Laras Pelog lan Laras Slendro

3 pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan ‘gendhing’. Kalih-kalihipun kasebat lagu. Gendhing ugi dados srana murih manunggaling para warga ingkang kagungan pamanggih benten Sukatmi Susantina, 2001. Ing gendhing Jawi wirama makaten kaperang dados pinten-pinten warni, ingkang karingkes dados tigang bagiyan: a. gendhing ageng, b. gendhing madya, c. gendhing alit; dados sami kaliyan perangan gendhing swara: sekar ageng kawi, sekar madya tengahan, dhagelan tuwin sekar alit macapat. Watakipun gendhing lan sekar tigang warni menika piyambak-piyambak: a. lebet, antep, kendho, b. cekapan, c. entheng, cethek lan kenceng Siswoharsojo, 1953. Lagu swara menika ing salebeting kagunan Jawi mesti ngangge wirama mardika, wondene gendhing gangsa makaten meh sadaya ngangge wirama ajeg. Sekar gendhing makaten gendhing swara ingkang kedah tumanduk sesarengan kaliyan gangsa.

B. Laras Pelog lan Laras Slendro

Laras tuwin pathet menika kalih-kalihipun dados tetangsulipun swaraning gendhing utawi swara ingkang saged damel tumata, menapa dene pantes luwesing sadaya lagu Ki Hajar Dewantara, 1953. Laras inggih menika urut-urutan swara wiwit ingkang ageng ngantos dumugi ingkang alit. Swara kalawau kapiyarsa tetep, urut lan patut. Swarantara menika elet antawisipun swara satunggal kaliyan sanesipun. Laras makaten ugi kangge namekaken satunggal-satunggaling swara ingkang sampun kalebet ing urut-urutan swara ingkang sampun tinata. Titi-laras punika wujud angka 1 2 3 4 5 6 7 kangge sesulih namaning wilahan gangsa supados gampil dipun serat. Pamaosipun dipun wancah: ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu. Wilahan slendro pelog dalah angkanipun. 4 Slendro : barang 1 pelog : bem 1 barang : barang 7 gulu 2 gulu 2 gulu 2 dada 3 dada 3 dada 3 lima 5 lima 5 lima 5 nem 6 nem 6 nem 6 Pathet menika rakitan swara, inggih perangan saking satunggak- satunggaling laras, minangka ambah-ambahaning lagu amrih saged tumanduk sakeca, satemah saged damel nges sarta saged nuwuhaken raos ingkang tartamtu. Gangsa menika pirantos tetabuhan kangge ngungelaken gendhing. Peranganipun warni-warni sarta kenging kabagi dados sakawan warni, inggih menika pirantos kangge: Yasa wirama: kendhang tuwin keprak, yasa swara: rebab, gender, bonang, gambang, suling, clempung tuwin saron peking. Reksa wirama: kethuk, kempul, kenong, gong, kempyang, ketipung, kecer, kemanak, bendhe, lan beri. Reksa swara: bonang penembung, gender penembung, saron demung tuwin saron limrah. Wiramaning gendhing dumados dening swara, tuntunaning kendhang kados kasbut ing ngandhap: Kendho kencenging lampah dumados dening antal utawi seseging tabuhan kendhang. Dados swaraning kendhang makaten, kajawi saged antal utawi seseg, wonten warni: dang, dung, pak, tong, tuwin tek. Sanes- sanesipun nama prenesan sadaya. Rampak runtuting lampah kareksa ugi dening thuthukaning saron, kethuk, kenong, kempul, tuwin gong, ingkang kenging kaupamekaken titik lampah, titik pedhotan, titik padalingsa, titik padadirga tuwin 5 titik pada, kadosdene tatananing cara pancering sekar. Ingkang nama wirama punika peranganing lelagon. Pratelan babagan laras slendro, pelog 6 lan pelog barang kados ngandhap punika. Slendro Pelog 6 Pelog Barang 2 2 3 | 5 2 2 3 | 5 6 3 6 | 5 6 3 6 | 5 3 2 7 | 6 3 2 7 | 6 . . . . 2 3 5 | 3 2 1 2 | 1 5 5 6 | 1 5 3 1 | 2 . 5 3 1 | 6 2 1 6 | 5 . . . 2 3 5 | 6 | 6 | 6 5 3 | 5 | 6 5 3 1 | 2 3 5 6 | 5 3 2 3 | 2 6 7 6 | 5 3 2 3 | 2 5 6 5 | 3 2 7 5 | 6 . . . Perangan-peranganing lelagon ingkang kaapit-apit ing garis wirama kawastanan sawirama wetah. Kajawi menika swaraning kempul makaten nuwuhaken raos minggah, entheng utawi cethek, satemah damel bingah, wondene swaraning kenong nuwuhaken raos medhak, lebet, antep, satemah damel tentrem utawi sareh, swraning gong makaten cetha nuwuhaken raos marem, lega, sampurna. Lampahing gendhing menika kecetha dening lampahing saron, sarta kaperang dados kalih warni ingkang pokok: lampah lamba thuthuking balunganing gendhing, lampah dados ngracik, tikelipun lampah lamba, ingkang lajeng saged damel cethaning lagunipun Sunardi Wisnubroto, 1997. Ing salebeting lampah lamba ing dalem sakenongipun isi wolung thuthukan saron tumrap gendhing alit lan gendhing madya, wondene tumrap gendhing ageng isi nembelas thuthukan utawi isi tigangdasa kalih thuthukan. Dene ing salebeting lampah dados cacahing thuthukan saron wau lajeng tikel kaping kalih. 6 Laras salendro menika nggadhahi 5 laras: barang, jangga, dhadha utawi tengah, gangsal lan enem. Sadaya swarantara-nipun sami agengipun, pramila gadhah raos gagah lan bingah. Laras pelog langkung enem tinimbang laras salendro, nggadhahi 5 laras ugi, sami namanipun kaliyan ing salebeting laras salendro nanging swarantaranipun boten sadaya sami, antawisipun barang kaliyan jangga ageng, jangga dhadha alit, dhadha gangsal ageng, gangsal enem alit, enem barang alit Trimanto, 1984. Wilahan ‘bem’ tuwin wilahan ‘pelog’ menika sajatosipun inggah-inggahan ‘barang’ tuwin ‘dhadha’. Ngedhakaken utawi nginggahaken laras makaten minangka asri-asrining cengkok, sarta namung kadhang-kadhang katandukaken. Minggahipun laras barang dados bem yen kangge tetep, lajeng ngawontenaken laras rakitan swara enggal, inggih laras bem. Laras barang miring menika ingkang sepuh piyambak, tandhanipun kangge ing salebeting Ki Lurah Semar tetembangan, mangka Semar menika wayang ingkang sepuh piyambak Dwijo Carito, 2000. Laras ‘barang miring’ boten nggadhahi pirantos gangsa. Laras barang miring makaten ing bagiyan ngandhap, wiwit barang dumugi gangsal swarantaranipun memper laras salendro, wiwit gangsal dumugi barang memper pelog, pramila caranipun nyekaraken barang miring makaten ngangge gangsa salendro, sanadyan cengkok-cengkokipun semu raos pelog. Ingkang sinebat tembung pathet punika tumraping laras pelog beda kaliyan ing laras slendro. Pramila pangrembagipun inggih kula silah-silahaken. Kangge madhahi sadaya lagu swara utawi lagu gendhing amrih saged trep lan sakeca, laras salendro tuwin pelog menika kabagi dados 3 pathet satunggal-satunggalipun. 7 Laras salendro nggadhahi pathet warni tiga kados ingkang katerangaken ing ngandhap menika: Pathet nem, ngangge dhasar swara laras jangga grambyanganipun pathet inggih menika urut-urutaning laras: jangga-dhadha-lima- nem utawi kacelak: nem-jangga. Gendhing-gendhing ingkang pathet nem makaten manut pranataning gendhing kaungelaken ing wanci sonten dumugi jam 11 nuwuhaken raos bingah prasaja lir gesanging lare, tembung ‘enem’ boten gandheng kaliyan namaning laras enem, nanging gandheng kaliyan pralambanging raos pancadriya, inggih raosing lare. Pathet sanga, dhedhasar laras gangsal, grambyanganipun urut-urutaning laras: gangsal-enem-barang-jangga utawi kacelak: jangga-gangsal. Gendhing-gendhing ingkang pathet sanga makaten kaungelaken ing wanci tengah dalu, nuwuhaken raos tentrem, gagah, sabar, semepuh lan sasaminipun. Babagan lungiting seni, Raden Bekel Wulan Karahinan 1991 sampun damel cepengan kanthi irah-irahan Gendhing-gendhing Mataram Gaya Yogyakarta dan Cara Menabuh. Pathet manyura, dhasar swaranipun laras enem, grambyanganipun: enem-barang-jangga-dhadha-utawi kaungelaken ing wanci enjing, wiwit jam 3 dalu dumugi nyar raina, nuwuhaken raos bingah, asri, kenes, ngenem-enemi sapiturutipun. Tembung ‘manyura’ asalipun saking ungeling merang ing wanci enjing. Dados pathet punika tegesipun: mapaning lelagon yen kaungelaken wonten ing gangsa. Larikan sanesipun boten kalimrah kangge thuthukan ing gangsa. Mila inggih boten wonten namaning pathetipun. Nitik tuladha punika terang bilih tumraping lelagon slendro, madegipun dados pathet, naming menawi kaungelaken ing gangsa. 8 Ing ngriki tegesipun pathet ugi mapaning lelagon yen kaungelaken ing gangsa. Ewa semanten wonten bedanipun kaliyan pathet tumraping laras slendro. Sarehning let-letaning swara ing laras slendro punika ajeg sami, mila lelagon pathet manyura kenging kaandapaken sawilahan dados pathet sanga. Menawi kaandapaken kalih wilahan malih dados pathet nem. Ngandapaken laras mekaten punika wonten ing laras pelog boten saged tumindak, jer let-letaning swara boten ajeg sami. Teranganipun mekaten. Ing laras slendro, lelagon 6 1 2 3, punika sami kaliyan 5 6 1 2 utawi 3 5 6 1. Ing laras pelog: 6 1 2 3 boten sami kaliyan 5 7 1 2 utawi 4 6 7 1 sapiturutipun. Dados pathet punika tumraping laras pelog, kejawi mapaning lelagon yen kaungelaken ing gangsa, ugi bedaning racikaning larasipun. Manawi nyinau lelagon taksih ngangge pirantos upami gender utawi cente, sapanunggilanipun, punika namanipun dereng sampurna. Sampurnanipun not punika kedah lajeng dipun waos kemawon tanpa dipun padosi larasipun ing gangsa. Prayoginipun menawi nyinau slendro, inggih slendro kemawon rumiyin. Dangu-dangu temtu pakecapan ji ro lu pat ma nem tu lajeng gandeng kaliyan andap-inggiling laras. Malah menawi sampun kulina, mireng lelagon inggih lajeng kemawon saged nyerat notipun. Sakabehing gawe ing sekawit angel, angel iku kalah dening tlaten, tlaten iku witing kabisan. Menawi sampun kulina, titi-laras punika kenging dipun waos, dene menawi dereng kulina, inggih kedah ngangge srana nutuk wilahaning gangsa. Caranipun ingkang gampil, wilahan prayogi dipun angkani rumiyin. 9 Sambet kaliyan pratelan ada-ada, prayoginipun ukel lan cengkok swaraning rebab lan suling, lampahing wilet gambang tuwin gender, lampahing kendhangan batangan sapanunggalanipun sampun ngantos katetepaken sarana titi lagu ingkang kedah dipun turut cara pola, kengingipun kaserat namung minangka tuladhaning cengkok lan ukel salebeting sinau Sunarto, 1976. Saben tiyang kedah kenging ngawontenaken wilet piyambak-piyambak.

C. Ricikan Gamelan