sinau gendhing karawitan

(1)

PENGABDIAN PADA MASYARAKAT

SINAU GENDHING

KARAWITAN

PURWADI

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id

(2)

SINAU GENDHING KARAWITAN1 Purwadi

Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta

Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id

A. Peranganing Gendhing

Pasinaon gendhing menika prelu kangge ngudi kawruh saha kasagedan karawitan. Kajawi menika ugi wigatos dhateng raos kawiramaning gesang kabatosan, awit tansah nenuntun dhateng raosing manah kadosta: raos runtut, patut, titi, pratitis, tetep, tatag, antep, lan mantep. Sanesipun menika ngiyataken tuwin ngeningaken raos kasusilan kadosta: raos alus, suci, lebet, santosa, jejer, gadhah prabawa, mandhiri, budi pakerti, raos gesang bebrayan.

Seserepan gendhing ingkang adhedhasar kasarjanan boten namung badhe nggampilaken pasinaonipun, nanging ugi badhe saged ngekahaken jejering gendhing Jawi tuwin nggesangaken, margi badhe saged nyirnakaken samukawis cencangan ingkang sarwa nyrimpung lan ngreribeti lampah, mardikaning gendhing Jawi temahan badhe saged nyaekaken, ngajengaken, saha nambah kaluhuraning kabudayan bangsa (Harsono Kodrat, 1982).

Swaraning gendhing menika warni kalih, inggih menika saged tumanduk sarana swaraning manungsa, lajeng winastan nama ‘gangsa’ (gamelan), ingkang limrahipun lajeng winastan sekar (tembang), saged ugi sarana swaraning pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan sekar (tembang), saged ugi sarana swaraning

1

Seratan menika kangge Pengabdian Pada Masyarakat ing adicara Diklat Peningkatan Kompetensi Kerawitan ingkang dipun adani dening MGMP Bahasa Jawa SMP, mapan ing Kantor Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Bantul, nalika tanggal 9 Februari 2010.

(3)

pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan ‘gendhing’. Kalih-kalihipun kasebat lagu. Gendhing ugi dados srana murih manunggaling para warga ingkang kagungan pamanggih benten (Sukatmi Susantina, 2001). Ing gendhing Jawi wirama makaten kaperang dados pinten-pinten warni, ingkang karingkes dados tigang bagiyan: a. gendhing ageng, b. gendhing madya, c. gendhing alit; dados sami kaliyan perangan gendhing swara: sekar ageng (kawi), sekar madya (tengahan, dhagelan) tuwin sekar alit (macapat). Watakipun gendhing lan sekar tigang warni menika piyambak-piyambak: a. lebet, antep, kendho, b. cekapan, c. entheng, cethek lan kenceng (Siswoharsojo, 1953). Lagu swara menika ing salebeting kagunan Jawi mesti ngangge wirama mardika, wondene gendhing gangsa makaten meh sadaya ngangge wirama ajeg. Sekar gendhing makaten gendhing swara ingkang kedah tumanduk sesarengan kaliyan gangsa.

B. Laras Pelog lan Laras Slendro

Laras tuwin pathet menika kalih-kalihipun dados tetangsulipun swaraning gendhing utawi swara ingkang saged damel tumata, menapa dene pantes luwesing sadaya lagu (Ki Hajar Dewantara, 1953). Laras inggih menika urut-urutan swara wiwit ingkang ageng ngantos dumugi ingkang alit. Swara kalawau kapiyarsa tetep, urut lan patut. Swarantara menika elet antawisipun swara satunggal kaliyan sanesipun. Laras makaten ugi kangge namekaken satunggal-satunggaling swara ingkang sampun kalebet ing urut-urutan swara ingkang sampun tinata.

Titi-laras punika wujud angka 1 2 3 4 5 6 7 kangge sesulih namaning wilahan gangsa supados gampil dipun serat. Pamaosipun dipun wancah: ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu. Wilahan slendro pelog dalah angkanipun.

(4)

Slendro : barang 1 pelog : bem 1 barang : barang 7 gulu 2 gulu 2 gulu 2 dada 3 dada 3 dada 3 lima 5 lima 5 lima 5 nem 6 nem 6 nem 6

Pathet menika rakitan swara, inggih perangan saking satunggak-satunggaling laras, minangka ambah-ambahaning lagu amrih saged tumanduk sakeca, satemah saged damel nges sarta saged nuwuhaken raos ingkang tartamtu. Gangsa menika pirantos tetabuhan kangge ngungelaken gendhing. Peranganipun warni-warni sarta kenging kabagi dados sakawan warni, inggih menika pirantos kangge: Yasa wirama: kendhang tuwin keprak, yasa swara: rebab, gender, bonang, gambang, suling, clempung tuwin saron peking. Reksa wirama: kethuk, kempul, kenong, gong, kempyang, ketipung, kecer, kemanak, bendhe, lan beri. Reksa swara: bonang penembung, gender penembung, saron demung tuwin saron limrah.

Wiramaning gendhing dumados dening swara, tuntunaning kendhang kados kasbut ing ngandhap: Kendho kencenging lampah dumados dening antal utawi seseging tabuhan kendhang. Dados swaraning kendhang makaten, kajawi saged antal utawi seseg, wonten warni: dang, dung, pak, tong, tuwin tek. Sanes-sanesipun nama prenesan sadaya. Rampak runtuting lampah kareksa ugi dening thuthukaning saron, kethuk, kenong, kempul, tuwin gong, ingkang kenging kaupamekaken titik lampah, titik pedhotan, titik padalingsa, titik padadirga tuwin

(5)

titik pada, kadosdene tatananing cara pancering sekar. Ingkang nama wirama punika peranganing lelagon. Pratelan babagan laras slendro, pelog 6 lan pelog barang kados ngandhap punika.

Slendro Pelog 6 Pelog Barang 2 2 3 | 5 2 2 3 | 5 6 3 6 | 5 6 3 6 | 5

3 2 7 | 6 3 2 7 | 6 . . . . 2 3 5 | 3 2 1 2 | 1

5 5 6 | 1 5 3 1 | 2 .

5 3 1 | 6 2 1 6 | 5 . . .

2 3 5 | 6 | 6

| 6 5 3 | 5

| 6 5 3 1 | 2

3 5 6 | 5 3 2 3 | 2

6 7 6 | 5 3 2 3 | 2

5 6 5 | 3 2 7 5 | 6 . . .

Perangan-peranganing lelagon ingkang kaapit-apit ing garis wirama kawastanan sawirama wetah. Kajawi menika swaraning kempul makaten nuwuhaken raos minggah, entheng utawi cethek, satemah damel bingah, wondene swaraning kenong nuwuhaken raos medhak, lebet, antep, satemah damel tentrem utawi sareh, swraning gong makaten cetha nuwuhaken raos marem, lega, sampurna. Lampahing gendhing menika kecetha dening lampahing saron, sarta kaperang dados kalih warni ingkang pokok: lampah lamba (thuthuking balunganing gendhing, lampah dados (ngracik), tikelipun lampah lamba, ingkang lajeng saged damel cethaning lagunipun (Sunardi Wisnubroto, 1997). Ing salebeting lampah lamba ing dalem sakenongipun isi wolung thuthukan saron tumrap gendhing alit lan gendhing madya, wondene tumrap gendhing ageng isi nembelas thuthukan utawi isi tigangdasa kalih thuthukan. Dene ing salebeting lampah dados cacahing thuthukan saron wau lajeng tikel kaping kalih.

(6)

Laras salendro menika nggadhahi 5 laras: barang, jangga, dhadha utawi tengah, gangsal lan enem. Sadaya swarantara-nipun sami agengipun, pramila gadhah raos gagah lan bingah. Laras pelog langkung enem tinimbang laras salendro, nggadhahi 5 laras ugi, sami namanipun kaliyan ing salebeting laras salendro nanging swarantaranipun boten sadaya sami, antawisipun barang kaliyan jangga ageng, jangga dhadha alit, dhadha gangsal ageng, gangsal enem alit, enem barang alit (Trimanto, 1984). Wilahan ‘bem’ tuwin wilahan ‘pelog’ menika sajatosipun inggah-inggahan ‘barang’ tuwin ‘dhadha’. Ngedhakaken utawi nginggahaken laras makaten minangka asri-asrining cengkok, sarta namung kadhang-kadhang katandukaken.

Minggahipun laras barang dados bem yen kangge tetep, lajeng ngawontenaken laras rakitan swara enggal, inggih laras bem. Laras barang miring menika ingkang sepuh piyambak, tandhanipun kangge ing salebeting Ki Lurah Semar tetembangan, mangka Semar menika wayang ingkang sepuh piyambak (Dwijo Carito, 2000). Laras ‘barang miring’ boten nggadhahi pirantos gangsa. Laras barang miring makaten ing bagiyan ngandhap, wiwit barang dumugi gangsal swarantaranipun memper laras salendro, wiwit gangsal dumugi barang memper pelog, pramila caranipun nyekaraken barang miring makaten ngangge gangsa salendro, sanadyan cengkok-cengkokipun semu raos pelog.

Ingkang sinebat tembung pathet punika tumraping laras pelog beda kaliyan ing laras slendro. Pramila pangrembagipun inggih kula silah-silahaken. Kangge madhahi sadaya lagu swara utawi lagu gendhing amrih saged trep lan sakeca, laras salendro tuwin pelog menika kabagi dados 3 pathet satunggal-satunggalipun.

(7)

Laras salendro nggadhahi pathet warni tiga kados ingkang katerangaken ing ngandhap menika: Pathet nem, ngangge dhasar swara laras jangga grambyanganipun pathet inggih menika urut-urutaning laras: jangga-dhadha-lima-nem utawi kacelak: jangga-dhadha-lima-nem-jangga. Gendhing-gendhing ingkang pathet jangga-dhadha-lima-nem makaten manut pranataning gendhing kaungelaken ing wanci sonten dumugi jam 11 nuwuhaken raos bingah prasaja lir gesanging lare, tembung ‘enem’ boten gandheng kaliyan namaning laras enem, nanging gandheng kaliyan pralambanging raos pancadriya, inggih raosing lare. Pathet sanga, dhedhasar laras gangsal, grambyanganipun urut-urutaning laras: gangsal-enem-barang-jangga utawi kacelak: jangga-gangsal. Gendhing-gendhing ingkang pathet sanga makaten kaungelaken ing wanci tengah dalu, nuwuhaken raos tentrem, gagah, sabar, semepuh lan sasaminipun.

Babagan lungiting seni, Raden Bekel Wulan Karahinan (1991) sampun damel cepengan kanthi irah-irahan Gendhing-gendhing Mataram Gaya

Yogyakarta dan Cara Menabuh. Pathet manyura, dhasar swaranipun laras enem,

grambyanganipun: enem-barang-jangga-dhadha-utawi kaungelaken ing wanci enjing, wiwit jam 3 dalu dumugi nyar raina, nuwuhaken raos bingah, asri, kenes, ngenem-enemi sapiturutipun. Tembung ‘manyura’ asalipun saking ungeling merang ing wanci enjing. Dados pathet punika tegesipun: mapaning lelagon yen kaungelaken wonten ing gangsa. Larikan sanesipun boten kalimrah kangge thuthukan ing gangsa. Mila inggih boten wonten namaning pathetipun. Nitik tuladha punika terang bilih tumraping lelagon slendro, madegipun dados pathet, naming menawi kaungelaken ing gangsa.

(8)

Ing ngriki tegesipun pathet ugi mapaning lelagon yen kaungelaken ing gangsa. Ewa semanten wonten bedanipun kaliyan pathet tumraping laras slendro. Sarehning let-letaning swara ing laras slendro punika ajeg sami, mila lelagon pathet manyura kenging kaandapaken sawilahan dados pathet sanga. Menawi kaandapaken kalih wilahan malih dados pathet nem.

Ngandapaken laras mekaten punika wonten ing laras pelog boten saged tumindak, jer let-letaning swara boten ajeg sami. Teranganipun mekaten. Ing laras slendro, lelagon 6 1 2 3, punika sami kaliyan 5 6 1 2 utawi 3 5 6 1. Ing laras pelog: 6 1 2 3 boten sami kaliyan 5 7 1 2 utawi 4 6 7 1 sapiturutipun. Dados pathet punika tumraping laras pelog, kejawi mapaning lelagon yen kaungelaken ing gangsa, ugi bedaning racikaning larasipun.

Manawi nyinau lelagon taksih ngangge pirantos upami gender utawi cente, sapanunggilanipun, punika namanipun dereng sampurna. Sampurnanipun not punika kedah lajeng dipun waos kemawon tanpa dipun padosi larasipun ing gangsa. Prayoginipun menawi nyinau slendro, inggih slendro kemawon rumiyin. Dangu-dangu temtu pakecapan ji ro lu (pat) ma nem (tu) lajeng gandeng kaliyan andap-inggiling laras. Malah menawi sampun kulina, mireng lelagon inggih lajeng kemawon saged nyerat notipun. Sakabehing gawe ing sekawit angel, angel iku kalah dening tlaten, tlaten iku witing kabisan. Menawi sampun kulina, titi-laras punika kenging dipun waos, dene menawi dereng kulina, inggih kedah ngangge srana nutuk wilahaning gangsa. Caranipun ingkang gampil, wilahan prayogi dipun angkani rumiyin.

(9)

Sambet kaliyan pratelan ada-ada, prayoginipun ukel lan cengkok swaraning rebab lan suling, lampahing wilet gambang tuwin gender, lampahing kendhangan batangan sapanunggalanipun sampun ngantos katetepaken sarana titi lagu ingkang kedah dipun turut cara pola, kengingipun kaserat namung minangka tuladhaning cengkok lan ukel salebeting sinau (Sunarto, 1976). Saben tiyang kedah kenging ngawontenaken wilet piyambak-piyambak.

C. Ricikan Gamelan

Para pengrawit prayogi menawi nyumerepi ricikan dalah nami piranti seni kerawitan. Kanthi makaten para pengrawit badhe gancar lan lancar anggenipun nindakaken pakaryan. Wondene ricikan gamelan saged dipun pratelakaken kados seratan ing ngandhap punika.

Nami ricikan kangge gancaring wirama: Kendhang, cacahipun wonten sekawan inggih punika: a. Kendang gede, b. Kendang kalih, c. Ketipung, d. Ciblon. Kethuk, Kempyang, Kenong, Kempul, Gong, Kecar, Rebab, Gender gede, Gender penerus, Gambang, Bonang gede, Bonang penerus, Slenthem, Demung, Saron barung, Saron penerus, Clampung lan Suling. Ricikan kala wau gadhah gina piyambak-piyambak.

1. Kendang, sinebat pemurba wirama. 2. Kethuk, sinebat pemangku wirama 3. Kenong, sinebat pemangku wirama. 4. Kempul, sinebat pemangku wirama 5. Gong, sinebat pemangku wirama 6. Rebab, sinebat pemurba lagu

(10)

7. Gender gedhe, sinebat pemangku lagu 8. Bonang gedhe, sinebat pemangku lagu 9. Gambang, sinebat pemangku lagu

10.Clempung, gender penerus, bonang penerus, sinebat pemangku lagu. 11.Slenthem, demung, saron barung, sinebat pemangku lagu.

12.Saron penerus, sinebat pemangku lagu.

Ricikan inggil punika perlu sanget dipun sumerepi. Kodiron (1989) nyerat seserapan kanthi irah-irahan Marsudi Karawitan Jawi. Gangsa ingkang sumebar saindenging jagad raya punika warni-warni nami lan wewujudanipun. Perlu kawuningan bilih saperangan gangsa wau dados pusaka ingkang wigatos. Namaning gangsa-gangsa ingkang misuwur ing Surakarta: Kraton Surakarta kagungan gangsa gamelan sekaten Naga Jenggot; Kyai Jimat; Sl. Larasati-Pengasih Pl.; Sl. Gunturmadu-Kancilbelik Pl.; Sl. Kadukmanis-Manisrengga Pl.Lsp. Pura Mangkunegaran kagungan Gangsa Kanyutmesem Sl-Pl.; Sl. Udanasih-Udanarum Pl.; Sl. Udanriris, Lipur-tamba-Neng Pl. Sanesipun Gangsa Senggani (abebadan kaca); Gangsa Genthana. Namaning gangsa-gangsa inkang misuwur ing Yogyakarta: Kraton kagungan gangsa Gamelan sekaten Naga Ilaga, Guntursari; Sl. Harjanegara-Harjamulya Pl.; Sl. Madukentir-Siratmadu Pl.; Sl. Mrdharsih-Mikatsih Pl. Pura Pakualaman kagungan gangsa Sl. Pengawesari-Telagamuncar Pl.; Gangsa PB X. Kepatihan kagungan gangsa Sl. Yudasih, Ngakraarum Pl.

Saben-saben papan gadhah adat ingkang benten. Irwan Sudjono (1990) nyerat pustaka mawi irah-irahan Lelagon Gagrag Enggal. Cak-cakan seni

(11)

kerawitan menika gumantung kaliyan swasana, wekdal, wragad dalah kawontenan ingkang nembe lumampah. Saged kawastanan luwes supados sedayanipun boten kecicir. Pramila anggenipun para pengrawit nabuh gamelan ugi mawas ingkang ngersakaken, punapa punika klenengan jangkep, gadhon utawi pethilan. Wernining ricikanipun gangsa klenengan kados ingandhap punika: a). Rebab: 1. plangkan; b). Gender barung, c). Gender penerus, d). Gambang, e). Slenthem, 1. pangkon; f) Saron barung: 2 pangkon; g). Kenong: 2a 3; h). Kempul tiga, laras: 1-6-5; i). Gong Kemodong: sarakit; j) Gong suwukan laras: 2-1; k) Kethuk, kempyang, engkuk, kemong; l). Suling, m). Clempung, n). Clempung panerus: nyatunggal; o). Kendhang: tiga; p). Keprak, kepyak.

Gangsa Ageng: ricikanipun kados kasbut nginggil, kawewahan: q). Bonang, r) Bonang panerus; s). Demung, t). Saron panerus, u). Gong Ageng: 6-5. Gamelan Gadhon: ricikanipun namung methil saperlunipun kemawon: 1). Slenthem, 2) Gender, 3) Gambang, 4) Suling, 5) Kethuk, 6) Kenong, 7) Kendhang, 8) Gong.

Gendhing Kebogiro upaminipun, punika kaungelaken wradin ing ricikaning gangsa, sadaya ricikan katabuh, nadyan namung awis-awis. Wondene gendhing rebab, gendhing bonang, gendhing gender, gendhing gambang punika Ingkang mbukani gendhing. Dene ricikan sansipun punika namung mematut sarta ngendhongi, murih nambahi rengeng lan sakecaning swara.

Gendhing rebab : krawitan, gambirsawit, onang-onang. Gendhing bonang : babarlanjar, jalaga, slebrak.

(12)

Gendhing gambang : undur-undur kajongan, ketawang srepegan, ketawang segaran, gendhing bremara.

Ing gendhing bonang: rebab, gender, gender panerus, gambang, suling lan clempung, sami boten kaungelaken, amargi rakitanin gamelan kagolongaken: gangsa ageng. Ing gendhing gender : bonang, bonang panerus, demung lan peking boten

katabuh, awit rakitaning gangsa kagolongaken gamelan klenengan.

Wondene gendhing gerongan inggih punika gendhing ingkang dipun bukani Bawa Sekar ageng, kabarung tiyang kathah, nggerong miturut laguning gendhing gerongan. Rakitanipun: Gamelan ageng sarancak jangkep, utawi kenging ugi: gamelan klenengan. Babagan gendhing karawitan Soetrisno (2001) sampun nyerat pustaka ingkang saged kangge gladhen. Tumpraping para siswa lan dwija pustaka punika estu piguna sanget.

D. Panutup

Sinau gendhing karawitan punika perlu tlaten. Sauger tlaten tartamtu badhe panen. Punika jumbuh kaliyan wejanganipun para sesepuh, ngelmu iku kelakone kanthi laku. Sakedhik baka sakedhik anggenipun nyinau karawitan lajeng kasembadan.

Murih lestarining seni adiluhung punika, ing sadhengah papan cocog manawi dipun adani gladhen karawitan. Ing pendhapi dhusun, kantor, pawiyatan lan balai kesenian prayogi sanget menawi gladhen mirunggan dipun lampahi kanthi tumata lan pratitis.

(13)

Langkung-langkung dhumateng para dwija ingkang kajibah ngreksa basa lan sastra Jawi, langkung sae menawi dipun jangkepi kaliyan ketrampilan nabuh gamelan. Kanthi makaten para siswa ugi langkung gampil cara pasinaonipun.

KAPUSTAKAN

Dwijo Carito, 2000. Pakeliran Sedalu Natas Lampahan Semar Boyong, Cendrawasih. Surakarta.

Harsono Kodrat, 1982. Gending-gending Karawitan Jawa. Balai Pustaka. Jakarta. Irwan Sudjono, 1990. Lelagon Gagrag Enggal. Cendrawasih. Surakarta

Ki Hajar Dewantara, 1953. Pasinaon Titi Laras Gendhing. Barata. Jakarta. Kodiron, 1989. Marsudi Karawitan Jawi. Cendrawasih. Surakarta

Raden Bekel Wulan Karahinan, 1991. Gendhing-gendhing Mataram Gaya

Yogyakarta dan Cara Menabuh. Kraton Yogyakarta Hadiningrat.

Yogyakarta.

Siswoharsojo, 1953. Gamelan Ingkang Kangge Ngiringi Wayang. Gondolayu. Yogyakarta.

Soetrisno, 2001. Seni Kerawitan. Sadang. Surabaya.

Sukatmi Susantina, 2001. Inkulturasi Gamelan Jawa. Philpres. Yogyakarta. Sunarto, 1976. Seni Kerawitan Jawi. Sadubudi. Surakarta.

Sunardi Wisnubroto, 1997. Sri Lestari An Introduction to Gamelan. Gama Press. Yogyakarta.