SERAT SURYANGALAM
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
SERAT SURYANGALAM
Dalam naskah Serat Suryangalam dikisahkan bahwa Sultan Suryangalam di
keraton Aripullah yaitu negeri yang bernama Adilullah, diceritakan bahwa Prabu
Riri Jagad dari Ngatasangin membentuk badan yudikatif dengan menerapkan
hukum Allah yang berdasarkan keadilan, kejujuran dan kebenaran, yang
kewanangannya dilimpahkan kepada jaksa untuk menangani perkara-perkara
hukum berdasarkan hukum dan syariat Islam sesuai dengan ajaran Nabi
Muhammad SAW.
Dalam Serat Suryangalam terdapat aturan atau Unang-undang yang mengatur
mengenai lembaga peradilan dengan menyebutkan aturan perkara di
pengadilan, tugas, syarat wewenang dan larangan-larang bagi jaksa dan hakim,
prosedur peradilan dan perlindungan bagi tersangka atau terdakwa. Antara lain
syarat-syarat sebagai saksi (waria tidak boleh menjadi saksi, bukan saudara
dan saksi-saksi yang ragu dan lain-lain) bahkan dalam aturan atau Undangundang disebutkan bahwa saksi dan penuntut yang berdusta dikenai sanksi.
Tidak hannya itu pihak-pihak yang terkait dengan perkara (penggugat, tergugat,
terdakwa dan saksi apabila tidak hadir diperadilan tanpa alas an yang jelas
(membangkang) dikenai sanksi berupa denda uang.
Sebuah perkara dapat diproses dipengadilan apabila telah memenuhi 30
ketentuan. Antara lain adanya saksi yang memenuhi syarat, adanya bukti yang
dapat dipertanggungjawabkan, adanya unsure yang merugikan orang lain,
semisal merusak, mencuri, membunuh ataupun melukai orang lain, sengketa
jual-beli yang memiliki bukti tertulis serta saksi dan lain-lain. Untuk lebih
jelasnya dipersilahkan kepada sutrisna budaya Jawa untuk membaca naskah
Serat Suryangalam dibawah ini :
@@@
SERAT SURYANGALAM
/1/ : Bismillahirrahmanirrakhim:
Punika Sultan Suryangalam. angêndika marang jêksané wong kêkalih,
manawa ana wong apadu, dèn tarka angambil maésaa méndaa kapala, sapia,
utawa panarkané dèndol pisan, ujaré kang narka, utawa ujaré kang dèn tarka,
boya ngambil
manira ménda manira dhéwé. manira wandé. yèn têka ing
pamicaran sira kalahna paduné. yèn ora utara lan sawêwêngkoné lan sakiwa
têngêné ora manjing pan ukum Allah , sira kalahna adêgan, yèn si utara lan
sawêwêngkoné sakiwa têngêné sira aji ngêna ing agama, iya iku wêwêkas
ingsun maring sira, lan sira jumênêng jaksa aja kaburu dhêmên, aja kaburu
gêthing, lan aja mélik-mélik ing donya. lan sira angrasaa lara lan pati, iya iku
wêwêkas ingsun marang sira poma-poma.
AAK culture library
1

Punika ana jalma mati tinaton mangka dêndhané sakêthi limang lêksa, dèn
prapata kang kanggonan, anyakêthi, sajawining prapat alimang lêksa , lêt
lêlurung angalih lêksa limangèwu, lêt sawah lêt kêbon angalihwêlaséwu
sawêwêngkoné patingginé lêt alas, kêni pangara sak patangéwu, wontên déné
yèn sidhêm pêpati, iku kajaba tigang / 2/ dintên, kalêbêting sidhêm, dêndhané
tigang yuta, sanadyan ing umaha ing alasa, ing tapêl watêsa ginarayangan ing
karta basa.
Punika katampaning sidhêm pagarayangan tan kawruhan kang duwé bumi kari
bêbalung kawruhan déning wong liyan tujah wêlah wong désa iku anglimang
lêksa wong sijiné, anané sidhêm pramanêm. dhêndhané anyakêthi wong sijiné
lamona wêwarah agêndhongan atitir apisaid kadêdêg ngêmban patra pralaya,
anglikur rajuna cakrapati, ina pralayah, aprang payahan nilat karaa mutung
pasangan anambung watang bubukên pacaprakopa tan juk mawacana
apacarêksi, adiyu rêksa, surya candra, miruda wêcana, ati risak saupaya, ing
sabda maéca pramana. Pisèrèn pisaid, sêrêgané, pangasiné tarkané saksiné,
tuturé, kêndêlé, kawalé, sêsandhané.
Punika kang kalampahing Mataram liré undhang-undhang. wontên wong
mêtêng kanggénan tanapi ingkang angruntuhakên dêndhané limang lêksa sarta
dinêdêg déning palampah. Jênêngé
triyogya sêksi tiga wêlas kênya liring
sastra bumi, duka wardaya candragêni mayauning lara, trisona, wida mêsthi
wartigna, sawah artanya nyuda sabumi, prara kang/ 3/ toya, têgêsé kang
rêradin manisapé lan ujar damar kang bêcik anawang karya wantah, lwirna
anatoni utawa dènsuduki maling dadi lan cina bukti lari. Têgêsé
ana wong
ngaku sinuduk maling, agêndhongana titir kadêdêg déné bumi désa salah
sajroning
dêdêgan titir kadêdêg déning bumi désa. ujaré anuduk maling
tandhané kêmalingan cina bukti lari kasaidan, déning bumi désa iku loké kêni
maling, têkèk mati déning uloné, atitir dhingin dadi maling.
Yèn ana wong katumbakan sabêt sapaning wong liyan têtkala ing wêngi
tanpa cina tanpa bukti. maling dudu maling rabiné tan wênang pinaradhah. Yèn
ana gugaté jumênêng anggaskara arané linampahakên ulat liring, cècèl kulit
bêlah daging nugêlakên otot dêndhané nugêlakên bau balung saluhur sêdaya.
Yèn mati kasukana pangilèn ing wong.
Yèn ana wong anumbak maling tatkala ing wêngi sajroning élok. ana titir
kadêdêg déning bumi désa salêbêté sinuduk maling kari-kari kang anumbak
maling atitir, anênitik panitiké sarta bumi désa lariné, malêbêt ing wismanipun.
nuntên titir dhingin. iku kalah cina bukti pramana, iku rupané / 4/ maling,
AAK culture library
2

ginarayangan lungguhing durjana, ana wong gawa gunting narajang barêng
liwat palêgungan iya durjana dudu durjana déning ora manjing kisas pandhita
apangulu amantria ana kang wruh kala pamêté duwèké wong iku lah durjana
uga manjing kisas ginarayangan karoné kang narka lan kang dèntarka êndi
kang bisa ujar roro, iku têgêsé abangun wêcana anuda wêcana, kalahna
paduné, dènrowangi dènasaput pamalingipun, ginarayangan karta basa. Iya
dyan mantria pandhitaa yèn watêk saba pasar, titané anggaskaroné êndi kang
akèh cacadé kalahna paduné wong ngayawara arané, lir kirang pangrasa tan
wênang rinasan paduné ing pradatané, winastan aprang paya. anyalawadi,
têgêsé winangkara abot prabéyané aprang paya, tan wiyosi karta, anyalawadi
owah ujaré wênang kalahna paduné, tan pangucap muwah banjar ing abanjar
kang alèh maling ginanjar, kang darbé wong mêmaling dhinêndhaa.
Ana wong liwat ing banjar, tatkalaning wêngi sinapa sapisan pindho jangkêping
têlu yèn ora sumaur, iya padha kalawan maling. Yèn ana wong manpêling
lawang pagêr liwa-/ 5/ t mangsané pinandhakakên maling.
Punika andhih - andhihan têrka kandhih déning patra kadhih déning sêksi
kandhih déning bukti, bukti kandhih
déning pramana, pramana kandhih
déning ububaya, ubaya kandhih déning utara, utara kandhih déning nyata.
Punika tatrapaning dhêndha utara. Traping dêndha dhatêng mantri bupati
lêlurah bêbêkêl patinggi
kang darbé mélik kang dènsidhêm salokané
anayarêsmi. abau sawiwi akirang wisa tatrapan dhêndha nistha raja utama.
Bupati ubal mantri, ubal lêlurah bêbêkêl pikukuh ing désa. kang pramana ing
dhustha sami lêlurahé punika lakuning sastra.
Gêrah Bismilah,
Punika wontên ratu ing Atasangin, jumênêng
ing adil Allah , bisikané ratu
Sang Prabu ing Suryangalam, Sultaningarip, ratu puniku nyaritakakên
pêpakêming aksara, kang rinêksa déné sang prabu padhangé aksara, déné
padu sèwu limangatus. pêpitu pêpakêmé pamêgat padu satus patang puluh
papat. Ratu iku nyata yèn amadhangi ing balané dadi wêdhar budiné mantêb
ubayané ing piyambêkira, tan gingsir pangandikané sanadyan kulit dagingé.
Yèn ala angalapana tangan ki-/ 6/ wa ala dursila kang têngên trapêna. tangan
têngên dursila,
kang kiwa tanrapêna, kang dènlinggihi adilolah bêlaka ora
amicara èlaning nagara muwah rusaking nagara. tan kéni bêcika dhéwé.
wiyosé dèn jumênêng adilolah anrapi sabênêré ingadilalah.
Punika prabaning jaksa, yèn sampun nyata sampun nyata aksara tigang
prakara, iku kang ingaran jêksa kang ana sadurungé ngucap. ikilah aksaran
AAK culture library
3

déwan, yèn kabênêr
pangangsiné kang apadu karoné tanapi yèn ora
padhang nggoné apadu wong pêdhotên poking ilaté. Jajênêng yèn tan kangdi
pratula. Supitên wêsi abang cangkêmé pinêrung kupingé karo panglakuné yèn
ora bênêr dènya anglakoni anênulisi tugêlên tangané karo colokên matané
karo yèn ora tinrap paukumé binuwang têka nêgara winatêsakên, yèn Sang
Prabu angéman ing balané. yèn gênêp sêtaun Sang Ratu wênang animbalana
malih déné ora anglakokakên saujaring pêpakêm. angowahi sabdaning
pangéran. kang tinimbalakên ing Rosululah Salalahu Ngalaihi Wasalam.
/7/ Wiyosé jumênêng kang kalih prakara, agama dirgama kang tinurunakên ing
pabuka bumi kalih prakara, pangrasaku. yèn tan bênêr anrapakên saujaré
sastra. mangka lélérongana laré ina ing pasar. yèn ana kang mêmadhani padu
pradatané tan bênêr sapangucap mangka trapné saajining jaksa, wiyosé jêksa
iku. sira ing mantra patih, maliwaraning patang prakara, pangulu jaksa, pêpatih
pêpancugal sawujudé déné sami alêsukoma dèn wruhi nayakané jalma, sira iku
paliwaraning pangucap-pangucap iku paliwaraning paningal tingali kumaka
wéhné pati iku magawéyané ngurip, urip iku panggawéné sukma, sukma iku tan
pituduhan. iku kawruhana têgêsé suara iku. ulihné kang duwé rupa. landhêsé
kêna ing goné sêpi lan mê-/ 8/ nêng dèn prasipta parérénan, kang wangsit
punika isi jagat, kang dèncaritakakên déning titi jagat, lungguhé tri rasa upaya
kang tan kêna pinisah tinunggal . têgêsé tri têtêlu rasa sawiji pênêré dadi
nênêm. dhingin paréntah, pindho ukumalah kang dèngawé pangilon. dirgama
ing ukumalahi kang dèn gawé pangilon. ikilah tugêlé rasa tri rasa upaya
paréntah padu pradata. iku ora kêna winor pan awasêna dènawas. aja tinggal
karêpé sastra aja gagah pangawasé dwaséna lungguhé.
Yèn kalêbu sanga prakara, paréntah kang aduwé gêgadhangan. yèn kalêbu ing
dasa wiguna padu pradata kang duwé gêgadhangan punika sira ing paréntah
kalêbêt gunturani lagu tur guntur bèna kang lumrahi nagara kalêbêt kasêrat
paréntahing ratu. asalin ratu asalin paréntah wilaga paksi wong sabrang kang
ajawa. pangucapé iku tan wênang padu pradatané kaya kang dènarani êmaliku,
kawruhana lan basa êmal.
Punika / 9/ têgêsé ing êmal patang prakara kang sinérênakên maring sang
prabu tigang prakara. rinasanan ing pradata, banyu bumi, uwong, langit.
Mulané banyu dènarani êmal, déning alah anduwékakên bumi arané dènarani
êmal. Déning Alah angêrsakakên nanêm biji manusa karané dèn arani êmal.
déning Alah tangala angêrsakakên anyatakakên manusa kabèh. langit karané
dènarani êmal. déning alah anyatakakên srêngéngé, lan lintang lan sasirina lan
wêngi.
AAK culture library
4

Têgêsé êmal kang kumêré bab kumarining. marang kirna kang rupa brimamas
lungguhé tigang prakara. iku wruhana dèn awas. punika têgêsé si sapa
anêkakakên ing ukum Alah , sing barang pakartiné ora wênang tinut pakartiné,
kaping kalih sing sapa abênakakên paréntah kêrta, tan wênang minuswa padu
pradatané bêkta kalahna adêgan. Punika sira ning pangukaya wakarya,
buwawahan tuwawa witana tan witana têgêsé kirya-wikarya têgêsé iku paduné
upahakên. / 10/ wus opahé tuwawan juwawa iku paduné wong anênitik, witana
tan witana paduné wong adola pakuwis picisé angrasa durung picisé.
Utawi sarat kang wajib kisas iku roro, sawiji arêp ana kang dènpatèni iku
mupakat, tangan padha tangan, lan kiwa pada kiwa, lan kaping pindho iku
arêpa anggota kang dèntatoni, mupakat pada waras, mangka ora dèn tugêl
tangané kang têngên sêbab anatoni tangan kiwa, lan ora tinugêl tangan waras
sêbab natoné tangan jèmpè utawi sakèhé anggota kang tinugêl saking adonadon kaya sikut lan pagêlangané iku kisas ukumé, lan liyané iku mangka ora na
kisas.
Punika sira ing padu pradata sinabêt tilari. satmata pramana êlos. ikralé dhéwé
kang tanpa sêksi. iku sira kawruhana dadi jumênêng êmbanani sosot. kang
minangka sêsocané jagat. iku sang ratu tan duwé kêkalih kang minangka
êmbanan. pangulu jêksa pêpatih rêrangkêpé nagara. kang angrêksa praja.
panyarikan paliwaraké bayan wong tindak ajingêmban. Wong arégol kang
wicaksana, amriha
kartaning praja, muwah dustha sarana iku inguwohakên
tandha kabayan kajinêman. wong régol kang wicaksana, lungguhé jalma kang
artakakên nagara. iku kang prara kang karta jênêngé padha wicaksana.
Punika pituturé Sang Ratu Ngatasangin, bisikané Prabuné Jêksa Wirapêksa,
Patrakèlasa, Jêksa Pramana, Jêksa Miraya. têgêsé Wirapêksa amirantining
wong apadu angiloni kang akèh rurubané. têgêsé Jaksa Pratakilasa kang tu-/
11/ ngggal sêsolahne bawane lan kang apadu. têgêsé Jaksa Pramana kang
anglakokakên saujaré sastrané ora angurangi ora angluwihi. têgêsé Jêksa
Amijaya kang owahi donya kang bênêr saujaré sastrané kang apatut lan
ukum Allah.
Punika sêsukêré nêgara kang rumêksa kathahé patang prakara sing sapa
angrusak sesamané tapa karma dhêndhané yèn ana duwé ilang dèn têmpuh
putung. basané ing umbul-umbul. lêlurah bêbêkêl yèn arusak sêsamané tan
pakrama dhêndhané kamaya wong siji. Yèn ana duwèning wong kang ilang
têmpuhna triguna. Yèning pati kang wasaya dhêndhané sanagara, bupati
kalungakên sangang taun sangking prajané.
AAK culture library
5

Punika sabênêré wong rêbut sabêt watês ki padha tuwuh padu padha
kakitarêbut banyu rata, tarêbut sêsaba kang silêm kita rawal, rêbut sabalané
kari ki pramana karêbut sabalané kang kodén rinasan déning jaksané.
Maniking jaksa kitukawayang paliwara kipantês ki-/ 12/ nêmbalan wêwalêr
pinakra kêna ing pagarayangan. ing kutha ranampa sinalisik papaté lan sastra
iku mêksah narka kang rinusak sêsandhan paréntah. kêna ing pramana, karang
kirna pagêr antara tinajuk kramanya dèn kêmêt pariksané ing désa
sapanglangkoné uga kramanya agama iku angalahakên sakaliré prakara, padu
pradata, agama iku kalah déning nyomana, atiné bomana iku pramana.
Yèn karang kirna kalahing gama, déning nyata pramana aranya têgêsé nyata
pramana iku kang nandur kang ngalahakên ing purusa kèh déning nyata,
déning jagat dadi pêtêng pagarayangan sangang prakara iku taksih tarka.
Jênêngé kang aran tarka déné ulaté nyata pramana, nyatané tarka déning
pramané kang anarka karané kang tinarka ora nyata déning tarkané ora
pramana. nyatané tarka déning pramanané iku kawruhana dèn awas,
lungguhing tarka kang manjing lan kang ora.
Punika ênggoné ngawaskên sadasa prakara / 13/ sêpisan pisêsêrêné, kaping
saidé, kaping tiga sarêgané, kaping sêkawan pangangsiné, kaping gangsal
tarkané, kaping nêm sasiné, kaping pitu tuturé, kaping wolu kêndêlé, kaping
sanga kawalé, kaping sadasa sasandhané, ika dèn agêmêt pariksanika.
titénana dèn agêmêt, karêpé sastranira aja tinggal karêping sastra. luguné
tarka iku yèn têrus sêksiné kawalé sêsandhané. tuturé tarkané yèna sawala
saênggoné kalih pisaidé, tanda dadia satêrkané, têgêsé sêrêgané lan pisaidé
sawala kalih sêksining tandha diyasa tarkané saliring padi pradata, atanapia
sawala, sapadu pradatané sayogya trapné ing dhêndha, asunga pakantuk
sapangarsa.
Punika têgêsé apacabakah, ana ta wong wadon sawiji arané nora aniti tarkani
tarna kalawan ing sona, kang narka wong sêkawan. panarkané barêng sadina
papat iku, dènya ta wong papat iku tarkané béda-béda tan dadia manarkané
patènana kang narka iku, yèn ora pinatèn dinêndha trapna.
Punika karané wong parèntah kalih prakara, kang rumiyin parè-/14/ ntah
kapindho pêparèntah. têgêsé parèntah purusa lungguhé tigang prakara déning
dhingin ratu, kaping kalih papatih, kaping tiga mungsuh iku angrusak êmal.
walat sajênêngé yugya trapné dhêndha dasanara. puniku kawruhana wong
pêparéntah aja kaburu sêngit aja kaburu ing dhêmên.
AAK culture library
6

Punika pamêgat padu pradata tigang dasa prakara kang katindak tiga kang
wêning angrusak amal. Kalih prakara dhingin ratu angandika lèh mungsuh lan
pêpatih ing mal karusakakên angalahakên amêcah bumi angalih araning uwong
anglaraa lungguhé yèn saparéntah ya mur amékana, tinarka durjana angambat
wong kangadu dadi durjana. Pangambaté boya dadi kalih kudhang ciri. anuwuhi
sastrané, sajabané titi ping tiga anambuk pugung. Têgêsé amêpang mêrang
nyata, dorané dhéwé, sing sakawan putung pamatangé artiné sajroning nirêgol
malayu tinggal gusti utawa mungsiliyan, gangsal prakara kalêbêt tinarka prana
artiné wong arêp mêmatèni damaré mungsuhé, wolung prakara kalêbêti
mangsa damar inatarik artiné jênêngé dènlungguhakên ing tuturé, sangang
prakarané kalêbêting /15/ bêkawêrona artiné pangucapé ora mêtu têka gustiné,
mêtu têka wong agung liyan, sadasa prakara kalêbêt inapralaga artiné ana
dêdalan anyêkêlan tur ta kang duwé bumi ora gèndhong ora titir, kalih wêlas
prakara maring ayunaning tarka. tiga wêlas prakara kalêbêting tosan nukma
pramona artiné wong mênang paduné pramana antuk piyagêm, pamênang yèn
wus katapan, déné karasané kang mênang ora ana rupané, malah kang
watang ora wênang. balèkêna maring kang katên wênang sungana sarèngat
tan wênang katura Sang Prabu Yogya tubaséna dadanan tratêg muwah dados,
patbêlas prakara kalêbêting sêksi rumêmbé artiné sêksi amung sawiji tinakènan
kang wêruh wong nênêm, limalas prakara kalêbêt angêmban patra artiné ora titi
pocapané, kaping nêmbêlas prakara kalêbêt anglikur
raja, artiné
angungsèkakên pangucapé maring wong agung, kaping pitulas prakara kalêbêt
cakrapati artiné angkuhing utang-utangan wong prasanak ing wong.ping
wolulas prakara kalêbêting /16/ ina pralaya artiné sêsandhan wong mati.
sangalas prakara kalêbêta prang paya artiné gingsir ubayané, kalih dasa
prakara kalêbêta mutung rakitan wêwarah, kalih likur prakara kalêbêt
anambung watang bubukên artiné sawusé angiring patang wêwiyosan datan
miyosi, pat likur prakara kalêbêting paca prakomah artiné daksura pangucapé
solahé, salawé prakara kalêbêt anukma wêcana artiné asring anyarong jêksa,
nêmlikur prakara artiné kalêbêting panca rêsi artiné manca lilima rêksi wêwolu
ora nyata tulisé wulan rupané, pitulikur prakara kalêbêting suryacandra miruda
wêcana artiné srangéngé lan bulan iku padha tulisé sarupané agingsir iku
pangucapé, sangalikur prakara kalêbêting trirasa upaya artiné sajroning padu
apring wêwèhing jaksa /17/ tigang dasa prakara kalêbêting sêbda maécaprana
artiné agoroh panyéradi pangucapé déwé, sakathahé padu pradata yèn kalêbêt
tigang dasa prakara kalahna paduné.
Punika pamêgat padu pradata wolung prakara kang dhingin kalêbêting gupita
abêkmana pramana artiné wong siji dèngawé kawal ora dènwêtokakên déné
kang duwé sêsandhangan, kaping kalih kalêbêt tiban prakopa anukma lampah
tanjuhing wisa artiné sêksiné sêsandhan sampun kalakon déné panglampah
AAK culture library
7

jênêngé kang arêrasan. Tan aduwé pocapan sêksi sakawal sêsandhan iku
jaksa anêluhi kang padu êndi kang pêlingé kalahan paduné, kaping tiga kalêbêt
wilutorah artiné saksiné kawalé sêsandhané ora kaya ujaré kang duwé
sêsandhan, kaping pat kalêbêt tibaning gêsêngé aji pangucapé kang dadi apus,
kang dèniloni nupatani wêruh kang dènilona kalahna paduné kaping lima
kalêbêta ngadhang tarka dènilona kalahna paduné, kaping lima kalêbêta
ngadhang tarka artiné tarkané kaya kombang sataman, dèn jajahi kaping nêm
kalêbêt angala gaman daya /18/ artiné ana sêsandhan wong ora pramana
kalahan apaduné, kaping pitu anyalawadi artiné analèni layang ubênga
anduwé layang kalahné paduné, kaping wolu kalêbêta ga pita sabda pralaya
artiné wong said anêrêg ing naid sarta anêrêg kang duwé êmal sarta kang
duwé dhawa nanging kaloka baradhan déné dudu kawruhé dhawa kalahna
paduné.
Punika pamêgat padu limang prakara, kang dhingin pratélané ping kalih
pinêgating tutur, kaping titigating sasi, kaping pat pinêgating kawal, kaping lima
pinêgating paliwara, ginarayangan limang prakara, kang dhingin trataping, kalih
titi, kaping tiga karta, kaping sakawan dupara, kaping lima sengara, têgêsé titi
padhang laku satidak, têgêsé karta pinajangan tarka, têgêsé dopara goroh,
têgêsé sênggraha wong corah.
Punika prakara wong katitipan, têgêsé duwèking wong kang ora katêmpuhan
kang kalêbêt apaca sadaran lirnya kagunturan gunung, kanêban kobongan
kalajoki mungsuh paréntahing ratu.
Punika gêgêdhêging nagara kang winarna ka-/19/ bèh dhustha iku têka
gêthinging nagara. sing adudu iku gêgêthingi sato alas krami iku gêgêthingi
sarira warêké iku gêgêthinging banyu, tingkah iku gêgêthinging manuk kabèh,
iku kawruhana dènawas, pan sêsukêring nagara. Iku waspada kêna,
pariksanira dèn astiti aja sira mêliking donya. angrasa ala pati ora wondéné
pinanggih.
Punika saloka patang prakara, kariyin miruda wêcana angrêksa sêbda
pranglaya, artiné saksi iya kawalé sêsandhané. yèn ana mêngkono ing karoné
sapocapané tanpa dadia kalih prakarané dhêndha matanggal sapisan
kapurnaman. Sêpi boya warané pisaidé sêrêgané tarkané tan wênang dinawan
tarkané. Kaping tigang prakarané angêmu wadi têgêsé kawal sêsandhané
muwuhi pangucaping saksi anupêtakêning jaksa jêjênêngé panglaku. Patang
prakara ana damar padhang bulan, aluhan déning lintang-lintang artiné wong
kang narka lan kang dèn tarka asanggup olèh tulising bumi muwah tulisé
AAK culture library
8

kawalé. yèn têka kawalé ora dèn têmokakên, muwah dènsingidakên, punika
kalah paduné lan antuk sapangara-/20/ hé dhêndha dêlêm.
Punika tatrapan ing pradata, saliring tarka yèn sisipan nêrkané asunga
pakantuk sapangarané dhêndha dalêm. Yèn si manjing satarkané kalah kang
dèn tarkané dhêndha pangêlua trapêna, punika sêksi kang wênang pinétung
prakara dèn sami maspadakêna kang angrasani adil. Kang kariyin sami
awarasan aprayayi kangalusur samaté jakêtib modin. Drasa sulêksana
patrikarêkah kang wicêksana durni malêm. Bênêmantri kalari déning ing ratu
sawarniné kang kanggo, duwé kêkasih jêksa jugêm, pandhita ginuroh déning
ratu supaya kêning agêlarakên ujar kang abêcik, sapocapané tan gingsir
pamaséké déning dahwé, sugih kang wandé takén duwéné iku kawruhana aja
sira uwong ukumé padha sêksi.
Punika anggèné angulati bukti saliring bukti kang aran rupané bukti, kang tan
ana wujudé pangucapé ingkang narka lan kang dèn tarka. Iya iku bukti kang
marupa, têgêsé ing gonangin anonpucuking ring nyataning angin, iku godhong
kayu artiné anggon pucuking patêmoning rêrasan, artiné dora lêksana bana iya
ujaré déwé.
Punika wêlat upaya tigang prakara kang dhingi-/ 21/ n rêbut bumi nyarok watês
angambil gêgamané kudhi kêrisé kalih prakara wêlat upaya, karang bukti artiné,
gawa wong akéh, kagêndhongan katitiran katon tinaton padha jayanya sayogya
kalahna déning pacaptrapna ing dhêndha nisjaraja utama, lulurah, bêbêkêl
kaliwon, wong jaja, punika nasmakilah dasa prakara anyalawadi artiné sajak
kèndêla yèn sawalan tuturé, akaryadési artiné asanggup wêruh ora waspada,
anirpaksai artiné wêruh ariku sanggup ora wêruh, aninyuktiyarané artiné pêtêng
sapangarahé, angadhawa artiné ana ora dèn cacêb dékêning umahé toya
martah artiné sajroning tinarka anyingidakên bawasabda artiné sêksiné dèn
wor ujar dhêmit mang itung rahartiné sêksiné sakawalé sêsandhané ora kaya
mangucapé kalih kang duwé sêksi, rékapan daya artiné katêmbu agugunêman
lan sêsandhané, angèla pandaya artiné gawé sêsandhan wong ora karuwan
lumahé, abakah artiné kêndé-/ 22/ lé sêksiné ora nana tuturé, ana sêksi anirat
sêksi artiné ing kèndêlé ana sêksiné ing tuturé, ana sêksi anut watêsana artiné
amaténi layang sastrané utawa anyuwèk layang. anyalawadi artiné anyalini la
yang panêrêg, utawa anyingidakên layang. akarya dristhi artiné sajroning
sinawung oléh layang utawa adêdan pagêr muwah popol, anglêga praléna
artiné kalang-alangan, ora warta maring kang duwé siti, toya pralaya artiné tan
mêroni saubayaning tulisé dhéwé.
AAK culture library
9

Punika ujaré kutharagama alambang dadi ugêr-ugêring nagara, iya iku pangulu
paliwaraning ratu, jaksa paliwaraning pangulu, pêpatih paliwaraning jaksa dadi
patang prakara, ratu pangulu jêksa papatih dén sami tunggal budi. saujaré dèn
sami, ulah sukmana sami ulah rasa dèn sami angonangin, silané ing nayaga
traning manusya, sila iku pagawèhné pangucap, pangucap iku panggawèané
ati , ati iku panggawèané ngurip, urip iku kang / 23/ tanpa tuduhan.
Yèn arêp pawas ulatan ênggoné sêpêtkên, ênggoné nawung yèn wus tatas
suwarané, ulihana kang ngadu wèswara, rupa iku ulihna kang aduwé rupa, lan
wuninga agratané manusya, ala lan kang bêcik, yèn kang agama lan kang
arigama, analinga déné pinalajêngakên, déné trangé sêkar tunggal sêkawan
wité têgêsé kêna gawasa paningal sakêdhap, laku satindak manungsa ênggon
pangucap sakêdhap, ikulah karêpé gusti rumêksa ing gêgamané lan rumêksa
ing agama Islamé, rumêksa ing balané lan nrumêksa kuthané, dadi jumênêng
ratu pangulu jêksa papatih ing nagara, déné lirsida dugapawané, gêlap tanpa
udan sêgara ngawang-ngawang ana murub jroning toya têgêsé awas tunggalê
tinêmbus akathaha agama lan dirgama Islam, wiyosé ngadu para
wicaksananing pawèrangan tan kèwuhaning papané.
Punika Sang Ratu ing Suryangalam kang adil Allah jumênêng pangulu jêksa
pêpatih, karoné jumnêng déning jênêngé pangulu, kang jumênêng jaksa
pêpatih, mantri sê-/ 24/ salokané banyu kinum, bumi kapêndhêm srêngéngé
pinégti, têgêsé kang tapa kanga ora tapa, iku kêkalih dhingin tapa wajib, karané
punapa déné kang agung kang sipat jalma lan wong aji sing ing tapa. Kang
aran kuwawajib kêkalih kang aran tapa sunat iku kêkalih têgêsé tapa wajib iku
kang dhingin jumênêng ing mesjid kang tilawat kuran, salat limang waktu,
ingatawa
pangêngên parané, kaping kalih tapa kémayah arané kaya
anêmbayangakên mayid lan nulati sandhang lan pangan, têgêsé apa sunat
kêkalih dhingin sunat, abngalé sunat muakad ora kêna tininggal padha
kalawan pêrluné têgêsé sunat muakad iku kaya palagrahakan salat ariyaya lan
salat rakangat lan witir lan susur sadurungé wudu têgêsé sunat dêsasa, kaya
wêwacané sujud rukuk lan liyané muaghad iku angkati sirah yugya pakin
pamubada, kang jumênêng pangulu papatih utawa sané manusya sêdaya, yèn
ora anut pawartané Nabi Muhamad Salalahu alaihi wasal-/ 25/am.
Yèn pangabêkti liyan yèn ngawikanana sunat parlu lan ora anglakoni rukuning
iman, lan dèn wruha bayaning urip, lan bayaning salat, lan dèn bêkti ing Allah
Tangala, yèn ora kang anglakoni sahadat maka ora Islam, déning jinarah artané
lan wênang pinatèn, déning sang ratu adil.
AAK culture library
10

Punika pangandikané kang jumênêngratu kang jumênêng pangulu jêksa
papatih kangadilalim. Iku dadi pêtênging nagara, ingkang dilat alim, iku
pinanjingakên ing swarga luwih saking luhuré, angingkang jaja adilalim,
dinakoning gunung mirap iya iku gunung antaraning swarga lan naraka, mulané
ana ingkono sangu sêmajing swarga, mulané ana ing gunung bahrap déné
dosané wong atuwné.
Punika kang gérah ing adilalim pinanjingakên ing naraka jahanam ing
dhasaring naraka kaping pitu pisan kang dhingin gunung ing api ing gunung
aktul ing antarané swarga lan naraka karané suwarga katingalan, naraka
katingalan, saking gunung irap iku lawasé ana judah. Kang ana ing gunung
mihrap iku amung sadina ing akhérat, yèn wus / 26/ sadina pinanjingakên ing
swarga.
Punika sang ratu mila sangêt pituturé ing balané sêdaya, balané sami
pinênging apadu wicara sami angestokakên asarèngating iman sami
kinonangan dal ing Nabi Muhkhamad Salalahu ngalaihi wasalam, yèn tan ripé
mubadir, uripé sami lan pêjah, minanjingakên naraka, yèn wong gêlêm
pangabêktiné, yèn tan angawikané nasunatan pêrlu lan dèn kacakup tingalah
tangala, yèn ora anglakoni sahadat, ora sêlam wêning jinarah artané lan
déning pinatèn, déning sang ratu adil.
Punika pangandikané kang jumênêng ratu kang jumênêng pangulu, kang jêksa
pêpatih kangadilalim, ingkang dadi pêtênging ing swarga luwih luhuré kang jaga
ngadilalim tinakoning gunung ikram iya iku antaraning swarga lan naraka, yèn
wus ana ingkono majing swarga, karané ana ingkono déné wong atuwané,
punika kang parèntah ngadilalim pinajingakên ing naraka aja anoming dhasaré
kaping pisan, utawi gunung rip, iku gunung ukuli antaraning swarga lan naraka /
27/ déning swarga katingalan kang anèng naraka tingalan, saking gunung
ngarip iku lawasé anajudahi, kang ana ing gunung ngarip musadina ing akérat
yèn wus olèh sadina pinajingakêning swarga.
Punika sang ratu milané asangêt pituturé ing balané sadaya, balané sami
nênggi apadu wicara, sami angèstokakên asarèyating iman sami kinon
angandêl uruting bêcik utung ala saking Allah tangala, aja jinah aja jurjana, aja
analangsa alampahi siya-siya, sami amilang-milanga agama lan dirgama
têgêsé drigama agawé isthiyaré mapan kabéh iku saking Allah tangala, swarga
naraka wus pinasthi tan kêna owahana, lan padha ngandêla pangandikaning
alah salalahu ngalaihi wasalam, animbalakên pangandikaning Allah tangala aja
sirik, aja èsak, aja sêkêl, aja lia, aja samar, aja pangling, aja tanduki. Anarimaa
saparèntahing Allah Tangala iya iku panglêburan wujud kang anyar, lan
AAK culture library
11

mangana kang halal lan nukumé, lan anyandhang- /28/ a kang suci kang halal
lan ukum. Anginum banyu kang wêning lan lumaku ing dêdalan khérat sarta lan
ukum iya saking toya kang wêning. Apatut lan ukum, bêbanyu mustakmal
arané. Ukumé suci balaka ora cêkakakên lan aja ana wong apadu iku kharam
ujaré ukum Allah.
Maka pangandikané Sang Ratu ing Suryangalam, maring jaksanira sêdaya.
jêksané kêkalih kang adil, kang wicaksana ing agama Islam. Pangandikané
Sultan Ngarip ing Suryangalam. dhawuh dhatêng jêksa nira. Yèn ana wong
padu wicara maring sira, wruhna alané lan bêciké donya têkèng akhérat, Yèn
ora gêlêm sira awêri, sira wruhna kalah lan mênangé lara pakénaké Sang Ratu
Adil. Karoné padha sira wêlasana. Sawusé sira wêlasi tutur rèna kang adil.
Kang mulih maring kang duwé wêlasan. Séwu sasuku ulihné maring kang
duwé.
Yèn ana wong padu ora mêtu patang pasêban, kalahna paduné dhêndhané
triguna. Yènana wong kamalingan utawa wong kabégalan kasayaban utawa
wong kélang-élangan, ora pisaid inng jaksa aja sira rasani.
/29/ Yèn amêksa sarira kalahna paduné lan aja pilih papan. Poma-poma dèn
asil. Yèn ana wong anakokakên anênahanên pêksaguna. Yèn ana wong
sinuduk ing maling aja sira dhêndha sakaroné karané ngapa iku ora duwé dosa
sasawujudé. Lan ing dalêma jalal sangêtoné ing Allah Tangala. Yèn ana wong
mêmaling kalêbu kisas, kisasana tugêlên tangané têngên. Yèn kongsi gênêp
pindho tugêlên kang tangané kiwa. Yèn gênêp ping têlu tugêlên sukuné têngên.
Yèn gênêping pat tugêlên sukuné kiwa. Ikilah ujaré ukum, bèn wong lanang
bêcik wong wadon tugêlên tangané ukumé maling. Sanajan ingaran ana maling
mati angambil donya sasandhanag uripé wong malaku ing wêngi yèna upêti
kang ora agawa obor. Sanadyan pangulu sanadyan mantria, prayia umumé
maling lan trapêna parèntahira.
Yèn ana wong apadu pêpunèn sariringané jênêngan pisaidé. Déné urang
paréntahing agama Islam. Lamung ana wong sinuduk ing maling tanapi
karèpotan. Ora pisaid, dhêndhané sadasa guna. Yèn kang saikadêdêg pêpuné
/30/ apisaidé wulan, ajiné séwu sasuku ukumé kisas. Wong liwating lêlurung
banjar ing abanjar têtkala ing wêngi mati oboré sarating jasira dhêndhané,
wujudé maling sangêt dosané ing Allah Tangala lan aja sira pilih kasih, aja sira
paé-paé. Sira padhakêna anaké dhêwê, Iya ta alané durjana sira pêndhêtkêna,
lan kang murang parèntah ing agama Islam.
AAK culture library
12

Wong liwat lêlurung ing banjar tatkala ing wéngi, mati oboré, saraté kang dadi
obor dèn rarasan dèn karungu maring liyané, omahé maling ora yèna parané.
Yèn tinumbak ora nana paran ujaré tata nagara ujaré ukum Allah. Anyaurara
ngawikaning abi wong nérat wêwalêring Sang Ratu Adil. Yèn ana rarasan kang
ala kalahna, sarta dhêndhané, dosa pati pinatèn. dosa lara-linaran, dosa
dhêndha-dinêndha, dosa wirang piningakên.
Punika patut lanturing ukum Allah. Duk padu séwu satus patang putuh papat.
Kuthara kalih wêlas, kapupus déning salokatara sèwu satu-/31/s patang puluh
papat. Pamêgatipun wolung prakara punika kang rinaosan apus jawa.
Punika salokatara kathahé padu kawandasa papat tê gêsé salokatara,
pararêkêna kang apadu kalihé, ala bêciké mangkéné alané mangkana
kanandhapé kang kaloka ala iku. Punika kangaran padu sadaya parêntah kang
tumandang sakuthahé kagonan. Durjana saparatikahé wêruh polahé durjana.
Sasorèkah sapadu ilon lan durjana mati ora kailén. Kabanda ora aléh, walat
tatu ora aléh tamba jampi.
Punika padu tigang prakara paduné wong adol tuku, kirya-wikirya arané paduné
wong titip. Lan kang katitipan tuwawa tan tuwawa arané. Paduné wong
angupahakên lan kang angalap upah witana tan witana arané.
Punika aran padu tigang prakara nistha maosaorasa, pariwêksa angambuk
pugung. Punika nistha maongsa nagarabèi baé sajabaning lawang, lan dya
mangsa araga garaboing pala- /32/ taran maongsa-ongsa akêdhah pagêr
lumbung ana wong babusuk isiné umahé. Pakantuk pasumêngêr wolungèwu,
pariwasa amêt duwèni wong tan patrama angambuk pugung angrusak
duwèking wong utawi ana amêmalingi tetangga.
Punika sastha-kustha pitung prakara maling utama, maling rêtna, maling jawita,
maling wong wadon. Mamaling-maling laras wong lanang marani wong wadon.
Maling têbunan durung olèh-olèh wis kalêbu wêwêngkoning. Maling arêp
angiling-ilingi duwèning wong. Maling timpuh wong kamasan.
Punika padu limang prakara èstri cala sabêt purusa. Sagrawiruta, sagra
widhana, sanda candhala. Punika lirnya èstri cadhala pada palapina lapadha
wong wadon. Sêbda candhala pisuh-pinisuhan. padha wadon sêbda purusa
wong lanang tukar lan wong wadon sigra wêcana wong lanang aja jawat wong
wadon.
AAK culture library
13

Punika padu pitung prakara, angênidiyah awisadaa èka warna raja wisuna,
apala dara jinah wara. Wong kasudukanyadah. Punika artinya angênidah
angobong umah. Awisadaa upasé /33/ uwong ékawarna wong nêluh utangé
mêlik. Raja wisuna angakèn nakoni ujaré gustiné. Pala daraniyah wong
marugul puniku dèn jinah nuli dinténi pisan. Wong ambuk pukung puniku
pagarayanganing patang prakara. Sarta kandhih déning patra. Patra kandhih
déning sêksi. Sêksi kandhih déning patra. kandhih déning pramana. Pramana
kandhih déning ngubaya. Ngubaya kandhih déning purusa.
Punika lirnya ing tarka ujaré ngaran têtulisan. Sing wêruh tigang prakara
ngênêkséni lan kasinêksén. Sarta nênakoni bukti manut kang aran nyomana
mêktokakên. Kang dènaran pramana alawas ubaya têtulisan. Sarta karon
purusa pangandikaning pagarayangan kawan prakara. Sabda sawarsa,
kaligana tawa Ratu lèna kanama lèna asalin watu. Punika liring sêksi pramana
sakpapralèna sakumbah punika kalirnya saksi pramana sêksi kang kèndêl.
Saksi pralèna saksi wong mati. Dadi adhapya, saksi kumbah sêksi sudrah tan
dadiya.
Punika saksi tan wênang tinakèn patang prakara sirna wêcana, sirna pramana,
sirna niscaya, sirna miarsa, sirna saha wong wuta, sirna pamirsa wong tuli.
Punika pagarayanganing ngastha corah kalih prakara. Ana maling dudu maling
iya maling. Punika lirnya ana maling dudu maling ya dyan gawa agunting
pangkikis, yèn ora bêdhah pagêr dudu maling iya kêmaling. Ya dyan pandhita
amalêbu ngumah ing wong dalu-dalu maling uga. Utawa ana pagêr kêdhah,
punika pagarayang patang prakara. Aku wolung sêksi anyuda sêksi, anyau
rêksa, abahu sabda, apa sêksi.
Punika liré akutha sêksi wonga sêksi, sanak tan dadia andhapya, anguta sêksi.
Ana sêksi kudu sêksi wong durjana dadi andhapya abau sêbda, sêksiné dèn
warahi dadi kandhapya, bau rêksa, asêksi anak para saksiné muni tan tinakon,
aprang saksiné dèn êbang-êbang dadi adhapya.
Punika pagarayangan malih patang /35/ prakara pakandhih déning dirgama,
kandhih déning dèwagama, dèwagama kandhih déning toyagama, toyagama
kandhih déning purusa.
Punika têgêsé jugulmudha, ora duwé ujar roro. Sanajan prayayi aduwé ujar roro
ora dadi saksi .
AAK culture library
14

Punika têgêsé atas karta basa sajan pandhitaa yèn saba pasar ora dadi sêksi.
tarkané dèn angési.
Punika têgêsé rajaniti, titènana saprajané dadi andhapya.
Punika têgêsé titi swara, titènana pangucapé kang ala lan kang bêcik. Kang
aran lan kang dèn aran, iya iku têgêsé tidhar salokika.
Punika têgêsé sarudèntha, titènana sarupan, pangucap ing karoné.
Punika kang akèh dorané dadi kandhapé.
Punika têgêsé caya-murcaya, ana wong ngapadu wus ing tutur ing pajêgan,
wong kêpatén sajroning apadu maka adhapya, kang upata ika.
Punika têgêsé kuthara manawa akèh arané manawa bêcik manawa ala.
Awang-uwung angalap-alap kang ujar-ujaring malih tatana- /36/ na.
Punika lirnya angawang-ngawang, angujar-ujari tut bajar tang kauningan kang
dèn ujari sakathahé amiarsa padha olih pakanthuk mangkéné pakanthukipun
angalap-ngalap, angujar-ijari maring tata anêng mangkéné ugi tatrapané
muwahing ngalimahé salawang. Kalaning yèn atus sêkar cina bêkti têbasané
yèna malayu têbasané kalih wêlas.
Punang arusak sagul istri tan payun kadhêndhaa kang rusak utamané kariyin
kalih duman. Kang sadumané dipakantuk, punika rinusak ana punang dalih
dinalih tan pikantuk padaliyé. Kawalikêna sêsapa ngarah olah trapna in
dhêndha sapadalihé, muwah angaku-aku. Saliré kang dèn aku apadu tan payun
ngilènana, ayuga lèpèk ing palakarta.
Yèn apadua sung apa mutung yèn wênang katigarsa pangarahnya. Tur
kadhêndha muwah ing palakarta. Aguwa ana kala luwiyan. Kanistha raja
utama, tikahi saujalma wong rasa dadia jatiné warah arigama. Arigama
kandhèh déning ngadigama, dirgama kang sakuthara, manawa dirgama saking
suwara kang ngapit ing nara. Anyumana ngarané nyumana nyamanalah déning
ngubaya mangkéné kang linampahakên sang darma patih.
Punika wong mangandêlakên piutang, kang pinangandêlakên margi /37/
tumawa wikan, utawa ilang, kang mangandêlakên anagurona, jumênêng
aprada nagarané. Muwah ana tarka, muwah ana palamarta.
AAK culture library
15

Punika lirnya titah toya dènya nganya rasi ing tarka. Kirnané nangurapi kang
mami, paramartakoné kang ala lan kang bêcik, uripé kang sêdaya ngabêcik
mamaya kang sêdaya ala. Karasak akarya krama ing lumampah tigang
prakara.
Punika lirnya tikah ing ngarêsihi karta kang dawa déning uripakên kang mati
paramarta. Yèn pati gajah, wong wadon yogya sirahana.
Punika kakramanya, asaloka mantri pasawanga tripa piyan. Tur ana dukanya
ora miyad tumaa muni kang wuni tan asring tun lisring asipaté.
Punika lirnya pawatak ring padhêt tuna iku ora nana warêgé kayu. Ranaduk
kara tuna wiyad, ngasaara iku ora nana wareging banyu. Malamung nita wuyat
lana pandhita iku warêg dé-/38/ ning kawruh, sri tut miwoya miyad wong wadon
ora nana warêgé ing wong lanang.
Diyat iku atas rong wêrna, kang dhingin mugalalah, kaping pindho mukasapah,
mangka diyat mugalalah iku satus unto, dèn pêrtêlu kang awal unto têlung
puluh, pada ngumuring taun, lan kapindho unto wadon, têlung puluh pangumur
patang taun, lan kaping têlu unto patang puluh pada mêtêng sakabéhé. Utawi
diyat mukasapah iku, unto satus dèn paro lima, kang wal unto rong puluh, pada
wadon lan kapindho unto rong puluh pada ngumur rong taun, lan kaping têlu,
unto wadon rong puluh pada ngumur pasuson, lan kaping pat unto rong puluh
pada ngumur adi wêtêngan, lan kaping lima, unto sapuluh pada dadi pasuson
kabéh, mangka lamun ora nana unto, mangka ingalih maring ngèwu dinar,
mungguh wong ahli sloka, pada uga diyat mugalalah, utawi makasapah.
Ana saloka maning surak kramana sik amisuda. Kasanthi kanarnala. Nka nèna
gêtaruné nyuda murti wisunaa. Punika têgêse suraté wani ngalah, ora na
tagané saking ora wani sikara parisuda. Ora na duwé kang olèh kamulé ni ora
buktiné. Yèn tha ora mulating wawarané anagéng karana budi. Langgêng
pangabêktiné tinikah tinisuda anggé wong laranganèng Pangèran.
Punika saloka malih mati nyamrakramana suwara wisira turuté. Punika gami ya
bramana turuté kramana, déné anusun aburawistha. Turuté rawi iku déning
kalih sana déning iwak. Lan thulané wulang mangsa déning nyuda kagèl ragu.
Kusuma bramara turuté kusuma iku ingisêp ning bramara.
Ana saloka tigang prakara, sakar gasa dargawi darga, têgêsé sang dargama
maéning désa ing muyé nana patigi dargama têgêsé ,alèni gé rara liku. Yèna
AAK culture library
16

patikah anglamamakakên widargama kawan prakara man alani yèn Sang
Jumênêng kalahan ping tiga jêksa kaping pat mantri.
Punika lirnya tan dadia sêksi pi- /39/ tung prakara kariyin. Ping kalih dhêmék
ping tiga wisa, kaping pat kang rupa roro rupa nêpsu arakayayan. Kaping tuna
tuagung. Punika têgêsé réna wong wadon, dhêmèt raré ciri, rupa karoron kêdhi
nyinyima wisa dèna sudra kawarnaa wong kalang. Kasêkthi utang tata agung
kalih sasandan warah ratu agung.
Punika pracèkané maréné iku karané ora dadi saksi. Dhêmèt raré ciri ora dadi
sêksi yèn jan kasatmata. Punika liring ratu akirim surat, yèn wawèran salokané
akacadra sisan tri tuna kasudra catur padha praya sadyagung ran. Naubêd
pindho sanak, tuwa ubêd ping tiga ri iku. Ubêd ping lima maring bapa, ubêd
ping nêma ring guru, ubêd ping pitu ana déné liring wèwèran ananggapi taduké.
Ing karo patang kawarna kang rupa dêdagêl pêpucuk.
Ana déné karo pêksi jiyènsi anyènyaongi. Katur ing pandhita gung, pandhita
lêlima dhatêng katitik kadu kêpéngén titimbalan, kanduk dêdagêl sapa têman
sarta lan salam. Yèn kang muni surat, yèn luguh ing basa kang muni surat.
Saprayogyané kang muni surat, basa kang limang prakara dhingin basa,
cêpèmanira, pêkêni- /40/ ra basasiki maning yidika pakanira. Basa atopan
kakang corètipun nidhi basa nukak. Kawula nika, kasaka tiba kawula dika.
Pakapira punika lirnya nurat lêlêburan lan jumênêng luguh ing papradi kamang
kêliré lêlêbaran punika lêluwangan paèradika kangasan sarta sirah têgêsipun.
Punika têgêsé nyata lan saloka rupa tidarsa, ana kang anya r ta satmataloki,
kabukti tidharsa, wêwêngkon kang nyata nyumana. Satmata loki cina. Punika
èsthi corah wolung prakara kang dhingin tigang prakara. Ki sapran Ki Sakti
Kara ita, Ki Mnanga mas picis.
Ana sawah lan nyara-nyara rabi ki warahné bègal, ing dalan arêp matèni ing
umah. Punika saloka tigang prakara, kang anaa déning dalan bapa payon caya.
Punika têgêsé kuthara jugul darana lan bab wong têmên dhasarya, punika
têgêsé kuthara lan dunya kang linampahakên sadarma papatih kalih wêlas.
Sarudita saruning pangucapé, saramarcaya tambang rawatrawat sadosané
alungguh anya-/41/ lawandi, titigêmi nastiti, kuthara manawa kathah arané,
manawa kapa-kapa wong suduk prayoga tidhar sasaganda rupa anggas karta
basa luput prayoga basané, caya murcaya cahyané bêcik parupané
pangucapé, kathah wêning tingalé lan kang bêcik. Têgêsé salokatara, têgêsé
kuthara titi mangsa tênggak sirah.
AAK culture library
17

Punika kuthara munawaraja akèh arané manawa ala manawa bêcik. Ika arané,
punika uring saksi karya dasih tan patut ujaré sêksi dadi kandhapya. Lêpas
kayayi angulati sêksi malaku sinêksèn, wiruwa urah angaduhakên ujaring sêksi,
anglayapa trahan ulasahakên ujar malaku sinêksèn, tan abaya angêmban
saksi. Angadhang sêksi akundhang cina, anglironi cina, agalih cina, watang
ananggal tan patra. Gêgadang angamukti anêbus cina watang dadi adhapya.
Kang anêbus durung sêksi mula tinakon, astra patra nadah sawang katitula
winarahakêna nguwadrastha angruh nguwarah winarahakên, amaluguhakên
sêksi ing pa-/42/ riksa angrawuhi pocapan dènya takakèn lan nutur wit dèn
tingali dèntakeni anêksèni ing sir sapocapané kang dènsêksèni yugya
andhapên ujaré sapocapané tan dadiya.
Yèn ana wong ngutang kamalingan tan wênang anagiha dhatêng anak putuné
utang tukun utang pasêksén dhêndha kunarah ingsun patra tigang prakara
kang yogya. Andhapêna ing wong sasirah têgês triwara saksi bumi.
Punika yugya minangka sêksi ingkang agêng ing kangarahané kalih kang
mitugu ingkang gêlar maka darma ing kawal karya sabrama sakriya ika wèsa
ingkang tuhu ing karya kunang minaka tan dadia pangasi sangang prakara.
Punika lirnya ingkang ngumpat padhanya ingkang doyan liyak ingkang wanita
sawala ingkang ngatukar ika aranya dosa, ingkang dosa dustha ingkang wong
dama.
Punika traping dhêndha saloka kasukartaning sarira sangang prakara. Musthi
kang tikus sarad ula macan culika kênthêl rupa ulêr gêni karêming panadhang
war, wardulintah.
Punika saloka patang puluh prakara. Punika minaka sukartaning nagara titir
sani surating ngampuhan. Sing agama karang ginugung gajah adaka durga
brama saloka kamalih. Utama èsa sing akogama duka ratan wruhing baya.
/43/ Punika salokané sidhêm pramanêm sadhêkêt acula étan darbèya têkèk
mati nguloné. Punika salokané èstri sagrahan daka angalsur saritan aribaya.
Salokané tidhar saloki kasimagama ngapas patra.
Punika salokané kadunung saloré kang dumunung manawara. Salokané gana
tan wruh ing baya, salokané anyêkêl gajah adaka anguwang sari. Salokané uni
ning nulitana patut panolèhipun. Salokané wong arêbut bumi. Gana ing tata tan
wruh ing baya. Salokané acacaya gana sunguté prana, salokané sigra wècana
AAK culture library
18

bara-bara kadi bara tan aribaya salokané wong tanpa krama, sing alodra
moangsa tan dribaya. Salokané èstri cadhela linuding lara, salokané ngacala
wani ula /44/ mungup ilang kari buntuté. Salokané èstri sanggra atidharsa astri
candhala kêdhalêm apalan daraném. Salokané tidarsakan patukan parutuan
ana kang ngana tan wruh ing ala salokané sagra ing damasa tan wruh ing
sukarta.
Ana salokané malih tidhêm winêm angrusak sagul tan ligana. Salokané ngata
lêmbu gara angrusak pradata tan wruh ngupaya. Salokané sagrahita alalambar
padhang bulan asuluh salokané utama maèsa wong ngatatu, simasa tarka
ngapusana. Salokané kang kobongan inglang darbèna kang dumunung gana
ina léka tan wruh ing laksana.
Salokané singa kang dènparo asula kên bukti tidhêm ing karya. Saloka
ngadhang caya, sumaos mangulati masa, saloka bêkêl lêmbu, angusarira,
salokané nyara-nyara lêmbu kang angrusa karta, salokané mimisuh tan krama.
Salokané ngarsara dula amari dèn salokané mamatèni singa kang dèn
patenana, singa mangsa angawus singa tan wruh ing baya. /45/ salokané
anêlap sapi, singa mangsa wirodra masa, salokané nyolong wedhus wirodra
basa galak amangsa-mangsa.
Punika caritanira Sultan Adilulah kang uga dirangulah piyambêk. Déné tan arsa
ing sabda, ing angawasakên asilira piyambêk lan tan kêna wong dathêng
dalêm déné bala sêsukèrè lan balanira kabéh. Gêntha ginantung ing daganira
winalêsan saking parang kilan. Wontên déné Sang Prabu apêputra satugil
langkung marmi nira dhatêng kang putra. Kang putra pêpadhatên agili anaking
jajawi pjah, mangka kang jajawi mala jêng dhatêng panakulan. Anêrad walêsan
gêntha, mangka kang gêntha muni, Sang Prabu miyos paningilan angandika
dhatêng kang kêmit. Wong kêmit matur putra paduka aji. Apêpandhêtên
angliling anak jajawi pêjah. Mangka winoting padhati anak ing jajawi. Mangka
putra ginulingakên ing marga binêrêg padhati, anaké jajawi malêbêsati ngaurip.
Kang kandhêg jajawi ngadhangi.
Punika pratikahé Sang Prabu ayuna jaakên alané. Yèn ing salat Sang Prabu
aja saré ing wêngi awêwara, /46/ ing bala kabèh. Sêdhêkaha apem sawêlas
tangkêp wong sijiné sanagara pisan. Sang Prabu aja pêgat prihatin angligiha,
anarêpiya, suku sumawa, sasari cakra, landèn agèli suwara ing bala, arané
rusaking bala rusaking nagara. Déné Sang Prabu karané jumênêng Prabu
Mada Raja Sasar Yalapa. Raradéné Nabi Isah amadhangi anglimputi déning
Sang Prabu ngadah wicaranya, déné mantêp pangubayanya, kang kiwa dursila,
AAK culture library
19
www.alang