7. Jinisipun
Sinestesia
Kados ingkang sampun dipunandharaken kalawau bilih pangertosan
sinestesia
inggih menika ewah – ewahan teges ingkang dipundayani amargi
wontenipun
pertukaran tanggapan
indera. Pirantos ingkang dipunginakaken kangge ngraosaken
tanggapan
indera kalawau wonten gangsal, inggih menika 1 indera pangraos ilat, pirantos kangge ngarosaken menapa kemawon ingkang
dipunraosaken dening ilat, 2 indera pangrungu talingan, pirantos kangge mirengaken, 3 indera pandulu netra, pirantos kangge mirsani, 4 indera
panggrayang kulit, pirantos ingkang dipunginakaken kangge nggrayang utawi kangge ngraosaken grayangan, 5 indera pangganda grana, pirantos ingkang
dipunginakaken kangge nggrana sedaya kadadosan ingkang dipunraosaken dening
grana.
Saben indera menika gadhah kaginaan piyambak – piyambak kangge
ngraosaken sedaya kadadosan ingkang dipunraosaken dening panca indera. Edi Suwatno 2001:57 ngandharaken bilih jinis
sinestesia
inggih menika: a Jinis
sinestesia
saking indera pangraos ilat Indera pangraos ilat inggih menika perangan saking badan manungsa
ingkang dipunginakaken kangge ngraosaken satunggaling raos ingkang dipunraosaken dening ilat. Kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken
dening indera pangraos menika saged ngginakaken tembung – tembung
antawisipun pedhes, pait, legi, kecut, asin, gurih, getir, sepa, anyep, lsp. Tembung – tembung menika saged ewah tegesipun dados jinis
sinestesia
saking indera pangraos dados indera menapa gumantung saking
konteks
ukaranipun. Ing
ngandhap menika tuladha ukara ingkang tegesipun ewah amargi wontenipun
pertukara
n
tanggapan
indera saking indera pangraos dados indera pangrungu. Ukara 1
: Gelaline rasane manis banged.
Ukara 2 : Solah bawane Suci nengsemake, tembunge manis ora ana kang
nguciwani. Saking ukara
– ukara ing nginggil katingal bilih ukara 1 menika gadhah teges ingkang sejatosipun. T
embung “manis” ing ukara menika dipuntampi dening indera pangraos ilat. Ilat ingkang ngraosaken bilih glalinipun raosipun legi.
Ananging menawi ukara 2 menika sampun ngalami ewah – ewahan amargi
pertukaran tanggapan
indera katingal saking
konteks
ukaranipun. Ukara 2 ing nginggil ngalami ewah
– ewahan teges saking indera pangraos ilat ing indera pangrungu talingan, amarg
i ing ukara 2 menika tembung “manis” dipuntampi dening indera pangrungu talingan. Amargi talingan ingkang mireng bilih
tembung – tembung ingkang dipunginakaken kangge ngendikan dening Suci
menika endah, sopan boten mranani penggalih. Kanthi mekaten ukara 2 menika ngalami ewah
– ewahan saking indera pangraos dados indera pangrungu.
b Jinis
sinestesia
saking indera pangganda grana
Indera pangganda grana inggih menika perangan saking badanipun manungsa ingkang ginanipun kangge nggrana sedaya kadadosan ingkang
dipunraosaken dening grana. Tembung – tembung ingkang saged kangge
ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken dening grana inggih menika arum, bacin, tengik, sengak, lsp. Tembung
– tembung menika saged ewah tegesipun dados jinis
sinestesia
saking indera pangganda dados indera menapa gumantung
saking
konteks
ukaranipun. Ing ngandhap menika tuladha ukara ingkang tegesipun ewah amargi wontenipun
pertukara
n
tanggapan
indera saking indera pangganda dados indera pangrungu.
Ukara 1 : Gorengane terasi ambune sengak banget.
Ukara 2 : Ditakoni wong tua apik
– apik wangsulane sengak.
Saking ukara – ukara ing nginggil katingal bilih ukara 1 menika gadhah
teges ingkang sejatosipun . Tegesipun tembung “sengak” ing nginggil dipuntampi
dening indera pangganda grana. Grana ingkang ngraosaken bilih terasinipun gandhanipun sengak nyegrak dipungrana. Ananging menawi ukara 2 menika
sampun ngalami ewah – ewahan teges amargi wontenipun
pertukaran tanggapan
indera katingal saking
konteks
ukaranipun. Ukara 2 ing nginggil ngalami ewah –
ewahan teges saking indera pangganda grana dados indera pangrungu talingan, amarg
i ing ukara 2 menika tembung “sengak” dipuntampi dening Indera pangrungu talingan. Amargi talingan ingkang mireng bilih swantenipun
kapireng sengak, boten sekeca dipunmirengaken. Kanthi mekaten ukara 2 menika ngalami ewah
– ewahan teges saking indera pangganda dados indera pangrungu.
c Jinis
sinestesia
saking indera pandulu netra Indera pandulu netra inggih menika perangan saking badanipun manungsa
ingkang dipunginakaken kangge mirsani, mirsani ngginakaken netra utawi kangge nggatosaken. Kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken dening
indera pandulu netra menika saged ngginakaken tembung - tembung padhang, peteng, kalem, rusak, lsp. Tembung
– tembung menika saged ewah tegesipun
dados jinis
sinestesia
saking indera pandulu dados indera menapa gumantung saking
konteks
ukaranipun. Ing ngandhap menika tuladha ukara ingkang tegesipun ewah amargi wontenipun
pertukara
n
tanggapan
indera saking indera pandulu dados indera pangrungu.
“
Ora apa – apa. Aqua sing tak suntak kuwi mung kanggo mbayar saperangan
lara atiku. Wadon ngendi sing ora lara ati krungu bojone esuk – esuk wis
nyebut jenenge wedokan liya,” Imel wangsulan kalem. Mesthi wae kaleme wong nahan nesu. Imel mung isih mikir merga Baskara kuwi statuse isih
bojone dadi kepiye wae isih kudu dikurmati. KSLJedisi 02kc 49.
Saking ukara – ukara ing nginggil katingal wonten jinis
sinestesia
saking indera pandulu
netra dados indera pangrungu talingan. Katingal saking tembung “kalem” ingkang sejatosipun dipuntampi dening indera pandulu
ananging ing ukara ing nginggil tembung “kalem” dipungayutaken kaliyan
tembung “wangsulan” ingkang dipuntampi dening indera pangrungu talingan. Satemah tegesipun dados “anggenipun wangsulan menika sae, alon, sekeca
dipunmirengaken”.
d Jinis
sinestesia
saking indera pangrungu talingan Indera pangrungu talingan inggih menika perangan saking badanipun
manungsa ingkang ginanipun kangge mirengaken swanten utawi kangge ngandharaken sedaya kadadosan ingkang dipunraosaken dening talingan.
Tembung – tembung ingkang saged kangge ngandharaken menapa ingkang
dipunraosaken dening indera pangrungu talingan kadosta lirih, seru, dengung, lsp. Tembung
– tembung menika saged ewah tegesipun dados jinis
sinestesia
saking indera pangrungu dados indera menapa gumantung saking
konteks
ukaranipun. Ing ngandhap menika tuladha ukara ingkang maknanipun ewah amargi wontenipun
pertukara
n
tanggapan
indera saking indera pangrungu dados indera panggrayang.
“Metu saka ruang sidang pengadilan Pak Dibyo diamping – ampingi para pegawe Diknas sing saben wektu gliran padha nekani sidhang saperlu
menehi panyengkuyung marang pandhuwure. Ing njaba Divina uwis methukake Bapake banjur ngambung tangane Pak
kanthi Dibyo lirih
“Lho kowe kok ora sekolah?” Pak Dibyo aruh - aruh. “Libur semester kan Pa,” wangsulane Divina. KSLJedisi 22kc 51.
Saking ukara – ukara ing nginggil katingal bilih wonten jinis
sinestesia
saking indera pangrungu dados indera panggrayang. Tembung “lirih” menika
sejatosipun dipuntampi dening indera pangrungu talingan. Ananging ing ukara ing nginggil tembung
“lirih” menika dados dipuntampi dening indera panggrayang amargi wonten
ing ukara ing nginggil tembung “lirih” dipungayutaken kaliyan tembung
“ngambung tangane” ingkang tegesipun ngesun
asta , gegayutan kaliyan indera panggrayang inggih menika kulit. Satemah t
egesipun dados “anggenipun ngesun asta kanthi alon – alon”.
e Jinis
sinestesia
saking indera panggrayang kulit Indera panggrayang kulit inggih menika perangan paling njawi saking
badanipun manungsa ingkang saged kangge ngraosaken grayangan saking asta utawi menapa kemawon ingkang dipunraosaken dening kulit. Tembung
– tembung ingkang saged kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken
dening indera panggrayang kulit kadosta asrep, panas, kasar, alus, lembut, atos, perih, landhep, lsp. Tembung
– tembung menika saged ewah tegesipun dados jinis
sinestesia
saking indera panggrayang dados indera menapa gumantung saking
konteks
ukaranipun. Ing ngandhap menika tuladha ukara ingkang tegesipun ewah amargi wontenipun
pertukaran tanggapan
indera saking indera panggrayang dados indera pangrungu.
Ukara 1 : Kain batike alus banget. Ukara 2 : Suarane Rani keprungu alus.
Saking ukara – ukara ing nginggil katingal bilih ukara 1 menika gadhah
teges ingkang sejatosipun . Tegesipun tembung “alus” ing nginggil dipuntampi
dening Indera panggrayang kulit, amargi asta ingkang ngraosaken bilih batikipun menika alus sanget. Ananging menawi ukara 2 menika sampun
ngalami ewah – ewahan teges amargi wontenipun
pertukaran tanggapan
indera katingal saking
konteks
ukaranipun. Ukara 2 ing nginggil ngalami ewah –
ewahan teges saking indera panggrayang kulit ing indera pangrungu talingan, amarg
i ing ukara 2 menika tembung “alus” dipuntampi dening indera pangrungu talingan. Amargi talingan ingkang mireng bilih swantenipun alon, sae, sekeca
dipunmirengaken. Kanthi mekaten ukara 2 menika ngalami ewah – ewahan
teges saking indera panggrayang dados indera pangrungu.
8. Faktor ingkang Mangaribawani Panganggening