SERAT JATISWARA
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
1
SERAT JATISWARA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra
Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf . Semoga tujuan blog
www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karyakarya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya
ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@
Resensi F
Pupuh I
Dandanggula
27. //Lèpas lampahira sang brangti / tan siswa sasiki mèng priyangga /
ratri tansèng jro wananè / lila kasudranipun / ngumpul-umpal ing
wong agrami / minta jujuging jawa / nganor kawlas ayun /
linanggat saujarira / linajarkèn nabrang tèkèng ujung jawi / ing
dèrmayu tithnya//
28. //Kèh panrimanya mring kang asung sih / yata laju wau lampahira
/ tanbuh parah pangènanè / anyurang ing wana gung / datan ètang
durgamèng margi / tatas writ pagèrotan / ing pangrènganipun /
akatah rujiting marga / murwèng ènu tindak lwir anabuh siti /
ènggar mèntas kadrèsan//
29. //Ara-ara lurah lwir jaladri / adèdètu ......... mpèyan / pacing
anèdèng sèkarè / sèmbung ........ / ....... lèmbangan sanggalangit /
puspanggrèk mènur wulan / ...... ngadal-adal / nèng dadalan
mandalika lan padali / puring ............//
30. //Marga tumurun lèbak atrèbis / tunjèm kasèrang tahèn ..... /
......... re / prapta ring wèlahar gung / panabrangan kagolan gali /
galintungan ing sèla / sinamur ing lumut / udan adrès alabèhan /
parang rèjèng ring tèpis swaranya ringi / katuwuhan candaga//
31. //Wusnya ngèbèk tèkèng sabrang sisih / kasrangsrangan
dèwangkara nèngah / sang brangtya angganta riwè / swanitanira
kumyus / grah kabèntar kaswamariwing / wimbaning andakara /
kaduwèng ron taru / pidak ro giwanging surya / sang mahawan tasa
dungkaping awanci / lohor tar na tar tirta//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
2
32. //Ka-atoran parahira ririh / murih warih salangkahing marga /
sang brangta kandèg lampahè / mèt a ...... nèng ranu / dan alèkas
mahèrastuti / soring rèjasa kèmbang / katirah wlah agung / tyas
sadaliling ngatunggal / risaksana anglusurakèn kulambi / sarta
babar musèla//
33. //Anèng sèla sumayana langking / wus dadyakèn niyat kang
sèntosa / ing rakbiratul ikramè / parènging maksudipun / pal hu
hu tibaning takbir / ikram mikrad munajat / tubadil linuhung /
samana driya lir pèndah / waja duk ingobar bang cinubi warih /
datan antara mangsa//
34. //Cèngèngira unggahing ngabèkti / saucap woring gusti lan kula /
sumilih sih gumanti ....... / ........ na bèdanipun / ing antanjèj
tanajultarki / atartib tumaninah / awal ahiripun / ........ akirnya /
dèn akungsuk pangènjalinirèng widdi / paragat ........//
35. //Sampun asèmbahyang mangu linggih / lènglèng mangrèngwa
swaraning kaga / drèkuku mun ....... sè / atuduh yèn drèkuku /
angrahita sang brangta kingkin / kalangan ....... / apamrih
anglangut / malar rèkè satmata-a / ing pranangan bagèna tingal
kang warni / tulis tumraping papan//
36. //Sang brangta jumènèng lagya apti / anon wèca yun minangsèng
sarpa / lumayu angungsi rèjèng / manculat tibèng tutug / sinauting
taksana nangis / lumaku inguripan / sang brangta atulung / sarpa
lumayu atilar / kongkang pjah sang akung grahitèng galih / angur
aja tulunga//
37. //Kalinganè raraga puniki / yèn mangsanè pasti wus pracaya / tan
kèna tinulung rèkè / nora ningnang ing pandum / sarwi lungwèng
amara aris / sumèngkèng lunur sarya / awaspa drèsing luh / dadya
nawang-nawang tingal / atètèkèn sradènta mandè anolih / arsa
midik ing marga//
38. //Asrang karèngwa swaraning paksi / rèbut mangsah nacar
karasula / kètèr wurahan abane / woh tuna kang dèn cucuk /
tibèng toya minanya bukti / sinang ngandap rarawa / puyiyan
nanambut / sang mong kingking a ..... ra / karasèng tyas
sakatahing sinung bukti / wus pinasti dèning hyang//
39. //Wontèn ta ...... manuk manilib / tumiling rèkè ring urang-urang /
atèhèr panambèranè / tèr ana tan aluput / wus bingyan baksanèki /
lawan linaning mina / tan ninang tinèmu / saksana panuting pjah /
sinambèr ing alap-alap sang abrangti / saya awas ing tingal//
40. //....... sayakti-yaktinya karsa jati / kang sumèdya karya ..... / tan
na lyan saking dèwèkè / aris dènira ngènu / sumèngka ing gigiring
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
3
.... / ...... kawiryan / alurah aduluh / sekaring trèngguli wawar /
kadya tuduh ...... rujit / panjantan kang sumèngka//
41. //Angling dèkah kang kapèring / ...... jurang / trèrang sacaracaranè / ambal-ambaling ènu / papaywannya tan awas kèksi /
kalingan dèning lirang / wrèksa yom pala gung / patèmon
angungang toya / binanjaran pucang rambu tiris gading / pandan
pudak apucuk//
42. //Kèh pisang nyandam pada gumading / tata tang dèkah
ababanjaran / sindurja katumpang jèjèr / pracita manda kakung /
wongatali andong bang puring / patramènggala amyang / nora
pacar-ranu / kayu mas tèja rèjasa / bayèm raja sangga-kasa
andamari / tang pakis wisa-mèrta//
43. //Vganjat panganjaran sang abrangti / mulat tèkang patapan
asimpar / pinggir marga tèngèning wè / kayoman dèning andul /
apasasir jangga kasturi / samèpa wuwukiran / wangonan pring
tutul / kaupacarèng carangan / sèlan sida wayah asri kang asri
gading / anjrah kang puspa nyidra//
44. //Nyudènta woh andap amarapit / kajulingan ing wat nagapuspa /
kapuranta rancakanè / sarinya glar sumawur / tibèng siti .... wrèsa
rukmi / warsiki andap skar / sarinya aruru / èman dinohan kang
skar / amulèr ing jangga marum sanggalangit / ya wilèt winilètan//
45. //Skar jabung ngalo ...... siti / bakung sarinya awra agèlar / galur
awor lan kajènè / kèh brèmara marang rum / amrajaya wangining
sari / sarinya kaèngèlan / ing sadpada mahyus / ...... bantala /
kalud dèning liwaran lumrang ing siti / raras rum layèng sana//
46. //Sumilir arising sabda gati / mèmbating angsoka pinawanan /
....... rèjasanè / rèjèng anjog kumrusuk / anèmpuh gro siratnya asri
/ muncar kadya mutyara / lamunan lir kukus / sranging toya
magut parang / tinahan ing luntak munya sènggani / wor kriciking
toyanrang//
47. //Asiliran ngrangin swara rasmi / kadya mèndat sabda mindaminda / rèngènging brèmara mamrèh / apiji mu dulur / toya tiwar
tumaming siti / ngaricik linampuhan / lir gènding pinalu / abarung
swaraning kongkang / munyèng jurang ring parang rong anèsègi /
patut lir mandaraga//
48. //Praban aparung rèjèng tumawing / rèngat-rèngat jroning
sèlandaka / anglèlès awra rèmbèsè / sinamuting lulumut / anèrasah
ngèbèki tèpi / angasut amiwara / ring tègal kadulu / anut
lèmpitaning jurang / parang ginggang prènahè susun angiring /
panjriting sata wana//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
4
49. //Sumariwing pawuhè mèlingi / kadyang sung sipta marang samara
/ marèngi mrih kasidinè / kuwong pèndah anguwuh / sinèngsèngan
kang pèksi gading / pring wungwang kapawanan / sru angu
nguluwung / asrang lan panggriting wrèksa / sinawaran ing gèrah
apanti / mèndung tan jaladara//
50. //Cikaklak nangis aminta riris / ngajap-ajap sih turuning wrèksa /
amlas asih pasambatè / lwir tangising awuyung / ing tèmahè
abrangta kingking / awarah tyas ruditya / sawang lina nglangut /
matrènyuh dèning ........ / ................................ / .....................//
51. //Dadya tumèdak sang wan brangti / saluhurira punang aldaka /
alon tan kandèg lampahè / ngidul ngètan inènu / ardi basak ingkah
pinurih / wontèn dèkah kaiksan / pan asri kadulu / winastan ing
patègaran / sawètaning prajèng bantèn wana nipis / pèpènggèr
palunguran//
52. //Katon kitrinya tiris awilis / pètung ngèbèbi ing padadahan /
atèpung ron mangurènè / kèdèran tègal talun / pagadonanira /
atèbih / karang maksih tumruna / aramya dèsa gung / papètètan
nagapuspa / kang ing natar angsoka lan wèratsari / tilasing janma
wirya//
53. //Banjar ajèmbar natarnya radin / wiwaranipun tingkah garupa /
patani munggwing wra ...... / kinèlir grogol alus / pahèrannya sri
binotrawi / ayom dèning angsoka / sinèlan gèndaru / tèja rèjasa
ajajar / jambu jambè katèpiring lan kècapi / prijata jinam mirah//
54. //Papuspitanira sri aruwis / binaturan ing bata kumabang /
rimbagan ukir-ukirè / papanjaraning ranu / sèla langking pinatra
rujit / pudak ngadodèng toya / lwir pada dyah angum / sari sumilir
gandanya / rurwèng kisma pèndah sèbaring jinèmrik / nèdèng
majang ambabar//
55. //Jatiswara ascar mulati / pasang rakit banjar pakarangan /
kahyun araryyan sèmunè / anumama mring pintu / tèka linggih
anèng patani / sarwi aliliyangan / ing sèla tumungkul / anyamaping
sèta araras / apaningsèt sutra ingukup tulwa sri / asumping
nagapuspa//
56. //Ki Jatiswara anjVtmikani / gonggong nginga anglonging naya /
wènès ijo anglalèntreh / ka-aporani laku / amandaya dènira linggih
/ angunandikèng nala / sapa duwè dukuh / dènè banjarè awirya /
kang mardèsa kaya wong asuka singgih / mangkanan ciptanira//
57. //Ki Saèmbang kang darbè patani / sutanè kalih sami pèrawan /
samya yu-ayu warnanè / Nawangkapti pangayun / Ni Wasita
sumèndinèki / arinè Ki saèmbang / wismanipun kidul / wastanè Ki
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
5
Tigawarna / anakipun satunggil inggih pawèstri / ayu asring
linamar//
58. //Ni Suwatra wastanè puniki / lagya samyarsa rèkè asiram /
Nawangkapti wasitanè / Ni Suwastra karuwun / tèkèng jawi
cungkèlak bali / gumuyu èsmu mèrang / andulu wong kakung /
kapètuk rara kalihnya / Ni Suwastra kang raka dèn popoyani /
kakang ana wong lanang//
59. //Wau ta linggih anèng patani / anyamping patak sarwi nunurat /
sutra ingukub sabukè / asumpang nagasantun / ika si wong
andudut ati / Ni Rara ro ris mojar / mènèknè tatamu / atakon
maring si rama / Nawangkapti kang rayi dèn bibisiki / lah nèda
pinaranan//
60. //Rara titiga pan sarèng mijil / Ni Wasita sèkarè cèpaka / asinjang
cangkring kapanjèn / mèntas binabar sampun / akakèmbèn
gudang-malati / igupan-upan prada / pipinggiranipun / pupur larap
gugunungan / Ni Saèmbang asumping skar warsiki / katub rondonè
pisan//
61. //Asinjang limar toman mantèsi / akèkèmbèn cèlèb lubèng wiyat /
salèndang palangi jènè / anyangking skar jabung / Nawangkapti
asinjang putih / asèmèkan sarasah / tasik tan rinèmbung / asèkar
bagèm wangsulan / Ni Wasita kakangè kang dipun sèngi / samya
sangkrib apaguywan//
62. //Nawangkapti mèsèm angling aris/ sira karo pada wèha kinang /
bakal pacanganmu kaè / sing linggih marikèlu / patutè lir lagi
nunulis / surasa ingkang gawat / rara ro gumuyu / si kakang iku
sèmbarana / lah bok kowè awèha kinang pribadi / marang k wong
ika//
63. //Wis patut tèmèn si kakang ika / alakiya olih lan wong ika / .......
ana kuciwanè / lananganè abagus / wadonanè ayu prak-ati /
kalakon tèmènan / mandah bungahèsun / duwèya ipè mangkana /
Nawangkapti mèsèm suruhè dèn juwing / sinawurkèn rinira//
64. //Nawangkapti mèsèm angling ririh / payo Wasita karo Suwastra /
payo pinèrpèkan kaè / parèng samyès gumuyu / Ni Rara tri
amarèpèki / Nawangkapti nèng wuntat / rinira ro ngayun /
lèlèwanira kinarya / wong tètèlu lirang alurungan liring / bibisik Ni
Wasita//
65. //Mucanga kakang jambè wangi / sèpah para sampun para buwang
/ kang-kang sun tèdanè mangkè / Ni Wasita gumuyu / susumpingè
wus dèn alapi / pan kinarya babalang / katut rondonipun / ngèngo
angusap srinata / Ni Suwastra angadèg loring patani / kèkèmbènè
kèmaga//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
6
66. //Jatiswara angling jroning ati / iki si wong tan wikan ing krama /
dadi si kaniyayanè / amatèni ngasadu / nora kaya cobaning widdi /
yèn ingsun kagèbanga / ing warnanirèku / andulu Ki Jatiswara /
Nawangkapti dinuk ing naya alindri / dènè mèmpèr kang garwa//
67. //Nawangkapti awirang kapati / tumungkul tèka anglèking driya /
aglis dèn buwang skarè / sariranya marlèsu / kèkèmbènè kèndo
pribadi / mundur pan èsmu mèrang / arinè dèn uwuh / Wasita
Suwastra sira / marènèya payo yayi pada mulih / aja nonton wong
èdan//
68. //Ni Suwastra rèkè amarani / atur sèkar wau sarwi lunga /
tinibakakèn pangkwanè / kèsah sarwi gumuyu / Ni Wasita .......
aglis / sèpahè karya babalang / sarwi guyu-guyu / pada ling-alingan
pandan / Ni Suwastra kèkèmbènè dèn lukari / karanè dinuluwa//
69. //Nawangkapti wirangè kapati / aningali marang Jatiswara / agè
mantuk ing wismanè / minggah ing jnèm-arum / tèka niba
ngrungkèbi guling / ibunipun anjola / mulat putranipun / agyaagya pinaranan / Nawangkapti ginugah nora atangi / ibunira
karuna//
70. //Ni Saèmbang panangisè anjrit / Nawangkapti ingkang tinangisan
/ amlas-asih sasambatè / duh nyawa putraningsun / anglilira ta
sira Nini / nulya sira atanya / maring anakipun / Wasita sira
mrènèya / gya rinangkul pan sarwi dè bibisik / lah tutura dèn
wèca//
71. //Aja kumbi sira sun takoni / tèka ngèndi mau kakangira / tèka
mèngkènè dadinè / Ni Wasita sumaur / duk ing wau saking patani /
lawan yayi Suwastra / sami ajèng adus / abali wontèn wong lanang
/ ing patani prènahè dènira linggih / sarwi anon si kakang//
72. //Pandulunè tèka mambu ati / èmbokmanawa nora pasaja / sirku
ana wisayanè / bapanè nambung wuwus / yèn mèngkono
kakangirèki / kaglasan lan wong lanang / ing wataraningsun /
agupuh nulya busana / Ki Saèmbang sigra mara mring patani /
mèdal sarwi anginang//
73. //Jatiswara èca dènnya linggih / nora wikan yèn ana kang prapta /
pijèr angliring sastranè / Ki Suwastra alungguh / gupuh dènnya
angacarani / bagèya kang datèngan / tèmbènè andulu / sapa sintèn
kang panèngran / Jatiswara nauri wacana aris / dèn agung
pangapura//
74. //Kawula asor raryyan ing ngriki / nunukèri patani andika /
akaporan parah rèkè / kaè atanyèng sèngguh / wong kasiyan
manira riki / atèngran Jatiswara / awita milanipun / kalirangan
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
7
dèning kadang / Ki Sajati wastanè kang sun ulati / manawi
kapanggiha//
75. //Ki Saèmbang angrès ingkang galih / aningali maring Jatiswara /
tèpa-tèpa tuladanè / Ki Saèmbang lon muwus / mara rèkè
anilakrami / nèda maringèng wisma / lamun para tulus / yun
mawong sanak lan mara / Jatiswara mojar rum inggih manawi / kaè
asih wong brangta//
Pupuh II
Asmarandana
1. //Nulya kèrid lampahnèki / mara maring wismanira / Ki Saèbang
agè-agè / ngrumiyini lampahira / sigra kinèn gagèlar / lampit lan
kalasa alus / rinangkèpan kasah pacar//
2. //Jogan wus sinapu rèsik / nuduh mring rubiyahira / sira
angukusa agè / samaktaning pasugata / kang sèmada arikat /
rabinè agupuh-gupuh / mring pawon ngukus babètak//
3. //Ki Saèbang ngacarani / lah anèda alinggiha / kang ingacaran
nulya gè / prapta gupuh sasalaman / wus mapan tata lènggah / kaè
Saèbang anuduh / mring santrinè Ki Dulmuwah//
4. //Dulmuwah undangèn aglis / kyahimu Ki Tigawarna / di agè
konèn marènè / warahèn ingsun datègan / kang liningan agèpah /
marang ing tègaran kidul / panggya pananggil winartan//
5. //Ki Tigawarna nulya glis / anyamping lurik gèrusan / jubah
kutung kulambinè / akuluk batokan ....... / dèstar arab masèman /
jèplakan mèrèt du-mancung / nyangkèlang soka wiyana//
6. //Ngajak ruhiyahirèki / payo sira adandana / jarè kana ana dayoh /
rèwangana bakyunira / ngukus karya sugata / kang liningan
dandan gupuh / sapatutè amrèsaja//
7. //Wus kVrit lampahèrèki / tan adangu nulya prapta / Ki Saèmbang
nguwuh agè / lungguha ing kènè sira / nulya gupuh alènggah /
rahab samya sasalaman//
8. //Sung pambagya ing tatami / winangsulan karaharjan / dulunè
sami règèpè / Ki Saèmbang nguwuh marang / anakè karo pisan /
katèlu pulunanipun / anakè Ki Tigawrèna//
9. //Lah Wasita lan rinèki / Suwastra angladènana / padudan gèni lan
gèmbul Wasita Suwastra sigra / sasaos maring ngarsa / gèmbol
luwèr cèpuk pupuk / padudan sgèninira//
10. //Wus sinaoskèn ing ngarsi / mundur ni rara kalihnya / ni rara
ngling jro kalbunè / prènyana wong mau ika / kang linggih nèng
undakan / Ni Wasita èsmu kanyut / mulat maring Jatiswara//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
8
11. //Tansah amamancèr liring / ulatè angganda prana / sang brangta
mèsèm jro tyasè / Ki Saèmbang ris wacana / marang tatamunira /
lah ing ngriki anak bagus / amucanga aududa//
12. //Apan wus pada cumawis / paran ingkang kinarsakna / amucang
myang padudanè / babo aywa taha-taha / papanggih lan pun bapa /
kranallah kèwala Bagus / wus wismanira priyangga//
13. //Ki Jatiswara agipih / anyandak sètongira / binalongson ing
suwaos / pinontang ing mas lus-lusan / tèmbakone aruman /
pakantuk dènira udud / sawusnya nulya anginang//
14. //Pangusapan krawangwangi / amèngès manggis karèngat / tèka
muwuhi bagusè / amukèt kadubangira / susurè nèng pangèbam /
kadya mèsèm yèn dinulu / ni rara ro samya brangta//
15. //Yata kasaput ing wèngi / samya mrih wèktu asalat / mahrib
mring palanggaranè / sarèng mahèrastu kadas / adan sunat akamat
/ angangkat parluning waktu / Jatiswara ingancaran//
16. //Mangayun kinèn ngimani / nulya kaè Jatiswara / wus
andadèkkèn niyatè / pasèkat usalinira / apatitis takribnya / lwir
patining pandam murub / pèt tan ana katingalan//
17. //Wusing cèngèngira nuli / wawacan wijah iptitah / nulya maca
patèkahè / pan ingapti kir’atira / titis mikraj jing sastra / mad kasar
sakatahipun / kinawruhan sadayanya//
18. //Swaranira rum amanis / tèkaning lapal walalla / lir pèksi bèr
madal pangè / swarane landung amèmbat / tan ana kang kuciwa /
sadayanè kang amakmum / angalèm sajroning nala//
19. //Saèmbang osiking ati / prènyata lamun ngulama / katara ing
wawacanè / ngakuwa bodo tan kèna / wau sira bok rara / karonè
paring karuntup / ngijèn-ijèn kang sèmbayang//
20. //Sawusing patèkahnèki / apan surat idaja’a / gya tèkèng tahyat
akirè / nulya sa ...... salat / rahab apupujiyan / dikir maca
donganipun / gya salawat sasalaman//
21. //Laju sunat salat waban / wusnya purna laju ngisa / paragat
wèktu salatè / sawusè asasalaman / Jatiswara ngacaran / wangsul
ing gyanipun wau / samya mudun sangking langgar//
22. //Nèng wisma tata alinggih / kaè Saèmbang sung ujar / gupuh
marang rubiyahè / lah sira asasaosa / bucu sa-ananèka / miwah
nyanyamikanipun / tèmonana dayohira//
23. //Ingkang liningan nulya glis / lan ipè Ni Tigawarna / lan sutanè ni
rara ro / ambèkta kèndi Palembang / Suwastra pakobokan / Ni
Saèmbang ambèngipun / rampadan bok Tigawarna//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
9
24. //Tan adangu praptèng ngarsi / Wasita lawan Saèmbang / anata
rarampadanè / Ni Wasita asiduwa / baunè anggandèwa / kèmbènè
kèndo ing ngayun / kalèlan wonga-wonganya//
25. //Poking payudara kèksi / pèlot sasisih susunya / kapidih dèning
lèngènè / tan mikir kèkèmbènira / pijèr tata rampadan / piringè
ambèntuk dèngkul / dèngkulè Ki Jatiswara//
26. //Wutah sarundèng nèng piring / mèsèm kaè Jatiswara / myat ni
rara tènaganè / nawur angèpuh susurnya / micarèng jroning nala /
yatallah bok rara iku / atinè angaya-aya//
27. //Kongsi metu anèng piring / bèntukè bèntuk anjarag / kagawa
dèning atinè / ..... nya ngladèni bok rara / Wasita Ni Suwastra /
sèmada dipun dadangu / dènira tata rampadan//
28. //Suwastra dènnya ngladèni / kasusu tata lawuhan / rikuh atinira
mangro / kasmaran mring Jatiswara / tan wruh kakèmbènora /
marucut lukar mak bluju / kagyat bènakkèn kèmbènnya//
29. //Ngacèmut ni rara kalih / Suwastra kalangkung mèrang /
kajodèyan kèkèmbènè / bapanè ambèkus mojar / bocah tan ngaraharah / Ki Jatiswara kumèpyur / duk wruh byaring payudara//
30. //Lir wudun ngabuh-abuhi / mèntèr lir bikir kancana / sinanglin
mèntèk amontok / andudut nalaning priya / sèngèh sèdèng samègan
/ Jatiswara namun-namun / kètang byar akabrojolan//
31. //Wus mundur ni rara kalih / kinawètan mring bokira / ni rara
saya isinè / laju marang pangandokan / ting galigik jorogan / mring
gyaning bok-ayunipun / ingkang lagya larasmara//
32. //Ki Saèmbang wacana ris / marang ing tatamunira / lah rèmpès
dahar nakingong / kang ingatag ngècani tyas / nulya lèkas adahar /
akèmbul samya pakantuk / nutug dènira anadah//
33. //Luwaran kang samya bukti / ambèngira cinarikan / wus linorod
rampadanè / marang bok nyahi kalihnya / miwah para pawongan /
gantya dadaran mangayun / bok nyahi nuding mring putra//
34. //Lah mara ladèkna aglis / aja na pada sèmbrana / wong lagi ana
dadayoh / polahè asèlèndèran / ngisinakè wong tuwa / ni rara
samya gumuyu / sarwi anyandak dudulang//
35. //Linadèkkèn anèng ngarsi / ni rara misih tèg-tègan / kètang duk
wau jodèhè / wusnya atata dadaran / andèr ingkang lancaran /
pèpèkan pala gumantung / pala kapèndèm kasimpar//
36. //Myang lah-olahan mawarni / sakatahing jawadahan / arsi nèng
ngarsaning dayoh / wusnya ngladèni ni rara / samya mundur ing
ngrasa / maring gandok ènggènipun / ngadèp kakangè kang lara//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
10
37. //Wasita umujil malih / linggih wurinè kang rama / sarwi bibisik
wuwusè / rama gih puniku uga / kang ganggu mring si kakang /
wontèn ing patani wau / alungguh nunulis lèmah//
38. //Si kakang kèna ing dèsti / cicintung guna wisaya / dadya si
kakang anglamong kèdanan mring wong punika / bapanè ririh
nèntak / buh-èmbuh kang dèn ruh-aruh / sarwi nambramèng
tamunya//
39. //Rampès gus pangusap amis / punapa ingkang kinarsan / sakèdik
sami wontènè / anulya sami angalap / nyamikan sasènèngnya /
rara Suwastra atunggu / lan kang nuwa mring kang lara//
40. //Wasita mila nènggani / ing sakitè kakangira / papat lan ibu bibinè
/ kang lara sangsaya lèsah / Ni Suwastra ris mojar / lah kakang
andika wungu / yèn mulya lara andika//
41. //Kula kaul udik-udik / kang ibu tumut anggugah / sira ngalilira
dènok / ramanira dadayohan / kakung bagus utama / bibinè milu
anguwuh / sira nyahi Tigawarna//
42. //Lah tangiya Nawangkapti / sok uga sira mulyaa / sun nadari sira
anggèr / sun idangkèn maring pasar / Ni Wasita ris mojar / yèn
kowè waras sun kaul / payo pada jèmbilungan//
43. //Ni Suwastra muwus aris / mring uwa nyahi Saèmbang / uwa sun
matur sayèktos / wit sakitipun si kakang / marginipun kadyèka /
pan inggih tamu puniku / kang dèn rèmèni si kakang//
44. //Duk parèng mèdal lan mami / wong puniku nuju lènggah /
wontèn ing patani gyanè / si kakang sarèng tumingal / ragi cèlak
tumindak / cèngkèlak angajak wangsul / kawula botèn anyana//
45. //Praptaning wisma lajèng gring / sun dugi dayoh punika / ingkang
akarya pirantos / wus dèdè sabaènira / sakitipun si kakang / kadi
wong kèna ing cintung / duduyung guna wisaya//
46. //Kang uwa ngling mokal nini / yèn ta dayoh mèngkonowa / pan
lagi kaparèng baè / wau ta ingkang / alara / sangsaya lèsah payah /
nimbok Saèmbang tyas gugup / mulat marang putranira//
47. //Langkung dahat dènnya sakit / nguwuh mring rara Wasita / lah
nini mrènèya agè / matura ring ramanira / yèn putranè kantaka / Ni
Wasita aglis umatur / ring rama nèng pajagongan//
48. //Kakangbok anggung tan èling / Ki Saèmbang duk miarsa /
tumungkul brèbèl waspanè / wasana alon wuwusnya / o ya wus
jamakira / kayon kènèng angin iku / lumrah araling kawula//
49. //Nulya anèmbramèng tami / singgih maring Jatiswara / anak pun
bapa tatakèn / miwah ing lara punika / mènggah ing dalilira / wajib
lawan botènipun / yèn anjajaluka tatamba//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
11
50. //Jatiswara muwus aris / lèrès kiyahi punika / apan sunat ing
kukumè / ngalara amèt tatamba / Ki Saèmbang ris nabda / bagus
pèk makotènipun / tatanè wong among rayat//
51. //Tata krama sun ranggoni / anging ta kèdah ihtiyar / inggih datèng
saliyanè / gya nimbok Saèmbang mèdal / matur ing lakinira /
groyok sarwi sènggrak-sènggruk / kyahi putranta kantaka//
52. //Ki Saèmbang gupuh angling / marang kè Jatiswara / anak inggih
manawinè / kapanggih ing panabidan / mokal anak sèpèna / ing
sakawruh-kawruhipun / tatambanipun ngalara//
53. //Sumangga anganak mami / mugi paring usada / ado inggih
mangsa borong / Jatiswara aris mojar / inggih kyahi kawula / nging
ta pintèn baranipun / luwih karsaning Hyang Sukma//
54. //Kang karya lara lan pati / Hyang Sukma kang amisèsa / kita ran
rumasa darbè / langkung bègdja kang alara / kalamun kaparèngan
/ Jatiswara malih muwus / marang ing nyahi Saèmbang//
55. //Bibi manira sung jampi / gantèn puniki sèmburna / yèn allah
amarèngakè / gantènnya sigra tinampan / nulya mring pagandokan
/ gantèn sinèmburkèn gupuh / Nawangkapti gumarègah//
56. //Sakèdap gya sakit malih / niba lajèng akantaka / samya anangisi
kabèh / Ni Saèmbang ngrangkul ing putra / èlinga nini sira /
kaèdulunèn ramamu / lagi èwuh dadayohan//
57. //Apan nora idèp isin / ngalilira anakingwang / dèmèn rinubung ing
akèh / kaya priyè sira rara / wèlasa kadang warga / kang lara
maksih angligur / ibunè susah tyasira//
58. //Lah Wasita dèn agèlis / aturana ramanira / yèn parèng lawan
dayohè / lawan pamanamu pisan / kon tunggu bakyunira / manawa
kabanjur lampus / iya sapa kang kèlangan//
59. //Ni wasita aglis mijil / ngaturi sarwi karuna / kaèSaèmbang
agupoh / tamunira ingancaran / miwah ki Tigawrèna / sigra mènyat
wong tatèlu / mring gandok gyanè kang lara//
60. //Kang angrubung angingsèri / wus tata sami alènggah / Saèmbang
nundang anakè / ibu bibinè agèpah / nguwuh-uwuh ing putra /
aduh anakku-anakku / Nawangkapti lah èlinga//
61. //Sapa mulyakkèn sirèki / apa kang sun walèsèna / Wasita miringi
dayoh / Jatiswara piniringan / sapa yoganè baya / bisa mulyakkèn
bakayu / mandah ta kaul manira//
62. //Sun ngèngèri tèlung bèngi / Suwastra nambungi ujar / sapa kang
amarasakè / ingong ngèngèri sapasar / sok warasa si kakang / Ki
Jatiswara ngarungu / mèsèm sajroning wardaya//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
12
63. //Jatiswara angling aris / yèn parèng sadayanira / kularsa angsung
jampinè / pribadi mring kang alara / Ki Saèmbang sukojar / o
inggih o inggih bagus / langkung lèganè tyas kula//
64. //Sampun pindo ddamèl malih / lah nriki anak dèn pèrak / sampun
taha-taha anggèr / anulya Ki Jatiswara / mrèpèki kang alara /
ingungkaban kukubipun / kagyat dulu warnanira//
65. //Nawangkapti lir wong mati / sumilak pètak cahyanya / Ki
Jatiswara nulya gè / angunus kaplikanira / apan sèmora kidang /
gupuh nulya kinaluku / ing toya tuli saksana//
66. //Siniramkèm Nawangkapti / tan pantara gumarègah / apungunpungun tanginè / saryanjèlèh julalatan / biyung-biyung sambatnya
/ lo kaè wongè lumayu / angintar angidul-ngètan//
67. //Kang awèh sakit ing mami / dodt polèng gawa bèrang / ramaknè
gupuh gè-agè / dènira anarik pèdang / lah èndi-èndi rara / gumètèr
sadaya umyung / ingkang ngangadèp sadaya//
68. //Nawangkapti wacana ris / lah wis rama uwis rama / wis kapènak
awakingong / sètanè wus minggat mèlsat ? ilang kang awèh lara /
kang rama ibu angrangkul / anggambuh suka tyasira//
Pupuh III
Gambuh
1. //Bungah kang samya tunggu / rama ibu paman bibinipun / Ni
Wasita Suwastra bungah kapati / mulat ring bokayunipun / mulya
dènira anglamong//
2. //Wasita èsmu guyu / bisik-bisik mring Suwastra muwus / bakyu
iku padu jiwa di kantongi / lara-lara apa iku / laranè badèk tokètok//
3. //Batinku nora gugu / lara gawèyan baè bakayu / bisa akal rèkarèka api sakit / bobotè akalè baud / karèpè marang ing dayoh//
4. //Lah mara bakyu iku / yèn dèn tinggal marang dayohipun / badèk
lara manèh mak kringkèl tan èling / Suwastra gumuyu namur /
namur mrih tan kapandulon//
5. //Jatiswara amuwus / bibi prayoginipun kulangsung / gantèn
dimèn lèjar manahipun bibi / samya mojar para sèpuh / inggih
sukur anakingong//
6. //Wontèn pitulungipun / maring rayi dika kang tan èmut / karsa
maring rayi dika kang tan èmut / karsa maring jajampi inggih
utami / gya nginang sawusnya ajur / ginadubangkèn saidon//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
13
7. //Linèpèh lambar suruh / nulya sinungkèn ni rara gupuh / samya
ngling lah nini kinangèn tumuli / paparingè kakangmu / sihè
marang sira dènok//
8. //Marga jalaranipun / kang akarya mulya grubgèrèku / iba-iba
kapotanganira nini / mring kakangira sang bagus / sang ayu
nampani gupoh//
9. //Ganten gupuh ginèlut / mèsèm kraos masih angètipun / pan
sinamun-samun angusapi lati / nimbok Saèmbang lon muwus yèn
wis tan ana karaos//
10. //Ngabètiya sirèku / marang kakangira dèn saèstu / Ki Saèmbang
tigawrèna parèng angling / ya bènèr iku nakingsun / ngabèktiya
dèn rumaos//
11. //Nawangkapti piturut / saking pakonè wong tuwanipun / pan
anèmbah ni rara sambi aguling / Ki Saèmbang suka andulu /
putranè nurut sapakon//
12. //Wus samya sukèng kalbu / myat ing suta mulya sakitipun / Ki
Saèmbang Jatiswara Tigawrèni / samya wangsul linggyanipun /
wong tatèlu tata lunggoh//
13. //Ki Saèbang lon muwus / walèh-walèh punapa nak bagus / saking
dèning pasaja manira angling / lamun pinarèng ing kahyun / bok
sampun kapalang ing doh//
14. //Rayi dika puniku / pun Nawangkapti sumanggyèng kahyun /
mugi kalampahana punagi mami / sintèn kang karya rahayu / ing
sakiting sutaningong//
15. //Dadosa jodonipun / mangkya pun anak bagus kang tulung /
mulyakaken rayindika Nawangkapti / tèmah tumèkèng rahayu /
sumangga karyanèn bojo//
16. //Jatiswara nor wuwus / inggih nuwun kiyai sihipun / botèn
makatèn manah kula kiyai / mastawakèn ngèmpèk sadulur / lahir
batin ngong ngangamong//
17. //kalayan malihipun / kul Lgi NGh (? Angrarah) sadulur / anèm
ngikis paran aran Ki Sajati / dè kiyai karsanipun / kapanggyèng
wingking kemawon//
18. //Lamun sampun kapanggu8h / putranta Ki Sajati sun ruruh /
yakti kula awangsul mariki malih / puniku sumangga ing hyun /
manah tan kapagol-pagol//
19. //Ki Tigawrèna muwus / kula puniki tumut sumambung /
maryogakkèn nampani tibaning kang sih / sih parèng panuju wektu
/ ning mangsa pènèd linakon//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
14
20. //Ngangkah punapa bagus / wong priya tan wontèn èwèdipun /
mung ambujèng kèdik luwaring punagih / bagus pintèn-pintènipun
/ nampurnakakèn//
21. //Ki Jatiswara nènggug / tinanting-tanting raosing kalbu / cipta
datan ilok lamun anampik sih / sarat angènaki kalbu / kèwala
sunat linakon//
22. //Lamun datan tinurut / ni rara kang laran nora wurung / angot
sakit sangèt luwih lan ing nguni / aprasasat awèh nung / akarya
kadudoning wong//
23. //Lan bapanè kalangkung / pasrah norohakèn anakipun / ing
batinè wus mau mula ngarèpi9 / lahirè tan pati kudu /
samudananè amopo//
24. //Ki Saèmbang lon muwus / mugi anak parènga ing kalbu /
Jatiswara aris angling anginggihi / Saèmbang lèga tyasipun /
anguwuh bojonè gupoh//
25. //Tan dangu praptèng ngayun / tinuturan lamun putranipun /
Nawangkapti ingaturkèn dadya rabi / ing putranta kaè bagus /
paran arèpira mèngko//
26. //Rubiyahè umatur / sakalangkung gèn kawula sokur / kadi pundi
kiyai karsanta mangkin / Ki saèmbang lon amuwus / sun arah
tumuli panggoh//
27. //Jatiswara ris matur / singgih pra sèpuh sadayanipun / ingkang
dadya panuwun kami kiyai / sampun kongsiya dya mantu / amung
ringkèsan kèmawon//
28. //Angrèbat pèrlunipun / yèn pèrlunipun / yèn kongsiya cara-cara
mantu / langkung sangèt pamopo kami kiyai / kranallah kèwala
sampun / sukur dadakan kimawon//
29. //Sapunika ing dalu / milanya tur kawula kadyèku / dènè lagya
kula kadatèngan kapti / parah angluruh sadulur / wikan yèn sagèd
kapanggoh//
30. //Ki Saèmbang amuwus / mring rabinè myang mring arinipun / lah
wus sira rubiyah ngruktiya aglis / pisang ayu suruh ayu / amung
sasangan rong bokor//
31. //Dene kandurinipun / katèmu wuri baè ya uwus / nimbok
Saèmbang sandika nulya angrukti / sasangan paningkahipun /
suka sutanira anon//
32. //Ki Saèbang malih muwus / hèh Dulmuwah timbalana gupuh / ki
pangulu Ngabdul Bantèn dèn agèlis / kang liningan sandika wus /
sigra animbali gupoh//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
15
33. //Datan pantara dangu / ki pangulu Ngabdul Bantèn wau /
praptèng wisma ingancaran nulya linggih / tur salam marang
tatamu / Ki Saèmbang muwus alon//
34. //Marang ing nyahinipun / payo wètokna dèn agupuh / bonaboning aningkah saosnèng ngarsi / nimbok Saèmbang anuduh /
mring Dulmuwah ngambil bokor//
35. //Nulya sumajyèng ngayun / kaè Saèmbang malih amuwus /
angundanga manèh santri ka naksèni / sosoranè ki pangulu / iya
santri tèka loro//
36. //Ki Ngabdul Bantèn ngayun / bok punika kèmawon gih sampun /
Tigawrèna lan Dukmuwah jangkèp kalih / Saèmbang ngling gih wus
sukur / ngèmungkèn niki kèmawon//
37. //Nulya pinapan lungguh / Jatiswara lawan ki pangulu / Ki
Saèmbang aèkral dènnya malèni / sun ngrèsaya ki pangulu / dika
nikahkèn nakingong//
38. //Ni Nawangkapti nèngguh lawan Ki Jatiswara puniku / maskawinè
slaka putih bot satail / anulya kyahi pangulu / dènnya angijabi
alon//
39. //Gya amaca ngusikum / ngibadalah wabitakwallahu / wanapsibin
tipulani nabimahri / kada Jatiswara kabul / inggih anarima
ingong//
40. //Ing paningkahè wau / Ni Nawangkapti kalawan ingsun /
maskawin salaka bot satail / tètèp dados utangingsun / ing dunya
akèrat rèko//
41. //Anulya ki pangulu / andongani ing paningkahipun / wus paragat
dènira ningkahkèn nuli / sasalaman sadaya mus / salawat binagi
gupoh//
42. //Kang maring ki pangulu / sabokor tindih rong rèyal wutuh / kang
sabokor binagi tiyang kakalih / pisang suruh tindihipun / nyarèyal
èdang wong roro//
43. //Pangulu pamit mantuk / wus linilan yata ingkang kantun / Ki
Saèmbang amuwus marang ing rabi / paranta sutanirèku / wus
mulya pisan si dènok//
44. //Kalamun wus mulya yu / rèsikana ing sakadaripun / lamun
durung dimèn sarèh rumiyin / kang liningan lèngsèr gupuh / nèng
gyaning putra ing gandok//
45. //Prapta aris muwus / paran dènok awakira iku / apa sira masiya
karasa sakit / yèn maksih karasa rapuh / sinarèhkèn ing
patèmon//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
16
46. //Kang putra alon muwus / inggih tan wontèn karaosipun / inggih
sampun saras tan karaos sakit / èmbokè mèsèm amuwus / ywa
kuciwa ing patèmon//
47. //Nawangkapti agupuh / dènnya ngayu-ayu warninipun /
amamatut busana kang sarwa adi / asinjang tèluki wungu /
kèmbèn jingga pinaraos//
48. //Sèngkang bangpang mangunkung / gèlung gèng cunduk-mèntul /
intèn bèr byur jari akalpika adi kalih sisih / awida jènar sumunu /
tasik sumilak sumuloh//
49. //Wasita ,ilu payu / lan ni rara Suwastra tan kantun / samya milya
angadi-adi kang warni / minangka papatahipun / dasar samya ayu
karo//
50. //Wasita sinjang rimbu / akèmbèn palangi tumpal wungu /
sèngkang sèkar sataman intèn pinodi / acunduk bogèm winangsul
/ wida jènar ayu tinon//
51. //Suwastra sinjang kawung / akèkèmbèn pelung telpok dadu /
sèngkang natabrangta apanunggul siji / aburat kuning sumunu /
acunduk sekar règulo//
52. //Nimbok rara katèlu / tan pahyas lir pangantyan wus wayu /
sawusira busana ni rara katri / yata kang sami alungguh / kaè
Saèmbang anguwoh//
53. //Maring ing rabinipun / hèh rubiyah marènèya gupuh / kang
liningan tan adangu nulya prapti / anakmu undangèn mètu /
konènè ngabèkti ing kono//
54. //Mring lakinè sang bagus / lan apa duwè cawisan bucu / lamun
duwè lah saosana ing ngarsi / nyai Saèmbang umatur / pan inggih
sampun karèktos//
55. //Nulya nèmbah ing ibu / ni Saèmbang anuduh ing sunu / lah
Wasita Suwastra saosna aglis / bucu lan rampadanipun / ingkang
liningan agupoh//
56. //Nulya bucu mangayun / wus tinata rarampadanipun / nulya
ingacaran sarèng kèmbul bukti / dènnya anadah pakantuk / wus
antara nulya lorod//
57. //Pangambèngira sampun / rarampadan cinarikan mundur / kaè
Tigawrèna nulya pamit mulih / Jatiswara cinaran wus / minggah
guling maring kobong//
58. //Nawangkapti gya mundur / sangking ngarsa mring patilamipun /
Ni Wasita Suwastra samya tut wuri / miwah Jatiswara masuk / Ki
Saèmbang maring gandok//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
17
59. //Angiwèkani mantu / ngaturakèn pasihaning sunu / sinangaya
sakarsanè palakrami / sèdya ingugung sakayun / raras raosing
pamiyos//
Pupuh IV
Mi ji l
1. //Sira kaè Jatiswara misih / nèng jarambah lunggoh / kadi gègètun
ngungun wangunè / sanalika karaos ing galih / marang ingkang rayi
/ Ki Sajati wau//
2. //Ciptaning tyas paran ingsun iki / lunga ndon ngupados / sanak
kang nis tanpa tuduhanè / kawèngwèngan sarirèngsun iki /
kagèbang ingstri / turstri kur-ukur//
3. //Yèn ta ingsun sèlakana iki / cobaning hyang manon / nadyan
nèmu ala lan bècikè / pada sipat ganjaraning widdi / bècik sun
lakoni / sakadaring kayun//
4. //Ingsun kinon wruha surasaning / pamangguh linakon / wus
wangsul tèngtrèm ika galihè / Ni wasita umatur ngèsèmi / basa
kakang mangkin / mring ngèndi katèngsun//
5. //Esmu ngujiwat sarwi ngèsèmi / ni bok rara karo / samya
angèngèndo pakèmbènè / bontos patosanè mrih kaèksi / sang bagus
nujoni / myat tyasnya kumèpyur//
6. //Rumiyin mila rèmènanèki / payudara gèmoh / ciptèng nala è
bocah ro kiyè / sasolahè tèka manas ati / mir-mir baè mami//
7. //Ni Wasita aturira ririh / kakang wau ingong / gadah nadar sinten
nyarasakè / ing sakitè si kakang mèh mati / ngong ngèngèr ngladèni
/ inggih tigang dalu//
8. //Dèn punapak-punapakna mami / tan lèngganèng pakon / Ni
Suwatra umatur tan paè / kawula inggih tumut ngauli / ngèngèr
pèndak legi / anglègakkèn kahyun//
9. //Kinèn punapa kula lampahi / boten nèdya mopo / ing sadamèldamèl kula mangkè / Jatiswara kaadonan liring / alon mring
jinèmrik / nangkèp samiripun//
10. //Sira wau nikèn Nawangkapti / pi-sèpi katuron / rèm-rèm-ayam
sang ayun sangkribè / kumarangsang mètu ngirungnèki / kakungira
inng wingking / nulya nunggal ujur//
11. //Nawangkapti tyasira kumitir / arikuh krègon / docèng napasira
pangorongè / kumarangsang mètu ngirungnèki / ati sènak-sènik /
kètèg rèbut ducung//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
18
12. //Jatiswara yun nèkakkèn kapti / angayuh asta lon / palungayan
inèngo pipyanè / dyah ingaras-aras wanti-wanti / dyah api ngagyati
/ kèmbèn sinalusur//
13. //Miwal asta tangkising pamurih / rèjèngan asrèwot / ngèsah
angling i mangkè ta mangkè / dika puniku arsa punapi / tèka
mamèdèni / agrita-agritu//
14. //Sang kakung tansah angarih-arih / babo mirahingong / aywa
miwal-miwal ta nah anggèr / utama kang bangun-turut laki / mirah
kang supadi / gung ganjaranipun//
15. //Nadyan makatèna ujar mami / tan tatè wakingong / tèmbè
parèkan priya mèngkènè / atiswara mamèksa angudi / ngudi
amimingkis / papadoning pinjung//
16. //Nikèn kabaudan ing priya mrih / tiwaring wastra lon / lir brèmara
angisèp sarinè / ngungsèd-ungsèd mrih maduning sari / ni rara
tanpolih analalah ing hyun//
17. //Dasar sèdèng mèpègi birahi / yun wruh surasèng don / anrah
karsa wus sumarah ing rèh / wèntis katitih wastranya ririh /
warastra mumurih / curnaning ngawungkul//
18. //Tinumama rèngating ngakincip / anjingkat sang sinom / mèh
kawiwal kang lir kocolanè / karoncalan nikèn Nawangkapti /
kampita pinipit / kapikuting bau//
19. //Nèngkah-nèngkah jaja anjiwiti / juwèt asambat bot / winawasa
ing priya tan rèrèh / karikuhan kang pinongah-pangih / sambatsambat mati / samudananipun//
20. //Antaraning kaprihannya rapih / dènira karoron / tèmbè katètèsan
sira nikèn / sakalangkung dènira mahyun sih / nutug pulang-rèsmi
/ parpatèng gatinipun//
21. //Aluwara ingkang akaron-sih / wau ta sang sinom / kadya sawung
kapilis paminè / lir tan kèlar ngangkat sarirèki / karapuhan dèning
/ katèmbayèng kahyun//
22. Nulya maring pawarihan sami / susutya karoron / langkung dènnya
sih-sinihananè / wusnya dènnya mahèr nulya maring / patilaman
malih / tansah among lulut//
23. //Ingkang andaga tan antuk guling / sira ni rara ro / Wasita lan
Suwastra agorèh / amyarsakkèn tingkahing pulang-sih / pan
aklisak-klisik / tyasè mèlbu-mètu//
24. //Saking sèdèngè mèpèg birahi / langkung kamicèlon / lamun bisa
akalakon lakèn / saking dènnya dahatnya kapèngin / wruha
surasaning / saluluting kahyun//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
19
25. //Mangka mangkya myarsa swabawaning / pangulahing langon /
tèla-tèla pangèsèsè / tyasnya milu sènig-sènig / gorèh tansah lirih /
truwu-ura-uru//
26. //Ngrungu rambah-rambahing arèsmi / tyasnya kumalèton / ni
Suwastra ciniwèl susunè / kagyat nuli malès niwèl pipi / ting galègès
ririh / pan pada dènipun//
27. //Malah kongsi mijilkèn rasèki / sami angacocor / tan wus ucapèn
kang tingkah sèmbèr / Jayiswara wusira susuci / maring masjid alit
/ mahèr wèktu subuh//
28. //Yata wau winarna ènjing / Ki Saèmbang lunggoh / anèng pandapa
lawan garwanè / sarwi sasaji daharan ènjing-/ènjingan ing ngarsi /
nulya tan adangu//
29. //Arinira Tigawrèna prapti / tur salam alungguh / rubiyahira
tansèng wurinè / sarwi bèkta dulang tinup saji / rong dulang
samyisi / rampadan amunjung//
30. //Kulawangsanira santèki / nak-sanak myang mindo / kamituwa
pamagèrsarinè / kaè Datuk Burum Ki Coraki / lawan Ki Pakabir /
myang saliyanipun//
31. //Ingkang samya amiyarsa warti / ana wong mardayoh / laju pinèt
mantu mring kyahinè / datan ancan-ancan darbè kardi / dènè
dènnya ngawi-/-akèn dalu-dalu//
32. //Samya yun wruh mring mantunirèki / prapta lanang wadon /
samya ngaturakèn punjunganè / lan sakadar pasumbangirèki / arta
miwah jarit / batik lurikipun//
33. Sadaya wong Patègaran dèsi / Pamutiyan dukoh / pradikanira
sultan Bantènè / tanpa cacah sagaduging kudi / lamun winitawis /
ana sawah nèm jung//
34. //Mila katah kang amagèrsari / andumpil dudukoh / kadi ana wong
tèlung-atusè / yata kang sami tata alinggih / anèng ing pandapi /
tèpung adu dèngkul//
35. //Jatiswara linuding pangèksi / sakèh para dayoh / samya
anèmbrana pambagyanè / winangsulan ing sabda basuki /
angalèmbanani / sadaya kang dulu//
36. //Enjing wus rumat kang raratèngi / ambènganira bot / winèdalkèn
wau asahanè / Ki Saèmbang ngasarakèn aglis / kinèn andongani /
kajatè majèmuk//
37. //Ki Pangulu Ngabdul bantèn nuli / andongani gupoh / ramya
ambata-rubuh aminè / suka bungah sakatahing santri / wusnya
dèn dongani / Ki Saèmbang muwus//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
20
38. //Lah wus kono mirani-mirani / kèpungan kang royom / adan
nulya ngèpung kandurinè / ingancaran sasarèngan bukti / sadaya
anuli / nadah ambèng kèmbul//
39. //Wus antara nutug kang abukti / luwaran awisoh / ambèng samya
dinum barèkatè / wus warata sadayanirèki / samya pamit mulih /
mung kari pra sèpuh//
40. //Gantya dadaranira mangarsi / rampadan sumaos / Ki Saèmbang
anumanggakkè / rampès punika pangusap amis / kang ngacaran
nuli / mèt sasènèngipun//
41. //Kaè Saèmbang amuwus malih / gèr pun bapa mangko / yung
tatanyaa ing sayèktinè / mugi anggèr nuntun kawlas asih / pun
bapa puniki / kalangkung balilu//
42. //Jilma kolot dèrèng wruh ing margi / tansah sèlan-sènggoh /
dèrèng dungkap ing kawruh jatinè / surasaning kalakuhan urip /
marma ingkang mugi / tduhèna tèngsun//
43. //Ing ngagèsang praptanè ing bènjing / Islamè tèkèng don / wiwitan
kalawan wèkasanè / durung pisan pun bapa puniki / lami angulati
/ nging dèrèng amangguh//
44. //Jatiswara aris anauri / Kiyai yun takon / singgih maring kawula
ing mangkè / pintèn-pintèn binuka ing ati / kula puniki gih / tan
paè balilu//
45. //Mung martakèn wirayat puniki / animbalkèn wartos / maring
pawong sanak luhung rèkè / nularakèn paèsaning ngilmi / dalil
kadis tuwin / ijmak kiyasipun//
46. //Tan nyèkutu kula lawan gusti / sayèkti yèn kaot / kanugrahan
sipat ing ananè / kang sinung kèwala anjatèni / mimbuhi sakèhing
/ urip nugrahan gung//
47. //Jinatèkkèn ing manusa yakti / ingaranan manggon / badan
nurcahya ing sakikinè / wiwitan lan wèkasanirèki / ananing Hyang
Widdi / langgèng sucinipun//
48. //Langgèng wahyu mulya ananèki / datan sapandulon / miwah tan
kajisim ing ananè / Ki Saèmbang anauri aris / manira miyarsi /
wirayat puniku//
49. //Paèsan wahya jatmi singgih / lèwih lèmbut anor / tan kiksan
tinonstingarahè / wènèh parèbatan amastani / agal kèksi ugi /
sabalègèripun//
50. //Jatiswara wuwusè amanis / kula myarsa wartos / singgih kang
aran paèsan rèkè / wikan lèrès lawan lèpatnèki / jasad roh ilapi /
paèsan Hyang Agung//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
21
51. //Wahya paèsan jatmika crèmin / kang satèngah kaol / paèsan tan
masup ing jasadè / jasad tan masup ing carmin jati / wawayangan
nènggih / pundi purbanipun//
52. //Ki Saèmbang mangkya muwus aris / aduh anakingong / tuturèn
ingkang matitis rèkè / supaya pun bapa sumurup ing / patitising
ngèlmi / supadi sun wèruh//
53. //Jatiswara mangkya muwus malih / wontèn kang wiraos / nènggih
saking tulèn pinangkanè / ana sasmitannya ing pangiksi / kalihing
ngatunggil / pisah kumpulipun//
54. //Lamun kumpul tan beda warnèki / yèn ta pisah ing gon /
langkung bèda pan dèdè èmpèrè / tèbih sungsatipun datan mirib /
yèn kumpul lir gèndis / lawan manisipun//
Pupuh V
Dandanggula
1. //Anèda mangkè manira iki / undak-undak rèkè kang sasmita / ana
kang angilo mangkè / kadi pangilon sèwu / yèn wawadahè datan aisi
/ tan ana rupanira / nènggih dirinipun / yèn wadahè isi toya / nèng
buwana prènahè dirining Widdi / pada pamaning surya//
2. //Wadah sèwu pada rupa rawi / kasènènan dènirèng raditya / surya
anunggal rupanè / dèning punapanipun / panunggaling sasi sasiki /
wadah wus ingulapan / èndi rupanira / wujudè ingkang atunggal /
èndi ananing wadah kalawan isi / sasmitaning paèsan//
3. //Ki Tigawarna sumambung angling / ucapèna ujar kang punika /
pun bapa arsa wruha rèkè / Jatiswara amuwus / singgih paman
sasmitnèki / kang anèng jro paèsan / pan aisi madu / èndi rupaning
wahya / wawayangan kahananira kang jati / jatmika rupa tunggal//
4. //Kajatènè damar paminèki / mnyak calupak wahya lir jasad /
jatmika (jisim sumbunè / pundi ananirèku / ing rupaning jasad lan
jisim / urubè kinawruhan / labètè puniku / suruping wahya jatmika
/ ing patining sumbu dèn awas puniki / uripè lagi prapta//
5. //Urub urip sadurungè prapti / èndi rupanè araning damar / yèn
mati èndi surupè / pan ilang labètipun / ing uriping agni kang
prapti / sasmitaning kang nyawa / lawan jisimipun / èndi rupaning
kang nyawa / lan jisimè kang pundi labèting agni / suruping pejah
gèsang//
6. //Ki Saèmbang ngungsèt tanya malih / lah ta anggèr rampès
babarèna / ing tinggal lawan lakirè / èndi ananing wau / lan oranè
kita pribadi / widi widining karsa / ing wisèsanipun / andadèkkèn
saking ora / dadining ana marganè jagad iki / wal-akiring kawula//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
22
7. //Kang akarya nguripi matèni / amanjingkèn swarga myang naraka
/ angganjar ing mukmin kabèh / ing karsa Hyang Maha Gung / ing
wisèsanipun puniki / mokaling Hyang aniksa / ngapuraa iku / wong
kapir muja brahala / sajègjègè anèmbah ing brahalèki / prandènè
manjing swarga//
8. //Jatiswara wuwusira aris / mungguh ing Allah kang sipat murah /
dunya asih akèratè / rusak lan mulyanipun / ing ngagèsang
sampun pinasti / tataning bangsa sarak / manusa sadarum /
mulyakkèn agamanira / kang winastan duraka tinggal agami- / -nira
kang wus utama//
9. //Sarèngat Nabi Rasulullahi / luhur priyangga lan pra agama / Ki
Burun nambung takèn / a ing anèda dunung / sampurnaning Islam
puniki / èndi adèp idèpnya / pangèn kang Agung / pun kaki lah
dunungèna / supadinè ginawè sasangu mati / manira wong wus
tuwa//
10. //Jatiswara mojar ènggèh kakai / rèkè kalbi mukminin batullah /
kang tan kèna sah salatè / dèn adèpa kèlbu / sarta sèdya suka
nglampahi / taki-taki agama / rasul kang lèstantun / ing marga
ingkang sampurna / kaè Datuk Burum tatanya angudi-/ -udi lidè
kang sabda//
11. //Pirsak-kèna kaki kang dumèling / manira rèkè angujar warta /
wiyosing sabda katahè / ing asalat puniku / adègipun asaling gèni /
cahyeng roh ilapika / urip jatinipun / ingkang tan kènaning pejah /
rurukipun puniku angsaling angin / rohkani jatinira//
12. //Ingkang mangka tatalining urip / sujud asaling toya nurullah /
roh