a. Leksikon Ngoko
Leksikon  utawi  tembung  ngoko  minangka  dhasar  utawi  bakuning sedaya leksikon, inggih menika leksikon madya, krama, krama andhap, krama
inggil. Titikanipun leksikon ngoko inggih menika: 1
leksikon ngoko saged dipunginakaken dening paraga kapisan O1, paraga kapindho O2, saha paraga katelu O3,
2 leksikon  ngoko  ugi  gadhah  wujud  sanes  wonten  ing  leksikon  krama,
madya, krama inggil, saha krama andhap, 3
menawi leksikon ngoko ingkang boten gadhah wujud ing leksikon krama, madya,  krama  inggil,  utawi  krama  andhap,  pramila  leksikon  menika
kagolong leksikon netral. Tuladha leksikon ngoko ingkang karonce ing ukara.
i Aku arep mangan pelem.
ii Kowe arep mangan pelem?
iiiDheweke arep mangan pelem. Tuladha leksikon ngoko ingkang nggadhahi wujud leksikon sanesipun.
Leksikon Ngoko
Madya Krama
Krama Inggil Krama Andhap
abang -
abrit -
- arep
ajeng badhe
- -
lunga -
kesah tindak
- aweh
- Suka
atur paring
Tabel 2
b. Leksikon Madya
Leksikon  madya  minangka  wujud  saking  leksikon  krama  ingkang kirang  alus.  Titikanipun  leksikon  madya  inggih  menika:  1  gunggungipun
leksikon  madya  kirang  langkung  54  leksikon,  2  dipunginakaken  dening paraga kapisan utawi O1, O2, saha O3, 3 leksikon madya gadhah wujud ing
leksikon  ngoko  saha  leksikon  krama,  nanging  boten  sedaya  wujud  ngoko gadhah  wujud  sanes  wonten  ing  leksikon  madya,  4  leksikon  madya  saged
kadadosan saking wujud wancah saking tembung krama. Tuladha leksikon madya ingkang karonce ing ukara.
i Kula ajeng teng Magelang, sampeyan ajeng teng pundi?
ii Samang ajeng teng Magelang napa teng Sala?
iiiPiyambake ajeng teng Magelang napa teng Sala? Sedaya  leksikon  madya  gadhah  wujud  ing  leksikon  ngoko  saha
leksikon  krama  nanging  boten  saben  wujud  leksikon  ngoko  gadhah  wujud leksikon madya. Tuladhanipun saged dipuntingali ing tabel 3 saha 4 ngandhap
menika.
Leksikon Ngoko
Madya Krama
abang -
abrit gedhe
- Ageng
percaya -
pitados
Tabel 3
Leksikon Madya
Ngoko Krama
empun Uwis
sampun onten
Ana wonten
ajeng Arep
badhe teng
menyang dhateng
Tabel 4
Wujud leksikon madya saged kaperang dados kalih, inggih menika. 1
Leksikon  madya  awujud  wancahan  pemendekan  abreviasi  saking leksikon krama.
Leksikon Krama
Madya
Sampun ampun empun
Mangga engga
Dumugi dugi
Saking king
Kemawon mawon
Menapa napa
Menika nika
Kangge ngge
Panggenan nggen
Rumiyin riyin
Tabel 5
2 leksikon madya ingkang boten awujud wancahan saking leksikon krama,
tuladhanipun: tumut, ajeng, kajenge, caket, kiyambak, sakniki, sampeyan, pripun, melih, mengke, seking, turene, lan sapanunggalanipun.
c. Leksikon Krama