wijen, prandene ndadak wayuh, masih anom bojone keri, saben kang lanang
nendra, uwane binubut, yen gilir mring bojo tuwa, saben turu rambut ireng den
bubuti, temah gundul melenthes.
Pada ☻ 14

Mama kudu ngong bolan-baleni, nora becik wong tanpa antepan, tiwas ngeceheceh gawe, slamet wong ati mungkul, nora mingkuh malah ngengkoki, lulusing
panguripan, mung nora ngangkah awuwuh, taken kuwating awak, aja dhemen
ajangka kang luwih-luwih, yen cupet malah lara.
Pada ☻ 15
Kang wus katon obahe samangkin, sesemune kang sami jinangkah, kudu oleh
sastra kabeh, iku pajangka luput, yen kabanjur angapirani, saking durung
ginagas, dewaning panemu, paugeraning ngagesang, sandang pangan wetune
saking wong tani, ginarap para kriya.
Pada ☻ 16
Wusing methik lan ambabar sami, tinampanan mring para nangkodha, kanug
nyebar bab jongane, iku caraning laku, kang wus dadi tataning bumi, nora kene
kewala, kang mangkono iku, nadyan sagung manca praja, tanah sabrang atas
angina bawah angina, tatane nora beda.
Pada ☻ 17
Nora nacad wong marsudi tulis, dhasar nyata yen bisa ambuka, lawanging
piwulang kabeh, marma rungsid kalangkung, nora cethek lamun binudi, yen
mung bisane maca, gampang den ewuh, nanging jeroning suraso, nyamutnyamut nora gampang den jajagi, kajaba pra pujangga.
Pada ☻ 18
Marma ana watese pribadi, yen tumprape kang ulah nagara, kudu ngugemi
sastrane, dene kang bangsa bau, watesane weruh ing tulis, mung amrih rada

padhang, wruh ing bener luput, supaya yen pinarentah, nuli nyandang
dhangane nglakoni wajib, nora selang surupe.
Pada ☻ 19
Nanging lamun kabeh oleh tulis, nora wurung sawe kapiran, saking ngendi
pituwase, aja kaliru surup, angarani wong oleh tulis, luwih aji priyangga, kang
mangkono luput, kabeh-kabeh nora beda, naja kriya nagkodha miwah wong
tani, yen becik pinilala.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

4

Pada ☻ 20
Apalire kang ingaran becik, ati temen mungkul mring gaweyan, nyukupi marang
wajibe, iku ugering laku, gugulangen lan pamarsudi, lamun bisa mangkana,
wus nyukupi butuh, kanggo sanguning ngagesang, rangkepane mung taberi

lawan gemi, iku ngelmuning donya.
Pada ☻ 21
Lamun padha taberi ngupaya, anggemeni wetun pinetang, pasthi yen cukup
uripe, iku retuning laku, nora nana ingkang ngungkuli, nanging tan kena pisah,
laku loro iku nadyan taberi ngupaya, yen tangemi yektine nora nyukupi, kinarya
ngumbar karsa.
Pada ☻ 22
Yen mung kaya ombyake samangkin, ingkang lumrah mung munggah
umpaman, kasusu katon bregase, durung wruh sangkanipun, kadhisikan selak
mbuwangi, wiring yen kongsi kalah, nyandhang manganipun, mangka kalamun
ginggas, urip bergas wragade nora sathithik, pinetung titikelan.
Pada ☻ 23
Sandangane sarwa larang sami angungkuli darbeke priyangga, tur nora awet
anggone, mung katon putih menthur, saben dhina kudu mragadi, nadhah opah
putihan, yen regenda saru, nging yen kerep den setlika, nuli dhedel
domdomane modhal-madhil, sarune nora beda.
Pada ☻ 24
Kang pinangan larange kapati, raratengan kang cara ngamanca, tur nora pira
enake, regane tikel tekuk, yen ginagas datan pakardi, jer perlune wong
mangan, mung supaya tuwuk, dudu bangsaning pameran, rasa enak dawane

among sanyari, yeku pucuking ilat.
Pada ☻ 25
Aja nguja kamurkaning ati, nora wurung tumileng sangsara, ginelar mangkene
lire, upamane pinetung, cacawangan tadhah sasasi, yen nuruto bregasan,
wolung dina rampung, lah endi sambunging tadhah, apa baya narima mung
nyisil driji, nganti rolikur dhina.
Pada ☻ 26
Dadi mundur tan maju lestari, basane kadi obor blarak, mung sakbelan
gumrubuge, mbalarat nuli lampus, kinempusa tiwas ting kempis, kari bongkatan
sada, mangsa ndadak murub, yeku lamun ninggal petang, wurung maju
kapleset tibeng bilahi, sangsara pira-pira.
Pada ☻ 27

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

5


Ywa kasusu den sabar ing budi, yen wiweka tur nora rekasa, teka kang
kinarepake, aja kongsi kaduwung, nora nyatur kang sruwa-sruwi, lire kang
sarwa bisa, iku seje rembug, nanging nadyan mangkonoa, yen kalenan ninggal
petung tanpa dadi, kacorok karusakan.
Pada ☻ 28
Nora susah ginacara malih, lamun sami rinasa ing cpta, wus gamblanggamblang jablase, mene mbaleni catur, kang tinutur wosing pambudi, dadining
pakumpulan, nedya ngarah rukun, rksa rumeksa mring bangsa, yen kalakon
pan iku rutining becik, rukun yekti santoso.
Pada ☻ 29
Umpamane sapu den esuhi, kang sakolong gebenganing sada, pinutung
tangeh cokleke, iku wujuding rukun, karosane ngebat-ebati, nanging
winudharan, sadane wus mawut, luwih gampang cinoklekan, kang mangkono
wujude tan nunggal budi, ringkih tur tanpa daya.
Pada ☻ 30
Marma rukune wajib pinardi, binudiya mring sakehing warga, mrih sampurna
pikirane, jer wataking penemu, kala-kala kalingan tali, tarkadhang tibeng salah,
malah kosok wangsul, lir salining sandhang pangan, sasat mapas marang
bangsane pribadi, kapaten panggaota.
Pada ☻ 31

Upamane tukang nenun lurik binantonan piker lan pawitan, yekti yen pitulung
gedhe, utamane kalamun, sinantosan saenggaa bingkil nadyan cilik-cilikan,
pasthi bisi kurup, wragade saking royoman, pranatane pinikir kang sarwa tartib,
tinata mring pra warga.
Pada ☻ 32
Pra nangkoda kang kudu ndombani, angepaki sakehing babaran, kang lawan
pantes regane, amrih bisa lumintu, aja kandheg anyambut kardi, dadi ben nggo
bagelan, nora kongsi bubruk, lamun wus kumpul kinulak, nuli ana kang pinatah
amajibi, mikir sumebarira.
Pada ☻ 33
Sakeh warga sami den ajaki, pdinane ing sabisa-bisa, anganggaoa lurik kabeh,
baya ta malah mungguh, tan kuciwa wong nyandang lurik, dhasar weton
masaran, kang generus alus, gilape wus sasat kaca, luwih manehtumrape para
pawestri, notog pantese nyata.
Pada ☻ 34
Priyasakna ngong candrane mangkin, upamane lurahing klampisan, lungo
jagong lan bojone, kang lanang rada besus, iket modhang kemada sungging,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

6

pacake cacatheman, carukane alus, bebed bathik kawung kemplung, sabuk
lurik gerusan peke prekentin timange ulan-ulan.
Pada ☻ 35
Klambi beskap lurik endhog mimi, benik gulon inten seling mirah, ngapit canthel
tanpa klanthe, nyothe kerise mungguh, nyangking wiron tangane kering, dhasar
brengose capang, meles den lus-elus, lah apa iku kuciwa, pangrasengan dene
wus pantes kepati, pakaianne wong jawa.
Pada ☻ 36
Mbok mas lurah lumaku neng wuri, tapih ijo tumenggungan, lurik abang
kulambine, kekemben tuluh watu, slendhang bledhak tur latar putih, wadhuh
katone jejek, sasat Sri tumurun, saben wong kapapang marga, kongsi mlengak
sawaneh ana ngarasani, iku panduganing.
Pada ☻ 37
Nalika den idhamaen ing nguni, wohing anggur rujukane baya, ala nganggur
sajakane, yen nyandhang sarwa patut, malah katon nyontok kapati, ingsun tan
wareg nyawang, kudu ngulu idu, begjane kanca Klampisan, nora larang Mas
Lurah Nglimang sukoni, nanging cacade ana.
Pada ☻ 38
Dene nora weruh nemun ngantuh, wit pipikan saking jroning nagara, mung
sembagi kuline, putih potongan bandung, tapih lereng sabukan angkin, patut
prigeling solah, sigrag nora sigug, tekan swarane peng-pengan, yen angudung
duduk wuluh den gitari, tibane kembang kacang.
Pada ☻ 39
Kudu nyebut yen sun raseng ngati, kabag temen illaha ilallah, ketanggor padha
canthase, mung yen sentor kalungkung, Ki Mas Lurah nora ngrujuki, sarwa lurik
ya bregas, baya kalung usus, mulane kinong mangkana, yen anyandhang kang
sembagi tipis, sadhela mowak-mowak.
Pada ☻ 40
Wong nhmanca dennya nyandhang putih, lam sembagi kang tipis ngarangan,
jer iku darbeke dhewe, wus dadi wajibipun, duwek-duwek den anggo sami,
marma aja kageyan, kudu melu-melu, kang patut dadi penginan, mung pintere
yen kena den irib-irib, iku luwih utama.
Pada ☻ 41
Aja ngira yen tan klambi putih, nora kena den anggo wawadhah, isi kapinteran
akeh, mundhak agawe guyu, pinter mono neng jroning ati, budine kang
tumandang, kudu bisa cukup, yen wus kecakep sanyata, nadyan silih bnutel
neng lurik teki, mangsa ndadak mbrojola.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

7

Pada ☻ 42
Ingsun seneng yen ana priyayi, agung alit yen nuju padinan, ngagem sarwa
lurik wae, dene katone mungguh, ngirid ragad tur makolehi, lamun nuli
kalumrah, kaki kang winuwus, kabeh antuk kamayaran, ton kabrebet pituwase
murakabi, mring bangsa kadang warga.
Pada ☻ 43
Nora beda pamikiring bukti, kurang apa pepaking ratengan, kang aran duweke
dewe, nadyan wowohanipun, apa kurang kang adi-adi, regane warna mayar,
nora ngaluk-aluk, tur rujuk rasaning ilat, labet saking pancene wus den panceni,
saking karsaning Suksma.
Pada ☻ 44
Lawan malih aja salah tampi, sandhang pangan kang saking amanca,
marmane linarangaken, nora saking pinunjul, lan rasane tan ngliwati, mung
kalakone teka, akeh wragadipun, mring piranti miwah lampah, kabeh-kabeh
pangetunge den tikeli, jinentolken mring sira.
Pada ☻ 45
Prelu apa dhemen mragadi, nora manjing enaking panganan, nadyan kang
weton ing kene, yen ginawa mring purug, tikel tekuk regane nuli, parlune mung
anguja, mring wong kang gumunggung, tur neh saben wus pinangan, mung sak
lapan lamun ilat wus winalik, ilang labeting rasa.
Pada ☻ 46
Kang mangkono kudu den weruhi, aja lali mung melik sakala, elinga dina
esuke, yen leno nora wurung, sesuk abot ngungkuli wingi, jer mangan sak
tungkulan, bayare kumrupyuk, padha lan tadhah rong dina, tinekadan patikane
ompongya wis, sasat newah sangsara.
Pada ☻ 47
Mung gumunggug kendel mbuwang dhuwit, nora nolih kang kari nang wisma,
pating clengger panangis, nadyan kang sarwa cukup, ala apa wong simpen
dhuwit, begja yen bisa torah, ngaraha atutulung, marang samaning tumitah,
antuk labet kautaman lairbatin, aneng donya akherat.
Pada ☻ 48
Lamun nyata rukun trusing ati, yekti nganti karasa ing cipta, sunthik kaliwat
enake, marga yen ngenak-enuk, sasat kolu nora melasi, mring sanak kang
kasrakat, nyengka ngarah balur apamaneh jeneng iwak, adhakane mung
sambel lan tempe bungkil, ginayang mementahan.
Pada ☻ 49
Iku kabeh jatining budi, nora susah klayu kakyalan, kudu salin barang-bereng,
karona kang kalaku, neng sajroning jaman iki, pangrasa wus cukupan, nora
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

8

aran saru, candrane Lurah Klampisan, pan wus bregas nanging nora
ngluluwihi, pantes tiba mejane.
Pada ☻ 50
Den ararah pangarahing ati, pira-pira wus tekan wus tekan mejana, gliyakgliyak yen ing tembe, bisa lestari maju, marma kudu den kawekani, golek dalan
kang padhang, aja grusa-grusu, elinga basane ana, alon-alon yen kalakon kang
kinapti, yekti sewu nugraha.
Pada ☻ 51
Nanging aja sungkanan marsudi, den aminter netepi kebebasan, uler kambang
sak titahe, yen mogok meguk-meguk, bali kesed arane sami, aja meleng
lumuhan, samubarang lumuh, den awas mring wawatesan, sakeh laku ana
kena den lumuhi, ana kudu den angkat.
Pada ☻ 52
Ingkang wajib padha den elingi, nglungguhana rasaning manungsa, aja gelem
den saseng, tinuntun kang tan urus, kaya kebo wus den keluhi, yen padha cipta
arja, lan tan duwe luput, ngidaki benering lampah, nadyan mungsuh setan
belang aja wedi, den mantheng panthelengan.
Pada ☻ 53
Kongsi nggalur nembang gula milir, kang den ulur nalising nalar, ginelar
jeneliraken, rekane kaya weruh, wewerite laku utami, temene boya ninga,
nanging babo lowung, wulange waleh walaka, lukukike dumunung neng kang
nglakoni, kono padaha rinasa.
Pada ☻ 54
Jer tan kurang kang wajib mengkoni, kene mono nora melu wenang, nanging
kudu cawe-cawe, weh pitudhing rukun, reka-reka ngurun-uruni begjane yen
katampa, nora tiwas muwus, berage wong nonoman.

SINOM
Pada ☻ 01
Marmane aja pepeka, pekaken hawaning budi, dadining sakeh sangsara,
karana kalingan lali, lumuh sami ngelingi, teberi gemining laku, lekas arsa
jumangkah, angangkah tindak utami, twmah pap saking luput marganira.
Pada ☻ 02
Upamane kang sumedaya, marani pucaking ardi, kudu wruh benering marga,
sangsarane den wekani, lamun nora patitis, nadyan wruh tujuning purug, baya
ngekol kaliwat, yen selak theyol neng margi, luput-luput kepleset tibeng jujuring.
Pada ☻ 03
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

9

Aja limut mring bebasan, si getun tekane keri, lire yan sami kalenan, ngenakenak saben hari, nora lawas sayekti, atine kalebon getun, naning piluh getuna,
wus adoh kang den getuni, binurua playune wimbuh rekasa.
Pada ☻ 04
Marma ngong bebel wewarah, miliha kang mitulangi, nadyan wong liyan
balaka, kang saguh tuduh ing margi, lamun wus den titeni, katon katalanipun,
sedya rumekseng sira, becik pituruta sami, wus jamake tinulungan mring
sasama.
Pada ☻ 05
Watake wong pagunungan, yen ana janma kang prapti, katon bingung tan wruh
prenah, nuli enggal den tampani, wineruhken kothang-kathung, layak rada
rineka, den engkol-engkol sathithik, mrih aweta melu mangan sangunira.
Pada ☻ 06
Duk ingsung nguni lalampah, munggah mring puncak merapi, mangkono nora
prabeda, tinampan wong kaki-kaki, kojahe warni-warni, dhasar pinter
anggalembuk, nggaremeng turut marga, tan pegat ngiming-ngimingi, saanane
wijiling jurang myang arga.
Pada ☻ 07
Cucuwilan walirang bang, who polong lan rasuk angin, jare sawahe prayoga,
mung saking den athik-athik, nanging munguhing mami, tan ana pinginipun,
mung kelut piniluta, sun tuku lan mituwasi, kongsi suwe lagi tekang selakapa.
Pada ☻ 08
Nengkono tyasingsung ngrasa, lamun rada den akali, kyaine nora prasaja,
panuntune kanthi pamrih, katujune inguni, rada kandel sanguningsun, sun oso
sawatara, kyaine kareseng ati, nora suwe wus ngancik puncaking arga.
Pada ☻ 09
Enggar karenana tyasing wang, mulat lalangening ardi, nedya rerem sawetara,
ing bating ngiras nenetepi, kyaine duk udani, lamun wus krasa tyasingpun,
miwah wus wruh ing marga, samana tininggal mulih, mung sinungan pamuji
arjaning sedya.
Pada ☻ 10
Iku watake wong liyan, nadyang arsa mitulungi, pamrihe dinokok ngarsa, nisil
sangu urut margi, marmane nyawa lali, sajrone samya lalaku, ing batin den
wiweka, aja keh den pingini, yen kalenan ludhis sisil kewala.
Pada ☻ 11

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

10

Ngendi kang arsa sinedya, wawasen pamahireki, yen tinuntun kudu minta,
margane mring enggal prapti, lir lakuningsun nguni, dupi tumekeng paran, tur
tuwuh wiweka manis, tan pangiran marmane tininggal nulya.
Pada ☻ 12
Pedah apa tinunggonan, den pepenginan nora keni, iku pra lambanging
lampah, ngong gelar minangka tamsil, mung kadohan sathithik, pathine lamun
ginilut, lete yekti karasa, paran kakarepan mami, pamedhare badhaenan
mangsa bodhoa.
Pada ☻ 13
Mbaleni tembung balaka, kadi wuwus ingong ngarsi, aja kakehan cangkriman,
ambibingung raywa lit, mangkya anuntun, menetah ing satitah, bretehe
mangkene iki, karep rukun iku pangareping sedya.
Pada ☻ 14
Naging aja kaya bocah, inconeden rukuni, kang ora icon jinothak, iku ngong ora
ngrujuki, lire wus kang kaeksi, yen ana kang durung mlebu, gegebenganing
warga, teka padha den panasi, tarkadhangan yen kacenthok pinilara.
Pada ☻ 15
Iku kang luput kaliwat, mung saking durung pinikir, yen ginagas ngendi ana,
wong nora kepingin becik, lan nora dhemen luwih,
Tekan utamaning laku, nggone durung kalakyan, saking kapesaning dhiri,
nanging mokal yen milih kang sarwa ala.
Pada ☻ 16
Nadyan kang laku durjana, pasthi wis weruh pribadi, selehe salahing solah,
mulane nuli andhelik, dene denya nglakoni, mung kudu nambeli butuh, destun
tetep ingaran, apesane kaworan lali, yen elingan mboya milalu palastra.
Pada ☻ 17
Lire iling pan mangkana, weruh parluning ngaurip, mung becik kang den upaya,
karana tan wurung mati, pagene laku maling, mitenah sameng tumuwuh,
dosane tri prakara, dhingin alane pribadi, kapindhone maweh susahing
sasama.
Pada ☻ 18
Ping telu nora rumeksa, marang gadhuhaning Widhi, den ajak laku durjana,
garumutan saben ratri, iku luput kapati, ngasoraken titipanipun, sawiyah aiyaaiya, ing benjang tekaning janji, nora wurung dadi intiping naraka.
Pada ☻ 19
Panggelaringsun mangkana, mung kinrya tandha saksi, yen yektine nora ana,
wong tan kepingin utami, nggone durung umanjaning, mring warga kang mrih
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

11

rahayu, mung lali lan kapesan, marma aja den cecengil, mung elingna ajaken
ngankah utami.
Pada ☻ 20
Wusing dadi rurukunan, gumolong anunggal budi, iku deging kasantosan,
karosone nggegirisi, apa kang den karepi, kalakone sasat tamtu, mulane kudu
mulat, elinga wus nunggal budi, rusak siji rusak bareng sanalika.
Pada ☻ 21
Iku kang tansah ngong rasa, dadi sumelaging ati, begja yen tumekeng enak,
yaiku kang sun pupuji, kepengin melu mukti, mung kari kendhangan dhengkul,
dhuh Hyang Mahakuwasa, kang sipat murah lan asih, angarsakna titahe tibeng
raharja.
Pada ☻ 22
Kabacut lacutting ucap, pancene wus ciriwanci, lir menco ngoceh micara,
clewa-clewo kapiyarsi, yen karengeng rarywa lit, baya ta den ewul-ewul, lir tikus
munggah paga, iku parikane sami, ra rumangsa nora pecus kok micara.
Pada ☻ 23
Nanging ta tyasingsun meksa, saking kudu ngunguruni, karana yen nora awas,
tiwas ala nora olih, lir wong memet neng lali, aja butheg toyanipun, mung
minane den kena, mengkono kang nong pengini, nora gupak nanging antuk
ngepes iwak.
Pada ☻ 24
Iku kang kudu rinasa, binudi ing rina wengi, kapriye prayoganira, supaya tekan
tumuli, nanging mungguh ing mami, bodhon-bodhon tambel butuh, yen
tumpraping akathah, aja kadonan pambudi, manungkula taberi anambut karya.
Pada ☻ 25
Jer sakehing pangawalian, ana tumprape pribadi, upamane pra sarjana, kang
putus marang sastra di, lan siswa kang wus mijil, saking pamulangan luhur, lan
coba takonana, apa ndadak bisa ngarit, dinadara drijine buntuk sakala.
Pada ☻ 26
Marma aja kliru tampa, kasusu ngran-arani, sawijining kapinteran, kinara perlu
ngluwihi, iku pan durung pasthi, aja mlepes amalupuh, kabeh kanggo ing
karya, lamun wong ngingu turanggi, pasthi sira wong ngarit kang pinilala.
Pada ☻ 27
Beda lawan pra sujana, kang kudu anjana langit, lan mabur ngideri jagad, iku
pancen wus pinasthi, saking karsaning Widhi, dadi las-lasing tumuwuh, nanging
ta nora susah, kabeh-kabeh anglakoni, ngong narima ngrungu lan nyawang
kewala.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12

Pada ☻ 28
Destun meling mring kang bisa, basane wong ngatas angin, poma aja kongsi
tinggal, marang basamu pribadi, upama mburu sili, aja nguculake kutuk, yen
sira nora wikan, surasaning basa jawi, lamun arsa nununtun mangsa bisaa.
Pada ☻ 29
Dadi kapinteranira, mung sira anggo pribadi, nora asung tetempilan, marang
bangsanira sami, nrima enak ndheweki, yen mangkono kurang parlu, tan mikir
mring ngakathah, gampang wong urip pribadi, nora susah rinembung sakehing
janma.
Pada ☻ 30
Lire sira sumurupa, mulane sira pinuruih, anggayuh mring kapinteran, manawa
ing tembe dadi, bisa ngemong ngayomi, mring sagung kang sira wengku,
ngegungna tepa-tepa, tutunen tuwuhing ati, mrih tumrontong rada padhang
sawatora.
Pada ☻ 31
Lan aja pisan mentala, meres kringete wong cilik, prentahen kang duga-duga,
kuwate padha nglakoni, miwah bisaa tampi, pituwas kang rada kurup, kena
ginawe tadhah, nguripi mring anak rabi, aja sira mung mikir kanthong
priyangga.
Pada ☻ 32
Nadyan wong cilik balaka, aja sira ceri-ceri, sapantese ajenana, jer aran
padhaning janmi, yen sira bakal lali, mung eling marang awakmu, dadine nora
beda biyen tangga kang ngguntingi, ing samengko cinukur kanca priyangga.
Pada ☻ 33
Iku ucaping ngakathah, sung penget mring pra winasis, yen kongsilimut ing
cipta, pasthi padha den suraki, dene kang wus linuwih, mring wong cilik mung
mumuruk, aja kakehan polah, kapengin kang luwih-luwih, angger bisa urip
tentrem wus prayoga.
Pada ☻ 34
Luwih maneh wong padesan, tan susah anjaring angina, mung ngaraha rada
mayar, pikulane saben ari, bisa ngaso sathithik, lan suda kapaling punuk,
miwah anthuk pituwas, kang kurup sayahing dhiri, dimen bisa mangan kang
rada mirasa.
Pada ☻ 35
Miwah duwea simpenan, pangganggo kang rada resik, saben selaning
gaweyan, garu maluku lan dhangir, ulihe aja kongsi, leatari galupurut endhut,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

13

sawusing awak-awak, salina macak sathithik, bisa sanja golek seneng
sawatara.
Pada ☻ 36
Dene kang mangka sarana, tan liyan saking taberi, ngolah tegal sawahira,
lawan patrap kang patitis, ingsun ngancer-anceri, mung amek kango ran baku,
lire mung arsa medhar, patrap pananduring pari, jer punika kang dadi bakuning
boga.
Pada ☻ 37
Yeku panggaraping sawah, kudu den rampungken dhingin, dimen rerem
sawatara, nora selak den tanduri, mrih rurungkudhing siti, kang mentas keneng
waluku, wus luluh wor ing lemah, muwuhirabuk lan lemi, yen kasusu sawahe
nora prayoga.
Pada ☻ 38
Wit rusaking rurungkudan, lagi wiwit ambosaki, ngemu panas mawa ama, yen
kasusu den tanduri, tandure yekti gering, sundepen ghodhonge alum, lan
abang pucuk sulang, yen ilang segering wiji, menthek suka tekane nusul
kewala.
Pada ☻ 39
Liyan pangolahing lemah, parlu yen mikira wiji, olehe kang seger waras, iku
kang perlu ngluwihi, yen wijine tan becik, saking endi dennya ngukup, wetuning
wewulenan, nara liyan saking wiji, parlakona aja ngira ngarah apa.
Pada ☻ 40
Kedhokaning pawinihan, yen wus ginarap kang becik, lan tilasing rurukudan,
wus dadi lemah lan lemi, ginula-nula nuli, kang sadhepa ambanepun, dawane
telung dhepa, mrih gampang yen den sebari,wus mangkana nuli leren kang
warata.
Pada ☻ 41
Pirantine kang prayogi, gadebog lan pring kang gilig, pamrihe papan warata,
den eleb kacakan sami, yen arep den sebari, kang sedengan telesipun, mrih
gabahe kreteta, aja mablas maring siti, duga-uga aneng blabage prinyangga.
Pada ☻ 42
Dene panggarape gabah, kang arsa den anggo wiji, aneng tampah tinapenan,
ingkang gabug den ilangi, tumuli den enteri, kang enteng amrih ngalumpuk,
jupuken dhewekena, pinangan wae prayogi, yen sinebar kurang seger
tuwuhira.
Pada ☻ 43

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

14

Gabah kang wis pipilihan, mentes antep den wadhahi, neng tengok nuli
pamahna, kang kekum ing banyu mili, yen ora ana kali, mung banyu seger wus
cukup, lawase winatar, telung dina telung bengi, yen sinebar meh malethek
thukulira.
Pada ☻ 44
Nanging yen wus telung dina, tengoke den etus dhingin, penyebare kang
warata, aja kongsi tuympang tindih, rada wong sathithik, luwih becik tuwuhipun,
takare yen sagulan, gabahe setengah kati, lamun turah kang karangen
wuwuhana.
Pada ☻ 45
Nanging poma elinga, aja kekerepen kongsi, yen kakehen gabahira, nora
turung tumpang tindih, tembe tuwuhing wiji, kang becik mung dalemok cung,
sabanjure mangkana, tumeka tuwaning pari, nora bareng salong kasep
panenira.
Pada ☻ 46
Sawusing wiji sinebar, wuwurane awu nuli, wratakna aneng gadhangan, keh
sitheke kang nyukupi, tinimbang kehing wiji, watara tikel sepuluh, nuli leben ing
toya, mrih umes telesing siti, yen wijine wis melethek nuli den satna.
Pada ☻ 47
Suwene kinira-kira, aja baceg aja garing, sabanjure gigiliran, mrih ajeg umes
lastari, nurut wataking siti, mawa-mawa nora tamtu, kongsi tumekeng mangsa,
bakal pandadaring wiji, iku uga tangguhen aja sembrana.
Pada ☻ 48
Watarane pirang ndina, sedhenge umuring wiji, kang rujuk jodhoning lemah,
kudu nyoba den titeni, lamun wus ndungkap wanci, mangsane arsa dhinaut,
eleben kang prayoga, mrih empuk rabuking siti, yen dhinaut ora tugel oyote.
Pada ☻ 49
Yen amrih resiking lemah, aja sinabetken sikil, uruten wirih kewala, nuli cinelup
neng warih, miwah dennya naleni, aja pati seru-seru, reskanen aja rusak, kehe
takeraning wiji, yen sabau sakati gabah watara.
Pada ☻ 50
Yen tandur kang gabah rada arang, let sakilan wus nyukupi, uger wijine
prayoga, lan aja dhoyong kapati, yen kekerepen wiji, nora akeh anakipun,
wulene malah suda, lah apa padahe dadi, babasane wuwuh bandha suda rega.
Pada ☻ 51

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

15

Lawan yen dhoyong kaliwat, wulune pancer katindhih, kalah lan wulen
soglangan, iku luwih mitunani, lamun padha nastiti, temen miturut pitutur, abad
kang kalampahan, tinemune makolehi, Insya Allah kameton kalising ama.
Pada ☻ 52
Iku pangrekaning swah, kang lumrah kena pinikir, aja mung ngugemi kojah,
kang durung den sumurupi, nadyan ta ana yekti, takon kang luwih lembut, yen
durung kanyataan, aja banget den wedeni, gugon tuhon sathithik rada
ungkuma.

PANGKUR
Pada ☻ 01
Kajaba kang wus kawedhar, gigon tuhon akeh kang mitunani, anut kaul ela-ela,
slametan saben dhina, yen kakehan yektine nora pakantuk, tiwas ngeceh-eceh
tadhah, bandha bau saben ari. Ujude kurang tumanja nora kaya ulah slameting
ati, iku kang luwih pakanthuk, nadyan ora kondangan, lamun padha salamet
atine mulus, wus antuk berkahing suksma, pasthi padha den ayomi.
Pada ☻ 02
Nadyan silih sidhekaha, lamun ora lawan eklasing ati, arane ning isin mundur,
kudu weweh-wewehan, weh rekasa kang kapeksan melu-melu, kelu ambyoke
kang bisa, kang compleng ambrebes mili.
Pada ☻ 03
Malah kebalik balaka, kang sinedya
kudu amrih utami, nanging nora
kuwatipun, apese mung duwea, arit bendho kang landhep lan linggis pacul,
yen becik gagamanira, nununtun karep taberi.
Pada ☻ 04
Lamun ngingu rajakay, den abecik nggone padha ngopeni, saben amek
gawenipun, nganggoa tepa-tepa, rajakaya iya titah lir sireku, lamun sira tanpa
tepa, milara kurang ngopeni.
Pada ☻ 05
Kewane anggresah uga, weh wewelak wilalat mring sireki, lawan yen kongsi
kapasuk, korut saking rekasa, temah lara saben ari saya kuru, sapa kang
keneng pituna, liyane sira pribadi.
Pada ☻ 06
Sakeh kang darbe sasanggan, nora kena sinramalkaken sami, luwih maneh
adol lempung, lan pari durung mangsa, nadyan adol adegan nora pakantuk,
kalebu wong nggesa mangsa, maweh rekasa ing wuri.
Pada ☻ 07
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

16

Nadyan adol gegdhengan, lan badhulan kabeh kurang prayogi, baike padha
tinutu, dolen wus dadi beras, pakolehe antuk ninggal dhedhak katul, ngayemi
aneng padesan, dadi gajuling rijeki.
Pada ☻ 08
Tinimbang buruh mring liyan, anggarapa darbekira pribadi, neng omah denira
nutu, iya untuk pituwas, menir agal liniwet dhewe pakanthuk, kecere nora
jinarang, mring pitik iwen nglemoni.
Pada ☻ 09
Mulane samektanana, angingua bebek ayam kinardi, nadhahi gogroganipun,
yen kurang kang pinangan, nora sambat mung sasaba luru-luru, den eling
padha parlokna, ingon-ingon aja sepi.
Pada ☻ 10
Muwuhi regenging desa, yen mangsane wus ngendhong saben ari, sapa kang
sinungan lawuh, tarkadhang salong kena, sira cangking neng pasar kinarya
buwuh, saat batin uga-uga, angrewangi rambut kardi.
Pada ☻ 11
Ana maneh buwuh tadhah, yen jro desa katrajang kalen mili, gawe suwakan
pakantuk, saben pasar wus kena, sinambetken ing bocah pasthi gumrudug,
melik mulih oleh iwak, tru antuk sukaning ati.
Pada ☻ 12
Yen ginawe pangagguran, nyuwekane suwakan cilik-cilik, yen surup den ipukipuk, dhingin pyuarana dhedhak, sawatara yen ana iwak malebu, adhangana
senik wong, ginobyak iwake keni.
Pada ☻ 13
Lawon gawea wiyasa, kang prayoga pinangsang wayah bengi, tetelik kalaning
welut, cangkringan maring sawah, sinambia sembari ngingrih banyu, dimen
kopen tan kapiran, tur ngiras nganglang ing wengi.
Pada ☻ 14
Reweke nora sapira, pura bara narik renaming ati, pakolahe loro telu, tur menek
kabeneran, nuju oleh plihe wus nyangking lawuh, upama sun neng padesaan,
iku rada sun miliki.
Pada ☻ 15
Reskanen sakeh wowohan, den telaten ngenteni tekeng wanci, yen gedhang
kang nganti suluh, krambil kang kongsi kocak, aja pisan dhemen ngundhuh
denganipun, ing mburi krambile rusak, mateni awak pribadi.
Pada ☻ 16
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

17

Ngungundhuh kang durung mangsa, yen rinasa padha katuanan sami, tunane
kasusu ngundhuh, saking sudane rega, tinimbangan pitunane wong kang kuku,
yen pinangan ora enak, tarkadhang malah ngalarani.
Pada ☻ 17
Nadyan enak rujak degan, mung dolanan dudu bakuning bukti, mulane aja
kasusu, kanggone yen wus tuwa, nora nyatur yen nuju ginawe jamu, iku aran
mangsa kala, nora dadi ngapa yekti.
Pada ☻ 18
Yeno adol lotis lan rujak, maweh lara ngiras ngamani kitri, rinontok kakehan
tlutuh, ing mburi nuli rusak, tan kalalen ingsun nglilasi bijomu, yen ngidhamngidham kawaron, nglotisa dhewe aspiring.
Pada ☻ 19
Nadyan si rong piring pisan, mangsa ndadak entek pelem sauwit, mung nuruti
wong kemayu, rusake alise jwa kongsi putung, upama sun larangana, nora
wurung den seriki.
Pada ☻ 20
Mbok nganten katone lantap, nora kena pinambeng maleroki, sathitik edhang
ya mbakyu, ingsun ngereksa padesan, nadyan epring aja kongsi den barubuh,
antinen lamun wus pendhak, kajaba yen kanggo tali.
Pada ☻ 21
Sakeh wayanganing desa, kang tetela nora nipkahi, prayoga tegoren gupuh,
salinana kang nipkah, ing papager ulurana klentheng randhu, urut watesing
pomahan, kanggo uger-uger benjing.
Pada ☻ 22
Kapuke kalap kaliwat, luwih saking dhadhap jarak lan metir, rangkepana tela
gantung, nadyan nganti atusan, abot apa yen ngelepeh isi tinandur, ngulure
nora rekasa, yen awoh sasat mamangsih.
Pada ☻ 23
Ganeping prabot padesaan, amiliha kang dadi dhukun bayi, patulunge luwih
parlu, yen ana wong carandha, kang wus tuwa lan kang akeh anakipun, nadyan
sabusuka neya, kulina ngopeni bayi.
Pada ☻ 24
Tunggale kang perlu uga, kudu duwe kaum kang rada becik, pira bara aran
cukup, bisa nyambi mumulang, pakolehe luwung-luwung anuntun, payenggah
laku maksiat, adhakan nentrmken ati.
Pada ☻ 25
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

18

Amrih asrining padesaan, papagere kudu dipun parsudi, galengan kang jejer
lurung, becik kang rada amba, pira bara yen jembar sadhepa kacung, wong
mikul bisa petukhan.
Pada ☻ 26
Wekasan mbaleni ujar, gedhe cilik kudu rukun lan adil, tegese kang tiba
ndhuwur, ngemonggo kalerahan, yen marentah aja ladakgrusa-grusu, wong
cilik budine cekak, yen kliru surup drawasi.
Pada ☻ 27
Kosok baline mangkana, ingkang ngisor kudhu miturut sami, yen wus bener
prentahipun, tuli lakonana, nanging lamun ora adil denya mengku, becik
lapurna kewala, pasthi nuli den adili.
Pada ☻ 28
Sigeg nggonipun micara, anunutun kanca padesan sami, samono iku yen
mathuk, tan ewuh linakonan, yen orane jupuken jejering parlu, rukune ingkang
den arah, mrih slamet cukup lan becik.
Pada ☻ 29
Samangko salin babagan, mrih majuning kriya lan laku grami, naging
pamedaharing wuwus, nora susah ginancar, kang amoncer ricikane kongsi
nggalur, kadi nggoningsun micara, carane wong ulah tani.
Pada ☻ 30
Karana pamikiring wang, sumebaring kriya lan para grami, tan patya keh
ananipun, yen tinimbang kalawan, gumelaring kang ulah tani sadarum, tur
ananing wong padesaan, akeh kang katunan budi.
Pada ☻ 31
Beda lawan pra nangkoda, miwah kriya samya darbe pagarti, yen mired kang
wus kadulu, kabeh kang dadi kriya, mung sarana nunulad nora sinau, prandene
katon tumindak, tarkadhang wus rada wegig.
Pada ☻ 32
Iku minangka pratandha, lamu padha mempan budine minter, mamane pantes
binatu, mrih majuning pakaryan, lamun kena rembugana dimen kumpul, kang
mikir sakehing reka, pra warga kang ahli budi.
Pada ☻ 33
Sarana mired nunulad, pirantining kriya ngamanca nagri, lamun maksih kurang
kawruh, becik nuli miliha, ingkang limpad patahen dimen ngguguru, ngupaya
kawruhing liyan, waragade den uruni.
Pada ☻ 34
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

19

Ing benjang yen wus sampurna, pangarwruhe pinencaraken nuli, mrih lulus
bisane maju, aja mung tanpa mundhak, sakeh kudhi udhag-udheg tekan
empluk, kapinina liyan bangsa, kang bisa ambakar beling.
Pada ☻ 35
Tan liya bakale lemah, nora kurang ing jagad kebak siti, dadine mung saking
kawruh, iku udinen samya, yen wus ngong kukudang, anak anung ngluluwihi.
Pada ☻ 36
Kabeh-kabeh nora beda, marsudia kaundhakane sami, upama kang tukang
nenun, iku kudu ngaraha, nganthi lawe kang putihe kongsi mencur, pira bara
nuli bisa, niniru anenun mori.
Pada ☻ 37
Nadyan durung warna-warna, loro iku kang banget ngong pingini, baya wus
sewu pitulung, kanggo neng jagad jawa, yen pinentang bathine maewu-ewe,
karana tekaning tadhah, wus tanpa wragad neng margi.
Pada ☻ 38
Lawan adegining pakaryan, mung ginarap kadang warga pribadi, wiwit nandur
wijinipun, tekan dadi tenunan, kang anggarap uga wong maewu-ewu, kabeh
bakal kawaratan, antuk pangaweyan sami.
Pada ☻ 39
Wekasane wuwus ingwang, asung rembug kang padha laku gremi, sudagar lan
liyanipun, wajib nyantosanana, mring pra kriya rewangana urun-urun,
pamrayoga lan wragad, mrih mragang bisa ngadani.
Pada ☻ 40
Lir barange wong ngamanca, tinuladha aja mandheg kepingin, yen padha
kenceng ing gayuh, pa gene nora bisa, santosakna kalawan tulung tinulung,
sakasare kira-kira, ingkang nora ngereksani.
Pada ☻ 41
Upamane kalampahan, nora lawas urune pasthi pulih, malah mulih tikel gulung,
lire lamun wus bisa, nara susah kukulak mring liyanipun, lah pira sadaning
wragad, kang adapat ilang neng margi.
Pada ☻ 42
Sadurunge kalampahan, mung ngaraha rukun kulak pribadi, sanajan ingkang
kalaku, wus akeh bathinira, nangiran kurang jembar jangkahipun, pa gene teka
narima, binatheanan turut margi.
Pada ☻ 43

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

20

Upama wong angambil toya, yen cinidhuk maring sumber pribadi, tekaning don
makasih wutuh, kurup kangelanira, yen narima mung nadhai uruh-uruh, ilang
nelesi kalenan, sinesep telaning siti.
Pada ☻ 44
Sanajan maksih bathia, among mikir cukupira pribadi, yen kulak mring
pokokipun, suda wragading sinjang, sira edol roda mayar reganipun, iku
gedhening mupangat, kang mayar wong pirang kethi.
Pada ☻ 45
Siged pangelaring kata, mrih tetela talese sun baleni, ingkang dhingin kudu
rukun, lawan adil sarasa, den ajujur mring wajib ajangka maju, wujude ingkang
jinangkah, majune wong among tamu.
Pada ☻ 46
Kapindho majuning kriya, pring telune majuning laku grami, yeku kadi kang
kasebut, jro pakem padhalangan, lalakone nagara kang panjang punjung, tata
tentrem karta arja, gemah ripah loh jinawi.
Pada ☻ 47
Wewengkuning karukunan, mrih rahayu yogyane den tumpangi, ngawruhana
sarakipun, Gusti Njeng Nabi duta, kang rinasul ing bawana salallahu,
wangalaihi wasalam, iku mingka tatali.
Pada ☻ 48
Wus katon obahing jagat, yeku tandha dadi parenging Widhi, baya parek kang
kinayun, kawasa njunjung bangsa mung marsudi jujure kang sedya maju,
tanapi pra tuduh marga, pama kang waspada eling.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir