Peranganing Gendhing sinau gendhing karawitan

2 SINAU GENDHING KARAWITAN 1 Purwadi Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Telp: 0274-550843-12; Email: purwadiuny.ac.id

A. Peranganing Gendhing

Pasinaon gendhing menika prelu kangge ngudi kawruh saha kasagedan karawitan. Kajawi menika ugi wigatos dhateng raos kawiramaning gesang kabatosan, awit tansah nenuntun dhateng raosing manah kadosta: raos runtut, patut, titi, pratitis, tetep, tatag, antep, lan mantep. Sanesipun menika ngiyataken tuwin ngeningaken raos kasusilan kadosta: raos alus, suci, lebet, santosa, jejer, gadhah prabawa, mandhiri, budi pakerti, raos gesang bebrayan. Seserepan gendhing ingkang adhedhasar kasarjanan boten namung badhe nggampilaken pasinaonipun, nanging ugi badhe saged ngekahaken jejering gendhing Jawi tuwin nggesangaken, margi badhe saged nyirnakaken samukawis cencangan ingkang sarwa nyrimpung lan ngreribeti lampah, mardikaning gendhing Jawi temahan badhe saged nyaekaken, ngajengaken, saha nambah kaluhuraning kabudayan bangsa Harsono Kodrat, 1982. Swaraning gendhing menika warni kalih, inggih menika saged tumanduk sarana swaraning manungsa, lajeng winastan nama ‘gangsa’ gamelan, ingkang limrahipun lajeng winastan sekar tembang, saged ugi sarana swaraning pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan sekar tembang, saged ugi sarana swaraning 1 Seratan menika kangge Pengabdian Pada Masyarakat ing adicara Diklat Peningkatan Kompetensi Kerawitan ingkang dipun adani dening MGMP Bahasa Jawa SMP, mapan ing Kantor Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Bantul, nalika tanggal 9 Februari 2010. 3 pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan ‘gendhing’. Kalih-kalihipun kasebat lagu. Gendhing ugi dados srana murih manunggaling para warga ingkang kagungan pamanggih benten Sukatmi Susantina, 2001. Ing gendhing Jawi wirama makaten kaperang dados pinten-pinten warni, ingkang karingkes dados tigang bagiyan: a. gendhing ageng, b. gendhing madya, c. gendhing alit; dados sami kaliyan perangan gendhing swara: sekar ageng kawi, sekar madya tengahan, dhagelan tuwin sekar alit macapat. Watakipun gendhing lan sekar tigang warni menika piyambak-piyambak: a. lebet, antep, kendho, b. cekapan, c. entheng, cethek lan kenceng Siswoharsojo, 1953. Lagu swara menika ing salebeting kagunan Jawi mesti ngangge wirama mardika, wondene gendhing gangsa makaten meh sadaya ngangge wirama ajeg. Sekar gendhing makaten gendhing swara ingkang kedah tumanduk sesarengan kaliyan gangsa.

B. Laras Pelog lan Laras Slendro