kawigatosanipun masarakat amargi wosipun gadhah gambaran pagesangan
masarakat, psikologinipun prasaja, lelewaning basa entheng.
Cariyos wonten ing cerbung padatanipun dipunpenggal dening pangripta ing perangan ingkang narik kawigatosan saengga
ndadosaken pamaos kepengin mangertos kadospundi cariyos saklajengipun. Saking andharan menika
ndadosaken cerbung gadhah
istilah
ingkang dipunsebut
roman berangsur
Sudjiman, 1986: 14. Dipunsebut
roman berangsur
amargi cariyosipun ngemot lampahing pagesangan paraganipun ingkang dipundamel
per edisi
utawi kasambung ing
edisi
saklajengipun.
Cerbung minangka karya sastra gadhah
unsur
–
unsur pembangun. Unsur
–
unsur pembangun
kalawau miturut Stanton lumantar Nurgiyantoro, 2007 : 25 dipunperang dados 3 : fakta cariyos, tema saha
sarana pengucapan sastra
.
Fakta facts
ing satunggaling cariyos antawisipun inggih menika paraganipun cariyos,
alur flot
saha
latar setting. Tema
minangka perkawis ingkang dados dhasar cariyos utawi ide dhasar satunggaling karya sastra, lajeng
sarana pengucapan
sastra
minangka cara ingkang dipunginakaken dening pangripta anggenipun milih saha damel sedaya prastawa saha kadadosan dados pola ingkang gadhah teges.
B. Panaliten ingkang Gayut
Panaliten ingkang gayut kaliyan panaliten ingkang irah – irahanipun
Sinestesia Basa Jawi Ing Cerbung Kalawarti Djaka Lodhang Warsa 2012
inggih menika
Sinestesia Pada Novel Syahadat Cinta Karya Taufiqurrahman Al- Azyzy
. Panaliten menika dipuntindakaken dening Syafirul Munadiroh mahasiswi Jurusan
Bahasa dan Sastra Indonesia UNNES. Panaliten ingkang dipuntindakaken dening panaliti kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken dening sedherek Syariful
Munadiroh menika sami ngrembag babagan
sinestesia
. Ananging ing panaliten ingkang dipuntindakaken dening sedherek Syariful Munadiroh menika perkawis
ingkang dipuntliti menika namung jinis – jinisipun
sinestesia
saha
makna sinestesia
. Menawi ing panaliten ingkang dipuntindakaken dening panaliti perkawis ingkang dipuntliti inggih menika jinis
– jinisipun
sinestesia
,
makna sinestesia
saha ginanipun
sinestesia
.
Panaliten ingkang gayut ingkang kaping kalih inggih menika panaliten kanthi irah
– irahan
Sinestesia Pada Tuturan Mahasiswa PBSJ FBS UNNES
. Panaliten menika ugi dipuntindakaken dening mahasiswi UNNES Jurusan Bahasa dan
Sastra Jawa inggih menika sedherek Suciati Duwi Sartika. Bedanipun panaliten menika kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken dening panaliti inggih menika
panaliten ingkang dipuntindakaken dening sedherek Suciati Duwi Sartika menika sami kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken dening sedherek Syariful
Munadiroh, namung naliti babagan jinis – jinisipun
sinestesia
saha
makna sinestesia
. Menawi ing panaliti ingkang dipuntindakaken dening panaliti menika perkawisipun katambahan ginanipun
sinestesia
.
Panaliten ingkang gayut ingkang kaping tiga inggih menika panaliten kanthi irah
– irahan
Penggunaan Diksi Indria Pada Novel Ngulandara Dalam Buku Emas Sumawur Ing Baluarti Karya Partini B
ingkang dipuntindakaken dening sedherek Haryanti mahasiswi Pendidikan Bahasa Daerah UNY. Panaliten menika
kaanggep gayut kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken dening panaliti
amargi panaliten ingkang dipuntindakaken dening sedherek Haryanti kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken dening panaliti menika sami
– sami
ngandharaken babagan diksi indria.
Bedanipun panaliten kanthi irah – irahan
Penggunaan Diksi Indria Pada Novel Ngulandara Dalam Buku Emas Sumawur Ing Baluarti Karya Partini B
ingkang dipuntindakaken dening sedherek Haryanti menika mligi ngandharaken diksi indria. Menawi panaliten ingkang dipuntindakaken dening panaliti kanthi
irah – irahan
Sinestesia Basa Jawi Wonten Ing Cerbung Ing Kalawarti Djaka Lodhang Warsa 2012
ngandharaken ewahipun teges amargi wontenipun
pertukaran tanggapan
indera sanes. Diksi indria menika
tanggapan
saking saben panca indera menawi
sinestesia
menika ewah – ewahan teges amargi wontenipun
pertukaran tanggapan
saking indera sanes.
C. Nalaring Pikir