SERAT SAPALA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

SERAT SAPALA
Punika Serat Sapala Kawujudanipun Saperangan Ringgit Madya ing
Surakarta
Bageyan 1 : Simpingan Tengen
1.

2.

3.

4.

5.

6.

Gandarwa RAJA KARAWU. Narendra ing Parswasta,
sumitranipun Prabu Kusumawicitra. Kawujudanipun: Dedeg

ageng inggil kados Bima, praupan gusen kados Dasamuka, mawi
topong kethu Karna, ngore rikma gimbal dumugi wadidang,
mawi acecawet kampuh poleng, tanpa pancanaka. Punika ringgit
Madya Yasan MN IV.
Prabu RAJA SINDULA. Narendra ing Mendangkamulan,
ramanipun Prabu Dewatacengkar. Kawujudanipun : Dedeg ageng
inggil kados Suyudana wanda Jaka, mawi mekutha, jenggot wok,
ngore tiga tumumpang pundak. Mawi sampir, rampekan clana
cekak, ngagem gamparan/cripu. Punika ringgit Madya ingkang
Yasan MN IV.
Harya BANDUNG. Putra ing Pengging, atmaja Raden
Darmamaya satriya ing Salembi. Kawujudanipun: Dedeg ageng
inggil kados Bratasena, jamang sinom, mawi gruda dhara, ngore
dumugi wadidang, rampekan clana cekak tanpa keris, punika
ingkang gembleng, punika ringgit Madya ingkang Yasan MN IV.
Ingkang badan cemeng jamang bathukan, mawi sampir, ngore
tiga tumumpang pundhak, rampek kerisan. Punika Ringgit
Madya ingkang Trunadipan.
Harya ANTAWIRYA. Senapati Ngastina jaman Prabu
Gendrayana, wayahdalem Patih Danurwenda. Kawujudanipun:

meh sami Bandhung ingkang cemeng, kaot boten grudhan, boten
sampir, saha jamang sinom, awak gembleng. Punika ringgit
Madya ingkang Trunadipan.
Raden BRAJASENA, Senapati Ngastina putra Raden Gathutkaca.
Kawujudanipun kados Bratasena, mawi jamang sinom, sumping
panjang, boten mawi kuku, rampekan. Punika ringgit Madya
Klatenan, yasan Ki Harjasutikna.
Prabu BIMASENDRA. Ratu Trajutrisna anak turunipun Prabu
Bomanarakasura. Wontenipun nalika lampahan Jayabaya Rabi,

AAK culture library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

7.

8.


9.

10.

11.

12.

13.

14.

badhe ngayunaken Dewi Sara. Kawujudanipun : Dedeg sami
kaliyan Danaraja, mawi topong, sumping panjang gajah ngoling
tumumpang pundhak. Praupan gagah kados Gathutkaca, rampek
clana panjang. Punika ringgit Madya ingkang Trunadipan.
Prabu BAJRAPATI. Sentana Ngastina, turunipun Gathutkaca.
Kawujudanipun : kados Gathutkaca wanda Guntur, tanpa praba,
ngore tiga tumumpang pundhak, rampekan clana panjang.

Punika ringgit Trunadipan.
Prabu WIRASENA. Narendra Tunggulmalaya, wayahipun Raden
Gathutkaca. Kawujudanipun : Kados Gathutkaca tanpa praba,
grudhan ageng, sumping gajahngoling. Mawi kalung ulur,
rampek clana panjang. Punika ringgit Yasan MN IV.
Harya SANJATA. Senapati ing Yawastina. Kawujudanipun :
kados Antasena Sala, rampek clana panjang. Kalung penanggalan.
Ringgit Yasan MN IV.
Harya KALANTAKA. Senapati Yawastina, kadangipun Harya
Sanjata. Kawujudanipun : kados Antasena Sala, ngore bundhel
kados Patih Udawa. Rampek clana panjang, kalung
penanggalan.Ringgit Yasan MN IV.
Adipati HARYA TENGGER. Pepatihipun Prabu Dewatacengkar.
Kawujudanipun : Kados Duryudana, mawi ngore Udawa, jenggot
wok, boten praban. Klamben teni lengen panjang, rampek clana
panjang. Ringgit Yasan MN IV.
Patih SUTIKNA. Putranipun Harya Dwara ing Ngastina, sumulih
kalenggahan Patih. Kawujudanipun : kados Gandamana mawi
ngore setunggal tumumpang pundhak, rampekan clana panjang.
Ringgit yasan MN IV.

Harya MAODARA, rayinipun Prabu Gajahsinga, benjang teluk
dados sentananipun Prabu Jayabaya. Wujudipun kados Jayadrata
tanpa praba, mawi ngore bodhol tiga, rampekan.
Prabu BUMIPALA. Putranipun Prabu Sariwahana ing Yawastina,
lenggah wonten ing negari Trajutrisna. Kawujudanipun: kados
Raden Krepa, nanging mawi ngore bodhol tiga. Kalung ulur,
rampekan jangkep clana panjang. Praupanipun pinulas prada.
Ringgit Yasan MN IV.

AAK culture library

2

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
15. Prabu JAYAPURUSA. Inggih Prabu Jayabaya duk rikala dereng
angelun praja Yawastina. Kawujudanipun: kados Harjuna
nanging mawi gelung keling. Sandhangan prabot komplit mawi
sampir, rampekan clana panjang. Punika ringgit Yasan MN IV.
16. Prabu JAYABAYA. Kawujudanipun: kados Rama ngore tanpa

praban, sampir, rampekan clana panjang. Ringgit Madya
Trunadipan.
17. Prabu SARIWAHANA. Kawujudanipun: kados Prabu Jayabaya
ing nginggil, ananging kaot sumpingipun gajah ngoling,
tinutupan rambut ngore abimanyu, tur sepaton. Dene
praupanipun radi nglangak kados Kresna wanda Rondhon.
Ringgit Madya Kasunanan.
18. Prabu PANCADRIYA, narpati ing Pengging. Kawujudanipun:
Kados Kresna mawi ngore tiga, tanpa praban, rampek clana
panjang. Ringgit Madya Trunadipan.
19. Prabu GENDRAYANA, narpati ing Ngastina. Kawujudanipun:
Kados Bambang Sekutrem, mawi rampek, gelungipun buntet.
Ringgit Madya yasan MN IV.
20. Prabu JAYALENGKARA, narpati Medangkamulan pungkasan.
Kawujudanipun: Kados Prabu Yudhistira. Mawi sampir, grudhan
alit, rampekan cara satriya. Ringgit Madya yasan MN IV.
21. Prabu YUDAYANA. Narpati ing Ngastina. Kawujudanipun:
Kados Prabu Pandhu Praban, nanging rampekan. Punika ringgit
wekasan ingkang Praban, wonten ing kothak Madya Kasunanan.
22. Prabu JAYA HAMIJAYA. Wujud kados Rama makuthan,

sumping panjang boten ngore, boten praban.
23. Prabu ARIDHARMA. Inggih Anglingdharma. Wujudipun kados
Parikesit Makuthan, ngore tumumpang pundhak, sumping
gajaholing, mawi sampir, rampekan clana panjang. Jamang sinom,
praupan pinulas prada. Punika ringgit Madya Yasan MN IV.
24. Prabu ASTRADHARMA. Pambarep Yawastina, seda dening
Prabu Jayabaya. Kawujudanipun meh sami kaliyan Aridharma,
kaotipun tanpa ngore. Punika Yasan MN IV.
25. Prabu KUSUMAWICITRA, inggih Prabu AJI PAMASA.
Kawujudanipun: kados Rama, luruhipun sanget, mawi ngore
Udawa, rampek clana panjang, praupan prada. Yasan MN IV.

AAK culture library

3

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
26. Prabu YUDAYAKA, inggih SUDARSANA. Kawujudanipun:
kados Rama, ngore abimanyu, jamang bathukan pulas rai prada,

sampir. Punika Yasan MN IV.
27. Prabu GANDAKUSUMA. Putranipun Prabu Anglingkusuma.
Kawujudanipun: Kados Parikesit Ratu, nanging sandhanganipun
irah-irahan topong karna. Dodot rampek, praupan prada. Yasan
MN IV.
28. Raden JAYA AMIJAYA, inggih Harya JAYAJAYA, putra Prabu
Jayabaya. Wujud kados Harya Prabu rampek. Punika Ringgit
Madya Sala, koleksi Museum Wayang Ngayoja.
29. Raden ANGLINGDHARMA, wujudipun kados Puntadewa Nom,
sumping gajaholing, jamang sinom mawi kalung ulur. Ringgit
Yasan MN IV.
30. Raden SUDARSANA. Wujud kados bambang Wijanarka, rampek.
Ringgit Yasan MN IV.
31. Raden GENDRAYANA. Wujud kados Bambang Irawan, rampek.
Ringgit Yasan MN IV.
32. Raden GANDAKUSUMA, wayah Prabu Anglingdharma. Wujud
Kados Parikesit Nom, rambutipun ginulung minggah
tumumpang pundhak kados tiyang beksan Golek mawi gelung
gondhel, kalung ulur, rampekan. Yasan MN IV.
33. Raden DARMAMAYA, putra Salembi. Wujudipun katongan

luruh, mawi sinom. Sumpingipun mawi oncen tumumpang
pundhak. Tropong Karna, ngore parikesit, praupan cemeng,
kalung ulur. Mawi jenggot kretepan setunggal kados
Yamawidura, rampek clana panjang. Punika ringgit Madya
Surakarta, tedhakan Kasunanan, koleksi Museum Wayang
Ngayogya.
34. Raden JAKA KANDHUYU, ing benjang dados Prabu
Jayalengkara. Kawujudanipun amung Bambangan Alit, luruh
praupanipun, ngore kados Parikesit, sumping waderan,
sandhangan kados tiyang dhusun (jarik suwelan) tanpa prabot.
Ringgit Yasan MN IV.
35. Raden JAKA JUGULMUDHA, ing benjang dados patihipun Prabu
Jayalengkara. Kawujudanipun kados Leksmana Mandrakumara,
kaotipun menawi Leksmana punika ketingal pasemon bodho,

AAK culture library

4

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library I Javanese Manuscripts
menawi Jugulmudha pasemonipun gagah, esmu ladak. Tanpa
brengos, praupan jambon. Prabot sami kaliyan pun Kandhuyu.
Ringgit Yasan MN IV.
36. Empu PUYWA, saking tanah Jamurdwipa utawi India, suwita
Prabu Jayabaya. Kawujudanipun kados Narayana, nanging
rambut ingudhal kados Bargawa. Sampir, tanpa clana panjang.
Ringgit Yasan MN IV.
37. Dewi JONGGRANG. Putri ing Prambanan. Kawujudanipun
langkung ageng tinimbang Banowati, ngore gendhong, mawi
oncen-oncen dugi dhadha. Praupanipun luruh. Punika yasan MN
IV.
Bageyan 2: Simpingan Kiwa.
1.

2.

3.

4.


5.

6.

7.

Kawujudan Denawa RATON SRAMBAHAN, ngore udhal,
praupanipun kados Yamadipati. Pinulas sawo mateng, punika
Ratu Buta Srambahan, kagem Raja Gandarwa. Yasan MN IV.
Denawa RATON SRAMBAHAN ingkang Trunadipan, mripat
klekepan, ngore tiga, tanpa kalung, rampek tanpa keris, gusen
kados Dasamuka, awak-rai sawo mateng.
Prabu KARUNGKALA ing Prambanan, wujud Kumbakarna
wanda Jaka tanpa praba, ngore tiga, rampek kacawetaken mawi
keris. Punika ringgit Trunadipan.
Prabu BAKA inggih DARMAMOHA, wujudipun kados Prabu
Karungkala, kaotipun mawi sinom. Punika ugi ringgit
Trunadipan.
Kawujudan Denawa Raton tropong kethu, klamben, mripat tiga.
Mripat klekepan, irung Janma, gusen ngetingalaken untu sisih
nginggil kados Kangsa. Awak rai pinulas sawo mateng, dhodhot
Jangkahan. Punika Gandarwa Raja WRAHASPATI, yasan MN IV.
Gandarwa SRAMBAHAN, kangge pepatihipun, ugi klamben.
Praupan sami kaliyan ingkang nginggil, amung mripat kalih.
Rambutipun ginimbal kados Brahala, nanging dipun tatah
gubahan, pinulas cemeng. Punika ringgit Madya yasan MN IV.
Prabu PALGUNA, rayinipun Resi Buddha ing Widarba. Wujud
Ratu Denawa tropong Karna, ngore tiga, rai gajah. Punika Yasan
MN IV.

AAK culture library

5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

17.

Prabu MANGGAKALA, rayinipun Resi Buddha ugi. Wujud ratu
denawa tropong Karna, ngore tiga, rai macan. Punika Yasan MN
IV.
Prabu
SUWELACALA,
inggih
SELACALA,
narpati
Mendangkamulan, wujud Dasamuka Topong Karna, mawi ngore
ngudhal rikma tanpa praban. Tangan setunggal, rampekan tanpa
keris. Punika Yasan MN IV.
Prabu DEWATACENGKAR, narpati Mendangkamulan. Wujud
kados Kangsa mawi Tropong Karna, mbodhol rikma, klamben
werni ijem, mripat Suluhan (Dhondhongan mawi tlapuk), punika
ringgit Madya yasan swargi R. Harjasutikna, Jombor, Klaten.
Prabu SANCAYA, ratu Nusarukmi. Pejah nalika tandhing prabu
KUSUMAWICITRA. Wujud Prabu Baladewa, ngore parikesit
tanpa praba, rampek. Punika Yasan MN IV.
Patih JUGULMUDHA ing Medangkamulan. Kawujudan kados
Jayadrata, ngore tiga, mawi sinom. Praupan jambon, tanpa praba,
sumpingipun mawi oncen. Rampek clana panjang. Punika Yasan
MN IV.
Ki BANDAWASA, Prajurit Prambanan ingkang mbedhat, dados
begal. Wujudipun Kados Rajamala, kaot boten breset. Kalung
slendhang kados Patih, namung jamang sinom. Sandhangan
prasaja, jangkahan cothang kunca setunggal. Punika Yasan MN
IV.
Prabu DORADRESANA. Narpati Banjarjunut, putra Prabu
Sariwahana. Wujud kados Burisrawa dipun sandhangi mawi
Topong, ngore tiga, jenggot wok. Kalung ulur, rampek clana
panjang. Punika Yasan MN IV.
Prabu DIPANATA ing Salembi. Kados Basudewa mawi sumping
gajahngoling, rampek mawi kalung ulur. Punika ringgit
Trunadipan.
Prabu DANURWENDA ing Kertanegara. Kados Kresna nanging
sinom, rambut gendhong, rampek clana panjang, praupan
jambon. Punika ringgit Trunadipan.
Prabu ANGLINGKUSUMA, kados Parikesit nanging topong
Karna, ngore abimanyu. Punika ringgit Trunadipan.

AAK culture library

6

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
18. Raden PUTRAKA, putra Prabu Sariwahana. Wujud kados
Bambang Sumantri mawi sumping gajahngoling, praupan
jambon. Punika ringgit yasan MN IV.
19. Harya BATHIK MADRIM, pepatih ing Malawapati. Wujud kados
Drestajumena ngore tiga, rampek mawi kalung ulur. Punika
ringgit yasan MN IV.
20. Harya SASANA, wayah Dursasana. Wujudipun kados Dursasana
nanging dedegipun namung alit, boten jenggot. Rampek kalung
ulur. Punika ringgit Madya Mangkunegaran. Menawi ing
Kasunanan lajeng kaewahan rupinipun dados bagus, awit kerep
kangge perang kembang.
21. wonten SASRA WOK, nanging rampek, ngore tiga tanpa praba.
Punika kangge srambahan Ratu Sabrang. Yasan MN IV.
22. wonten malih kados KARTAMARMA, nanging topong Karna,
grodhan alit, ngore tiga klamben, jenggot wok. Praupan pinulas
prada, punika kangge srambahan ugi. Yasan MN IV.
23. Prabu NGUSMANAJI inggih Prabu KUSUMAJI, narendra Bani
Israel, gurunipun Prabu Ajisaka. Menawi boten kalentu punika
inggih kawujudan, rupi kados Prabu Kresnadipayana, mawi
ngore kados abimanyu. Sinungging praupan prada, mawi klambi
lengen panjang tur sepaton. Punika mapan ing kothak Madya
Yasan MN IV.
24. Prabu Jayabaya anggadhahi PANAKAWAN, wujud cebol.
Praupan nglangak, rainipun kados tiyang, mripat kedhelen mawi
brengos lemet. Sinandhangan topong kados sentana, mawi kalung
ulur, rampekan. Punika dipun yasakaken kothak piyambak sami
kaliyan Prabu Jayabaya.
25. Prabu RAJA TUNGU, kawujudan kados Boma Encik nanging
ngore tiga, tanpa praba. Rampek clana panjang. Punika ringgit
Trunadipan.
26. Kawujudan kados BOMA ENCIK jenggot wok, pogog ngore
udhal, rampekan, praupan coklat. Dereng kadenangan.
27. Kawujudan kados BASUDEWA mawi serban, tanpa praba,
rampek, mawi sampir. Dereng kadenangan.
28. Kawujudan kados Kakrasana rampek, punika Harya
JATHAWIDHA.

AAK culture library

7

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
29. Kawujudan kados Narayana rampek, rai gembleng, dereng
kadenangan.
30. Kawujudan kados Pragota mawi tekes centhung, dipun sukani
ngore. Punika Harya SUBALA, trah Dursasana.
Wuwuhan gambar :
1.
2.
3.
4.
5.

6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.

Buta rai Macan, lanang-wadon, rambutgeni. Punika kangge
perang kembang malihan Dewa.
Kados Narayana mawi gelung keling, jamangan. Tanpa ngore,
mawi kalung ulur. Punika Bathik Madrim (?)
Kados Patih Dwara nanging kalung ulur, rampekan. Bokmanawi
Patih Rajakandhi (Malawapati Nom).
Kados Drestajumena mawi ngore tiga, kalung penanggalan,
rampek. Bokmanawi Patih Bathikmadrim ugi.
Wonten kados Parikesit Nom rampek, nanging rambutipun ngore
setunggal ing pundhak. Praupan gembleng, jamang bathukan.
Bokmanawi punika Raden Sariwahana.
Wonten ingkang kados Parikesit Nom wantah, grudha alit,
rampekan. Putran?
Wonten ingkang kados Pancawala wantah, gelung bundhel, mawi
rampekan clana cekak. Jaka Kaneraras utawi Kandhuyu?
Putren kados Sembadra Rimong
Putren kados Jembawati Makutan
Putren kados Setyaboma Makutan
Putren kados Banowati Rimong
Kados Kusumawicitra nanging mawi sampir, praupan gembleng
Kados Prabu Kiritin, ngore Rama, rampekan.
Anglingdarma nom mawi kalung ulur.
Anglingdarma nom mawi kalung penanggalan.

Saking buku sanes:
1.
2.

Kados Sucitra nanging kalung slendhang, rampek, punika patih
SUNJAYA ing Yawastina.
Kados Prabakusuma rampek, kalung ulur. Dereng kadenangan.

Sejatosipun taksih kathah ingkang dereng sinerat ing ngriki, awit
cacahipun ringgit madya setunggal kothak punika dumugi 353 iji.
Ewadene gandheng taksih winatesing seserepan, amung sakedhik
AAK culture library

8

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
ingkang nembe saged sinerat ing layang punika. Dene aliya saking
punika, wonten katrangan-katrangan ingkang magayutan kaliyan
Ringgit Madya punika, kados makaten:
1.

2.

3.
4.

5.

6.

7.

Ing salebeting Ringgit Madya yasan MN IV punika wonten cakcakan ingkang nyalawadi: dene salebeting ringgit Madya nanging
ing simpingan tengen kok mawi kawewahan wujud Petruk Ratu,
jamang sinom jenggot wok mawi rampek. Tangan wingking
mbithi mawi kuku pancanaka, ketingal gagah birawa. Kamangka
ringgit Madya Mangkunegaran panakawanipun sanes Semar,
Gareng Petruk, ananging Badhos, Badhagos kaliyan Badhali, ki
Capa kaliyan Capi.
Ing ringgit Madya yasan Kasunanan, sedaya jawatanipun mawi
tropong Karna. Dene manawi ing ringgit Madya Yasan MN IV
taksih sami kaliyan ringgit Purwa. Kajawi Bathara Bayu ingkang
malih ngagem topong Karna.
Ringgit Madya MN IV, wujudipun ringgit kadewatan babon
cengkokipun sami kaliyan kagungandalem ringgit Kyai Sebet.
Ing ringgit Madya punika, golongan danawa kabage kalih:
ingkang danawa wantah sami kaliyan ringgit purwa, saking
Santana dumugi Punggawanipun, dene ingkang danawa alus
utawi Gandarwa punika racak sami praupan tiyang kados
Yamadipati.
Ing ringgit Madya MN IV, miturut swargi R. Sutrisno wonten
dhudhahan arupi naga raja gelung keling. Bok manawi punika
kangge mujudaken Raden JAKA LINGLUNG putra Prabu
Widayaka inggih Ajisaka.
Ringgit Madya Kasunanan punika wiwit cariyos saking Prabu
Yudayana, wujud Rama mawi Praban. Dene ingkang
Mangkunegaran miwiti kandha saking Gendrayana, dados Prabu
Yudayana lan punggawa Ngastina kados Patih Janurwenda, Patih
Dwara, lan sanesipun, sami boten wonten.
Wujud MAYANGKARA, manawi ing Kasunanan rupi Anoman
tuwa, dedeg ageng inggil, tutukipun mingkem, mawi jenggot
wok, untu papak, serbanan. Dene menawi wonten ing Ringgit
Trunadipan, wujudipun taksih Anoman wantah, rambutipun

AAK culture library

9

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

8.

sinungging klawu, dene kaotipun mawi sampir tur dedegipun
ageng inggil.
Sanesipun ringgit Madya Kasunanan lan Mangkunegaran,
wonten ringgit Madya ingkang sumebar ing bebrayan ageng,
yasanipun sawargi Ki Harjasutikna, ing Gondangwinangun,
Klaten. Cirinipun ugi rampekan, ananging benten wujudipun
kaliyan yasan karaton, mila lajeng kathah ringgit ingkang nyele,
mrogan enggal boten ndherek babonan kraton. Manawi anut
kaliyan cara punika, lajeng wonten paraga kados Raden Brajasena
anak Gathutkaca lan sanesipun, ingkang boten kawujudan ing
ringgit Kyai Madya punapa dene Madya Kasunanan. Sedaya
ringgit punika mawi tandha Garudha Mungkuripun rai methok
kados Mangkara. Sak surudipun Ki Harjasutikna, lajeng sami
boten kalacak icalipun, sumebar dhateng pundi-pundi, kinukub
dening para dhalang ing sakiwa tengening Klathen.
@@@

AAK culture library

10