3. Widya Makna
Widya makna utawi saged dipunsebat semantik kalebet peranganing ilmu basa ingkang ngrembag bab teges. Ingkang karembag wonten ing widya
makna inggih menika sinonim, antonim, homonim, saha hiponim.
a Sinonim
Ingkang kawastanan sinonim inggih menika tembung ingkang wujud saha seratinipun beda, nanging nggadhahi teges sami utawa meh
sami. Sinonim ugi dipunsebat dasanama dasa tegesipun sepuluh akeh, nama tegesipun aran, jeneng. Tuladhanipun :
i Pak Rahmat saha bu Lastri menika tiyang sepuh kula.
ii Pak Rahmat saha bu Lastri menika bapak lan ibu kula.
Tuladhanipun dasanama: anak = atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga.
angin = bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut. bumi = bantala, bawana, buana, basundara, jagad, mandhala,
pratala, pratiwi, siti, kisma. gunung= aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata,
prabata, wukir.
b Antonim
Antonim inggih menika tembung ingkang tegesipun lelawanan utawi walikan kaliyan tembung sanesipun. Tuladhanipun:
andhap asor murang tata
crah rukun
dhuwur cendhak
dawa cendhak
pungkasan wiwitan
sengsara mulya
suda tambah
lantip bodho
c Homonim
Homonim inggih menika tembung ingkang sami pocapanipun saha panyeratanipun nanging tegesipun beda. Homonim saged kaperang
dados kalih inggih menika homofon lan homograf. Homofon inggih menika tembung ingkang pocapanipun sami nanging seratan saha
tegesipun beda. Tuladhanipun : i Adhimu parabane sapa?
ii Gek diparap supaya entuk ijol dhuwit Tembung parab i tegesipun‘ aran‘ utawi ‗jeneng‘, dene tembung parap
ii tegesipun ‗tapak asma‘. Homograf inggih menika tembung ingkang seratanipun sami
nanging pocapanipun saha tegesipun beda. Tuladhanipun : i Simbah ngasta teken.
ii Rapotku wis diteken dening ibu. teken
→ [təkən] ‗tongkat‘
[tεkən] ‗ tapakasma‘
kendel →
[kəndəl] ‗wani‘ [kεndəl] ‗mandheg‘
cemeng →
[cəməŋ] ‗ireng‘ [cəmεŋ] ‗anak kucing‘
d Hiponim
inggih menika tembung ingkang tegesipun kaangep dados peranganipun tembung sanesipun. Tuladhanipun tembung warna minangka
superordinat saking tembung abang, putih, ijo, biru, kuning, dene tembung abang, putih, ijo, biru, kuning minangka hiponim saking tembung warna.
C. Cak-cakanipun Mulangaken Materi Tata Basa ing Sekolah Dasar
Materi tata basa ing Sekolah Dasar dipunandharaken saking tataran ingkang prasaja inggih menika tembung, frasa, klausa, saha ukara ingkang
prasaja sederhana ukara lamba dumugi ukara camboran. Magepokan ugi kados pundi anggenipun nglisanaken saha panyeratanipun. Gladhen bab tata basa ugi
kedah katindakaken dening para siswa saking wujud ingkang prasaja rumiyin, ugi caranipun nglisanaken dumugi panyeratanipun.
D. Gladhen
1. Kaandharna menapa ingkang dipunwastani tembung lingga, tembung
andhahan, tembung rangkep, tembung camborankasebatna tuladhanipun 2.
Kaandharna tembung basa Jawi miturut jinisipun saha kasebutna tuladhanipun