SERAT CANDRARINI

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com =====
AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

SERAT CANDRARINI
Karipta dening pujangga ing Surakarta R.Ng. RANGGAWARSITA
“ ” "P UP UH I ” "”
S I N O M

1.

2.

3.

4.

5.

6.


7.

8.

Kang hagnya gita Srinata / ing Surakarta nagari / Paku Buwana ping
sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati
tanggal ping pitu / Jumadil akir wulan / kang nêmbe sangkaleng
warsi / miyarsakna trusing kang sabda Narendra.
Liring kang wiyata harja / ujar ugêring pawestri / kang winayuh
dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / manjêrnih mardi weni /
wewinda ganda rum arum / umarah ngadu warna / winor ing nayana
manis / mangesthiya ing reh cumodhong ing karsa.
Awit jenenging wanodya / pêgat dennya palakrami / nistha nir
kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangun teki / kang
badhar subratanipun / punggêl kasêlan cipta / marma sagunging
pawestri / marsudiya wadadaning palakrama.
Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap
layang wiwaha / lêlima ayu linuwih / tiga putraning aji / kang kalih
atmajeng wiku / pantês dadya tuladha / estri kang kanggep ing krami

/ winursita dyah lima candraning warna.
Kang sepuh Wara Sembadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri
Basudewa / ing warna ngrêsêpkên ati / sumeh kang netra lindri /
pasaja ing driya tangguh / sêmu kurang budaya / awijang dedeg
rêspati / kuning wênês labate amung kêpama.
Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jatmika arang
ngandika / tan rêgu sêmune manis / ririh tanduking angling / lumuh
ing wicara sêndhu / amot mêngku aksama / tuhune pribadi pinrih /
sêtyeng priya datan lênggana sakarsa.
Mring maru kadi sudara / rumêsêp tan walang ati / sanadyan kurang
budaya / lêgawa anrus ing batin / winowong widadari / labêt kadang
ira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamêngkune sêmu ering / maru
nira anggêpe sami nyuwita.
Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing
tresna nira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil /
kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau Sang narendra
kalih / tanya warta mring Sang Rêtna Madubrangta.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library


1

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com =====
AAK culture library I

Effort to Preserve National Culture

“ ” "P UP UH I I ” "”
DH ANDH AN G G UL A

1.

2.

3.

4.

5.


Garwa ing kang panênggak winarni / apêparab Dewi Manuhara /
saking patapan wijile / putranira Sang Wiku / Manikara ingkang
palinggih / Wukir Tirtakawama / ing warna pinunjul / kadi gambar
wêwangunan / netra jait antêng pamuluna manis / yen paes mimbuh
endah.
Nadyan ngusud yêkti maksih manis / wanda luruh kang bau awijang /
maya-maya sawangane / amardapa angunguwung / kuning wênês
asêmu wilis / lir myang pudhak sinurat / katon warnanipun / tanpa
apêpindhanira / andakara kataweng ing ima nipis / ruma myang
amradipta.
Ayunari ingkang sitarêsmi / kuciwane pan among samatra / dene
lugas gêgêlunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping
srandunung dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir
tawon gung kang gumana / lambungnira satata amilagoni / kadya
sêkar kintaka.
Lathi dhamis anggula sathêmlik / rêkta kadya kang manggis karêngat
/ kengis dening wiragane / waja amiji timun / rêntêt rampak ing pucuk
kuning / lumirat wor wicara / wêh kesar kang dulu / sarwa lus
sasolahira / yen amesêm iriban arang kaeksi / sinamun pangandika.

Têmbung arum rumakêt amanis / tandukira angêngayuh driya / bias
nuju ing karsane / priya myang marunipun / pina pangkas dennya
nglêgani / susila anoraga / sêpi ing piangkuh / anget trahing
dwijawara / bêtah nglapa karêm ing bangsa mastuti / asmara mring
sasama.
“ ” "P UP UH I I I ” "”
AS M AR AD AN A

1.

2.

Panêngah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bêgawan Kanwa
wastane / dhepok wukir Yasarata / endah rêspati warna / liringe
anunjung biru / sumorot kadi kartika.
Dhemês luwês mêrak ati / kadya pratima rinêngga / sarêntêg
brambang awake / maweh brangta kang tumingal / liringe pindha
wulan / tan pêgat maesmu guyu / kengis kang waja gumêbyar.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library

2

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com =====
AAK culture library I
3.

4.

5.

Effort to Preserve National Culture

Antênge wêkasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantês yen amathêt
lambe / ngiras mintonakêm waja / wangun tetesing toya / kataman
baskara nawung / lir tranggana mrih sasana.
Jaja wêlar wêwêg isi / gêmuh ingkang payudara / parigêl patrap
solahe / kewês wêdaling wicara / tinut liringing netya / tandang
tanduke rumêngkuh / mring priya myang marunira.

Bias cawis amgladeni / kang dadi karêming priya / myang putra cethi
sêdene / marma wong sa Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur
mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa.
“ ” "P UP UH I V ” "”
M I J I L

1.

2.

3.

4.

5.

6.

Garwanira Sang parta sumêndhi / ingkang cinariyos / Rêtna
Gandawati kêkasihe / Sri Harjunayana kang sêsiwi / nateng Sriwêdari

/ ing warna pinujul.
Dêdêg ngrompyoh sarira anglêntrih / amardawa tinon / kuning wênês
wingit pasêmone / antêng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi /
kurang gujêngipun.
Rema mêmak ngêndrawila wilis / rêrompyoh kang sinom / jangga
lumung wêlar prajanane / maya-maya lir cêngkir piningit /
anggêndewa gadhing / wijang baunipun.
Wiragane ana nanging brangti / yen lumampah alon / mêmbat madya
alêmês lambunge / angler tunjung / lumênggang ing warih / kasilir
ing angin / weh gandaning rum.
Susilengtyas sunawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru
sêsikune / winêweka winoran mêmanis / yen rengat pinlimping / ing
wicara arum.
Wasis salir pakaryaning estri / rerates kokonyoh / widadari Sang
Dyah pagurone / winulangkên mring marune sami / mrih dadiya
kanthi / ngladosi mring kakung.
“ ” "P UP UH V ” "”
K I N A N T H I

1.


Garwa kang pamêkasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking
nagari Cêmpala / raja ingkang asêsiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing
warna tuhu linuwih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

3

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com =====
AAK culture library I
2.

3.

4.

5.


6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

Effort to Preserve National Culture

Jênar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng
sasongka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / dhemês

dêdêge rêspati.
Gandhang kang wicara tanduk / gandhês kewês ngalayoni / tulus
raharja ing driya / kalamun slanggapan angling / datan mawi
tininggalan / sinambi ngliling dariji.
Among lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira /
cumondhong mapanken liring / sumeh asmu guyunira / gumêbyar
kang waja kengis.
Narawang lit thatit tarung / tumêmpyuh sumyur ngênani / curna
prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang sang putri
Cempala / Sang Parta sandeya nangkil.
Lawan sukaning Sang Ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar
Wisatikandhah / swara arum tan brêbêgi / kenyut sang gya kang
miyarsa / yen sampun den wursitani.
Bangkit pantes lan memangun / jumbuh ibkabg busanadi / tumrape
marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlênge tan pindha
karya / dadya tuladhaning estri.
Miwah marang para maru / rinasuk dipunslondhohi / nora keguh
rinêngonan / gopyak-gapyuk den srowali / dadya nora bisa duka /
lêjar lumuntur ingkang sih.
Puwara momong angungung / marang Sang Rêtna Srikandhi / tuwin
rising Danajaya / antuk babah denira sih / nanging Sang Rêtna
Cêmpala / tangeh yen agêng kang kalih.
Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira malêsi / bêkti marang
maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamujunge sabên dina /
sakarsane den turuti.
Yeka caritaning dangu / estri kang kanggep ing krami / nalikaning
jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pirinida /
pakolehe pinarsudi.
Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa
kongsi tanpa tuladhan / buwang caraning dumadi / bokmanawa
tibeng papa / ina lupute pribadiyat.
Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / saha maha prameng
lukita / sarta tanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat
Candrarini.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

4