PASINAON NYEKAR SEKAR MACAPAT GAMBUH (Studi Kasus ing Kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT Tahun Pasinaon 20152016) TESIS Kangge Hajangkepi Saperangan Syarat Anggayuh Drajat Magister Program Studi Pendidikan Bahasa

PASINAON NYEKAR SEKAR MACAPAT GAMBUH

  

(Studi Kasus ing Kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT

Tahun Pasinaon 2015/2016)

TESIS

Kangge Hajangkepi Saperangan Syarat Anggayuh

  

Drajat Magister Program Studi Pendidikan Bahasa

Kaanggit dening

AMIN WIDODO

  

N I M : 14PS0164

PROGRAM PASCASARJANA

UNIVERSITAS WIDYA DHARMA KLATEN

  

2016

  

MOTTO

  Titikane trahing ngawirya, solah tingkah kang tata Titikane aluhur, alusing bebuden lan legawaning ati Titikane wong kang putus ngelmu, basa kang bisa gawe tentrem lan bungahing liyan ( Prabu Jayabaya )

  Kautamane wong kang nduweni ilmu dibanding wong kang ora nduweni ilmu, koyo dene kautamane bulan kang ngalahake maewu-ewu lintang. Lan saktemene wong kang golek ilmu disuwunake pangapuro marang Gusti Allaah dening sekabehe titah kang ana ing bumi lan langit, kalebu iwak kang ana ing sajroning banyu ( Ibnu Majah)

  Gusti Allah kepareng ngangkat drajat kanggone wong-wong kang iman lan wong- wong kang nduweni ilmu (QS. AL MUJADALAH : 11)

  

PISUNGSUNG

  Tesis punika kula pisungsungaken dhateng : 1.

  Tiyang sepuh kula, kekalihipun bebasan obor kang tansah paring pepajar nalika kula pinanggih ruwet rentenging gesang.

  2. Mara sepuh kula kekalih ingkang tansah paring panjurung miwah pandonga .

  3. YUNI ROMAWATI, SE. sisihan gesang kula, ingkang tansah setya tuhu sesarengan lelumban ing madyaning samodraning bebrayan agung.

  4. Anak-anaku kang pindha PRATIMO KENCONO, wohing katresnanku kang kinarya rerengganing bale wismo.

  5. Keluarga ageng SMKN 1 ROTA BAYAT ingkang tansah paring panjurung lan pambyantu nyekapaken panaliten lan panyerating tesis punika

ATUR PANGLANTAR

  Puji syukur tansah konjuk wonten Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Paring ingkang sampun kepareng tansah paring sih nugraha dhateng panyerat , kacihna panyerat saged nyekapaken tesis kanthi irah- irahan “Pasinaon Nyekar Sekar Macapat Gambuh (Studi Kasus ing Kelas X1 Tekstil 1 Semester Ganep SMKN 1 ROTA BAYAT Tah un Pasinaon 2015/2016)”. Tesis punika minangka salah satunggaling syarat kagem nyekapaken sinau wonten ing Program Magister Pendidikan Bahasa Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten.

  Tesis punika saged kawujud awit saking panuntun, panjurung, pambyantu lan panyaruwe sedaya pehak. Awit saking punika, kanthi andhap ashoring raos panyerat ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, katur dhumateng :

  1. Bapak Prof. Dr. Triyono, M.Pd. Rektor Universitas Widya Dharma Klaten ingkang sampun kepareng paring fasilitas.

  2. Prof. Dr. H.J. Waluyo, M.Pd. minangka Direktur Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Kalten ingkang sampun paring idipalilah dhateng panaliti kagem nindakaken panaliten.

  3. Dr. Dwi Bambang Putut Setyadi, M.Hum. minangka Pangarsa Program Studi Pendidikan Bahasa, Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten saha minangka dosen pamong II; ingkang sampun kepareng paring pitutur kanthi kebak ing kawicakasanan sahengga panyerat saget nyekapaken panyerating tesis punika.

  4. Dr. H. Basuki, M.M. minangka dosen pamong I ingkang tansah paring wewarah saha panjurung kanthi kebak ing raos kawicaksanan sahengga pannyerat saget nyekapaken panyerating tesis punika.

5. Agus Supriyanta, S.Pd. M.Pd. minangka pangarsa SMKN 1 ROTA

  BAYAT ingkang sampun kepareng paring palilah dhateng panaliti ngawontenaken panaliten.

  6. Slamet Paryudi, S.Pd. dwijo Basa Jawi SMKN 1 ROTA BAYAT ingkang tansah paring pambyantu dhateng panaliti awujud dhata panaliten.

  7. Komsatiningrum, S.Pd ingkang kanthi tulusing manah tansah ngulungaken astanipun nalika kula asesambat. Kesaenan panjenengan saestu tansah cinathet lan sinimpen rapet wonten ing telenging ati .

  8. Sedaya pehak ingkang mboten saged panaliti sebataken setunggal mbaka setunggal ingkang sampun paring pasumbang awujud pengalihan murih lancar miwah gangsaripun panaliten lan panyerating tesis punika. Awit saking sedaya pambyantunipun, panyerat mboten saged ngaturaken piwales. Sedaya kesaenan hamung kasumanggakaken dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung sinartan panyuwun mugi sedaya kesaenanipun pikantuk piwalesing Gusti ingkang matikel-tikel.

  Klaten, Oktober 2016 Panyerat

DAFTAR ISI

  Hal

  IRAH- i

  IRAHAN ………………………………………………………… ii PASARUJUKAN ……............................................................................. iii

  PENGESAHAN ………………………………………………………… PRATELAN iv …………………………………………………………….. MOTTO v …………………………………………………………………. PISUNGSUNG vi ………………………………………………………….. ATUR PANGLANTAR vii

  ………………………………………………… DAFTAR ISI ix ……………………………………………………………. DAFTAR LAMPIRAN xi ………………………………………………….

  INTISARI xii ………………………………………………………………..

  ABSTRAK xiii ……………………………………………………………….

  ABSTRACT xiv ……………………………………………………………..

  1 BAB I PURWAKA ……………………………………………… A.

  1 Lelarahaning Perkawis ……………………………………………….

  B.

  5 Idhentitasing Prakawis ……………………………………………….

  C.

  5 Rumusaning Prakawis ………………………………………………..

  D.

  6 Ancasing Panaliten …………………………………………………… E.

  6 Mumpangating Panaliten ……………………………………………..

  BAB II LANDESAN TEORI, PANALITEN INGKANG GAYUT LAN RAGANGAN PAMIKIR .................................................

  7 A.

  7 Lambaran Teori …………………………………………………….

  B.

  28 Panaliten Ingkang Gayut ..................................................................

  C.

  29 Ragangan Pamikir …………………………………………………..

BAB III METODOLOGI PANALITEN

  31 ……………………………...

  A.

  31 Objek, Papan lan Wekdal Panaliten ………………………………….

  B.

  32 Wujud lan Strategi Panaliten ………………………………………… C.

  32 Jinising Dhata lan Sumbering Dhata ………………………………… D.

  33 Teknik Ngempalaken Dhata ………………………………………….

  E.

  43 Validitas Dhata ……………………………………………………….

  F.

  44 Teknik Analisis Dhata ……………..…………………........................

  BAB IV ASILING ANALISIS SAHA PANGONCEKIPUN DHATA

  51 A.

  51 Asiling Analisis ……………………………………………………….

  1.

  53 Rancangan Pasinaon ……………………………………………...

  2.

  53 Caranipun Pikantuk Pratelan Identitas Dhata …………………….

  3.

  55 Pratelan Idhentitas Data (PID) ing Panaliten……………………...

  4.

  62 Caranipun Pikantuk Unit Dhata Utama (Udhaut) ………………...

  5.

  63 Unit Dhata Utama (Udhaut) ing Panaliten ………………………..

  B.

  69 Pangoncekipun ………………………………………………………..

  C.

  186 Rangkuman …………………………………………………………...

  BAB V PANUTUP

  191 ……………………………………………………...

  A.

  191 Dudutan ……………………………………………………………….

  B.

  193 Saran ………………………………………………………………….

  DAFTAR PUSTAKA

  195 …………………………………………………...

  

LAMPIRAN-LAMPIRAN ...................................................................... 197

  

ABSTRAK

AMIN WIDODO, 14 PSC01604, 2016. Pasinaon Nyekar Sekar

Macapat Gambuh (Studi Kasus Ing Kelas XI Tekstil 1 Semester Ganep

SMKN 1 ROTA BAYAT Taun Pasinaon 2016/2016). Tesis : Program

Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten.

Rumusan masalah penelitian ini adalah (1) Bagaimana pelaksanaan

  pembelajaran nyekar macapat Gambuh di kelas XI Tekstil 1 semester genap SMKN 1 ROTA BAYAT taun pelajaran 2015/2016 berlangsung sebagaimana yang terjadi ketika observasi dilakukan.

  Landasan teori dalam penelitian ini : teori pembelajaran, masalah-masalah yang mempengaruhi pembelajaran, pembelajaran tembang macapat, pengertian tembang macapat, teori nembang macapat, aturan nembang macapat, stretegi pembelajara, metode pembelajaran, materi pembelajaran, media/alat pembelajaran. Metode yang digunakan adalah metode penelitian kualitatif deskriptif dengan pendekatan studi kasus pada pembelajaran nembang macapat di kelas XI Tekstil 1 semester genap SMKN 1 ROTA BAYAT tahun pelajaran 2015/2016. Pernyataan Identitas Dhata (PID) diperoleh dari hasil observasi dengan cara merekam . Hasil rekaman selanjutnya ditekstualisasi dalam bentuk multikolom yang terdiri atas tapak-tapak jejaring (tajering). Setiap tajering mengandung satu tema yang selanjutnya disebut PID. Dalam penelitian ini terdapat 63 PID, kemudian direduksi menjadi 57 Unit Data Utama (Udaut). Udaut ini selanjutnya dibahas dan dikaji. Pembahasan menyangkut aspek guru, siswa, materi, metode, dan evaluasi.

  

Berdasarkan analisis data, dapat disimpulkan (1) pelaksanaan pembelajaran

  nyekar macapat Gambuh : (a) guru tidak memberikan contoh nembang yang benar ketika siswa salah dalam menirukan nembang. (b) metode yang digunakan beraneka macam, yaitu : metode permainan, metode diskusi, metode demonstrasi, dan metode tanya jawab. (c) media dan alat yang digunakan ketika pembelajaran ialah pesawat dari kertas,buku LKS, laptop dan LCD. (d) guru melakukan penilaian, dengan cara mengamati satu persatu siswa ketika nembang bersama, dan dikuatkan ketika siswa nembang di depan kelas. (e) siswa dalam melantunkan tembang masih kurang menguasai titi laras . (2) Penyebab pelaksanaan pembelajaran nyekar macapat gambuh terlaksana : (a) guru kurang menguasai titi laras tembang macapat. (b) variasi metode yang digunakan memperlancar pembelajaran dan mempermudah mencapai tujuan. (c) alat dan media yang digunakan memperlancar pelaksanaan pembelajaran. (d) mengamati satu persatu siswa penilaian dirasa lebih valid. (e) guru kurang memberikan tanggapan ketika siswa salah dalam melantunkan tembang macapat gambuh.

  Kata kunci : Pembelajaran Nyekar Sekar Macapat Gambuh Penelitian Studi Kasus.

  

ABSTRACT

Amin Widodo, 14PSC01604, 2016. Pasinaon Nyekar Sekar Macapat

Gambuh (Studi Kasus Ing Kelas XI Tekstil 1 Semester Ganep SMKN 1

ROTA BAYAT Taun Pasinaoan 205/2016). Thesis : Graduate Program of

Widya Dharma University Klaten.

The research problem are, (1) How does the implementation of learning

  nyekar sekar macapat Gambuh in class XI Tekstil 1 of SMKN 1 ROTA BAYAT in even semester of 2015/2016 academic year, and (2) What causes learning nembang macapat Gambuh in class XI Tekstil of SMKN 1 ROTA BAYAT in even semester of 2015/2016 academic year took place as is the case when the observation carried out. Theoretical basis of this research : theories of learning, issues that affect learning, learning macapat, understanding macapat, theory of nembang macapat, rules of nembang macapat, learning strategy, teaching methods, laerning materials, media/learning tools. The method used in this research in descriptive qualitative research method with a case study approach to nyekar macapat gambuh in class XI Tekstil 1 of SMKN 1 ROTA BAYAT in even semester of 2015/2016 academic year. Statement of Identity Data obtained from observations by recording. Recording results is further illustrated in the form of several multicolumns networking site. Each site contains a network composed the Identity Statement Data. In this study, there are 63 Statement of Identity Data, later reduced to 57 Primary Data Unit. The unit is then discussed and reviewed. This discussions of aspects of teachers, students, materials, methods, and evaluation. Based on the data analysis, it is concluded (1) the implementation of learning nyekar sekar Macapat : (a) teachers do not correct examples of nyekar macapat when one of the students get wrong in imitating the song, (b) the use of various method such as game, discussion, in demonstration, as well as question and answer method, (c) media and equipment used when performing learning is a plane of the paper, LKS books, laptop and LCD, (d) the assessment done by observing one by one student when sing together and the assessment being strengthened when students sing in front of the class, (e) students in singing macapat still have lack of control of titi laras . (2) the causes of learning implementation in macapat are : (a) taecher think when doing apperception they will have insufficient time, (b) using a variety of methods, learning objectives will be easily achieved, (c) using tool and some kinds of media also facilitate the learning, (d) by observing one by one, the assessment would be considered more valid, (e) teacher give less respond when students get wrong in nyekar macapat, because teacher fells lack of control in nyekar macapat. Keywords : Learning of nyekar macapat Research of case study

  1

BAB I PURWAKA A. Lelarahaning Prakawis Pasinaon basa Jawi nyakup sekawan ketrampilan inggih punika

  ketrampilan nyemak, ketrampilan micara, ketrampilan maos lan ketrampilan nyerat. Ing antawisipun sekawan ketrampilan kasebat setunggal lan setunggalipun tansah wonten sesambetanipun, saengga ing pasinaon basa Jawi dipunajab siswa saged pikantuk ketrampilan ingkang dipunprelokaken ing salebeting panggesangan. Siswa dipunajab saged nuntasaken kompetensi-kompetensi ingkang sampun dipuntetepaken ing pasinaon.

  Ketrampilan maos mujudaken ketrampilan basa ingkang kedah dipunwucalaken dhumateng siswa. Salah satunggaling ketrampilan maos kasebat inggihpunika nyekar sekar macapat. Kompetensi Dhasar punika kedah dipunwucalaken ing saben tataran kelas. Kompetensi Dasar nyekar sekar macapat punika dipunwucalaken ing tataran kelas X, XI lan kelas XII.

  Kompetensi dasar punika prelu dipundamel langkung wiyar lan langkung inggil malih, kanthi cara asring latihan nyekar sekar macapat. Nyekar mboten namung waton nyekar ananging mawi paugeraning nyekar ingkang leres utawi saderengipun nyekar kedah maos titilarasipun langkung rumiyin nembe dipunsekaraken adhedhasar titilarasipun.

  2

  Inggih saking katerangan kasebat, saderengipun nemtokaken lokasi utawi papan panaliten, panaliti langkung rumiyin nindakaken observasi dhateng sekolah ingkang badhe kagem panaliten, inggih punika SMKN 1 ROTA BAYAT. Sasampunipun nindakaken observasi langsung sawatawis, panaliti milih ngawontenaken panaliten ing SMKN 1 ROTA BAYAT ingkang mujudaken sekolah ingkang tasih mudha. Panaliti badhe nggambaraken pasinaon nyekar sekar macapat gambuh wonten ing SMKN 1 ROTA BAYAT. Wonten ing pasinaon basa Jawi, pendekatan ingkang dipunginakaken inggih punika pendekatan komunikatif ingkang nengenaken kawasisan basa lan fungsi basa saengga saged mbyantu guru ngetrapaken praktik sekawan ketrampilan basa (nyemak, wicara, maos lan nyerat) kanthi sae.

  Wonten ing kurikulum muatan lokal basa Jawi dipunsebataken bilih kangge ningkataken mutu pendhidhikan ing Jawi Tengah, utaminipun kangge ngrekadaya nanemaken budi pekerti lan nguwasani basa Jawi tumrap siswa SD, SMP lan SMA/SMK negeri punapa dene swasta kedah nindakaken kurikulum mata pelajaran basa Jawi.

  Nyekar macapat mujudaken salah satunggaling kompetensi dasar “Membaca Indah” ingkang saben semesteripun wonten ing sedaya tataran kelas.

  Nyekar sekar macapat prelu pikantuk kawigatosaning kanglangkung ageng malih, awit kompetensi punika panci dipunraosaken saperangan siswa radi kangelan.

  Saperangan siswa wonten ingkang mboten saged nyekar sekar macapat kanthi leres, ananging wonten ugi siswa ingkang saged utawi wasis nyekar macapat, sanajan gunggungipun mboten kathah.

  3

  Wontening siswa ingkang mboten saged nyekar macapat punika mboten namung lepating siswa, ananging ugi saking kekiranganipun guru anggenipun maringi piwucal kanthi lebet amargi kirangipun wekdal kangge maringi piwucal kasebat. Guru asring mboten ngginakaken titilaras nalika maringi piwucal nyekar, amargi saking kiranging seserepan guru bab titlaras, kiranging wekdal manawi kedah maringaken titilarasipun. Bab punika saged dipunmangertosi awit pelajaran basa Jawi namung pikantuk jatah wekdal 2 (kalih) jam pelajaran saben minggunipun, kamangka bahan wucalanipun kathah inkang kedah dipunwucalaken dhateng para siswa.

  Nalika wekdal ngaso, kapireng saperangan siswa nyekar sekar pop, dene sekar macapat mboten kapireng, anggenipun siswa nyekar gumyak sanget malah sinambi thuthukan meja. Punika mujudaken kasunyatan bilih para siswa sakalangkung gampil ngapalaken tembang pop katimbang sekar macapat. Bab punika saged dipunmangertosi, awit tembang-tembang pop asring kapireng ing media elektronik, wondene tembang macapat prasasat mboten kapireng liwat medhia elektronik.

  Pasinaon “Membaca Indah” kaperang dados kalih perangan inggih punika geguritan lan nyekar macapat. Pasinaon nyekar macapat manut silabus lan wonten ing Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP), siswa kelas X, XI lan XII namung pikantuk jatah wekdal 2 (kalih) jam pelajaran saben minggunipun. Punika njalari sekar macapat mboten asring kapireng ing pasinaon mata pelajaran basa Jawi, amargi sasanesipun nyekar ugi kedah nyinaoni teorinipun macapat.

  4

  Pasinaon nyekar sekar macapat kirang saged kasil kanthi sae utawi trep kados ingkang dipunkajengaken.Wondene ingkang njalari kedadosan punika wonten pinten-pinten werni, jalaran saking siswa piyambak, ugi saking gurunipun. Siswa kirang nggatosaken pasinaon nyekar sekar macapat awit sampun nggadhahi raos mboten saged utawi panci kualitasipun swanten ingkang kirang pas. Dene sebab ingkang saking guru ing antawisipun bilih guru kirang seserepan bab titilaras saengga nalika maringi piwucal lanjeng dhateng cakepanipun, mboten maringi dedolanan grambyangan titilaras rumiyin. Kirang kasilipun pasinaon nyekar saking amargi guru kirang saged ndudut manahing siswa,saengga siswa nggadhahi raos jeleh lajeng kirang nggatosaken piwucal nyekar macapat. Pramila dwijo basa jawi kedah nggadhahi metode ingkang warni-warni utawi variatif.

  Adhedhasar prakawis-prakawis ingkang kaaturaken kasebat, panaliti nggadhahi ancas njingglengi lampahing pasinaon basa Jawi mliginipun ing Kompetensi Dasar Nyekar Sekar Macapat. Kanthi makaten, panaliti saged mangertosi punapa ingkang dados prakawis-prakawis ing salebeting pasinaon punika salajengipun saged dados penggalihan lan tundhonipun saged kangge ngawekani prakawis ingkang sami, mliginipun kagem panaliti piyambak lan guru basa Jawi ing pundi papan; satemah pasinaon nyekar sekar macapat saged kasil kanthi sae. Wondene irah-irahan panaliten punika PASINAON NYEKAR

  

SEKAR MACAPAT GAMBUH (Studi Kasus ing Kelas XI Tekstil 1 SMKN 1

ROTA BAYAT Tahun Pelajaran 2015/2016)

  5

B. Idhentitasing Prakawis

  Saking katerangan ing pancadaning rembag, saged dipuntintingi bilih prakawis pasinaon nyekar sekar macapat Gambuh ing kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT, tahun Pelajaran 2015/2016 kados ingkang kaaturaken punika: 1.

  Taksih kirangipun seserepan guru ing babagan titilaras, saengga nalika paring piwucal asring namung cakepanipun.

  2. Kirang variatifipun teknik, metodhe lan pirantosing pasinaon, saengga kirang ndudut manahing siswa ing pasinaon nyekar sekar macapat.

  3. Cumpenipun wekdal ingkang kacawisaken saengga guru kirang saged ngrembakaaken evaluasi maos titilaras lan nyekar ing pasinaon.

  4. Kiranging kawigatosaning siswa dhumateng pasinaon nyekar macapat saengga kasiling pasinaon mboten maremaken.

  Sedaya prakawis ingkang sampun kaaturaken dipunteliti ing panaliten punika.

C. Rumusaning prakawis

  Adhedhasar idhentitasing prakawis kasebat, pramila saged dipunrumusaken prakawisipun kados makaten:

  1. Kados pundi lampahing pasinaon nyekar sekar macapat gambuh wonten ing kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT?

  2. Prakawis punapa ingkang nyebabaken pasinaon nyekar sekar macapat gambuh wonten ing kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT kalaksanakaken kadosdene ingkang kasumerepan nalika katindakaken

  observasi ?

  6 D. Ancasing Panaliten

  Panaliten punika nggadhahi ancas kangge: 1.

  Mangertosi lampahing pasinaon nyekar sekar macapat gambuh wonten ing kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT.

  2. Mangertosi sebab musababipun pasinaon nyekar sekar macapat gambuh siswa kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT kalaksanakaken kadosdene ingkang saged dipuntingali nalika observasi katindakaken.

  E. Mumpangating Panaliten 1.

  Panaliten punika saged kangge garan wontening pasinaon nyekar sekar macapat.

  2. Tumrap guru mulok, mliginipun guru basa Jawi ing SMK saged sakalangkung mangertosi, paham metodhe lan medhia ingkang trep sarto saged dipunginakaken minangka tetimbangan nalika nindakaken pasinaon basa Jawi, mliginipun pasinaon nyekar sekar macapat.

  3. Tumrap panaliti sanes, asiling panaliten punika saged dipunginakaken kangge dasar panaliten ingkang gayut.

  4. Tumrap Kepala Sekolah SMKN 1 ROTA BAYAT, asil panaliten punika saged dipunginakaken kangge umpan balik lan minangka dasar nalika Kepala Sekolah paring sesuluh dhumateng guru basa Jawi.

  5. Tumrap siswa, asiling panaliten punika saged kangge hamimbuhi sakalangkung greged ndherek dhateng pasinaon.

  191

  BAB V PANUTUP A. Dudutan Adhedhasar pangonceking dhata ing bab IV, ing ngriki saged dipun

  aturaken dudutan dudutan panaliten : 1.

  Pasinaon nyekar sekar macapat gambuh wonten ing kelas XI TEKTIL 1 smkn 1 ROTA BAYAT Semester ganep tahun pasinaon 2015/2016 saged kaleksanan kanthi sae senadyan wonten sawetawis kekirangan. Wondene kekiranganipun : a.

  Guru ngadani pasinaon mboten kawiwitan apersepsi b.

  Guru mboten paring andharan bab titi laras ugi mboten paring tuladha maos titi laras tembang ingkang badhe dipunsekaraken.

  c.

  Evaluasi utawi pambijen ingkang katindakaken mboten jumbuh kaliyan ancasing pasinaon ingkang kapacak wonten ing RPP.

  2. Prakawis – prakawis ingkang nyebabaken pasinaon nyekar sekar macapat gambuh wonten ing kelas XI Tektil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT tahun pasinaon 2015/2016 kaleksanan kados ingkang kawistingal nalika observasi : a.

  Guru kirang nguwaosi bab titi laras b.

  Guru paring pasinaon kanthi metodhe tanya jawab, dolanan, diskusi lan demonstrasi.

  192

  c.

  Guru ngginakaken media utawi piranti pasinaon buku LKS, laptop, LCD lan papan tulis.

  d.

  Materi ingkang dipunwucalaken nyekar macapat gambuh.

  e.

  Guru anggenipun nindakaken evaluasi kirang jumbuh kaliyan ancasing pasinaon ingkang kapacak wonten ing RPP.

B. Implikasi

   Adhedasar pangonceking dhata lan kasunyatan ingkang

  kasumerepan nalika panaliti ngadani observasi saget dipunaturaken

  implikasi : 1.

  Salebeting pasinaon nyekar sekar macapat gambuh, prayogi guru ngawiti kanthi apersepsi. Apersepsi punika kawawas wigati tumraping pasinaon. Wigatosing apersepsi ngajak para siswa siyaga nampi materi ingkang badhe kababar dening guru.

  2. Guru kedah kersa paring katerangan titi laras sekar ingkang badhe dipunsekaraken. Kanthi dipunawiti paring katerangan titi laras kaajab siswa langkung gampil angenipun nembang, amargi paugeran nyekar salah setunggalipun inggih kedah mangertosi titi larasipun tembang.

  3. Evaluasi utawi pambijen prayogi kajumbuhaken kaliyan ancasing pasinaon . Kanthi jumbuhipun pambijen kaliyan ancasing pasinaon saget dipunmangertosi sepinten ancas pasinaon saget kagayuh.

  193

C. Saran

   Jumbuh kaliyan dudutan asiling panaliten babagan pasinaon

  nembang macapat Gambuh ing kelas XI Tekstil 1 SMKN 1 ROTA BAYAT, saged kaaturaken saran kados kasebat ing ngandhap : 1.

  Katur guru basa jawi SMK a. Prayogi nambah wawasan bab titi laras, sahengga nalika paring pasinaon nembang saged ngleresaken dhateng para siswa.

  b.

  Prayogi nindakaken apersepsi sakderengipun miwiti pasinaon, supados siswa langkung sawega ing diri nampi pasinaon.

  c.

  Prayogi nambah seserepan babagan strategi pasinaon.

  d.

  Evaluasi dipuncawisaken sak sae –saeniupun, kajumbuhaken kaliyan ancasing pasinaon.

  e.

  RPP ingkang sampun kadamel saestu dipundadosaken cepengan lan dipun tindakaken saklaminipun nindakaken pasinaon murih pinanggih ancasing pasinaon.

2. Katur Kepala Sekolah a.

  Paring sesuluh dhateng guru kanthi ajeg supados guru pikantuk seserepan lan kaweruh saengga guru saged nindakaken pasinaon langkung sae.

  194

  b.

  Paring kalonggaran dhateng guru kangge nambah kaweruh kanthi ndherek seminar, lokakarya utawi pelatihan pelatihan supados guru langkung wiyar seserepanipun lan wegig ing babagan pasinaon.

  c.

  Paring papan tumrap siswa kangge tepang lan gegladen kabudayan jawi mliginipun nembang macapat.

3. Kangge tiyang sepuh/wali siswa a.

  Tansah nggatosaken putra-putrinipun anggenipun sinau budaya jawi mliginipun nembang macapat.

  b.

  Kersa sesambetan kaliyan sekolah utawi sanggar-sanggar budaya jawi saperlu kangge mbudidaya supados putranipun wasis nembang macapat.

  195

  195

DAFTAR PUSTAKA

  Anifah, Sri. 2008. Media Pembelajaran. Surakarta:Panitia Sertifikasi Guru Rayon 13. Budimansyah, Dasim. 2007. Model Pembelajaran Sosiologi. Bandung : PT Genesindo. Danim, Sudarwan. 2002. Inovasi Pendidikan dalam Upaya Peningkatan

Profesional Tenaga Kependidikan . Bandung : CV. Pustaka Setia.

Fathkurrohman, Pupuh, Sobry Sutikno. Strategi Belajar Mengajar. Bandung : PT

  Fefika Aditama Hamalik, Oemar. 2001. Proses Belajar Mengajar. Bandung : Bumi Aksara.

  Moleong, Lexy J. 2008. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung : PT Remaja Rosdakarya. Nurgiantoro, Burhan. 2010. Penelitian Pembelajaran Bahasa Berbasis Kompetensi . Yogyakarta : BPFE. Palgunadi, Bram. 2002. Serat Kandha Karawitan Jawi. Bandung : ITB. Putut Setiyadi, DB. 2012. Kajian waca Tembang Macapat. Yogyakarta : Media Perkasa. Siswoyo, Dwi. 2008. Ilmu Pendidikan. Yogyakarta : UNY Press. Sudjana, Nana. 1987. Dasar-Dasar Proses belajar Mengajar. Bandung : Sinar Baru Algensindo. Sugihartono,dkk. 2007. Psikologi Pendidikan. Yogyakarta : UNY Press. Sugiyono. 2007. Metode Penelitian Kuantitatif Kualitatif dan R&D. Bandung : Alfabeta. Sulanjari, Bambang. 2011. Pasinaon Maca Titi Laras. Semarang : Panitia workshop Muatan Lokal Basa Jawa. Sumarsam. 2003. Gamelan Interaksi Budaya dan Perkembangan Musikal di . Yogyakarta : Pustaka Pelajar.

  Jawa Susantina, Sukatmi. 2009. Tembang Macapat. Yogyakarta : Panji Pustaka.

  Sutopo, H.R. 2006. Metodologi Penelitian Kualitatif. Surakarta : Universitas Sebelas Maret Surakarta.

  196

  Suwarna. 2007. Medhia Sekar Macapat. Yogyakarta : Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta. Syamsudin, Vismaia S, Damayanti. 2009. Metode penelitian pendidikan Bahasa.

  Bandung : PT Remaja Rosdakarya.

Dokumen yang terkait

Perancangan Media Pembelajaran Bahasa Inggris Tingkat SD Kelas 1 Studi Kasus Madrasah Ibtidaiyah Idris Asadul Usud Cimahi

0 9 85

PENGALAMAN TERBAIK (BEST PRACTICE) MEMBENTUK MANUSIA UNGGUL DAN BERKARAKTER MELALUI PROGRAM MANAJEMEN KESISWAAN DI SMKN 3 KENDAL TESIS Diajukan kepada Program Pascasarjana Magister Manajemen Pendidikan Untuk Memperoleh Gelar Magister Manajemen

0 0 17

KOMUNIKASI MANAJERIAL KEPALA MADRASAH DAN GURU DALAM PENGELOLAAN PENDIDIKAN (Studi Kasus Komunikasi Pendidikan di MAN Sampit) TESIS Diajukan untuk Melengkapi dan Memenuhi Sebagian Syarat Memperoleh Gelar Magister Pendidikan Islam (M.Pd.I)

0 0 16

Program Studi S1 Pendidikan Bahasa Jerman

0 1 35

Program Studi S1 Pendidikan Bahasa Jepang

0 4 53

Program Studi S1 Pendidikan Bahasa Daerah

0 0 58

Program Studi S1 Pendidikan Bahasa Mandarin

0 3 40

CURIOSITY, PEMANFAATAN TEKNOLOGI, DAN OPTIMISME MENGHADAPI MASA DEPAN (Studi Kasus Kelas XI Bahasa MAN 1 Kabupaten Magelang Tahun 2016) SKRIPSI Diajukan untuk Memenuhi Kewajiban dan Melengkapi Syarat guna Memperoleh Gelar Sarjana Pendidikan (S.Pd.)

0 1 154

METAKOGNISI DALAM PENULISAN ARTIKEL ILMIAH MAHASISWA PENDIDIKAN BAHASA INDONESIA PROGRAM PASCASARJANA FKIP UNS TESIS Disusun untuk Memenuhi Sebagian Persyaratan Mencapai Derajat Magister Program Studi Pendidikan Bahasa Indonesia

0 3 10

IMPLEMENTASI PEMBELAJARAN BAHASA JAWA BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER DALAM KURIKULUM 2013 (Studi Kasus pada Siswa Kelas I di SD Al Firdaus Surakarta) TESIS Disusun Untuk Memenuhi Sebagian Persyaratan Mencapai Derajat Magister Program Studi Pendidikan Bahasa

0 0 17