D. Pirantining Panaliten
Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika ngginkaken tabel analisis data ingkang dipunbiyantu ngginakaken kertu
data
. Kertu
data
minangka piranti kangge
nggampilaken anggenipun
nyerat
sumber data
. Kertu
data
dipunginakaken kangge nyerat
data
–
data
ingkang wonten ing cerbung kalawarti
Djaka Lodhang
warsa 2012 supados saged mangertos jinis – jinisipun
sinestesia
,
makna sinestesia
saha ginanipun
sinestesia
.
E. Caranipun Nganalisis
Data
Data
wonten ing panaliten menika dipunanalisis ngginakaken
analisis deskriptif
.
Analisis deskriptif
inggih menika cara ngandharaken sedaya
data
miturut
kategori
saha dipunanalisis jumbuh kaliyan
konteks
ukaranipun.
Analisis deskriptif
menika ginanipun kangge ngempalaken
informasi
satunggaling kadadosan kanthi menapa wontenipun. Caranipun anggenipun nganalisis
data
kados ing ngandhap menika : 1.
Kategorisasi
, inggih menika
data
ingkang sampun kapanggihaken saklajengipun dipunkelompokaken adhedhasar jinis
– jinisipun
sinestesia
. 2. Jinis
sinestesia
ingkang sampun wonten saklajengipun dipunanalisis miturut
makna
saha ginanipun miturut
konteks
ukaranipun ing cariyos. 3. Saking asiling panaliten jinis
sinestesia
,
makna
saha ginanipun
sinestesia
saking cerbung kalawarti
Djaka Lodhang
warsa 2012 saklajengipun dipundamel dudutan.
E. Caranipun Ngesahaken
Data
Keabsahan data
ing panaliten menika ngginakaken
validitas
saha
reliabilitas
. Jumbuh kaliyan pamanggihipun Nasution 2003: 74 piranti
ukur keabsahan data
menika wonten kalih syarat utaminipun inggih menika kedah
valid sahih
saha kedah
reliabel
saged dipunpitados.
Validitas
ingkang dipunginakaken inggih menika
validitas semantik kontekstual
.
Validitas semantik kontekstual
inggih menika negesi
data
ingkang sampun kapanggihaken jumbuh kaliyan
konteks
ukaranipun.
Aplikasi validitas semantik kontekstual
ing cerbung kalawarti
Djaka Lodhang
warsa 2012 saged dipuntingali kados tuladha ing ngandhap menika:
Janjane ora kleru yen si Bas kedanan marang Arum. Wong aku dhewe ya ngrasa ketarik merga kenya iku manis, pakulitane resik, pinter, isih legan
lan uga mapan. Ning aku eling yen aku iki wis nduwe bojo,” Sulis nyoba aweh katrangan marang Mbak Nuk.KSLJedisi 03kc 2.
Ing pacelathon ing nginggil ngginakaken jinis
sinestesia
saking indera pangraos ilat dados indera pandulu,
katingal saking ukara “kenya iku manis”.
Sinestesia
“kenya iku ayu” ing pacelathon ing nginggil menika menawi dipuntegesi ngginakaken
validitas semantik kontekstual
gadhah teges bilih miturut paraga Sulis, paraga Arum menika minangka wanita ingkang ayu, pakulitanipun
resik, pinter, taksih legan ugi sampun mapan.
Reliabilitas
ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih menika
reliabilitas stabilitas
.
Reliabilitas stabilitas
inggih menika maos kanthi dipunambal
– ambali supados saged mangertos langkung cetha perkawis menapa
ingkang dipuntliti.
Aplikasi reliabilitas stabilitas
ing cerbung kalawarti
Djaka Lodhang
saged dipuntingali kados tuladha ing ngandhap menika: “Disini tidak ada wartawan kan?” kandhane Marsana karo jenggilengan.
“Ngacunga Pak Prim, mengko Marsana rak pucet raine,” panggodhane Prajaka
marang Prima”.
“Prima nendhang sikile Prajaka seru, banjur ndumuk lambene, gawe sandhi supaya meneng. KSLJedisi 17kc 2.
Pacelathonan ing nginggil kedah dipunwaos kanthi dipunambal –ambali
supados saged mangertos jinis
sinestesia
menapa ingkang wonten ing pacelathon ing nginggil. Amargi frasa “nendhang sikile” menika taksih ambigu dipuntampi
dening indera pandulu netra menapa dening indera panggrayang kulit. Kanthi mekaten kedah dipunwaos kanthi dipunambal
– ambali supados langkung cetha
malih.
49
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN