KARYA MONUMENTAL PARA JENDRAL SASTRA JAW

KARYA MONUMENTAL PARA JENDRAL SASTRA JAWA GAGRAG
ANYAR1
Dening: Darni

Pambuka
Sastra Jawa gagrag anyar kang sabanjure sinebut sastra Jawa modern, wus
nduweni jendral-jendral kang peng-pengan. Jendral ing kene ngemu teges kadi dene
pangarsa, kang mandhegani tuwuh ngrembakane sastra Jawa modern dinane iki. Tanpa
pangarsa-pangarsa kang tumemen anggone makarya, tangeh lamun sastra Jawa iki isih
bisa ngrembaka nganti titi wanci iki.
Jendral uga ngemu teges pangripta kang wus prigel ngreripta lan produktif. Asil
reriptane tansah ndalidir kadi dene banyu kali tan bisa binendung. Tur asil reriptane ora
mung mujudake reriptan kang remeh, nanging ngandhut bobot kang murwat lan
sumunaring cahya kang mencorong, kang bisa nuduhake jati dhirine pangripta.
Saperangan jendral sastra Jawa modern titi wanci iki pancen mujudake pangripapangripta senior. Saperangan wus tutup yuswa ing pethite dasawarsa kawitan abad iki.
Nanging, peparab kasebut ora mung mligi kanggo pangripta senior bae. Kasunyatane
ana sawetara pangripta mudha kang pancen pantes katuran minangka pangarsane sastra
Jawa modern, amarga saka rong perkara kaya kasebut ing ndhuwur.
Pangripta telu kang bakal kaaturake iki uga pancen pantes sinebut jendrale sastra
Jawa modern. Ditilik saka produktifitase, wus kacihna manawa katelune mujudake
pangripta kang peng-pengan. Sedulur Tiwiek SA, reriptane wus ngebaki sakabehing

udyana kala warti basa Jawa ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Asma Tiwiek SA wus
kawentar minangka pangripta cerkak dan cerbung kang asil reriptane ndalidir ora ana
pedhote engga titi wanci iki. Asma sandi kang diagem uga mahanani tema-tema asil
reriptane. Kaya novel kang bakal kaonceki iki uga ngaturake panjerite para titah Hawa
kang ngrenggani asma sesinglone. Panjenengane uga ngripta carita lan drama ing basa
Indonesia.
Yen sedulur Tiwiek SA prigel lan onja ngripta carita, mula sedulur Budi Palopo iki
prigel lan onja ngripta guritan. Sedulur Budi Palopo mujudake salah sijine pangripta
geguritan kang peng-pengan. Asil reriptane uga kababar ing sakabehing udyana kala
warti basa Jawa ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Panjenengane ora mung dhapur
ngripta bae. Asil reriptane asring dipanggungake ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Aksi
panggung maca guritane manjila lan nduweni karakter kang mirunggan, beda kalawan
liyane. Karakter mirunggan mau ora mung dumunung ing aksi pentas bae. Guritanguritane uga nduweni kapribadhen lan karengga kalawan basa Jawa Timuran kang
nuduhake jati dhirine.
Sedulur Sumono Sandy Asmara, sanadyan isih mudha uga pantes sinebut jendrale
sastra Jawa modern. Kacihna asil reriptane uga ora sepi ngrenggani udyana kala warti
basa Jawa ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Asil reriptane wus kasil kababar ing
1

Disajikan dalam Bedah Buku diselenggarakan oleh Fakultas Bahasa dan Seni, 22 April 2010.


1

maneka warna antologi. Malah ing penthite tahun 2009 iki rong warna antologine,
guritan lan romansa, wus kasil kababar. Pangripta lulusan Basa Jawa Unesa iki pancen
prigel ngripta maneka genre sastra. Panjenengane ora mung ngripta guritan bae. Asil
reriptane kayata, carira rakyat, cerkak, lan cerbung wus akeh kababar ing udayana kala
warti kita. Panjenengane pancen juru ngarang kang bisa masak maneka warna masakan,
lan rasane uga trep karo ancase. Gamblange, panjenengane uga ngripta carita romansa
kanthi sesinglon Candra Dyah Pambayun. Rikala ngripta romansa kanthi asma kasebut
lagak lageyane, utawa asil masakake, pancen beda karo rikala panjenengane ngripta
cerkak kanthi asma Sumono Sandy Asmara.
Pangripta cacah telu kang wus kacandra ing ndhuwur pancen pantes kacandra
minangka saperangan jendrale sastra Jawa modern. Kanggo mbuktekake kawasisane ing
udyana iki bakal kaonceki kanthi satleraman asil reriptane panjenengane.

Panjeriting Para Wanita Satengahe Patriarkhi ing Novel Carang-carang Garing
Reriptane Tiwiek SA
Kaya ngapa kaendahane novel Carang-carang Garing iki wus dingendikakake
dening panjenengane Prof Setya Yuwana ing Atur Pangiring babaran novel kasebut.

Kacihna, pancen novel kasebut mujudake novel kang onja. Gegeyutan kalawan isine,
uga wus dingendikakeke, manawa lelakone para paraga ing novel kasebut diibaratake
kadi dene carang garing kang mung kena kanggo sugon pawon. Ing pirembugan iki
bakal kaudhal perangan liya kang durung kasingkap, yaiku gayutan kalayan ideologi
kang mujudake landasan filosofis tumapake novel mau.
Manawa katiti kanthi premati gegayutan kalawan sesambungane para paraga ing
novel mau, yaiku paraga wanita lan priya, ana sawijining ideologi kang ngatur tata
kramane para paraga kasebut. Ideologi mau yaitu ideologi patriarkhi, ideologi kang
ngatur utawa nglandhesi tata bebrayan lan tata bale wismane wong Jawa. Ideologi mau
wus tumapak lan rumasuk ing bebrayan kita wiwit biyen mula.
Kaya ngapa rumegeme patriarkhi ing novel kasebut kacandra kanthi manteb
dening pangripta liwat paraga-paraga wanitane. Kaya kang dialami dening paraga
Darminah, wanita mau mung bisa meneng, sanajan atine protes, rikala bojone, aran
Suyatman, malah nyorohake anake wadon kang isih legan lunga adoh. Ing pamrih
Suyatman bisa uwal saka keribetane ngurusi anak. Malah diajab anak wadon mau bisa
menehi asil kanggo wong tuwa. Sakabehing keputusan dumunung ing guru laki. Wong
wadon mung bisa neneng, sanajan kudu nindakake pakaryan kang cengkah karo batine.
Semono uga kang dialami paraga Darmini, anak wadone Suyatman. Darmini kang
sejatine pinter, mung bisa meneng rikala ajining dhirine disawiyah dening Bambang.
Ideologi patriarkhi mau ngrenggani tumapake novel Carang-carang Garing iki

kanthi utuh. Kacihna ora ana owah-owahan nasib mungguhing para paraga wanitane
tumuju marang sumulire angin kamardhikan kanggo nemtokake dalam kang murwat lan
apik mungguhing uripe. Paraga Darmini lan Sumi, pungkasane tumuju dalam kang ora
bener, dadi wanita palanyahan, sawise ngalami kuciwane ati amarga disawiyah dening

2

priya. Para wanita mung bisa njerit jroning ati, ngregem perihing ati, tanpa bisa
tumindak apa-apa. Tumindak kang dilakoni malah tumuju dalan kang sasar, ala tumrap
jati dhirining wanita.

Panjangkane Wong Agung ing Guritane Budi Palopo
Irah-irahan Wong Agung pancen pas ngrenggani antologi guritan reriptane sedulur
Budi Palopo iki. Wong Agung kagungan panjangka kang tuhu luhur. Saka pengalaman
sosial, keprihatinan sosial, uga kritik sosial, tumekane pengalaman lan keprihatinan
religius kang kaaturake, panggurit amung ngudi dumadine rahayu lan luhure panguripan
sarta panembah mring Gusti Kang Maha Agung. Laku kaya mangkono iku amung Wong
Agung kang kuwawa nggayuh. Nggayuh luhure pranataning bebrayan lan pranataning
panembah.
Guritan sedulur Budi Palopo pancen sugih pengalaman sosial. Liwat ‘Piweling’,

panjenengane ngaturake sawernane pengalaman sosial lan piweling gegayutan karo
panguripan kang luwih dening becik, luhur. Uga ing perangan liya, pengalaman sosial
kang luhur ajeg kaaturake, kaya ing guritan Amit Sewu, Reroncen Kemang Mlathi,
Retna Dumilah, Gurit Tanpa Wis, lan liya-liyane. Wus cinatur dening saperangan para
maos, manawa guritane sedulur Budi Palopo, mligine ngenani kritik sosial, kaaturake
sarana alus, ora gembar-gembor, apa maneh nyacat lan nutuh marang liyan. Saka solah
bawa kang alus mau, kritik sosial mau luwih pas manawa sinebut minangka keprihatinan
sosial. Panggurit prihatin marang kahananing bebrayan kang ngemu surasa nreyuhake,
amarga ana saweneh kahanan kang nyimpang saka angger-angger sosial lan agama.
Kahanan kasebut bisa dipirsani kaya ing guritan Gurit Pitakon, Gurit Dolanan, Kembang
Lambe, Wali Kawula, lan liya-liyane. Sanajan ora akeh, keprihatinan kang mbangeti
bisa tumanduk dumadi sawenehing kritik sosial. Nanging

kritik sosial mau tetep

kaaturake kanthi andhap asor. Kahanan kasebut bisa dipirsani ing guritan

Gurit

Grantang lan Kumbara Kumbakarna. Karana pangaribawa alus lan andhap asor mau

mahanani tema keprihatinan sosial luwih onja tinimbang kritik sosial.
Guritane sedulur Budi Palopo wus nggayuh tataran religius. Kanthi melok tema
kasebut wus kaaturake ing perangan ‘donga sraba’. Pengalaman religius kang kaaturake
uga wus ngancik tataran kang dhuwur, lire ora mung ngrembug bab sare’at, apa maneh
sare’at kang kebat pinda lakune jaran sarengat. Pengalaman religi kang kaudi panggurit
tumuju marang garise religi Islam Jawa. Pandom kasebut bisa kapirsani saka tembungtembung kang diagem, kayata: hana hananing hening, sedhakep nyuku tunggal, dupa,
mrih nyawiji rasa sakabeh rerasan asmagung-ku gung-mu. Karana sugihe pengalaman
religius, panjenengane uga ngaturake sawernane keprihatinan religius. Panggurit
ngaturake keprihatinan mau kanthi lamba, lire ora sinartan panjerit kang ngaru ara.
Kahanan kasebut bisa dipirsani kaya ing Gurit Bandhosa. Ing pungkasan guritan malah
kaserat ukara kang ngemu surasa panyenges alus kanthi guyonan manawa asma
sesembahan nganti seprene mung dadi tembang dolanan. Nanging manawa diramesi,

3

ukara kasebut nuduhake panggrantese panggurit gegayutan karo kasunyatan ing
panembah kita saben dina kang ora kuwawa ngonceki kalimah sahadad.
Basa kang diagem panggurit mujudake basa khas kang bisa nuduhake jati dhirine
panggurit. Basa Jawa Timuran kang lumer lan khas kaya ing tembung-tembung sun, sira,
sekabeh, gegindrang, gemlethak nuduhake logat khas pesisir Jawa Timur. Nanging

tembung-tembung khas mau pranyata kaolah kanthi metaforis saengga ngasilake makna
kang siningit lan ‘ganda’, lire para maos kudu nggoleki lan nggathuk-nggathukake
tembung mau kalawan kahanan kang saemper kanggo mangerteni isime. Pamaos uga
bisa nduweni pamanggih kang beda gumantung kaca benggala kang diagem.

Kobare Sumangat ing Guritane Sumono Sandy Asmoro
Sumono Sandy Asmoro mujudake panggurit mudha kang uga peng-pengan. Ing
yuswane kang isih mudha, asil reriptane ndalidir, andher ing saben panggonan. Antologi
guritan ‘Layang Panantang’ kang kasil kababar lan antuk bebana ‘Rancage’ tahun iki
minangka bukti

kaprigelan lan labuh labete kang gedhe mungguhing sastra Jawa

modern.
Irah-irahan ‘Layang Panantang’ pancen mujudake roh kang mahanani antologi
guritan kasebut. Ing guritan-guritan kasebut panggurit ngupaya nangekake kita (bangsa,
basa, lan sastra Jawa modern) saka anglering sare, sarta ngajak gumregah, tangi,
berjuang, ing tengahing pasrawungan kang kalimput jaman edan iki. Pancen bisa
nuwuhake rasa jibek yen digagas wae. Mula dibutuhake sumangat kang makantar-kantar
kanggo njejegake basa lan sastra Jawa kang meh kesilep ombyaking jaman globalisasi

iki.
Antologi kasebut nuduhake kasektene Sumono minangka panggurit. Kacihna,
panjenengane pancen juru gurit kang nengenake unsur estetis. Nilai estetis mau kang
bisa nuduhake cahya lan bobote asil reriptane. Guritan-guritan kang kababar ing antologi
mau ngemu surasa siningit. Tata rakite tembung kang katone prasaja, pranyata ngandhut
surasa kang jero lan ‘ganda’. Lire, tembung-tembung kang digunakake mujudake
tembung metaforis. Godhong, pang, suket teki, lan manuk-manuk kang cinandra karana
personifikasi, mujudake pralambang sawenehing kahanan sosial tertamtu.

Makna

metaforis mau bisa nuwuhake makna ‘ganda’. Para maos bisa paring surasa kang beda
tumrap guritan kasebut, slaras kalawan kaca benggala kang diagem. Personifikasi lan
metafor mau sumrambah ing saben guritane sedulur Somono. Guritan paling cekak,
yaiku guritan epigram, kaya ing ‘Epigram Rasa’ uga ngandhut lelewaning basa kasebut.
Kaendahane guritan mau sansaya mencorong kanthi kagunakake pepaesing basa,
kayata purwakanthi. Purwakanthi kang diagem pepak, wiwit saka purwakanthi swara,
sastra, lan lumaksita. Purwakanthi swara malah ora ing pungkasane gatra bae.
Tuladhane, ing guritan ‘Mendhung Tumlawung’,


purwakanthi u ing wanda ung

kagunakake kanthi wola-wali ing wusana lan madyaning ukara kanggo mbangetaku
temlawunge rasa. Purwakanthi swara asring kaagem. Nanging purwakanthi swara mau
ora rinasa kapeksakake, lire diagem sacukupe laras karo jumbuhing rasa lan makna.

4

Purwakanthi lumaksita uga asring diagem. Purwakanthi lumaksita ora mung dumunung
ing ukara bae. Purwakanthi lumaksita, kang luwih pase ‘pengulangan’, asring diagem
ing saben pada. Ukara lan tembung tartamtu, kaya ing guritan ‘Kitir’, Guritan Sapu
Wudhar, ‘Susuh Tresna’, lan liya-liyane, dibolan-baleni kanggo mbangetake kahanan
lan surasa tartamtu.
Guritan-guritane sedulur Sumono Sandy Asmoro, mligine ing antologi ‘Layang
Panantang’ iki, sugih dening pengalaman, keprihatinan, lan kritik sosial. Panjenengane
akeh ngaturake panjerite para kawula cilik kang uripe kasangsaya. Janji-janji kamulyan
kang ora maujud. Kahanane basa lan sastra Jawa modern kang kasimpar saka lumahing
bebrayan Jawa dhewe. Pindhane wong Jawa wis lali Jawane, kepara westernisasi padha
diobyongi. Uga panjeriting batin kang ngajak gumregah nglawan sawernane budi
candhala kasebut. Kawawas, pengalaman lan kritik sosial kang kaaturake kanthi

personifikasi lan metaforis minangka lelewaning basa, lan kapaes kanthi purwakanthi
kang endah, mujudake kekuatan lan jati dhirine sedulur Sumono ing donyane guritan.

Panutup
Kacihna asil reriptane para sedulur panggurit lan pangripta telu iki pancen
mujudake asil reriptan kang nduweni bobot sastra kang dhuwur. Sastra Jawa modern
pancen wus titi wancine ngatonake pamore ing jagate kasusastran. Yen jaman semono
akeh para ahli ngendika manawa sastra Jawa modern mujudake sastra pinggiran kang
ora nduweni bobot sastra, mula ora kabeh asil cipa sastra Jawa modern kaya mangkono.
Ibarate, wus ana saperangan panggurit lan pangripta kang dinane iki kasil nggayuh
pangkat jendral ing donyane ngarang. Jendral kang nduweni kaprigelan ngripta kanggo
ngrembuyungake sastra Jawa modern. Pancen ora kabeh asil sastra Jawa nduweni bobot
sastra serius. Kepara pancen luwih akeh kang mung mujudake carita panglipur bae lan
kagarap sanane. Nanging kabeh mau wis nduweni pandhemen dhewe-dhewe. Lire, ora
kabeh para maos mbutuhake sastra serius, lan ora kabeh mbutuhake sastra populer.
Panggurit lan pangripta telu iki kagungan kaluwihan dhewe-dhewe. Kaluwihan
kasebut kang paring jati dhiri. Panjeriting para wanodya ing reriptane sedulur Tiwiek
SA mahanani nges, angles, lan mantebe sesinglon kang diagem. Sedulur Budi Palopo
kang miyos saka bumi pasisiran Gresik, uga kagungan kritik sosial religius kang andhap
asor lan mistik khas Pesisiran. Semono uga sedulur Sumono Sandy Asmoro, kanthi

lelewa lan pepaesing basa kang mirunggan, bisa ngaturake sumangat kang makantarkantar kanggo nggungah lan mbangun bebrayan, basa, lan sastra Jawa.
Wusana, atur kang cupet iki bisaa caos panjurung marang para panggurit lan
pangripta supaya luwih nggrengseng anggone lelabuh mring sastra Jawa modern. Kagem
para maos, mligine para mahasiswa, muga bisa aweh panjurung uga, supaya luwih
nggrengseng lan tumemen anggone njlimeti lan nintingi asil reriptan sastra Jawa
modern. Kanthi maos, njlimeti, lan nintingi asil reriptan sastra Jawa modern ateges wus
aweh sumbang sih sajrone ngipuk-ipuk tuwuh ngrembakane sastra Jawa modern.

5