Sumber Belajar dan Media Pembelajaran

1. Abange Kaya godhong katirah 2. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong 3. Abote kaya watu 4. Adheme kaya es 5. Agunge kaya samodra rob 6. Akehe pappati kaya babadan pacing 7. Akehe pepati kaya sulung lumebu geni 8. Akehe lelara kaya kena pagebluk 9. Alli-aline nggunung sapikul 10. Aluse kaya sutra 11. Antenge kaya temanten ditemokke 12. Antepe kaya wesi 13. Anyepe kaya debog 14. Asine kaya uyah 15. Atose kaya wesi 16. Ayune kaya dewi ratih B 1. Baguse kaya Bathara Kamajaya 2. Bangone awangun gedhang salirang 3. Bantere kaya Angin 4. Bebadane kaya ngadhai melet 5. Bedane kaya bumi karo langit 6. Begjane kaya nemu emas sakebo 7. Begjane kaya nemu cempaka sawakul 8. Brengose nglaler mencok 9. Brengose nguler keket 10. Bungahe kaya ketiban ndaru C. 1. Cahyane binger kaya Lintang johar 2. Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan 3. Cep klekep kaya orong-orong kepidak 4. Cethile kaya cina craki 5. Cumlorot kaya lintang alihan 6. Cumlorot kaya ndaru D 1. Dalane nggeger sapi 2. Dalane mbathok mengkureb 3. Dawane barisan kaya sela brakithi 4. Dedege Ngringin sungsang 5. Dhuwure kaya Othak-othak mega 6. Domblong kaya sapi ompong 7. Dondomane kaya tutus kranjang E 1. Empuke kaya gudir 2. Enthenge kaya kapuk G 1. Gagah Prakoso kaya Raden Werkudara 2. Galake kaya macan manak 3. Galake kaya buta 4. Gampang kaya empol pinecok 5. Gulungane ngadhai menek 6. Gulungane minangkara 7. Gelise kaya banyu sinaring 8. Gendhewane awangun kadhai meteng 9. Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan I 1. Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta 2. Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton J 1. Janggute pindha tawon gumantung 2. Jogede kaya merak kesampir 3. Jogede mucang kanginan K 1. Kagete kaya tinubruk ing wong lepat 2. Kaku kaya kena nggo pikulan 3. Kekejere kaya manuk branjangan 4. Kenese kaya Dewi Srikandi 5. Kesite kaya Kadhal 6. Kepingine kaya Nyidham cempaluk 7. Klular-klulur kaya tuma kathok 8. Kopat-kapit kaya buntut ula tapak angin 9. Kuninge kaya emas sinangling 10. Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton L 1. Lakune nusup-nusup pindha ayam alas 2. Landhepe pitung pinyukur 3. Lelewane milangoni 4. Lir sato mungging rimbangan 5. Luruhe pindha Dewi Sembadra M 1. Mendhak-mendhak kaya sato memeti 2. Minder-minder kaya undar 3. Miling-miling kaya jangkung 4. Mlakune mundur kaya mungkkur gangsir 5. Mlakune ndodhok N 1. Nangise ndrenginging kaya rase 2. Nangise ngorong-ngorong 3. Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi 4. Nyengite kaya dhemit