Underaning Perkawis Watesaning Perkawis Wosing Perkawis Ancasing Panaliten Ancasipun saking panaliten menika inggih menika : Paedahipun Panaliten

B. Underaning Perkawis

Saking dhasaring panaliten ing nginggil, saking dipunpendhet underaning perkawis inggih menika. 1. Jinis – jinisipun sinestesia ingkang wonten ing cerbung ing kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. 2. Makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. 3. Ginaninipun sinestesia ing cerbung ing kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. 4. Sinestesia ingkang kathah dipunginakaken ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012.

C. Watesaning Perkawis

Adhedhasar saking underaning perkawis ing nginggil saha supados panaliten menika langkung gampil, saengga kedah dipunwatesi menapa perkawisipun. Panaliten menika dipunwatesi ing perkawis ing ngadhap menika. 1. Jinis – jinisipun sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012 2. Makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. 3. Ginanipun sinestesia ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012.

D. Wosing Perkawis

Saking underaning perkawis saha watesaning perkawis ing nginggil, saged dipunpendhet wosipun perkawis inggih menika. 1. Menapa kemawon jinis – jinisipun sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012? 2. Menapa kemawon makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012? 3. Menapa kemawon ginanipun sinestesia ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012?

E. Ancasing Panaliten Ancasipun saking panaliten menika inggih menika :

1. ngandharaken jinis – jinisipun sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012; 2. ngandharaken makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012; 3. ngandharaken menapa kemawon ginanipun sinestesia ing cerbung ing kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012.

F. Paedahipun Panaliten

Paedahipun saking panaliten menika antawisipun inggih menika. 1. Kanthi panaliten menika dipunanjab saged maringi wawasan dhateng pamaos babagan ilmu semantik saha saged paring sumbangan teori kangge ningkataken wawasan anggenipun naliti babagan ewahipun teges. 2. Panaliten menika dipunanjab saged maringi informasi babagan ewahipun teges mliginipun sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. 3. Panaliten menika dipunanjab ngimbuhi kajian – kajian dening karya sastra, mliginipun cerbung.

G. Pangertosan