Perbandingan Bahasa Nusantara yang digunakan (1)

PURWAKANING ATUR

Alhamdulillah Wasyukurilah, mugi katur dhumateng Gusti Allah S.W.T
ingkang sampun pinaring rahmat, hidayah, lan Inayahipun saengga kula saged
ngrampungaken tugas mata kuliah Perbandingan Bahasa Nusantara kanthi nyusun
Rangkuman “ PERBANDINGAN BAHASA NUSANTARA ”.
Kula ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak Ahmad Iskak
S.Pd.,M.Pd minangka Dosen Mata kuliah Perbandingan Bahasa Nusantara lan
pembimbing kula salebeting damel Rangkuman. Rangkuman Perbandingan
Bahasa Nusantara punika Kula susun kanthi maksud kangge dadosaken bahan
renungan supados saged nyinau bahasa Nusantara kanthi gampil.
Tiada Gading yang Tak Retak, Kasempurnaning kuwasaning Gusti Allah
SWT, lan kekirangan ing jiwa kula, bilih salebeting panyeratan punika wonten
kalepatan kula nyuwun pangapunten. Kritik lan saran ingkang mbangun kula
tuwuhaken kangge para pamaos .
Dening Gusti Allah kula nyembah lan mohon pitulunganipun. Mugi -mugi
usaha kula senantiyasa pikantuk berkah lan keridhoanipun. Amin.

Panyusun,

Fitri Nurwijayanti


PRATELAN ISI

PURWAKANING ATUR................................................................................. i
PRATELAN ISI................................................................................................ii
I.

II.

BASA LAN RUMPUN BASA
A. Basa Alami dan Buatan..........................................................................
B. Basa lan Pepanthanipun..........................................................................
C. Rumpun Bahasa.....................................................................................
RUMPUN BASA AUSTRIS
A. Panrembakaning Ilmu Basa....................................................................
B. Perluasan Basa Sasaran..........................................................................
C. Nemtokaken Hubungan Kekeluargaan......................................................

III.


BASA NUSANTARA
A. Fonem..................................................................................................
B. Suku Kata..............................................................................................

IV.

AKAR TEMBUNG LAN TEMBUNG LINGGA
A. Ciri-Cirining Akar Tembung....................................................................
B. Pembentukan Akar Kata..........................................................................
C. Gejala-gejala lain dalam Akar Kata lan Kata Dasar................................

V.

TEMBUNG-TEMBUNG

BASA

INDHONESIA

LAN


BASA

NUSANTARA
A. Nami wilangan......................................................................................
B. Nami Kewan.........................................................................................
C. Nami Organ .........................................................................................
D. Hubungan Kekeluargaan lan Kata Ganti Orang.........................................
E. Tembung Kriya......................................................................................
F. Tembung Kahanan..................................................................................
G. Nami barang alam...................................................................................
VI.

BASA KETURUNAN BASA NUSANTARA
A. Basa ing Wilayah RI
1. Basa Indhonesia..............................................................................
2. Basa Minangkabau...........................................................................
3. Basa Jawa.......................................................................................
4. Basa Bali.........................................................................................
5. Basa Batak......................................................................................


6. Basa Bima........................................................................................
7. Basa Mandar....................................................................................
B. Basa ing Sajawining RI
1. Basa Malagasi...................................................................................
2. Basa Tagalog.....................................................................................
3. Basa Taiwan......................................................................................
DAFTAR PUSTAKA

RANGKUMAN
Perbandingan Bahasa Nusantara

Dosen Pengampu : Ahmad Iskak S.Pd.,M.Pd

Dening

:

Fitri Nurwijayanti
10430040

7-D

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2012

BAB I
BASA LAN RUMPUN BASA
Saben tiyang ingkang normal salebeting pagesangan saben dintenipun
migunakaken basa. Piyambakipun numindakaken komunikasi kaliyan anggota
masyarakat kaliyan basa inggih punika arupi basa lisan.
A. BASA ALAMI LAN BASA DAMELAN (BUATAN)
a. Basa Alami
Basa Alami inggih punika basa ingkang wonten begitu saja, boten
wonten ingkang mangertos wiwit kapan wontenipun, wonten pundi
kalampah kangge kaping satunggalipun, lan sinten pangriptanipun.
Tuladha basa Alami inggih punika basa Indonesia, basa inggris, basa
Arab, basa Jepang, lsp.
b. Basa Damelan (Buatan)


Basa Damelan inggih punika basa ingkang wonten mangertos
wiwit kapan wontenipun, wonten pundi kalampah kaping satunggalipun
dipunginakaken,lan sinten pangriptanipun. Tuladhanipun ingih punika
basa Esperanto, Ido, Volapuk, lsp.
Basa Esperanto karipta dening Dr. L.L Zamenhof ing Polandia ing
abad kaping XIX warsa 1887.
B. BASA LAN PEPANTHANIPUN
Pepanthan basa kathah ingkang gadhah persamaan antawis satunggal
kaliyan sanesipun. Pepanthan basa punika benten kaliyan pepanthan basa
sanesipun, ingkang ugi ngandhut kathah persamaan antawis sesaminipun.
Pepanthann adedhasar kemiripaan, kadosta:
 Tembung “Empat”
Bahasa Indonesia empat, basa Jawa papat, basa Sunda opat, basa
Minangkabau ampek, basa Madura empa’.
 Wilangan “Tiga”
Basa Inggris three, basa Belanda drie, basa Jerman drei, basa
Perancis trois.
Pikantuk persamaan kaliyan perbedaan salebeting basa ing donya amargi
basa-basa pinika wiwitanipun asal saking induk satunggal. Ananging, amargi

gegayutan antawispanuturipun terputus, mila kapecah basa kasebat. Umpami
basa-basa kasebat asalipun saking satunggal induk, persamaan taksih saged
dipunusut.
Kemiripan utawi kesamaan ingkang dadosaken dasar gegayutanantawis
basa inggih punika
1. Persamaan fonem-fonem
2. Bentuk Tembung
3. Maknanipun
C. RUMPUN BASA
Pepanthan basa ingkang kathah nggadahi persamaan dipunwastani
Rumpun basa. Pepanthanipun Rumpun basa inggih punika :
1. Rumpun Indo-German utawi Indo-Eropa
a. Basa-basa ing India
b. Basa-basa ing Iran
c. Basa-basa Armenia
d. Basa-basa Albania
e. Basa-basa Baltik
f. Basa-basa Slavia

g.

h.
i.
j.
k.
l.

Basa-basa Tokhar (Asia Tengah)
Basa Hethit (Asia kecil)
Bas-basa Yunani
Basa-basa Itali
Basa-basa Kelt
Basa-basa German

2. Basa-basa Hamit
a. Basa Mesir (Kupti)
b. Basa-basa Berber (Taureg, Kabil, lsp)
3. Basa-Basa Semit
a. Basa-basa Semit Timur (Asyria, Babylonia)
b. Basa-basa Semit Barat : Ibrani, Funisia, Funia, Ara, Arab, Syaria,
Amhar, Ethiopia utawi Abesinia.

4. Basa-basa Ural Altai
a. Basa-basa Finlandia Ugria : Finlandia, Karelia, Estonia, Laplandia,
Hongaria.
b. Basa-basa Samoyid (ing daerah pantai Laut Arktik)
c. Basa-basa Altai :Turki (Osmanti, Kirgis), Mongol, Manchu, Tungu,
Jepang, Korea.
d. Basa-basa Aleut Eskimo
5. Basa-basa Jafet
a. Basa-basa kuno ing Asia alit : Karia, Lydia, Lykia.
b. Basa-basa Kaukakus
: Tierkes, Gorgia,lsp
6. Basa-basa Austris
a. Basa-basa Autro Asia
: Malaka kuno, Khasi, Nikobar, Khmer,
Munda, lsp.
b. Basa-basa Austronesia : Basa-basa Indonesia (Melayu, Jawa,
Malagasi, Formosa, Filipina), Oseania (Melanesia), Polinesia (Basa
ing New Zeland)
7. Basa-basa ing Asia lan Oceania
a. Basa-basa Papua

b. Basa-basa Dravida
c. Basa-basa Australia
d. Basa-basa Andaman
e. Basa-basa Paleo Asia
8. Basa-basa Afrika
Basa Khoisan : basa basa San (Bushman), basa-basa nama (Hotentot)

9. Basa-basa Amerika
a. Basa-basa Amerika Utara : Algonkin, Irokese, Na-Dene, lsp.
b. Basa-basa Mexiko lana Amerika Tenagh
c. Basa-basa Amerika Selatan

BAB II
RUMPUN BASA AUSTRIS

Basa Austris kaliput basa ingkang dipun-ginakaken penduduk pribumi
ingkang dipunwatesi dening Kepulauan Taiwan ing sisih utara, Kepulauan
Madagaskar ing sisih barat, kepulauan Selandia Baru ing Selatan, lan kepulauan
Rapanui utawi kepulauan Paskah ing sisih Timur.
A. Perkembangan Ilmu Basa

Tuladha tembung ingkang ngandhut persamaan ing antawis basa
ingkang kalebet rumpun basa Indo-Eropa :
Inggris

Perancis

Jerman

Latin

Yunani

Sangsekerta

Mother

mere

Mutter

mater

meter

matar(=Ibu)

New

nouveau

neu

nuvos

neos

nava(=baru)

Nose

nez

nase

nasus

rhis

nas(=hidung)

Three

trois

drei

tres

treis

tri (tiga)

B. Perluasan Basa Sasaran

Wilhem von Humboldt salebeting bukunipu Uber die Kawi Sprache
auf der Insel Java ( ngrembag basa kawi ing Pulau Jawi). Ngandharaken bilih
antawis basa-basa ing Indonesia kaliyan basa-basa ing Polinesia, kepulauan
ing Lautan teduh pikantuk kathah persamaan. Salajengipun H.C.Van der
Gabelents manggihaken ugi bilih gegayutanipun tasih wiyar malih, kaliput
basa-basa Melanesia.
Basa-basa ing Filipina lan basa-basa ingkang dipunginakaken
penduduk asli ing kapulauan Taiwan ugi kanyata gegayutan kulawargi
kaliyan basa-basa ing Indonesia.
C. Nemtokaken Gegayutaning Kaluwargaan
a. Persamaan amargi kaleresan (Kebetulan)
Ciri-rinipun persamaan (unsur) basa amargi kaleresan ing
antawisipun inggih punika:
a. Panutur ingkang basanipun ngandhut persamaan punika boten nate
gegayutan, becik kanthi fisik ugi utawi saged kanthi kultural. Kanthi
cara fisik maksudipun, panutur kekalih basa punika gegayutan kanthi
cara langsung, komunikasinipun kanth lisan, boten mredulikaken
pihak pundi ingkang ngrawuhi, pihak ingkang kathah ngampili
(tembung utawi unsur basa sanesipun) utawi pihak ingkang kathah
ngampili. Kanthi cara kultural maksudipun, panutur kekalih bas
punika gegayutan lumantar panutur basa sanesipun malih utawi sarana
sanesipun, kadosta buku, alat perekam, film lsp.
b. Jumlahing unsur basa ingkang ngandhut persamaan punika sakedhik.
Umumipun namung tembungkemawon lan punika sipatipun acak.
Maksudipun, pangertosan ingkang kinandhut salebeting tembungtembung ingkang kanthi cara kaleresan sesarengan punika boten saged
dipunpantha salebeting bidang-bidang kanthi logis lan sistematis.
b. Persamaan amargi (Ampilan) Pinjaman
Persamaan amargi ampilan punika persamaan unsur basa ingkang
kadadosan basa ingkang satunggal mundhut saking basa ingkang
sanesipun.
Ciri-cirinipun ing antawisipun:
a. Arupi tembung-tembung ingkang pangertosanipun ingkang
wiwitanipun boten dipun-gadhahi dening basa panyambutan.
Tuladha tembung panyambutan kadosta sorga, negara (Basa
Sangsekerta), ilmu, ibadat (Basa Arab), kantor, bangku (Basa
Belanda), komputer, riset (Basa Inggris)
b. Arupi tembung-tembung ingkang ngandhut nilai rasa tertamtu,
langkung sopan bilih dipunandharaken kaliyan tembung sambutan.

Tuladha sambutan jini punika salebeting basa Indonesia inggih punika
istinjak (B. Arab), sperma (B. Belanda)
c. Persamaan Amargi gegayutan Kakulawargan
Cak-cakanipun persamaan jinising punika ing antawisipun:
a. Persamaan punika awujud sedaya unsur basa senajan kadosipun
frekuensinipun benten-benten. Artosipun, bilih gegayutaning punika
boten winates lan sampun kalangsungaken salebeting wekdal ingkang
lami
b. Persamaanpunika kaliput tembung-tembung pokok, inggih punika
tembung ingkang dipun-gadhahi dening sedaya basa, becik panutur
basa punika sampun modernugi saged tasih primitif.
c. Persamaan punika kanthi cara relatif logis lan konsisten.
D. Daerah Dumadine Basa Austris
Kangge mangertosi daerah dumadine asal basa Austronesia punika H.Kern
ngempalaken tembung-tembung salebeting maneka warna basa katurunan basa
Austronesia ingkang kathah ngandhut persamaan.
Ing antawisipun tembung-tembung lan kedadeyan ingkang saged
dipundadosaken pituduh kangge nemtokaken daerah asal basa Austronesia
inggih punika :
1. Nami Wit-witan
Nami wit-witan ingkang kathah ngandhut persamaan ing antawis
basa-basa keturunan basa Austronesia ing antawisipun pari, tebu, gedhang,
bambu, krambil.
2. Nami kewan
Nami-nami kewan ingkang kathah ngandhut persamaan ing
antawis basa-basa keturunan basa Austris ing antawisipun urang, iwak
pari, gurita, baya, penyu.
3. Sejarah Migrasi
Migrasi inggih punika perpindahan penduduk kanthi cara
pepanthan saking satunggaling daerah tumuju daerah sanesipun.
Wekdal kapengket migrasi kadadosan tumuju arah ingkang tebih saking
Asia Tengah. Bangsa ingkang sapunika numindakaken pagesangan ing Benua
Eropa lan salajengipun nyebar tumuju benua sanesipun daerah dumadinipun
inggih punika Asia bagiyan barat. Bangsa Indian ing Benua Amerika ugi asalipun
saking Asia. Panjenenganipun rawuh tumuju Amerika lumantar Selat Bering.

Bangsa Arab lan Yahudi punika numindakaken pagesangan ing Afrika,
Eropa lan ugi ing bagiyan donya sanesipun, ugi asalipun saking Asia bagiyan
barat daya. Penduduk pribumi Australia ugi asalipun saking Asia.

BAB III
BASA NUSANTARA
Basa Nusantara inggih punika basa ingkang dipun-ginakaken panuturipun
tumrap jaman kapengker. Basa punika boten wonten malih ing jaman saniki.
Ingkang wonten inggih punika basa-basa keturunan basa-basa keturunanketurunan basa nusantara kasebut.

Asiling rekonttruksi basa Nusantara purba inggih punika
A. Fonem
Tuladha Hukum /r/- /g/- /h/ langkung lanjutipun pikantuk salebeting daftar
ing ngandhap:
Indonesia

Tagalog

Bali

Layar
Telur
Ratus
Nyiur

layag
italog
gatos
nyiug

layah
taluh
halus
nyiuh

Tuladha hukum /r/- /d/- /l/ inggih punika:
Indonesia
Padi
Empedu
Hiding

Jawa
pari
peru
leung

Bima
pale
folu
ilung-ilung (belalai)

BAB IV
AKAR KATA LAN KATA DASAR

Kata dasar kadisri saking satunggal, tiga lan sekawan wanda (suku kata) utawi
langkung. Umumipun gadhah ciri-ciri inggih punika :
a. Kata dasar ingkang kadiri saking satunggal suku kata umumipun arupi kata
seru, kadosra ah, o, hai, arupi tembung tugas, inggih punika preposisi utawi
konjungsi, kadosta ke, ing, lan, utawi tembung-tembung sanes ingkang
nduduki panggenan subyek, predikat lan objek salebeting satunggal ukara,
kadosta yang, tak, nun.
b. Ingkang kasusunsaking sekawan tembung umumipun ngandhut unsur ingkang
nggadhahi perulangan utawi unsur ingkang madani imbuhan rangkep.
Kadosta anai-anai, laba-laba, kura-kura, kaliyan ingkang madani imbuhan
rangkep kadosta gemericik, gemeletak, kemudian. Wonten sekawan suku kata
ingkang arupi tembung camboran (majemuk). Artosipun, bentuk kata dasar
sekawan suku tembung punika sami kaliyan bentuk suku tembung ingkang
dipungarba, kadosta halilintar, kelelawar.

BAB V
TEMBUNG-TEMBUNG BASA INDONESIA
LAN NUSANTARA

BAB VI
BASA KETURUNAN BASA NUSANTARA

Atas dasar wilayahipun, ing ngandhap punika dipunwicantenaken basa-basa
kasebut.
A. Basa-basa ing wilayah Republik Indonesia
1. Basa Indonesia
Basa Indonesia punika basa keturunan basa Nusantara ingkang
kalebet ageng, salebeting arti jumlahing panutur lan wiyar wilayahipun.
Ing ngandhap punika salajengipun badhe dipunrembag kanthi
perbedaan lan kemiripan inggih punika :
a. Fonem
Basa Indonesia tasih nggadhahi fonem ingkang dipun gadhahi
dening basa Nusantara. Namung /r/ velar basa Nusantara ingkang
sampun boten pikantuk malih wonten salebeting basa Indonesia.
Tuladhanipun : beras, ratus, darah.
Jumbuh kaliyan hukum r-g-h ingkang sampun dipun
andharaken ing ngajeng, /r/ velar salebeting basa Nusantara
salebeting basa-basa keturunan dados /r/ dental, /g/ utawi /h/.
Tuladhanipun tembung beras ing basa Indonesia, basa Tagalog arupi
bigas, salebeting basa padatan bogas, salebeting basa Dayak behas,
salebeting basa Sunda beas, lan salebetin basa Jawa wos.
b. Suku Kata
Basa Indonesia nggadhahi suku kata kanthi pola V, VK, KV
lan KVK. Namung konsonan hambat ingkang kanthi swanten dipungantos kaliyan konsonan hambat boten wonten swantenipun ingkang
homorgan. Tuladhanipun ingkang ngandhut gejala punika kadosta
tembung laut, lalat, ulat. Konsonan hambat dental boten wonten
swantenipun, /t/ tumrap katiga basa Indonesia kasebut salebeting
basa Nusantara arupi konsonan hambat dental kanthi swanten, arupi
laud, laled, lan uled.

Konsonan hambat dental kanthi swanten basa Nusantara
punika salebeting basa Jawa ewah dados /r/, salebeting basa Bali
ajeg /d/. Senajan salebeting basa Indonesia ewah dados /t/. Kadosta
pari, urang, irung basa Jawi kanthi konsonan /r/ ewah-ewahan
saking konsonan /d/ padi, udang, lan hidung saking basa Indonesia.
c. Tembung
Salebeting basa Indonesia kata dasar basa Indonesia
dipunrumusaken (K)V-V(K), (K)V-KV(K), lan (K)V-KV(K).
Ketentuanipun tumrap fonem ingkang urut inggih punika:
 Urutan kapisan, (K)V- V(K), vokal ingkang runtut boten saged
arupi vokal ingkang sami.
 Urutan kaping kalihipun (K)V-KV(K), bilih vokalsuku
ngajeng /i/, konsonan ingkang tumut boten /y/, bilih suku
ngajeng /u/ konsonan ingkang tumut boten /w/, lan bilih vokal
suku ngajeng /a/ konsonan ingkang tumut boten /h/, kajaba bilih
/h/ punika dipuntumuti dening vokal /a/.
 Urutan kaping tiga (K)V-KV(K). Kekalih konsonan ingkang
langsung punika namung saged arupi konsonan nasal lan
konsonan hambat utawi desis.
Kata dasar ingkang arupi asiling penggabungan kalih akar
tembung gejalanipun ugi sami kaliyan tumrap perulangan akar
kata. Minangka tuladhanipun akar kata ruk, lan akar kata sak,
salajengiun dipun garba kedahipun dados ruksak. Nanging,
salebeting basa Indonesia kata dasar arupi gabungan akar kata
kasebut inggih punika rusak, boten ruksak, kados tembung basa
Sunda.
Minangka tuladha akar cin lan akar gong ingkang sedaya
awalipun kaliyan konsonan hambat, /c/ lan /g/, kaliyan pungkasan
konsonan nasal, /n/ lan /ng/.. kata dasar basa Indonesia ingkang
arupi asiling perulangan akat tembung inggih punika cincin lan
gonggong
Tembung-tembung basa Nusantara ingkang ngandhut suku
kata vokal /e/ lan duduki posisi pungkasan tembung, salebeting
basa Indonesia kasebut dipun gantos kaliyan vokal sanesipun,
padatan kaliyan /a/. Tuladhanipun tembung laled, uled, bener,
denger, nem. Basa Nusantara ing salebeting basa Indonesia arupi
lalat, ulat, benar, dengar, lan enam.
d. Frasa lan Ukara (Kalimat)
Frasa kaliyan ukara basa Indonesia tasih ngikuti susunan
ingkang pikantuk ing salebeting basa Indonesia, inggih punika

susunan ingkang dipuntepangaken kaliyan Hukum D-M.
Diterangkan lan Menerangkan.
Tuladhanipun salebeting frasa rumah besar, rumah arupi
bagiyan ingkang dipunterangaken, senajan besar arupi bagiyan
ingkang nerangaken.
2. BAHASA MINANGKABAU
Basa Minangkabau langkut caket kaliyan basa Nusantara. Basa
Nusantara inggih punika basa semivokalis. Semivokalis artosipun sepalih
vokalis. Basa vokalis inggih punika basa ingkang sedaya tembung utawi
suku kata pungkasan kaliyan vokal. Dados basa semivokalis inggih
punika basa ingkang namung sebagiyan kemawon sakong konsonan
ingkang dipun gadhahi saged nduduki posisi suku/tembung.
Ing ngandhap punika dipunandharaken tinjauan minangka basa
punika supados cetha katingal benten kaliyan basa sanesipun
a. Fonem
Fonem basa Minangkabau becik jumlahing utawi wujudipun
sami kaliyan fonem basa Indonesia. Namung vokal /e/ 9pepet0
ingkang boten pikantuk salebeting basa Minangkabau. Vokal /e/
(pepet) ingkang boten pikantuk salebeting basa Minangkabau.
Salebeting basa Minangkabau umumipun arupi vokal /a/ /i/ /u/.
Umpaminipun tembung basa Indonesia tengah, senang, salebeting
basa Minangkabau arupi tangah, lan sanang.