Metode Pembelajaran LAPORAN KEGIATAN PRAKTEK PENGALAMAN LAPANGAN (PPL) DI SMP N 2 MLATI.

Gareng : Pitakenan kula wonten gandhengipun kaliyan rerembuganipun Petruk kapungkur Pak Inggih bab basa, sastra, saha budaya Jawi. Semar : Iya….eeee coba matura apa karepmu thole Gareng : Kados menika Pak, tiyang Jawi rumiyin menika kathah ingkang ngginakaken tembung-tembung ingkang sae, edi peni kangge wonten ing pasrawungan, kadhosta; wangsalan, cangkriman, panyandra, saha pepindhan. Semar : Weee, bener, bener kowe Le, banjur endi kang bakal kok takokke? Gareng : Inggih menika Maa, bab pepindhan. Samenika sampun arang-arang, sampun kathah bocah ingkang boten mangertosi senajan mbok menawi dhewekipun asring ngginakaken? Semar : La ya ngono kuwi pancen, kamangka akeh pepindhan kang padha digunake nalika padha wawan gunem. Gareng : Ginanipun kangge menapa ta Ma pepindhan kalawau? Semar : Eeee…. La ya werna-werna antarane kanggo nbangetake sawijining kahanan, utawa wewatakan, saha wewangunan. Gareng : Tuladhanipun kadospundi Ma? Semar : Ngene … rungokna .. pepindhan iku kena diperang utawa dibagi mangkene sepisan pepindhan kang ana gayute karo candra, utawa gegambarane wong umpamane dedeg piyadege gagah gedhe dhuwur kaya Raden Werkudara. Ana maneh, baguse kaya Raden Janaka. Terus liyane, ayune kaya Dewi Wara Sembadra lan sapiturute. Gareng : Lajeng sanesipun menapa malih Ma? Semar : wonten ugi pepindhan ingkang gayut karo tindak tanduke manungsa kayata, tandange kaya bantheng ketaton, anggone perang cukat rampil trengginas kaya sikatan nyamber walang. Gareng : Weeee jebul maneka warni nggih Ma… lajeng sanesipun Ma? Semar : Na yen iki kanggo nggambarake kahanan, kayata, bocahe jan padha plek kaya jambe sinigar, ana maneh, anggone seduluran ora bisa rukun kaya banyu karo lenga, terus liyane, sing klambi putih kumpul padha klambi putih kaya kuntu neba. Sing abang kumpul padha abang kaya alas kobar. Lan isih akeh maneh. Gareng : Welah inggih pancen kathah nggih Ma, saha sedaya kok nggih penak sanget dipunginakaken. Semar : Ya pancen thole para mbah-mbahe awake dhewe kuwi jan-jane pancen piyayi kang wis wasis lan limpat ing pamikir mula ayo kabeh yen bisa awake padha ngajeni lan nguri-uri budaya kang adi luhung mau.