Mirengaken Andharan Wulangan Trampil Basa

2. nerangaken pangertosan jinisipun trampil basa, 3. mangertosi cak-cakipun wulangan trampil basa, 4. mulangaken trampil basa dhateng siswa SD.

B. Andharan Wulangan Trampil Basa

Trampil basa inggih menika kaprigelan ngginakaken basa minangka pirantos sesambetan utawi komunikasi. Trampil basa menika nyakup sekawan kaprigelan, inggih menika mirengaken listening, wicara speaking, maos reading, saha nyerat writing. Menawi katingalan saking cak-cakan panganggenipun basa minangka pirantos sesambetan utawi komunikasi, sekawan katrampilan menika sambet-sinambet utawi tetunggalan terpadu saha mujudaken katrampilan ingkang manunggal, boten saged kapisahaken satunggal lan satunggalipun.

1. Mirengaken

Mirengaken inggih menika lumampahipun kagiyatan nampi katrangan lisan utawi mirengaken basa lisan kanthi nggatosaken ingkang saestu supados mangertos wedaring suraosipun tiyang sanes. Tiyang mirengaken menika saged katingalan saking babakanipun utawi tahapanipun, inggih menika : a. mirengaken swanten saha tembung nanging boten nanggapi menapa ingkang dipunpireng, b. mirengaken sekedhap-sekedhap kados tiyang mirengaken seserah ingkang dipunpireng naming wos sawetawis kemawon, sanesipun boten dipungatosaken, c. setengah mirengaken, umpaminipun tiyang mirengaken diskusi utawi pangandikanipun tiyang sanes, nggadahi kekajengan supados pikantuk kalodhangan mahyakaken pemanggihipun, d. mirengaken pasif kanthi ngetingalaken panggatosaken nanging naming sawetawis kemawon, amargi menapa ingkang dipunpireng sampun dipunmangertosi, e. mirengaken ingkang cupet inggih menika tiyang ingkang salebetipun mirengaken namung nggatosaken bab-bab ingkang dipunsarujuki, ingkang wigatos malah boten dipungatosaken, f. mirengaken satunggaling bab ingkang sesambetan kaliyan pengalaman pribadi, g. mirengaken kanthi nggatosaken bab-bab ingkang wigatos saha katranganipun, h. mirengaken ingkang kalajengaken atur tanggapan, i. mirengaken ingkang saestu kanthi apresiatif saha kreatif. Anderson via Tarigan, 1983:20-22. Jinisipun mirengaken menika warni-warni, inggih menika mirengaken ekstensif, mirengaken intensif, mirengaken sosial, mirengaken sekunder, mirengaken estetik, mirengaken kritis, mirengaken konsentratif, mirengaken kreatif, mirengaken interogatif, mirengaken eksploratif, mirengaken pasif, saha mirengaken selektif. Mirengaken ekstensif inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang bebas, boten dipunarahaken utawi dipuntenggani dening guru. Mirengaken inggih menika kegiatan mirengaken ingkang dipunkontrol saha dipunarahaken dening guru. Mirengaken sosial inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang lumampah kanthi sopan saha nggatosaken sanget. Mirengaken sekunder inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang kleres kemawon, boten mirunggan. Mirengaken estetis inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang saking basa endah kadosta geguritan, cariyos, lan sapanunggalanipun. Mirengaken kritis inggih menika kegiyatan mirengaken sinambi atur tanggapan menapa ingkang sampun kapireng. Mirengaken konsentratif inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang ancasipun sinau satunggaling bab. Mirengaken kreatif inggih menika kegiatan mirengaken ingkang dipunsambetaken kaliyan pengalaman ingkang tundhonipun ndamel raos remen. Mirengaken interogatif inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang saestu, lajeng tiyang ingkang mirengaken kedah mratelakaken pitakenan ingkang wonten sesambetanipun kaliyan menapa ingkang dipunpireng. Mirengaken eksploratif inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang nggadahi ancas mirunggan ingkang narik kawigatosan, utawi topik ingkang mligi. Mirengaken pasif inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang boten langsung kados dene tiyang ingkang boten mbetahaken. Mirengaken selektif inggih menika kegiyatan mirengaken kanthi cara dipunpilih pundi ingkang wigatos utawi pundi ingkang dipunkajengaken.

2. Wicara