SERAT JILJALAHA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

SERAT JILJALAHA
Anggitanipun suwargi Raden Riya Ranadiningrat, abdi dalem riya bupati
saha piskal, ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat.
Saking pamanggih kula Serat Jiljalaha punika maksudipun dhateng
piwulang sae, sarta namung sawantahipun, nanging suraosipun
kaangge walikan, tegesipun sadaya ingkang kacariyos ing serat wau
anggepipun sae, nanging sayektosipun awon, mila kedah
kinosokwangsul. Turut kalihan namaning serat: Jiljalaha, bilih dipun
walik, jilja, jajil, laha, ala=jajil ala. Lo rak namung sawantah kemawon.
Juru pangimpun Almenak, toko H. Buning, ing Ngayugyakarta.
PUPUH I
DHANDHANGGULA
1.

2.

3.


4.

5.

//Kang sarkara pinurweng sastra di / awit ingkang asma Sang
Pandhita / Jajalanat sang kinaot / kang manggyan aneng gunung /
Candhi Sewu saha ngratoni / sakehing para setan / tanapi lelembut /
samya ulah pangawikan / nadyan janma kang nedya tanajul ngelmi /
samya sowan sang tapa//
//Nging wus lami wulange jeng kyai / datan wonten purun ingkang
buka / dadya mung sinimpen bae / sabab buku pinundhut / duk ing
kuna mring Hyang Ijajil / dadya kang putra wayah / awis ingkang
emut / nanging ta jaman ing mangkya / putra wayah kathah ingkang
samya eling / manut mring kangjeng eyang//
//Mangkya wonten wayah kang maletik / mangun surat buku duk ing
kuna / nging sastra jinarwakake / buku ingkang rumuhun / sastra
durga basa Ijajil / ananging yen manuta / pra wayah sadarum / sun
duga tan ana bisa / mila mangke tinembungken basa Jawi /
supadya wigya terang//
//Kutika bermulai tertulis / padha ari Slasa tanggal ping pat / bulan

Dulkijah taun Je / sengkalanya yang taun / misih pake basa Ijajil /
sengkok net kenthi warang / itu jugak turut / misih pake leter durga /
cuba liat rupanya dhibawah ini / bukan terlalu eram//
//Awit pangandika Jeng Kiyai / Jajalanat mring kang putra wayah /
adhuh anak putuningong / kang estri miwah jalu / padha sira
pyarsakna kaki / wulange eyangira / poma den kecakup / nanging

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

6.

7.

8.


9.

10.

11.

12.

13.

kang dhingin sun wulang / ingkang priya sarta kang wus antuk
singgih / tatane wong neng praja//
//Yen ta nuju sira tompa dhuwit / saka Londa banjur lakokena /
potang-potangena kabeh / mring sakehing kancamu / nanging aja
saben priyayi / mung kang tunggal wedana / iku bae cukup / padha
tebasen kang bayar / lakokena nembelasan wis prayogi / sukur yen
oleh dinan//
//Sarupiyah manak telung dhuwit / sadinane iku kang utama /
nanging aja lena angger / jaluka layang pethuk / pratandhane kang

utang sami / lan banjur seksekena / menyang wedanamu / lan
tepunga karo prentah / ingkang pancen nyadhong bayar menyang
ngloji / akunen saudara//
//Gula eteh iku aja lali / pendhak bayar becik anggawaa / yen
prentahe pancen nyeret / bungah tukokna candu / bobot sigar rek
ora rugi / yen sira tan mengkana / mesthi nora wurung / ing buri
kakehan nalar / pes-apese tarikamu diwelani / mring priyayi kang
utang//
//Lan aja sok ngeceh-eceh dhuwit / ingkang pancen tan ana
pamrihnya / kaya ta nek ana dhayoh / saben pyayi disuguh /
pepanganan wedange kopi / iku kareben apa / setun nyuguh udut /
iku yen wis pancen kamrat / kejabane dhayoh angeteri dhuwit / iku
patut nyuguha//
//Lawan aja sok ngenehi dhuwit / nyang wong mlarat mundhak
ketularan / nadyan ta tanggamu angger / kalamun anjejaluk / lenga
tuwin sega sathithik / ginawe dulang bocah / poma sira putu / wis
aja korewes pisan / iku ingkang dadi jalaran bilai / gombale
anenular//
//Lan yen ana kancamu nyenyilih / ingkang jeneng rupa
sesandhangan / jarit sapanunggalane / iku poma den emut / aja

nganti sira wenehi / iku larangan ingwang / angger eblis iku / gek
mongsa diulihena / terkadhangan wis ana gone Gowankin / yah
mara badhek iya//
//Lamun sira arsa buwang dhuwit / becik sira menyanga kamulyan /
sangua dhuwit sing akeh / sebaa Sang Hyang Guru / anyuwuna
kang widadari / sing becik warnanira / yen sira durung wruh /
sejatine ing kamulyan / prenahira kulon benteng caket kaki / dene
Guru Bathara//
//Lan Narada kang ngreh widadari / sayektine mak cilik pralata / mak
citralata nradane / yen sira wus kepangguh / lan Hyang Guru Nrada
den aglis / nyaosana bebungah / dhuwit limang tangsul / supaya sira

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

2

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts


14.

15.

16.

17.

18.

19.

20.

21.

jinaga / nuli sira enggal nyuwuna premisi / manggon aneng
suwarga//
//Kahyangane ingkang widadari / sakarepmu kaki pilihana / endi
sing kok duga ceceg / nginepa sakarepmu / aja nganggo sumelang

ati / mung sangumu wenehna / menyang sobatamu / seket satus aja
eman / sabab perlunira iku buwang dhuwit / wuda ya lakonana//
//Apa ana enake ta kaki / wayah bengi dhasar nganggo udan /
adhem-adhem nyandhing tledhek / tledheke dhasar ayu / macak
bares angayang batin / tapihe lurik abang / kembenira gadhung /
anglungjiwa cara Sala / mung suwenge penunggule lagi siji /
ananging wis barleyan//
//Angladeni ngiris-iris roti / roti gandum tur nganggo mertega /
wedange bubuk karo teh / gulane gula batu / lan tukua candu setail /
diyane ongting gelas / bedudan sinelut / banjur macak ngombe
wedang / pacitane nek nyeret angambung pipi / wis kaya Raja
Cina//
//Iku kaki becik saben bengi / lakonana dadi wong utama / tan
kuciwa gonmu meret / lan aja dhemen mlaku / anyewaa kreta sing
becik / lan ngingua jayengan / anaa katelu / padha jaken nunggang
kreta / lan adhekmu ajaken aplesir-plesir / kareben padha bungah//
//Lan yen nuju dhemenamu kaki / lunga ditayub menyang Pacinan /
banjur susulen den age / kelamun wis kepangguh / bernantia ngiras
ningali / nanging den rada cedhak / bek adhekmu weruh / poma aja
lunga-lunga / antenana mengko nek adhekmu nangis / nek udan ya

ngeyupa//
//Aja mikir sayah adhem arip / iya iku manjing tapanira / mengko
ganjarane kenceng / tan nganggo besak-besuk / padha udhu banjur
sawengi / lah mengko titenana / sabubaring tayub / adhekmu rak
banjur medal / ngajak mulih nunggang kreta wong kekalih / wayah
kaya pangantyan//
//Yen wis prapta wismanira kaki / poma banjur sarea neng kamar /
wong loro kemula cindhe / sing dinggo sondher mau / cindhe
kembang ambune wangi / ing kono banjurena / dhangsah
sasukakmu / mara kaki rasakena / wulang ingsun apa bener apa
sisip / ayak nyamleng kewala//
//Sapa wonge kang nora kepengin / iya iku wong munggah suwarga
/ nora na suwarga maneh / kejabane ta besuk / lamun sira
tumekeng pati / tamtu ginanjar swarga / aneng watu lumbung / ika
rak katon suwarga / yen wus antuk pitulunge Hyang Ijajil / byar jleg
katon suwarga//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library


3

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
22. //Mung anggere iki kok lakoni / pesthekena suwargamu benjang /
tempuhna yen kongsi gecet / aku keduga nanggung / menek sira
misih kuwatir / seksekna nyang pradatan / nganggo pratandhaku /
lah kaki mara goleka / sakeh guru pandhita utawa santri / kang wani
nanggung swarga//
23. //Anjajaha nyang pesantren kaki / lan bablasa menyang Panaraga /
wis ora yen kaya ingong / mulane sira kulup / aja tanggung gonmu
nglakoni / sanadyan ta gombala / aja sira keguh / sabab dunya
mono apa / ngakerate kang kok peleng iku kaki / mukti mongsa
akua//
24. //Lawan maneh wulang ingsun kaki / pendhak pasar becik anayuba /
ana ngomahira dhewe / tledheke dhemenamu / lan ngundanga para
priyayi / ajaken dhahar pista / karebene guyub / lan caosana
bebungah / myang janewer inuman miwah brandhuwin / banjur sira
jogeda//
25. //Sing ginau ramen-ramen kaki / cikben akeh pyayi ketularan /

dhemen ronggeng kaya kowe / iba ganjaranipun / Hyang Ijajil mring
sira kaki / trakadhang swarganira / aneng gunung Lawu /
bokmanawa lawas-lawas / katarima gonira nyekel pulisi / ngandikan
mring mancingan//
26. //Terkadhangan sira banjur lali / sirku bae mara badhek iya / ora
eling wiwitane / sun kempit kaya manuk / ingsun juju lir wade yekti /
bareng wis nemu mulya / gek banjur tan emut / bareng lekas eling
sira / ngundang-undang bareng teka ditambuhi / pijer nyawang
bedhaya//
27. //Heh ta aja mengkono sireki / iku lagi geguyon kewala / mung
wulangku mau angger / poma dipun mituhu / aja nganggo eling nak
rabi / malah yen sira mlarat / pegaten bojomu / dadi wong mantep
ing tekad / mung adhekmu kawinen sama sekali / yak ora
ketanggungan//
28. //Lamun sira eling anak rabi / dadi durung mantep tekadira / ming
kaya si naya bae / eman temen bagusmu / duwe watak pating
sarendhil / ana kang wedi bengang / bokmenawa buntung / lah ta
iku udur apa / kaya dudu satriya trah Majapait / dadak wedia
bengang//
29. //Ana maneh pyayi angarani / jare saru pyayi nyang tledhekan / ya

kuwe sangsaya geseh / setun nek menyang pathuk / iku rada saru
sethithik / nanging yen aku ora / malah saya luhur / sabab bisa
sobat Londa / saradhadhu wuwuh Cina karo Encik / gek mongsa
jare ala//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

4

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
30. //Malah kaya klana sang narpati / duk kalane kasmaras kumuda /
balane bacingah rengep / mara rak saya mrabu / lah ta endi sing ora
becik / mulane aku rada / sethithik sok gumun / sing ngarani jare
nistha / kuwi priye pengrasane sing ngarani / aku kok ora duga//
31. //Ayake sing wedi buwang dhuwit / banjur dadi nenacad sawiyah /
ngarani saru si thole / rak iku wong durung wruh / dalil eblis dadak
maoni / bok aja sumangkehan / sing ditanggung kaum / wis kaki aja
kok rasa / unining wong kaya embuh-embuh kuwi / mongsa
nyuwargakena//
PUPUH II
ASMARADANA
1.
2.
3.
4.
5.

6.
7.
8.
9.

//Brangtanana kang sayekti / kabeh wulange si eyang / meraka tak
wulang maneh / laku sing rada peng-pengan / kaki sira anggoa /
tamtu ganjarane ngumbuk / nanging poma ja kawentar//
//Yen nganti kapyarseng janmi / dadya badhar lakunira / mulane
sing rada mrene / yen sira arsa weruha / sajatining sidekah / dana
rasa tegesipun / dhemena bojoning tongga//
//Rekane mangkene kaki / yen tanggamu lagi lunga /
trakadhangan lagek caos / ya kuwi sing kebeneran / banjur sira
sonjaa / api-apia durung wruh / nek sing lanang ora ana//
//Banjur takona sing ririh / kakang napa wonten griya / sabab dhek
wingi pun kangsen / nging welinge kalih kula / nek aku ora ana /
dhuwit wenehna bakyumu / mekaten raka jandika//
//Mengko nek gelem nampani / lah kuwi sing kebeneran /
gampang cekelen tangane / nanging aja milih papan / mongsa
ngarah bedaa / mathok angger perlu cukup / wis kalebu wong
utama//
//Nanging ana sing ngungkuli / yen sira nuju ngawula / kinasihan
mring wong gedhe / becik kathik saratana / kareben wuwuh tresna
/ bedhangen klangenanipun / pilihen sing kinasihan//
//Wis tamtu yen wuwuh asih / sababe wis tunggal rasa / rasa
mulya sejatine / iku sarat kang utama / nanging dipun prayitna /
suket godhong aja krungu / mundhak badhar lakunira//
//Sasabana laku santri / nanging aja temenanan / mung ethokethoka bae / sabab yen nganti konangan / gonira bebedhangan /
tan wurung pagas gulumu / bejane sira binonda //
//Mesthi sira ditakoki / tan wurung banjur ginlandhang / nyang
pajeksan masuk mring rol / tamtu yen oleh ganjaran / den ukum
aneng pasar / disapu kaping rongpuluh / jur dibuwi wolung dina//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
10.

11.
12.
13.
14.
15.
16.

17.
18.
19.
20.
21.
22.

//Saluwarmu saka buwi / banjur sira didhedhabyang / digawa
nyang masjid gedhe / kono gonmu sida macak / didusi aneng
blumbang / kungkuma bae sabedhug / mengko nek sira wis
mentas//
//Rak banjur dibusanani / rambutmu dicukur mrapat / raimu
sinungging aneh / areng enjet karo atal / banjur kon nunggang
jaran / jaran kepang nganggo lawung / digameli Kramaleya//
//Nadyan mengkonoa kaki / iya becik antepana / kuwi rak ming
coba bae / lara wirang lakonana / wis jamaking agesang / yen
bakal ginanjar luhur / tamtu gedhe cobanira//
//Malah yen satriya luwih / nek wis mantep tekadira / bungah
tumekaning layon / bisaa mati babahan / goning bedhang
wanudya / dadya sabil patinipun / iya iku wong jlegedhag//
//Ya iku tirunen becik / kendele wis kaya Londa / saradhadhu ngloji
gedhe / nek ngrebut bojoning tongga / tan nganggo ngarah-arah /
banjur nyongkol bae kepluk / kowe rak mongsa kalaha//
//Yak abot temen wong urip / nek nedya nglakoni srengat / kudu
kendel paitane / nanging yen tan nglakonana / bakal tan antuk
swarga / siniksa drubiksa besuk / mara kaki titenana//
//Wong kang dhemen laku santri / dina-dina nembah mring Hyang
/ kae rak gadhangan dheyos / mulane aja sok cerak / yen krungu
sing sok donga / endhasmu rak banjur ngelu / terkadhang sira
kantaka//
//Yak wis aja dirasani / mundhak krungu sing sok donga / nek
misuh dhak dadi gawe / iya nek misuh kewala / terkadhang donga
srabat / iya rak kaya dipenthung / nyang sirah oleh kumemplang//
//Ya mulane angel kaki / wong urip neng dina dunya / gampang
angel pratikele / mara kaki rasakena / wong kang dhemen
sembahyang / enak endi karo tayub / nek aku enak jathilan//
//Tur ta nganggo tombok dhuwit / nanging kok nyang ati sukak /
wong netepi sarengate / dhuwit rak minongka slawat / buja dadi
sidekah / jakate olehmu tayub / kabeh pyayi padha rena//
dalah kabeh kang ningali / lanang wadon padha berag / malah
nunut padha joged / tayub aneng ngisor gedhang / lonthene dikon
nembang / saking kepengine tayub / tuku cao digo arak //
//Iku pratandhane kaki / nek mula laku utama / nyenengake atining
wong / nora kaya wong slawatan / santrine pirang-pirang / dhek
ora ana sing ngingus / anaa ya padha gela//
//Kejabane konca santri / lah iku mongsa bodhoa / yak wis mesthi
ora ceceg / mulane aja semonta / nyang santri digo apa / mundhak
sira digeguyu / diarani rada edan //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

6

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
23.
24.
25.

//Nanging aja serak-serik / diwaoni mring wong kathah / nek wani
taboken keplog / yen dikroyog ya ngamuka / mengkono wong
jlegedhag / aja dhemen clurat-clurut / kaya dudu trah Pendhawa//
//Lan yen nuju sira kaki / jejagongan lan wong kathah / yen ana
sing wani nyenges / ngajak geguyon mring sira / ya banjur
pisuhana / menek wani males misuh / jur suduken babar pisan//
//Karo bok rada sing dhiri / yen lumaku neng dedalan / aja sok
nyimpangi uwong / nek ana sing wani nunjang / taboken bae
keplag / pesthi yen kajen awakmu / poma kaki lakonana //
PUPUH III
SINOM

1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

//Saiki wis salin tembang / mengkene bae ya uwis / ora susah
nganggo tondha / badhenen nek nyata wasis / lan wulangku saiki /
rak nyamleng tur nganggo eclum / nanging rada kuciwa / pun kaki
durung nglakoni / ning dhek biyen gajege wis rada bisa//
//Heh kaki sing rada cedhak / nek ana wong sing miyarsi / aja sing
janma manusa / cacing krungu dadi janmi / bok dimrene sathithik /
aja nganggo rikah-rikuh / rikuh-rikuh bek apa / wong arep nampani
wangsit / wangsit rungsit kesit tur anganggo kesat//
//Terkadhang sira wis bisa / dene wis lawas neng puri / nanging
durung antuk warah / nek iku jatining ngesit / yen sira wis ngawruhi /
kasebut janma linuhung / mengko aku dak blaka / sing temenanan
ta kaki / satemene sira dhemena bedhaya//
//Nanging aja sok lananga / miliha sing sigit-sigit / satriya kang misih
jaka / goleka gogrogan srimpi / tamtu nek bisa dhithing / tur rupane
rada bagus / wong wis dadi bedhaya / apese duwe prak-ati /
nanging aja kang misih dadi bedhaya//
//Yen ketanggor sing bedhaya / pethingane para delir / mongsa
dadak pradulia / nyang kowe malah ngempreti / yen konangan
gupremin / tan wurung pagas gulumu / mulane sing prayitna /
satindakmu ngati-ati / sabab iku rak prakara temenanan//
//Karo poma wekas ingwang / yen wis antuk gonmu milih / poma
sing bisa ngawula / ngladeni priyayi sigit / sing mantep trusing batin
/ lan sing sareh aja kau / sira wong lagi magang / mujia aglis antuk
sih / sing tumemen nanging aja tranyak-tranyak//
//Wong angele ngudubilah / yen durung oleh thek kaki / kudu
cumadhong sakarsa / ladenana rina wengi / karo sing ngati-ati / nek
bisa sing rada lucu / supaya nisihana / menyang daramu wong sigit /
nanging aja kok cara dhemen si gebyar//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

7

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

17.

//Ora kena kasar-kasar / menek-menek ditempiling / tur iya tan dadi
apa / malah ngencengake pikir / nanging kok rada watir / nek
kebanjur lengguk-lengguk / kepriye polahira / nek kowe banjur
mayangi / golek guna digo nglejarake karsa//
//Becike banjur sewakna / kreta aturana aglis / nyang toko tuwin
Pacinan / rak daramu banjur lilih / lan endi sing dilirik / barangbarang toko mau / yak wis aja kok anyang / jur tukunen bae ya wis /
mundhak rewel iya banjur dhuwitana//
//Aja mikir nganggo rega / nadyan mundhuta erloji / sing rega
rongatus semat / lah ya tukokena kaki / angger ngomah jeh sugih /
aja nganggo etang-etung / mongsa ngarah gombala / anggere
daramu asih / nadyan gombal nek ana kerate mulya//
//He mongsa duwea sira / umur satus taun kaki / rak gek mulih
marang swarga / mumpung sira misih urip / nglakonana taberi /
ngawula wong bagus-bagus / sing becik patrapira / dikapakkapakna kaki / anuruta aja kongsi gawe cuwa//
//Karo becik saradana / guna pangasihan kaki / wis tamtu yen banjur
bablas / gelis tompa layang buslit / lakune amung mutih / pitung dina
bae rampung / ngelmune tampanana / mara kaki tak wuruki / sun
amatak ajiku si jaran guyang//
//Tetegar tengahing pasar / gegamanira cemethi / sada lanang
saking swarga / apa kwasaning cemethi / sun sabetaken bumi /
sigar trus bumi sap pitu / sun sabetken sagara / dadya asat ponang
warih / sun sabetken ing gunung pan iya sigar//
//Gunung maneh tan sigara / bok atine jabang bayi …. / ingsun
sabet sada lanang / wis tamtu nek banjur mati / nek ora sida mati /
sida edan turut lurung / nek ora sida edan / awekasan dadi asih /
welas-asih bendara mring awak ingwang//
//Iku kaki lakonana / sajerone sira mutih / lan nganggoa udut
menyan / nanging nek wis sirep janmi / amalna aja lali / linggiha bari
pitekur / nek nganti ora kena / tempuhna marang kang nulis /
pesthekena bek mongsa ngarah gagala//
//Kowe rak banjur jlegedhag / malah daramu kang wedi / sakarepkarepmu nguja / ajaken nyang ngendi-endi / pangrasa jaken mati /
bendaramu rak ya manut / nanging kowe sing bisa / aja dumeh
diwedeni / sakarsane nek memundhut tukokena//
//Lah yen bendaramu karsa / aturana remen ringgit / ya kuwi sing
kebeneran / dherekena dipun aglis / lan sangua sing akih / kareben
bungah daramu / nanging dipun prayitna / nek ana bujang sing wani
/ tabokana yen lawan ya patenana//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

8

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
18. //Nanging tak kira wis ora / yen wania tak kilani / anggere sira
jlegedhag / aja nganti kalah dhuwit / lan aja wedi-wedi / anggrasen
bae ya katut / nadyan anaa Londa / aja kowe minggrang-minggring /
jaken tabe lan banjur jaken caturan//
19. //Landane rak banjur tata / ora gelem brigah-brigih / sabab
kadhisikan cara / wis kaki sing ngati-ati / yen ana wong maoni / yak
wis bok aja kok rembug / yen kabeh wus linakyan / wulangku sing
kincling-kincling / mengko ingsun wulang ngelmu cara tuwa//
PUPUH IV
MEGATRUH
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.

//Karuhane yen sira sukak ngelmuku / banjur dhemena madati / nek
bisa nyereta candu / aja akeh bok sadhuwit / saben dina aja
towong//
//Lan gawea bedudan gadhing sing bagus / weton nagara emudhi /
cupak tukua sing bagus / seluten salaka putih / rupane lejet
mencorong//
//Ming ciyame tukua marang ciyuhu / sabos rega slawe rispis /
sacepuke akik wungu / mung rega rongatus rispis / apyun tukua
saglondhong //
//Lah jajalen nyereta neng tempat tidhur / selirmu kon ngeladeni /
sambi ngiris roti gandum / mertegane aja lali / banjur panggangen
neng anglo//
//Apa ana sing ngungkuli nyeret candu / dhasar bengi nganggo
grimis / diyane ongting wis murup / tehe pun-punan sumandhing /
cerete kumrengseng umob//
//Nyamleng banget pacitane semat satus / ukon talen seket rispis /
sakarep-karepmu tutug / gonen nyeret rina wengi / ayah rak kaya
twapekong//
//Heh becike nganggoa ngundang kancamu / wong telu utawa kalih /
sing sok padha nyeret candu / jaken nyeret dadi siji / saben bengi
aja towong//
//Nek wis mendem mengko rak gatel awakmu / lan rembugmu
banjur mintir / apa sing padha kok rembug / wis tamtu yen banjur
gelis / ing kono rak kaya kantor//
//Mikir jagad dhedharatan tuwin laut / ngisor bumi dhuwur langit /
padha kandhas samya guyub / lan lakuning Sang Hyang Rawi /
poma aja kongsi coblong//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

9

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
PUPUH V
PANGKUR
1.

//Kapungkur wong seseretan / lan mikira rusake benteng ngloji /
tuwin obahing keprabun / dhawuhe sri narendra / apa uwis
kebeneran apa durung / yen durung ya waonana / rembugen sing
becik-becik//
2. //Lawan pranataning jendral / iku iya apa wis kok rujuki / nek wong
telu durung rujuk / becik banjur ngothoka / nek wis entek apyunmu
tukua candu / setail menyang ngepakan / wong telu rak banjur gilig//
3. //Nanging poma wekas ingwang / ming aja sok nyatur srengating
nabi / iku aku ora rembug / karo kareben apa / angur baya mikira
enaking candu / murah laranging ngepakan / iku aku angrujuki//
4. //Lan sambinen mulang jaksa / owahana gone mutus prakawis / iku
kabeh bubuhamu / ming prakara kauman / iku kowe nora kena milumilu / nek gelem ming waonana / gone andum gone milihL //
5. //Dene yen para nayaka / iku patut kowe ingkang maoni / sabab
kuwajibanamu / sing duwe moyok nacad / yen liyane ingsun duga
durung cukup / yen kowe aku pitaya / karo dhidhis bae ya wis//
6. //Mulane wong mangan madat / ora ana wasise wong nimbangi /
sabab bisa jaring kukus / lan wruh suruping diyan / bakal kasar
bakal alus kabeh weruh / tur tekade muter jagad / rina wengi tansah
mintir//
7. //Mara ta kaki rak iya / padek puna akeh sing wong maoni / ana sing
ngarani saru / ana sing jare ala / ana maneh sing rada tipising
rembug / wedi menek banjur gombal / ana sing jare bencirih//
8. //Lan keset tan doyan karya / ana maneh jarene gelis mati / sabab
dipangan ing kukus / ana maneh sing nacad / awak kuru lambene
tur nganggo biru / iku isih kekurangan / panacade wong kang
sengit//
9. //Iku kaki poma-poma / iya aja mikir wong memaoni / iku rak wong
durung weruh / menyang lukit-lukitan / yen andhene wis wasis kaya
awakku / mongsa gek banjur nacada / setun-setun ngalem awig//
10. //Mara sing darani ala / jare saru iku baya sing endi / mulane sok
aku gumun / kok bisa timen nacad / kleru banget wong jegledhag
jare saru / wong wis ora kena lara / prandene jare bencirih//
11. //Malah nek dheweke lara / jaluk tomba mring wong kang amadati /
banjur diwenehi candu / kon ngombe karo wedang / yen wis
ngombe sakal bae bisa guyu / tuwin yen ana wong sayah /
ditambani iya mari//
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

10

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
12. //Basa anu nacad gombal / dhasar gombal nanging prasasat sugih /
sabab bondha wis dipusus / anulya winadhahan / aneng cupu manik
asthagina kumpul / sadina-dina binakar / temah dadi mega putih//
13. //Besuk nek aneng ngakerat / mega putih iku rak memayungi /
bedudane iku besuk / bakal dadi tunggangan / dene urik dadi
cemethi ki pamuk / gek kuwi jarene gombal / pancen wong dhemen
maoni//
14. //Olehe tan doyan karya / mula nyata wong ora tau glidhig / awit
nalare wis cukup / tra usah nganggo glawat / cangkem bae bisa
munggah gunung dhuwur / wong ilate pinter dhangsah / rak
mengkono wong wis wasis//
15. //Lah mara cacaden apa / awak kuru malah kaya jahnawi / mongsa
gek Janaka lemu / mara rak iya nyata / lambe biru sinawang rak
malah semu / lah cacaden maneh apa / nek bab pati iku pasthi//
16. //Nora ming wong nyeret modar / nadyan nora nyeret geneya mati /
anom tuwa dene ya dhut / yak mara dadak ora / gek moyoki ming
wong nyeret bae lampus / wis kaki aja korasa / mundhak bubrahake
pikir//
17. //Nanging kaki aja eram / nek dicacad utawa diwaoni / menyang
sanak sadulurmu / apa maneh wong tuwa / anuturi mring gonmu
anyeret candu / wis aja kok rewes pisan / iku sing sok bilaeni//
18. Godha kang katon wong tuwa / ana katon sadulur anak rabi / ana
katon dhemenamu / kabeh padha gegodha / akon medhot gonira
anyeret candu / iku kaki sing prayitna / sing panggah aja gumingsir//
19. Wong ahli menyang ing tekad / ora kena eling mring anak rabi /
utawa manut wong sepuh / iku banget larangan / menek kowe
nganti gugu wong tuwamu / yak mara badhe kedukan / mring
eyangmu Sang Ijajil//
20. Tengere menek kedukan / rasakena kowe rak banjur dlinding /
ngising getih mangsur-mangsur / mongsa mari-maria / kejabane
kowe lantas mitak apyun / tukua candu bot sigar / sereten wis tamtu
mari//
21. //Nek kok rasa selak lara / iya banjur uyupen bae gek wis / sabab jur
lega wetengmu / sakal rak banjur bablas / nek wis mendem kowe
sasat bisa mabur / wis tan ana kang karasa / lesu lupa sirna gusis//
22. //Keri seger kuwarasan / lah kepriye rasakena ta kaki / apa dhemen
mangsur-mangsur / apa dhemen sing ora / menek kowe dhemen
lara mangsur-mangsur / ya nuruta nyang wong tuwa / karebene
gelis mati//
23. //Yen kowe tan gelem lara / lah manuta srengate Hyang Ijajil / aja
nganggo rikuh-rikuh / rikuhmu buwangana / lan aja sok nganggo
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

11

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

24.
25.

26.

27.
28.

29.
30.

31.

32.
33.

wedi mring ramakmu / karo aja wedi gombal / kok kaya wong adol
blenyik//
//Sok anggere ana dina / tamtu ana sega utawa dhuwit / angger isih
ana dalu / candune iya ana / bok mengkono wong urip-urip puniku /
yak ora kakehan nalar / kok sing nalar ting juwiwig//
//Dene nora kathok emas / lan tan nganggo iket mariyem ngloji /
mengkono bae nek aku / ananging wong wis lumrah / yen wong urip
anglakoni budi luhur / akeh temen wong sing nacad / moyoki tur
nganggo sengit//
//Mara pama kowe salat / badhek akeh sanakmu sing ngamini /
nanging ora gelem melu / lah iku ngalem apa / bareng tayub
dipoyoki nanging melu / surake ya nora beda / malah ngleter
angungkuli//
//Sadurunge joged nyata / dikon ngibing kipa-kipa kepati / basane
karam lan mekruh / bareng saya dipeksa / klelat-klelet karo nguweguweg sabuk / jikuk kethip kleru gobang / jikuk gelo kleru bribil//
//Banjur milih dhuwit pecah / oleh nem wang digo tombok setali /
banjur ngibing guya-guyu / gendhinge Kramaleya / jengklak-jengklak
arep lucu nora patut / arep macak nora bisa / nanging ora uwisuwis//
//Lah kuwi wong tuwa apa / bok elinga gone nyrengeni wingi / jarene
karam lan mekruh / gene kuwi kok girang / ya mulane becik gugua
nyang aku / gek mengkono kuwi susah / moyoki dheknen nglakoni//
//Nyenges nyang wong nyeret bangsat / celathune kongsi brebegi
kuping / bareng mara krudhuk-krudhuk / tutur wetenge lara / bareng
nogog malah ngentekake candu / jarene ming digo tomba / dene bot
sigar ya enting//
//Ya wong pancen mula sukak / nyang srengatku yak wis aja baribin
/ ana maneh sing sok nyatur / sengit nyang wong tledhekan /
celathune nyampahi karo geguyu / kok kaya kurang wanudya / gene
pyayi dhemen ringgit//
//Nek aku kok nora makan / angur baya grumuta para nyai / utawa
bojoning batur / trakadhang oleh sanak / sukur bage oleh batur sing
lothurkung / ipe utawa nak-sanak / lah kuwi sing tetep pyayi//
//Yak uwis aja dedawa / yen kebanjur mundhak kerasa ngati / athuk
salin sing dicatur / kareben saya maprah / lawan antuk pitulunge
Hyang Ijajul / nanging becik salin tembang / kinanthi bae iya wis//
PUPUH VI
KINANTHI

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

12

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.

//Kabeh wulang ingsun mau / aja na kliwatan siji / sagung putra
wayah ingwang / padha nglakonana sami / lan sambinen
ngabotohan / ngadu jago tuwin jangkrik//
//Jago tajen jago pupuh / sukur yen dhemen kemiri / nomer siji
ngadu gemak / ngladeni para priyayi / nanging sing kendel totohan /
aja nganggo wedi-wedi//
//Kareben padha digunggung / nyang kancamu para pyayi / kalah
menang mono bejan / angger kendel buwang dhuwit / pasthi dialem
jlegedhag / rak mengkono tetep pyayi//
//Putuku nek kowe nglurug / gawaa dhuwit sing akih / aja nganti
kalah gretak / nyang kancamu padha pyayi / yen sira kok kongsi
kalah / bok mati bae ya uwis//
//Lan becike paitamu / gowoa semat lan rispis / ukon talen
pepakana / wadhahana pethen cilik / karo srutumu menila / worna
bae karo dhuwi //
//Lan aja sok kongsi bluwus / nganggoa sing becik-becik / karo
kretepmu barleyan / aja kongsi keri-keri / lan nganggoa urloji mas /
karsete sing nganggo akik//
//Kareben sangsaya bagus / lan nganggoa ali-ali / serakit bae
barleyan / sing rega rongatus rispis / nanging aja patek macak /
bares kures bae ya wis//
//Iku sarate wong nglurug / dadi kandel menyang pikir / bokmanawa
kowe kalah / nganti kekurangan dhuwit / kretepmu bae sasela /
sulapen rak dadi dhuwit//
//Iku poma wekas ingsun / saben dina aja lali / ing ngendi ana
kalangan / becik lurugana kaki / dadi wong ginau jembar / sugih
sobat para pyayi//
//Kejabane sira nglurug / ngedegna dhewe ya becik / dadi nora
ketanggungan / mengkono lakuning pyayi / dene yen sira tan
menang / gonmu ngadu-adu kaki//
//Becik nganggoa geguru / nyang pandhita sing wis wasis / sabab
eyangmu kuciwa / durung tau dhemen main / ming nonton kadi
kadohan / dadi durung pati wasis//
//Kecil mula tradhak tau / adu-adu sama main / dhari salah orang
tua / kok tidhak diajar main / jadhi orang gung-ugungan / lebih getun
dhalem ati//
//Heh mulane wayah ingsun / kabeh padha sing teberi / sebaa
marang kalangan / nadyan nora duwe dhuwit / yak ya gadhekgadhekena / anggonen paitan main//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

13

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
14. //Lan manehe wekas ingsun / manawa kasukan pei / kertu lima karo
kowah / lesehan tanapi belit / setoter karo slikuran / sukur bage bisa
uwis//
15. //Utamane bisa dhadhu / epo gimer karo posing / dadi bisa sobat
Cina / tan kuciwa gonmu main / kasebut wong wicaksana /
sabarang karya mepaki//
16. //Lan maneh nganggoa ngetung / tingalane para pyayi / sing pancen
nganggo tingalan / sebanana aja lali / ing kono banjur maina /
sakarep-karepmu kaki//
17. //Iku akeh begjanipun / ganjaran kang luwih-luwih / sapisan oleh
tirakat / sabab melek saben bengi / kapindho mesthi menangan /
sanadyan kalah sathithik//
18. //Nanging rak wis sasat untung / andhene kalah sathithik /
ngomahmu rak ora blonja / tur baturmu padha mlenthing / kowe
dhewe makan enak / mara rak lebih sekali//
19. //Dene yen korasa mlenthung / banjurena gonmu main / telung dina
patang dina / iku ingkang luwih becik / ben akeh olehmu menang /
banjur gonen rabi ringgit//
20. //Menek kalah aja wudhu / utanga bae ya uwis / ayah mongsa
dikelaha / setun-setun ditaboki / menyang kancamu kesukan / yak
anggere ngandhut dhuwit//
PUPUH VII
PANGKUR
1.

2.

3.

4.

//Tog-togane wekas ingwang / lamun sira ginanjar banjur blindhis /
nuli sinaua menthung / ngadhanga neng dedalan / nyebrot iket nek
wani kenthesen kepluk / iku kaki dhedhelana / angonen paitan
main//
//Gawanen menyang Pacinan / gadhekena rak enggal oleh dhuwit /
nek meksa entek dhuwitmu / iya golek-goleka / utang ngutil kalamun
ing wayah dalu / poma kaki ya malinga / aja nganggo konthakanthi//
//Samangsane nganggo rewang / mundhak suda gonmu oleh
memaling / karo juwarehi laku / marakake konangan / cikben apa
mundhak nyupetake laku / babahamu ngisor lawang / gamanmu
konang ja lali//
//Lawan malih wekas ingwang / saben dina ja towong gonmu maling
/ sukur bage wani ngecu / ngajaka para bangsat / jaken ngecu neng
patiken gonmu ngumpul / sambinen karo seretan / iku mesthi padha
gilig//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

14

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
5.

6.

7.

8.

9.

//Nek wis mateng rembugira / lakonana anebak lawang kori / nek
wis mendem pesthi cakut / ngecua nyang Pacinan / aja tanggung
gonira nglakoni putu / nek Cinane wani lawan / patenana bae ya
wis//
//Dene nek nonahe murwat / poma kaki aja kowe praduli /
ambungana sakancamu / kareben saya berag / iya iku ingkang
marakake cakut / nek sing lanang patenana / aja ketanggungan
kaki//
//Yen wis oleh barang-barang / dipun giyak-giyak ana ing margi /
surak-surak turut lurung / obore gebyar-gebyar / anjlegedhag kaya
prajurit anglurug / gamane penthung lan granggang / ting capeplang
aneng margi//
//Gitir minongka gamelan / iku ingkang anesegake pikir / angrangin
suwaranipun / karya gambiraning tyas / nek kepethuk wong tandang
granggangen ceprut / lah ta banjur dhedhelana / digo wuwuhwuwuh kuwi//
//Andhene nganti konangan / dipun cekel sira marang pulisi / ming
dibuwi lan disapu / dibuwang menyang sabrang / nek ming ngono
bae aku ora gumun / iku kaki ijih nistha / durung tekan anglakoni//
PUPUH VIII
MIJIL

1.
2.
3.
4.
5.
6.

//Poma sira nglakonana kaki / tindak kang kinaot / sun jarwani
ingkang luhur dhewe / ing pratingkahing kamukten kaki / ingkang
ajar werit / esthinen satuhu//
//Lah sing ebreh aja nganggo wadi / poma putuningong / tampanana
ujar ingsun kiye / aja samar gonira nglakoni / saniskara dadi /
langkung geng pinunjul//
//Yak wong urip neng dunya puniki / apa kang rinuroh / mung
kamulyan tumekaning enggen / pesthekena wulang ingsun kaki /
yen datan sayekti / tempuhna ki kaum//
//Yak mengkono kang tekan nglakoni / matenana uwong / ingkang
datan ana ing dosane / pesthekena yen tan kolakoni / kang kadya
puniki / dadi tuna luput//
//Dene sira lamun ditakoni / ngakua kemawon / ywa nganggo lingalingan sirangger / mundhak kasuwen gone nglakoni / para agung
sami / pepak asih lulut//
//Pratandhane lamun padha asih / adhuh putuningong / tamtu sira
ngandikan residhen / den jajari Kumpni kanan kering / kang pra
agung sami / pepakan sadarum//

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

15

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.

//Nek wis mongsa wektu ditimbali / babo putuningong / nganggo
milih dina ingkang sae / nora kena sok dinaa kaki / kudu nganggo
milih / wong wis bongsa luhur//
//Omahira nganggo dijagani / Kumpeni nak ingong / den reteni
sabarang dhahare / ora yen suwiyah-wiyah kaki / tamtu nampik milih
/ pepangananipun//
//Yen wis tutug gonira amukti / aneng jroning gedhong / gya
ngandikan sira ring risidhen / den jajari sagunging Kumpeni / pra
prajurit Jawi / andher ngalun-alun//
//Lah ing kono gonira amukti / gumer wong nenonton / kang prajurit
usar pepak andher / samya kurmat mring sira wong sigit / atembak
apipit / neng lor ringin kurung//
//Iya kono gonira wong sigit / amenggep kaprabon / abusana sarwa
seta kabeh / wastra klambi dhestarira muslim / sumping gajah
ngoling / tinon lengut-lengut//
//Apa ana kang ngungkuli kaki / yen wis prapteng kono / sanagara
amung kowe dhewe / ingkang luhur munggah ing suwargi / tanpa
kira kaki / kamulyan di luhung//
//Wus palastha suraseng sastra di / ingsun mongsaborong / pan
sumongga mring kang ngungelake / de ta amba sanget tuneng budi
/ amung nedhak sungging / awon saenipun//
//Pan sumongga wulanging Ijajil / mangreh ing tyas awon / nanging
semu sinamar semune / semonira ing pasmon mranani / ika ajar
wirit / reh bongsa lelembut//

TERJEMAHAN :

PUPUH I
DHANDHANGGULA
1.

Digubah dengan tembang Dhandhanggula awal sastra yang
istemewa ini, dimulai dengan sang pendeta Jajalanat yang
masyhur, yang tinggal di Gunung Candisewu dan kenjadi raja

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

16

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

2.

3.

4.
5.

6.

7.

8.

9.

segenap setan, juga makhluk halus, yang semuanya mempelajari
ilmu gaib. Manusia pun, yang ingin mendapatkan warisan ilmu
semua menghadap sang pertapa.
Pelajaran kyai sudah lama tetapi tidak ada yang berani
mengutarakan, sehingga hanya disimpan saja. Sebab pada jaman
dahulu buku itu diambil oleh Hyang Ijajil. Oleh karena itu anak
cucu jarang yang mengingatnya. Tetapi jaman nantianak cucu
banyak yang ingat, patuh kepada kanjeng eyang.
Ada seorang cucu yang mencoba membuat karangan kuba
kedalam bentuk satra saduran. Kitab kuna itu bersastra Durga
berbahasa Ijajil. Akan tetapi apabila para cucu mengikuti kitab
tersebut pasti tidak mengerti. Oleh karena itu dialihkan kedalam
sastra Jawa agar menjadi jelas.
Waktu yang tertulis dalam buku adalah hari Selasa tanggal 4,
bulan Dulkhijah tahun Je. Ditulis dengan huruf Durga. Cobalah
dilihat wujudnya di bawah ini tidak terlalu mengherankan.
Kyai Jaljalanat mulai berbicara kepada anaknya, “Duhai cucuku
wanita maupun pria, dengarlah baik-baik semua ajaran eyangmu.
Mudah-mudahan semua menjadi orang yang pandai. Adapun yang
akan diajarkan lebih dahulu adalah yang lelaki dan benar-benar
sudah mempunyai kedudukan menurut aturan pmerintahan.
Apabila engkau kebetulan menerima uang dari Belanda, kemudian
hutangkan kepada kawanmu. Jangan kepada setiap orang,
utamakan yang berada dalam satu pimpinan. Bayarlah dulu
seluruh gajinya. Adapun caranya mengangsur dengan membayar
selama enambelas hari atau lebih baik lagi setiap hari.
Satu rupiah berbunga empat duwit sehari, itu sudah cukup. Tetapi
jangan lupa meminta kwitansi sebagai jaminan hutang. Setelah itu
minta Wedananmu menjadi saksi, dan berkenalan dengan orang
pemerintahan yang memang mendapat bayar dari gedung, dan
akuilah sebagai Saudara.
Setian bayaran jangan lupa membawa gula dan the. Jika orang itu
menghisap madat, belika saja supaya senang. Setengah sen
tidaklah rugi. Jika kamu tidak berlaku seperti itu maka di kemudian
hari nanti akan banyak perhitungan. Sialnya tagihanmu
ditangguhkan oleh orang yang berhutang.
Dan jangan memboroskan uang, jika memang tidak ada maksud
yang menguntungkan. Hasilnya selalu mamberi suguhan jika ada
tamu. Untuk apa? Bahkan kalau member suguhan rokok pun jika
memang sudah teman akrab. Terkecuali tamu yang akan
mengantar uang, dia wajib diberi jamuan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

17

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

17.

Jangan selalu member uang kepada orang miskin karena nanti
bias menular kemiskinannya. Walaupun tetangga dekatmu
meminta minyak dan nasi sedikit untuk menyuapi anaknya, tak
usah dihirauakan permintaannya tersebut. Mungkin hal itu justru
akan menyusahkanmu.
Jika kawanmu meminta seperangkat pakainan, kain dan
sebagainya. Tidak usah engkau pinjamkan. Hal itu merupakan
larangan dariku, karena kamungkinannya tidak dikembalikan.
Tiba-tiba sudah berada di Gowankin.
Apabila engkau ingin membuang uang, lebih baik menuju ke
kemuliaan. Bawalah bekal secukupnya, menghadaplah kepaeda
Sang Hyang Guru, dan mintalah bidadari yang cantik. Jika
emngkau belum mengerti maka sebenarnya maka sebenarnyalah
hal itu mulia. Tempatnya ada di Kulon Beteng.
Batara Guru dan Baradalah yang mengusai para bidadari tersebut.
Sebenarnya mereka adalah Mak Cilik Pratala dan Mak Citralata.
Setelah bertemu dengan mereka semua berdua, maka cepatlah
member hadiah uang lima tali, suapaya mereka mau
mengawalmu. Kemuadian segeralah engkau pamit dan tinggallah
di Surga.
Surga itu adalah kayangan tempat para bidadari, terserah
bidadari mana yang engkau pilih. Bermalamlah sekehendakmu
jangan merasda khawatir. Hanya saja bekalmu serahkanlah
kepada sahabatmu, lima puluh atau seratus jangan merasa
saying. Walau sampai telanjang pun harus engkau lakukan karena
menang itu tujuanmu.
Adakah yang lebih nikmat? Malam hari hujan sehingga hawa
dingin tetapi duduk berdampingan dengan penari tandak.
Penarinya cantik berdandan bersahaja tampak menarik hati.
Berkain lurik merah, berpenutup dada melengkung gaya Sala.
Subangnya bermata satu berlian.
Melayani mengiris-iris roti yang terbuat dari terigu bahkan
memakai mertega. Minumannya kopi dan the yang memakai gula
batu. Belilah candu stail. Lampu terbuat dari gelas. Alat penghisap
madat telah dibalut. Setelah berdandan lalu minum dan diselingi
menghisap madat, layaknya seperti raja Cina.
Lakukanlah setiap malam, berlaku menjadi orang utama. Tidak
sia-sia engkau berdandan rapi, dan janganlah senang berjalan,
sewalah kereta yang baik, peliharalah tida orang pembantu. Peneri
tandak tersebut ajaklah naik kereta untuk pesiar biar hatinya
senang.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

18

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
18.

19.

20.

21.

22.

23.

24.

25.

26.

Dan jika kekasihmu sedang di tanggap di Pecinan, susulah
segera. Jika sudah ketemu, tunggulah sambil menonton, namun
usahakan berada dalam jarak dekat agar kekasihmu dapat
melihat. Sebaiknya jangan pergi kemanapun!!!! Siapa tahu
kekasihmu menangis, jika turun hujan berlindunglah.
Jangan mengeluh lelah, dingin, dan mengantuk, karena itu telah
terhitung tapamu. Imbalannya pasti hebat, tidak akan ditundatunda. Saling memberi dan menerima malam itu juga.
Perhatikanlah jika sudah selesai menari pasti kekasihmu itu keluar
dan mengajak pulang. Kalian berdua naik kereta bagaikan
sepasang pengantin.
Sesampai di rumah tidurlah di dalam kamar, kalian berdua
berselimutkan kain cinde yang berbau harum, di situlah akan
gembira, berdansalah sesuka hati. Nah, rasakanlah apakah
ajaranku ini benar atau salah?
Siapakah yang tidak menginginkan surga? Tidak ada surga lain,
jika kelak kamu mati pasti akan diberi oahala surga, di dalam batu
lumbung, di situ akan terlihat surga, jika sudah mendapatkan
pertolongan dari Hyang Ijajil, seketika tampaklah surga.
Asalkan hal tesebut engkau kerjakan, pastikanlah surgamu itu.
Salahkah aku jika sampai meleset. Aku berani mananggung hal
itu. Pakailah tanda tanganku untuk digunakan sebagai saksi di
pengadilan. Cibalah mencari sebanyak-banyaknya guru, pendeta
ataupun santri yang berani menjamin surga.
Jelajahilah setiap pesantren kemudian teruskanlah pergi ken
Panaraga, tidak aka nada yang seperti diriku, karena itu wahai
anakku, jangan setengah-tengah kalakukannya. Meskipun harus
comapang-camping, janganlah ragu, dunia ini tidak berarti, yang
dicita-citakan adalah akheratnya.
Ajaran yang lain lagi adalah, setiap pekan adakanlah arena
“tayuban” di rumahmu sendiri. Yang menari kekasihmu, undanglah
para penyanyi, ajaklah pesta agar rukun. Berikanlah hadiah
minuman janwer serta branduwin, kemudian engkau menari.
Belajarlah beramai-ramai, biar para penyanyi mengikuti. Agar
mereka senang akan tarian ronggeng, pasti hebat imbalan yang
engkau peroleh dari Hyang Ijajil, kadangkala surgamu naik ke
gunung Lawu, siapa tahu lama kelamaan engkau diterima menjadi
polisi, berbicara dengan mancingan.
Terkadang engkau menjadi lupa. Dugaanku barangkali benar,
tidak ingat asal-mulanya, kukempit bagaikan kain dagangan, tak
henti kusuapi bagaikan burung. Setelah menemukan kebahagiaan,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

19

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

27.

28.

29.

30.

31.

kemuadian lupa diri, ketika sadar, memanggil-manggil, tetapi
setelah didekati justru tidak menghiraukan, bahkan hanya melihat
penari tandak saja.
Janganlah berlaku demikian, hanya satu pesanku yang harus
engkau ingat yakni, jangan mengingat anak dan istri, bahkan jika
engkau jatuh miskin, ceraikan saja istrimu, jadilah orang yang
mantap, kekasihmu itu kawinilah.
Jika engkau ingat akan anak istri, menandakan engkau belum
mantap pendirianmu, hanya seperti si Naya belaka. Saying sekali
ketampananmu, mempunyai watak serba kerdil, ada yang takut
kena penyakit kotor, kemungkinan bunting, berbantah seperti itu
bukanlah ksatria keturunan Majapahit, takut kena penyakit sipilis.
Ada priyayi yang mengatakan, bahwa memalukan jika seorang
priyayi bertandak, karena hal itu tidak cocok, bahkan jika ke Patuk,
itu juga memalukan. Akan tetapi bagiku (si pemberi ajaran ini)
tidak, bahkan bertambah luhur, karena dapat bersahabat dengan
Belanda, serdadu, Cina, masakan itu dikatakan jelek.
Bahkan bagaikan Raja Klana, ketika jatuh cinta, pengikutnya
bermacam-macam, justru menyedihkan, manakah yang dikatakan
tidak baik? Oleh karena itu aku agak sedikit heran, mengatakan
bahwa nista, bagaimanakah perasaan yang mengatakan hal itu,
aku tidak dapat menduganya.
Barangkali yang takut membuang uang, sehingga mencela
sembarangan, mengatakan memalukan. Itu adalah orang yang
belum mengetahui hokum iblis sehingga mencela. Jangan
sombong, yang ditanggung sanak saudara. Sudahlah jangan
dihiraukan perkataan orang lain, karena toh tidak akan
memberimu surga.
PUPUH II
ASMARADANA

1.
2.

Laksanakan dengan sungguh-sungguh, semua ajaran dari kakek,
yang lebih dapat diandalkan, camkanlah anakku, pasti
menemukan pahala, akan tetapi jangan sampai tersiar.
Jika sampai terdengan orang, akan batallah tapamu, oleh karena
itu agak ke sini, jika engkau ingin mengetahui sedekah yang sejati,
empat buah film.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

20

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
3.

4.
5.

6.
7.

8.
9.
10.
11.

12.

13.

Caranya begini, jika tetanggamu sedang pergi, kadang sedang
menghadap ke istana, saat seperti itulah sangat kebetulan,
bertemulah engkau, berpura-pura belum tahu, bahwa suaminya
tidak ada dirumah.
Bertanyalah dengan perlahan, apakah suaminya ada di rumah,
karena kemarin sudah janjian. Dan dia berpesan, bahwa jika dia
tidak ada di rumah, uang harus diberikan kepada anda.
Apabila dia mau menerima, kebetulan sekali, dengan mudah
tanganya dapat engkau raih, janganlah memilih tempat, kiranya
tidak akan gagal, yang penting tujuan tercapai, sudah masuk
manusia utama.
Akan tetapi ada yang lebih utama lagi yakni, jika engkau sedang
mengabdi, baik berilah syarat, agar lebih tambah disayang,
zinahilah gundiknya, pilihlah yang paling di saying.
Tentu bertambah sayangnya, karena sudah eperasaan, perasaan
yang benar-benar mulai, dan merupakan syarat utama, tetapi hatihati, jangan sampai rumput atau daun mendengar, niscaya akan
gagal tapamu.
Menyamarlah sebagai santri, tetapi hanya berpura-pura saja,
sebab tindakan zina yang engkau lakukan, jika sampai ketahuan,
pasti akan putus lehermu, paling tidak dihukum.
Engkau pasti dipukuli, kemudian diseret ke kejaksaan untuk
kemudian diadili, dihukum di dalam pasar, didera dua puluh kali,
lalu dipenjara selama delapan hari.
Selepas dari penjara, kamu lalu di papah, dibawa ke masjid besar,
di ditu kamu didandani, dimandikan di kolam, beremdam sampai
tengah hari, jika sudah selesai naik ke darat.
Kemudian engkau dirias, rambut bagian belakang dicukur silang,
mukamu diberi gambar aneh, dengan bedak arang kapur sirih,
kemudian disuruh naik kuda kepang dilengkapi dengan tombak,
diiringi Kramaleya.
Meskipun demikian mantapkan hatimu, itu semua hanya cobaan
saja, sakit maupun malu laksanakan saja, sudah biasa dalam
kehidupan, apabila akan menerima anugrah besar, tentu
cobaannya pun hebat.
Bahkan jika golongan satria akan lebih hebat lagi, bila sudah
mantap tekadmu, bahagia bila saat kematian menjelang, mudahmudahan bias mati di waktu melacur, matimu menjadi sabil, itu
orang yang gagah berani.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

21

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
14.
15.
16.

17.

18.

19.

20.

21.

22.

23.

24.

Itu baik untuk ditiru, keberanian yang menyamai orang Belanda,
serdadu dari benteng besar, jika merebut istri tetangga, tidak
memakai perhitungan, lantas ditinju saja, masak kamu akan kalah.
Hidup ini memang susah, jika menjalankan syariat agama,
modalnya harus kuat, tetapi jika tidak melaksanakan surga tidak
akan dicapai, kelak disiksa hantu, perhatikan itu semua.
Orang yang senang menyantri, setiap hari menyembah kepada
Allah, itu adalah calon patung, oleh karenanya jangan didekati, jika
mendengar orang berdoa, kepalamu akan sakit terkadang engkau
pingsan.
Sudahlah tak usah dibicarakan, jika terdengar oleh orang yang
sering berdoa, jika memaki justru membuat perkara baru, iya kalau
sekedar memaki, terkadang sambil membaca doa penangkal,
terasa seperti dipukul, kepala seperti mendapat tamparan.
Memang sulit hidup di dunia ini, bias dikatakan mudah tetapi juga
sukar, coba rasakanlah!! Coba bandingkanlah mana yang lebih
enak orang yang senang sembahyang dengan orang yang senang
bertandak, jika aku lebih suka jatilan.
Walaupun harus menambah uamg, tetapi hati merasa senang.
Orang yang memegang syariat agama, uang hanya merupakan
selawat, zakat untuk “tayuban” tidaklah dianggapa sedekah, tetapi
semua orang merasa senang.
Begitu juga semua yang menonton, pria maupun wanita semua
senang, bahkan turut menari di bawah pohn pisang, si lonte
disuruh berkidung, karena sangat ingin menari, membeli cao
sebagai araknya.
Itu merupakan pertanda, bahwa hal itu memang tindakan utama,
karena menyenangkan hati orang, tidak seperti orang slawatan,
santrinya banyak, tetapi tidak ada yang memperhatikan, jika pun
ada tetapi pasti kecewa.
Brkawan dengan siapapun asalkan bukan dengan santri aku tidak
ambil peduli, pasti tidak cocok, karenanya untuk apa berteman
dengan kaum santri, niscaya justru engkau ditertawakan,
dikatakan sedikit agak gila.
Akan tetapi jangan sakit hatiseandainya dicela orang banyak, jika
berani pukul saja, apabila dikroyok mengamuklah, demikian
tindakan
orang
yang
gagah
berani,
tidak
dengan
sembunyi\sembunyi, seperti bukan keturunan Pandawa.
Jika pada suatu saat engkau duduk bersama dengan orang
banyak, kemudian ada yang mengolokmu, meskilah dia, apabila
dia berani membalas, jangan