-32 PAMECA-PAMECA KANG NGLAWAN PARA BANGSA

anggoningSun mundhut betenge, pepasrene, kang nyenengake atine, kasenenganing mripate lan kang kaangen-angen dening nyawane, anak-anake lanang lan wadon, 26 ing dina iku uga bakal ana wong kang bisa oncat, kang teka nggawa pawarta marang sira. 27 Ing dina iku cangkemira bakal kabukak lan sira bakal caturan karo wong kang oncat mau sarta banjur ora lestari bisu. mangkono anggonira dadi pralambang tumrap para wong mau tuwin iku banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

BAB 25-32 PAMECA-PAMECA KANG NGLAWAN PARA BANGSA

Pameca nglawan bani Amon 25:1-7 25 1 Aku kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang bani Amon lan medhara wangsit nglawan bangsa iku 3 Kandhaa marang bani Amon: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira ngucap kalawan sora: Sokur Tumrap papan pasuceningSun, nalika kasucene dilanggar, lan tumrap tanah Israel, nalika kadadekake sepi mamring, sarta tumrap turune Yehuda, nalika kudu lunga menyang ing pambuwangan, 4 mulane lah Ingsun masrahake sira marang wong saka ing sisih wetan supaya dadi darbeke; iku bakal padha ngedegake tarube ana ing panggonanira lan mbangun papan padunungane; bakal mangan wowohanira tuwin ngombe susuning raja-kayanira. 5 Raba bakal Sundadekake pangonan unta sarta kutha-kuthane bani Amon Sundadekake plegunganing wedhus, tuwin sira bakal sumurup yen Ingsun iki Yehuwah. 6 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira keplok-keplok lan gedrug-gedrug sarta bungah ing sajroning atimu awit saka sangsaraning tanah Israel, 7 marga saka iku, lah Ingsun bakal ngagakake astaningSun nglawan sira lan sira bakal Sunpasrahake dadi jarahan marang suku- suku bangsa tuwin Sunsirnakake saka ing satengahing para bangsa sarta Sunbengkas saka ing antarane nagara-nagara; sira bakal Sunmusnakake. Ing kono sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.” Pameca nglawan Moab 25:8-11 8 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne Moab celathu: Lah turune Yehuda iku padha karo sakehing bangsa liya, 9 awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim. 10 Iku bakal Sunpasrahake marang wong saka sisih wetan dadi duweke bebarengan karo bani Amon, supaya bani Amon ora dieling-eling maneh ana ing antarane para bangsa. 11 Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Moab, temah bakal padha sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.” Pameca nglawan wong Edom 25:12-14 12 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ing sarehne Edom wus nandukake pamales ala marang turune Yehuda lan tumindak luput kang banget yaiku anggone nandukake pamales marang turune Yehuda iku. 13 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan Edom, manungsane lan kewane bakal Sunsirnakake saka ing kono sarta Edom bakal Sundadekake reruntuhan; wiwit saka ing Teman nganti tekan ing Dedan wonge bakal padha mati dening pedhang. 14 Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang Edom kalawan ngagem tanganing umatingSun Israel. Iku bakal nandukake marang Edom, salaras karo dedukaningSun lan bebenduningSun, tuwin Edom bakal ngrasakake pamalesingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Pameca nglawan wong Filisti 25:15-17 15 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne wong Filisti wus nandukake pamales ala lan bungah marga saka sangsarane Israel, tuwin nandukake pamales kalawan patrap memateni marga saka ananing rasa memungsuhan turun-tumurun, 16 mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan wong Filisti lan bakal nyirnakake wong Kreta sarta mbengkas bangsa liya-liyane kang ana ing pinggiring sagara. 17 Ingsun bakal nandukake pamales kang nggegirisi marang bangsa-bangsa iku sarta Sundhawahi paukuman marga saka dukaningSun, satemah bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun nandukake pamalesingSun marang wong-wong mau.” Pameca nglawan Tirus 26:1-21 26 1 Ing nalika taun kang kaping sawelas, tanggal sapisan ing sasi kang lumaku, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, ing sarehne Tirus celathu bab Yerusalem mangkene: Sokur Wus rusak gapurane bangsa-bangsa iku; mengane marep mrene, satemah aku bakal dadi kebak, nanging iku wus dadi reruntuhan. 3 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he Tirus. Ingsun bakal nimbali bangsa akeh, supaya padha nglawan sira, nganti kaya samodra kang metokake alun. 4 Iku bakal nyirnakake tembok-temboke Tirus lan ngrubuhake panggung-panggunge, lebuning tanahe bakal Sunbuwangi nganti resik tuwin Tirus bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul. 5 Iku bakal dadi papan kanggo ngepe jala ana ing tengah samodra, awit Ingsun kang mangandikakake iku, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, iku bakal dadi jarahaning para bangsa. 6 Anak-anake wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang, satemah banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 7 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali Raja Nebukadnezar saka ing lor, ratu ing Babil, ratuning sakehe ratu, supaya nglawan Tirus kalawan nggawa jaran, kareta, prajurit jaranan lan wadya-bala sagelengan gedhe. 8 Anak- anakira wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang; Nebukadnezar bakal gawe tembok pangepungan lan nganakake piranti panjebol sarta masang tameng nglawan sira. 9 Totog-totog piranti panjebol bakal ditatabake marang tembok- tembokira, tuwin panggung-panggungira bakal karubuhake sarana linggise. 10 Saka akehe jaran nganti sira bakal kalimputan ing bledug; marga saka gumredege lakune prajurit jaranan lan kumrasake swarane rodhaning karetane tembok-tembokira bakal kedher, manawa dheweke lumebu ing gapuranira kayadene wong kang lumebu ing kutha kang wus bedhah marga saka wus kajebol. 11 Dalan-dalanira kabeh bakal kaidak-idak ing sikile jaran; rakyatira bakal kapatenan kalawan pedhang sarta tugu-tugu kang dadi andel-andelira bakal karubuhake ing lemah. 12 Kasugihanira bakal karampas, barang-barang daganganira bakal dijarah-rayah; tembok-tembokira bakal dirubuhake sarta omah-omahira kang endah bakal kaebrukake; watunira, kayunira lan tanahira bakal kacemplungake ing banyu. 13 Ramening kekidunganira bakal Sunuwisi lan swaraning clempungira bakal ora keprungu maneh. 14 Sira bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul, satemah sira bakal dadi panggonan kanggo ngepe jala, sarta sira ora bakal kabangun maneh, awit Ingsun, Yehuwah kang ngandika mangkono. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 15 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Tirus: Apa dhaerah pesisir ora bakal gumeter krungu gumebruging rubuhira, manawa wong-wong kang ketaton padha pating gluruh, marga saka akehe wong kang dipateni ana ing tengahira? 16 Sakehing ratu ing pinggiring samodra bakal seleh keprabon lan nyingkirake jubah-jubahing karajane lan nyelehake sandhangane kang manca warna; bakal kalimputan ing rasa gumeter sarta bakal padha nglosod ana ing lemah; bakal tansah gumeter tuwin kaget sumurup sira. 17 Sabanjure bakal padha ngrepekake kidung pangadhuh tumrap sira sarta bakal celathu marang sira: He, kutha kang pinuji, kapriye kowe iku, dene nganti ilang saka ing samodra, kutha kang kwasa ana ing sagara, kowe karo para pendhudhukmu, kang nukulake rasa giris marang para pendhudhuk ing dharatan? 18 Saiki, dhaerah pesisir gumeter ing nalika ambrukmu, dhaerah pesisir kang ana ing pinggir sagara padha horeg krungu bab wekasanmu. 19 Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalika Ingsun ndadekake sira dadi kutha reruntuhan, dadi kaya kutha kang ora ana pendhudhuke maneh, manawa Ingsun ndadekake robing samodra ngelebi sira lan banyuning banjir nutupi sira, 20 Ingsun bakal ngudhunake sira, supaya sira bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, menyang ing panggonane bangsa dhek jaman kuna, sarta Ingsun bakal mapanake sira ana ing bumi kang ngisor dhewe kayadene reruntuhan ing jaman kuna, bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, supaya sira aja dienggoni ing wong maneh, lan aja jumedhul maneh ana ing tanahe wong urip. 21 Wekasane uripira Suntemtokake bakal nggegirisi lan sira ora bakal tinemu maneh ing salawas-lawase. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Kidung pangadhuh tumrap Tirus 27:1-36 27 1 Ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, sira anake manungsa, ngucapna pangadhuh tumrap Tirus, 3 lan kandhaa marang Tirus, kang dumunung ing dalan kang anjog ing samodra lan kang laku dagang karo para bangsa ing dhaerah-dhaerah pesisir kang akeh: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: He Tirus, sira celathu: aku iki kapal kang endahing endah. 4 Wilayahira ing tengah samodra; ahli bangunanira gawe kaendahanira kanthi sampurna. 5 Badanira sakojur kang digawe kayu beros ing Senir, ahli-ahli mau njupuk kayu eres ing gunung Libanon kagawe cagaking layarira. 6 Wit gedhe saka ing Basan kanggo gawe dhayungira; gladhagira kang digawe gadhing winengku ing kayu cemara saka ing pesisir Kitim. 7 Layarira kang digawe lena alus kang manca warna saka ing tanah Mesir; iku dadi tetengerira. Dene tendhanira kang digawe kain wungu tuwa lan kain wungu enom saka ing pesisir Elisa. 8 Wong Sidon lan wong Arwad kang dadi pandhayungira; tukang-tukangira, he Tirus, padha dumunung ana ing sira, iku padha dadi matrusira. 9 Para pinituwa lan ahli-ahli ing Gebal padha dumunung ana ing sira arep ndandani karusakanira. kabeh kapal laut dalah para punggawane padha labuh ana ing sira arep ngijolake barang dedagangane. 10 Wong Parsi, Lud lan Put, kang padha dadi prajuritira ana ing antarane wadya-balanira. Tameng lan topong dicanthelake ana ing sira; iku kabeh muwuhi kamulyanira. 11 Wong Arwad dalah wadya-balane padha menek ing tembok-tembokira mubeng lan wong Gamad padha menek ing panggung-panggungira; padha nyanthelake tameng-tamenge ana ing tembok-tembokira mubeng, iku padha njalari sampurnaning kaendahanira. 12 Tarsis dedagangan kalawan sira awit saka akehe lan warna-warnaning barang dagangan; padha ngijolake salaka, wesi, timah putih lan timah ireng karo barang-barangira. 13 Yawan, Tubal lan Mesekh padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake batur tukon, barang saka tembaga karo barang daganganira. 14 Wong-wong ing Bet-Togarma ngijolake jaran kreta, jaran tunggangan sarta bihal karo barang-barangira. 15 Wong Rodhus dedagangan karo sira; dhaerah pesisir akeh kang dadi dhaerah pasaranira; iku padha nggawa gadhing lan kayu ireng minangka urup-urupan. 16 Edom dedagangan karo sira, marga saka akehe pametunira; iku padha ngijolake sesotya mirah, kain wungu enom, sandhangan manca warna, kain lena alus, mutiara lan sesotya dlima, diijolake karo barang-barangira. 17 Yuda lan tanah Israel dedagangan karo sira; iku padha ngijolake gandum saka Minit, blendok mur, madu, lenga lan balsem dilirokake karo barang daganganira. 18 Damsyik dedagangan karo sira marga saka akehe pametunira, marga saka akehe barangira kang warna-warna. Anggur saka Khelbon, wulu wedhus saka Sakhar, 19 lan anggur diijolake barang-barangira; wesi kang wus digembleng saka ing Uzal, kayu teja lan tebu tinemu ana ing antarane barang daganganira. 20 Dedan dedagangan kalawan sira ing bab lulang kanggo lapak jaran. 21 Arab lan kabeh panggedhening Kedar dedagangan kalawan sira ing bab cempe, wedhus gembel lanang lan wedhus jawa lanang; yaiku kang kanggo dedagangan kalawan sira. 22 Para sudagar ing Syeba lan ing Raema padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake sakehe bumbu-bumbu kang apik dhewe, sakehe sesotya kang larang-larang lan emas, dilirokake karo barang-barangira. 23 Haran, Kane, Eden, Asyur lan Kilmad dedagangan karo sira. 24 Iku padha dedagangan ana ing pasar-pasarira ing bab jubah kang luwih dening endah, kain wungu tuwa, sandhangan kang manca warna, babut kang manca warna lan tali plintiran kang kuwat. 25 Kapal-kapal Tarsis padha nggawa barang dagangan iki kanggo sira. Sira kebak momotan kang abot ana ing tengah samodra. 26 Sira kagawa dening para pendhayungira menyang ing samodra kang ngilak-ilak. Nanging ana ing tengah samodra iku sira tinempuh ing prahara saka wetan. 27 Raja-darbekira, barangira, daganganira, punggawaning kapalira lan matrusira para tukangira lan para langgananira dalasan kabeh prajuritira kang ana ing sira, malah kabeh kang padha nunggang, padha kleleb ana ing samodra ing nalika sira ambles. 28 Krungu panjeriting para matrusira iku tanah dharatan gumeter. 29 Wong kabeh padha ninggal kapal-kapale, kabeh kang padha ngolahake dhayung. Kabeh punggawa kapal lan para matrus padha lumayu menyang ing dharatan. 30 Pangadhuh seru, panjerit ngaru-ara keprungu ing sira; padha nguwur-uwuri awu sirahe, padha gulung ana ing lebu. 31 Padha gundhul, marga saka sira lan padha nganggo bagor; padha nangis, atine ora karu-karuwan marga saka sira pangadhuh kang banget. 32 Sajrone ngadhuh-adhuh marga saka sira padha nangis asesambat: Sapa kang kaya Tirus kang wus kasirnakake ana ing tengahing samodra iku. 33 Satekane barangira saka ing sagara sira gawe wareging bangsa akeh, kalawan raja-darbekira lan daganganira kang akeh, sira nyugihake para raja ing donya. 34 Saiki sira dirusak lan disirnakake saka ing sagara lan ambles marang ing dhasaring samodra; daganganira lan kabeh wongira kang padha nunggang ambles bareng kalawan sira. 35 Wong pesisir kaget kabeh nyumurupi sira; para rajane padha gumeter, raine nyureng. 36 Bangsa-bangsa kang padha dedagangan, ngeses-ngeses ing bab sira, wekasaning uripira nggegirisi lan sira sirna ing salawas-lawase.” Pameca nglawan raja ing Tirus 28:1-10 28 1 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, raja ing Tirus kandhanana: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Ing sarehne sira dadi gumunggung lan celathu: Aku iki Allah Aku lungguh ing dhamparing Allah, ana ing tengahing samodra. Mangka sira iku manungsa, dudu Allah, sanadyan atinira rumangsa padha karo Allah. 3 Kawicaksananira pancen ngungkuli kawicaksanane Dhaniel; ora ana barang kang samar kang ora sira sumurupi. 4 Marga saka wicaksananira lan pangretenira sira oleh kasugihan. Emas lan salaka sira klumpukake ing gedhong raja-brananira. 5 Marga saka bangeting pinterira dedagangan kasugihanira dadi akeh lan iku njalari sira banjur gumunggung. 6 Milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sarehne atinira rumangsa padha karo Gusti Allah, 7 mulane, lah Ingsun nimbali wong manca supaya nglawan marang sira, yaiku bangsa kang ambek siya dhewe, kang bakal ngunus pedhange, banjur merangi kawicaksananira kang pinuji iku lan kamulyanira bakal dinajisake. 8 Sira kang pinatenan ana ing tengahing samodra bakal diudhunake marang ing luwangan kuburan. 9 Apa sira isih bakal celathu ana ing ngarepe kang mateni sira, ana ing tangane kang nuwek sira: Aku iki Allah? Mangka sira iku manungsa, dudu Allah. 10 Sira bakal mati dening wong manca kayadene wong kang ora tetak. Sabab Ingsun kang mangandikakake iku, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.” Kidung pangadhuh tumrap raja ing Tirus 28:11-19 11 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 12 “He, anaking manungsa, sira nglairna pangadhuh tumrap raja ing Tirus lan tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira iku gambaring kasampurnan, kebak kawicaksanan lan endahing endah. 13 Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allah kang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine: jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo, sesotya pirus, krisopras lan nefrit, lazurit, sesotya mirah lan malakit. Embanane kang kagawe emas lan iku dicawisake ing dina sira katitahake. 14 Sira Sunpapanake cedhak lan kerub kang rumeksa sira iku ana ing gununging Allah kang suci lan mlaku-mlaku ana ing satengahing sesotya kang mencorong. 15 Tindak-tandukira tanpa cacad wiwit ing dina sira katitahake nganti sira tinemu nglakoni duraka. 16 Sarehne sira dagang gedhe sira banjur atindak keras lan gawe dosa. Mulane sira tumuli Sunbuwang saka ing gununging Allah, sarta kerub kang rumeksa banjur nyirnakake sira saka ing satengahe sesotya kang mencorong. 17 Sira gumunggung marga saka endahing warnanira, kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira. Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi, Sunpasrahake marang para raja dadi tontonan ana ing ngarepe. 18 Marga saka akehe kesalahanira lan kaculikanira ing sajroning laku dagang sira nerak kasucening pasucenira. Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira, kang bakal mangsa sira nganti entek. Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumi ana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira. 19 Kabeh wong ing antarane para bangsa kang wanuh marang sira padha kaget nyumurupi kaananira. Wekasaning uripira nukulake pagiris tuwin sira sirna ing salawas-lawase.” Pameca nglawan Sidon 28:20-26 20 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 21 “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Sidon lan medhara wangsit nglawan marang nagara iku sarta kandhanana: 22 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke. 23 Ingsun bakal ndhatengake pageblug ana ing Sidon tuwin getih bakal wutah ana ing dalan-dalane sarta wong-wong bakal ambruk mati ana ing satengahe, marga kena ing pedhang kang teka saka ing sakubenge kang nglawan marang dheweke. Temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah. 24 Apadene turune Israel ora bakal padha karemehake maneh dening wong saka ing sakiwa-tengene kabeh, kang dadi eri kang nyubles utawa sujen kang nglarani. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah. 25 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalikane Ingsun nglumpukake turune Israel saka ing satengahe suku- suku bangsa, kang padha diparani rikala kabuyarake tuwin Suntedahi kasuceningSun ana ing ngarepe para bangsa, banjur bakal padha manggon ana ing tanahe kang wus Sunparingake marang abdiningSun Yakub. 26 Anggone manggon ana ing kono bakal kalawan tentrem; bakal padha mbangun omah lan gawe kebon anggur. Malah padha manggon kalawan ayem tentrem ing nalikane Ingsun ndhawahake paukuman marang sakehing tanggane kang padha ngremehake. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah Allahe.” Pameca nglawan Mesir lan Sang Prabu Pringon 29:1-16 29 1 Ing taun kang kaping sapuluh, tanggal rolas ing sasi kasapuluh ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Pringon, raja Mesir lan nglairna pameca nglawan ratu iku lan saindenging tanah Mesir. 3 Sira celathua lan tutura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Pringon, raja Mesir, baya gedhe kang ngglongsor ana ing satengahe cawangan-cawanganing bengawanira, yaiku bengawan Nil sarta kang celathu: Bengawan Nil iku kagunganingsun, ingsun kang gawe. 4 Uwangira bakal Sunetrapi ganthol, iwak-iwak ing cawanganing bengawanira Nil bakal Sunkraketake ing sisikira. Sira dalah iwak kang padha kraket ing sisikira bakal Sunsendhal metu saka ing satengahe cawanganing bengawanira 5 tuwin sira bakal Sununcalake marang ing ara-ara samun, sira dalah sakehing iwak ing cawanganing bengawanira. Sira bakal tiba ing ara-ara lan ora bakal dikukup utawa dikubur. Sira bakal Sunpakakake kewan alasan lan manuk ing awang-awang. 6 Ing kono kabeh pendhudhuk Mesir bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. Awitdene sira iku upamane teken pring kanggo turuning Israel: 7 ing nalika padha nyekel sira kalawan tangan, sira banjur putung lan natoni pundhake wong mau kabeh; lan nalika padha sendhen marang sira, sira nuli putung sarta wong-wong mau banjur padha gloyoran kabeh. 8 Milanipun makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhatengake pedhang kang nglawan marang sira, tuwin kang nyirnakake manungsa lan kewan kang ana ing sira, 9 satemah tanah Mesir banjur dadi sepi mamring lan dadi reruntuhan. Ing kono banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. Ing sarehne sira celathu: Bengawan Nil iku ingsun kang kagungan, ingsun kang gawe, 10 mulane lah Ingsun dadi mungsuhira lan mungsuhe cawanganing bengawanira sarta tanah Mesir bakal Sundadekake reruntuhan lan sepi mamring wiwit saka ing Migdol nganti tekan ing Siene, malah nganti tekan ing tapel-watese tanah Etiopia. 11 Ora ana wong siji-sijia kang bakal liwat ing kono, malah kewan siji wae iya ora, sarta tanah iku bakal ora dienggoni lawase patang puluh taun. 12 Tanah Mesir bakal Sundadekake sepi mamring ana ing satengahe nagara-nagara kang wus kamusnakake lan kutha-kuthane bakal sepi mamring ana ing satengahe kutha- kutha kang wus kagempur lawase patang puluh taun. Wong Mesir bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar, marang ing sakehing nagara. 13 Amargi makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing wekasane patang puluh taun mau para wong Mesir kang sumebar ana ing satengahe para bangsa iku bakal Sunklumpukake. 14 Tuwin kaanane tanah Mesir bakal Sunpulihake sarta wong-wong mau bakal Sunbalekake marang tanah Patros, yaiku tanah asale; ana ing kana bakal dadi karajan kang ringkih. 15 Dadi karajan kang ringkih dhewe ana ing antarane karajan-karajan liyane lan ora bakal bisa ngunggulake awake maneh ngungkuli bangsa-bangsa liya. Bakal Sundadekake ringkih banget, satemah ora bakal bisa ngereh bangsa-bangsa maneh. 16 Lan ora bakal dadi andel-andele turune Israel maneh, kang ngelingake marang kaluputane Israel, manawa Israel marani lan njaluk tulung mrono. Ing kono Mesir bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Mesir dadi pituwase Sang Prabu Nebukadnezar 29:17-21 17 Tumuli ing taun kang kaping pitulikur, tanggal siji sasi siji, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 18 “He, anaking manungsa, Nebukadnezar raja Babil, akon marang wadya-balane supaya padha ngepeng anggone nglawan Tirus; sakehing sirah wus gundhul lan sakehe pundhak wus padha babak, ewadene raja iku sarta wadya-balane ora oleh kauntungan saka ing Tirus ing bab anggone mbudidaya nglawan Tirus mau. 19 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun maringake tanah Mesir marang Nebukadnezar, raja Babil lan iku bakal ngangkut kasugihane; tuwin bakal ngrerampas lan njejarah lan iki minangka pituwase wadya-balane. 20 Nebukadnezar bakal Sunparingi tanah Mesir minangka ganjaran tumrap apa kang wus dilakoni, sabab wus tumindak ing gawe kagem Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 21 Ing dina iku Ingsun bakal nukulake sungu kanggo turune Israel lan ndadosake sira banjur bisa caturan maneh ana ing satengahe wong-wong mau. Ing kono nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” Paukumane Sang Yehuwah marang Mesir 30:1-19 30 1 Ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelaa: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Padha nangisa lan ngucapa: Adhuh, dina iku 3 Dina iku wus cedhak, dinane Sang Yehuwah wus cedhak, dina mendhung kang peteng; iku dinane para bangsa. 4 Pedhang nekani Mesir lan Etiopia bakal gumeter ing nalikane wong-wong padha ambruk pinatenan ana ing Mesir tuwin kasugihane digawa mlayu sarta pandhemen-pandhemene padha kabongkar. 5 Wong Etiopia, Put, Lud, wong ing saidenging tanah Arab, wong Libia sarta para wong saka ing nagara kang sekuthon karo bangsa-bangsa iku bakal padha ambruk mati dening pedhang bebarengan. 6 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para wong kang padha mbiyantu Mesir bakal ambruk mati, tuwin kumlungkunge Mesir kang awit saka kakuwatane bakal sirna. Wiwit saka ing Migdol nganti tumeka ing Siene wong-wong bakal mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 7 Mesir bakal kasirnakake ana ing satengahe nagara kang wus padha sepi mamring lan kutha-kuthane bakal kagolong kutha kang wus padha rusak. 8 Ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku ing nalikane Ingsun nganakake geni ana ing Mesir satemah sakehing wong kang mbiyantu padha sirna. 9 Ing dina iku para utusaningSun bakal padha mangkat kalawan rerikatan prelu banjur gawe kagete Etiopia kang lagi seneng-seneng, temahan bakal padha gumeter ing dina tumibane paukuman tumrap Mesir; amarga iku nyata-nyata bakal kelakon. 10 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngicali kasugihane Mesir lumantar Nebukadnezar, raja ing Babil. 11 Panjenengane kalawan wadya-balane; yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal nyirnakake tanah iku lan bakal ngunus pedhang nglawan Mesir sarta bakal padha ngebaki tanah iku kalawan wong kang padha dipateni. 12 Ingsun bakal ngasatake cawanganing bengawan Nil sarta bakal masrahake tanah iku marang ing tangane wong ala, apadene bakal nyirnakake tanah iku dalah saisine lumantar bangsa liyan. Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake bab iku. 13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngrisak para brahalane lan ngicali dewa-dewaning Memfis; tuwin ing tanah Mesir bakal ora ana panggedhene maneh sarta Ingsun bakal nuwuhake pagiris ana ing kana. 14 Ingsun bakal nyirnakake Patros lan nganakake geni ana ing Soan sarta ndhawahake paukuman marang Tebe. 15 Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang Sin, betenge Mesir lan nyirnakake kasugihane Tebe. 16 Ingsun bakal nganakake geni ana ing Mesir, Sin bakal gumeter apadene Tebe bakal karebut lan tembok-temboke bakal kabongkar. 17 Para nom-noman On lan Pi-Beset bakal padha ambruk dening pedhang tuwin para wong wadon bakal kaboyongan. 18 Ing Takhpanhes bakal ana pagowong ing wayah raina, yaiku ing nalikane Ingsun mepesake panguwasane Mesir ana ing kana lan anggone kumlungkung, kang marga saka kakuwatane, bakal sirna. Kutha iku bakal katutupan ing mendhung, dene anak-anake wadon bakal kaboyongan. 19 Sabanjure Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Mesir, temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.” Sirnane panguwasane Mesir 30:20-26 20 Nalika ing taun kang kaping sawelas, tanggal pitu sasi kapisan, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 21 “He, anaking manungsa, tangan kakuwatane Pringon, raja ing Mesir, wus Suntugel lan tangane iku ora kablebed supaya pulih maneh, ora ana kang mblebed supaya dadi kuwat maneh, lan bisa ngacungake pedhang. 22 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhe Pringon, raja ing Mesir, tuwin Ingsun bakal nugel tangane, kang isih kuwat sarta kang wus tugel, apadene bakal ndhawahake pedhang kang ana ing tangane. 23 Wong Mesir bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar menyang sakehing nagara. 24 Ingsun bakal nyantosakake tangane raja ing Babil lan bakal maringake pedhangingSun ana ing tangane, nanging tangane Pringon bakal Suntugel lan dheweke bakal ngadhuh-adhuh kaya wong kang tatu banget ana ing ngarepe. 25 Ingsun mesthi bakal nyantosakake tangane raja Babil, nanging tangane Raja Pringon bakal lemes. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun maringake pedhangingSun ing tangane raja ing Babil, kang tumuli kaacungake marang ing tanah Mesir. 26 Ingsun bakal mbuyarake wong Mesir ana ing antarane para bangsa lan nyebar wong-wong mau menyang ing sakehe nagara. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” Raja Pringon kagambar kayadene wit eres kang kategor 31:1-18 31 1 Ing taun kang kaping sawelas, tanggal siji sasi telu, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira tutura marang Pringon, raja ing Mesir lan marang sagolongane mangkene: Ing sajroning kamulyanira sapa kang bisa madhani sira? 3 Lah, sira Sunpadhakake kalawan wit eres ing Libanon, kang pange ngrempayak endah-endah lan kang godhonge ngrembuyung; wite dhuwur banget pucuke nganti sundhul langit. 4 Kali-kali kang ndadekake gedhe, samodra agung ndadekake dhuwur, iku kang njalari kali-kali padha mili ngubengi panggonane iku lan kalen-kalen padha mili menyang ing sakehing wit-witan kang ana ing ara-ara. 5 Awit saka iku dhuwure ngungkuli sakehing wit-witan ing ara-ara; pange kang cilik-cilik saya akeh, pange kang gedhe padha dadi dawa marga kaluberan ing banyu akeh. 6 Kang padha nusuh ana ing pange kang cilik-cilik sakehing manuk ing ngawang-awang, dene kang ana ing sangisoring pang-pang gedhe kabeh kewan ing alas kang padha manak, sarta sakehing bangsa kang gedhe padha ngeyub ana ing sangisore. 7 Wit mau endah marga saka gedhene lan marga pange kang gedhe padha dawa-dawa; jalaran oyode padha nlosor nganti tekan ing banyu kang agung. 8 Wit eres kang ana ing patamananing Allah ora bakal padha bisa nandhingi, samono uga wit beros ora bakal padha bisa madhani pang-pange kang cilik, sarta wit armon ora ana kang kena katandhingake karo pang-pange kang gedhe. Sakehing wit-witan ing patamananing Allah ora ana kang bisa katandhingake ing bab kaendahane. 9 Ingsun kang gawe bangeting endahe dalah pange kang gedhe-gedhe kang nggrembel. Sakehing wit-witan ing patamanan Eden ing patamananing Allah padha meri. 10 Marga saka iku Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Sarehne wit iku dhuwur, pucuke nganti sundhul langit sarta marga saka dhuwure iku banjur dadi kumlungkung, 11 mulane wus Sunulungake marang ing tangane wong kang kwasa ana ing antarane para bangsa, supaya kapatrapana kang salaras kalawan pialane; wus Suntundhung. 12 Wong-wong manca, yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal negor wit iku lan banjur kaetogake bae; pange kang gedhe-gedhe padha tiba ana ing gunung-gunung lan ing lembah-lembah sarta pange kang cilik-cilik padha sempal tiba ing dhasaring kaline nagara iku tuwin sakehing bangsa ing bumi padha lunga lumayu saka ing pangaubane, wit iku nuli kaetogake bae. 13 Sakehing manuk ing awang-awang padha mencok ing wit kang wus gumlimpang iku lan sakehing kewan ing alas padha manggon ing antarane pang-pange kang gedhe. 14 Kabeh iki kelakone supaya sakehing wit-witan ing sapinggiring banyu aja padha ngunggul-unggulake dhiri lan pucuke aja nganti kasundhulake ing langit sarta supaya wit-witan kang gedhe, yaiku kabeh kang nesep banyu akeh, aja padha nerusake anggone kumlungkung; amarga kabeh wus padha kaulungake marang pati, ing telenging bumi ing satengahe anak-anaking manungsa kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. 15 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina tumurune marang ing jagading wong mati, samodra agung Sundhawuhi bela-sungkawa. Kali-kaline padha Sunendheg iline, satemah banyune kang gedhe banjur kabendung. Lan marga saka dheweke gunung Libanon Sundadekake manganggo bagor tuwin sakehe wit-witan ing alas Sundadekake alum lesu. 16 Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sundamel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. Anadene sakehing wit-witan ing patamanan Eden, ing telenging bumi bakal rumangsa kalipur, yaiku wit-witan kang pinilih lan kang endah dhewe ing Libanon, kang nesep banyu akeh. 17 Iku uga padha melu mudhun bebarengan menyang ing jagading wong mati, yaiku para wong mati kang kena ing pedhang, lan kabeh kang padha manggon ing pangaubane ana ing satengahing bangsa-bangsa kang uga wus mati. 18 Mulane sira iku kena katandhing karo sapa ing panunggalane wit-witan ing patamanan Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Sira bakal kaudhunake menyang ing telenging bumi bebarengan karo wit-witan ing patamanan Eden sarta bakal gumlethak ana ing satengahe para wong kang ora tetak, bebarengan karo para wong kang mati kena ing pedhang. Yaiku Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Kidung pangadhuh tumrap Sang Prabu Pringon 32:1-32 32 1 Ing taun kang kaping rolas, tanggal sapisan sasi rolas ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira ngucapna pangadhuh tumrap Pringon, raja Mesir lan tuturana mangkene: Sira iku madhakake awakira kaya singa nom ing antarane para bangsa. Nanging sira iku kaya baya ing sagara; kali-kalinira padha sira gawe munthuk, sira mbuthekake banyune kalawan sikil lan jempalikan ana ing bladhere. 3 Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ingsun masang jaringingSun kanggo nyekel sira, lumantar paklumpukane bangsa akeh, lan sira Sunlebetake ing jalaningSun. 4 Sira Sunbanting ing bumi, Sununcalake menyang ing ara-ara; sakehing manuk ing awang-awang Sundhawuhi mencok ana ing sira kewan-kewan ing salumahing bumi Sunwaregi kalawan dagingira. 5 Dagingira Sunkendelake bae padha pating kacecer ana ing pagunungan, lembah-lembah padha Sunkebaki bathang-bathangira. 6 Bumi Sunombeni getihira kang mili, uga gunung-gunung, sarta dhasar-dhasaring kali bakal kebak getihira. 7 Samangsa Ingsun nyirnakake sira, langit bakal Suntutupi lan lintange padha Sunpetengi. Srengenge Suntutupi mendhung dene rembulan ora bakal nyorotake sunare. 8 Kabeh kang sumunar ana ing langit bakal Sundadekake peteng marga saka sira. Pepeteng Sundhatengake marang sira. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah. 9 Ingsun bakal damel bingunging atine bangsa akeh, samangsa sira padha Sundadosake tawanan ana ing satengahe para bangsa, ana ing nagara-nagara, kang sira durung tau sumurup. 10 Ingsun bakal damel kagete bangsa akeh, samangsa padha ndeleng marang sira, para rajane bakal padha gumeter ndeleng sira yaiku manawa Ingsun ngobat-abitake pedhangingSun ana ing ngarepe. Bakal padha gumeter tanpa uwis, marga saka ngelingi marang uripe, ing dina sirnanira mau. 11 Awit makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Pedhange raja ing Babil bakal nekani sira. 12 Ingsun bakal damel golonganira padha ambruk kena ing pedhange para prawira, kang ambek siya dhewe ana ing antarane para bangsa. Kumlungkunge Mesir bakal kalebur lan sagolongane kabeh bakal katumpes. 13 Sakehe kewane bakal Sunsirnakake saka ing pinggiring kali-kali gedhe; sikiling manungsa bakal ora mbuktekake maneh lan ora ana kewan kang ngubeg-ubeg ing jerone. 14 Banyune banjur bakal Sunbeningake, kali-kaline bakal Sundamel kaya mili lenga. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah. 15 Samangsa Mesir Sundadekake sepi mamring kabeh isining nagara uga sirna, lan kabeh pendhudhuke wus Sunpateni, ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 16 Yaiki pangadhuh kang kudune kakidungake; para wanitane bangsa-bangsa bakal ngidungake iku; bakal padha ngidungake katujokake marang Mesir lan rakyate kabeh kang akeh iku. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.” 17 Ing taun kang kaping rolas, tanggal limalas sasi kapisan ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 18 “He, anaking manungsa, sira ngadhuh-adhuha bab masyarakat ing Mesir, bebarengan karo para wanitaning bangsa-bangsa kang ngedab-edabi, golonganing wong Mesir iku padha cemplungna ing bumi kang ngisor dhewe, awor karo para wong kang wus mudhun marang ing luwangan kuburan. 19 Kaendahanira iku ngungkuli sapa? Sira mudhuna lan padha klemahana awor karo para wong kang ora tetak 20 Iku bakal padha ambruk ana ing satengahe para wong kang mati dening pedhang lan kabeh rakyate kang akeh iku bakal padha tiba kelumah bebarengan karo dheweke. 21 Para wong kang nyekel pangwasa lan gagah prakosa dalasan para pembantune bakal ngrembug dheweke ana ing satengahe jagade wong mati: Wong-wong iku wus padha mudhun, padha tiba kelumah lan awor karo wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang. 22 Asyur ana ing kana dalah sakehing sekuthone, kaubengan ing pakuburan- pakuburane; iku kabeh padha mati dening pedhang. 23 Kuburane kaprenahake ana ing peranganing luwangan kang jero sarta golongane ana ing sakubenge kuburane; kabeh padha mati, ambruk pinedhang. Yaiku kang nukulake pagiris ana ing jagading wong urip. 24 Elam ana ing kono lan rakyate kabeh kang akeh iku ana ing sakubenge kuburane; iku kabeh padha mati dening pedhang, yaiku kang padha mudhun marang bumi kang ngisor dhewe ora kalawan ditetaki, kang wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan iku padha nanggung kawirangane, awor karo wong-wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan. 25 Ana ing satengahe para wong kang mati, marga dipateni iku, dicawisi paturon uga kabeh rakyate kang akeh iku ana ing sakubenge pakuburane. Iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang, awit wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan padha nanggung kawirangane, awor karo wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan; padha dipapanake ana ing satengahe wong-wong kang mati marga pinatenan. 26 Mesekh lan Tubal padha ana ing kono dalasan kabeh rakyate kang akeh iku, kang padha ngupengi pakuburane; iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang mati dening pedhang, amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip. 27 Padha ora kakubur awor karo para prawira kang padha mati ing jaman biyen, kang padha mudhun marang jagade wong mati bebarengan karo sakehe gegamaning perang, kang pedhange nuli kadekek ing sangisore sirahe sarta tamenge katumpangake ing balung-balunge; amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip. 28 Sira bakal gumlinting ana ing satengahe para wong kang ora tetak, awor karo para wong kang padha mati dening pedhang. 29 Edom ana ing kono, para rajane lan kabeh panggedhene, kang padha dipapanake ing sacedhake para wong kang mati dening pedhang, sanadyan padha prakosa; padha diturokake sandhing wong-wong kang ora tetak lan wong-wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan. 30 Para panggedhe saka ing lor padha ana ing kono, kabeh iku lan sakehe wong Sidon, kang kalawan wirang padha mudhun lan awor karo para wong kang padha mati marga dipateni, sanadyan wus padha njalari girise wong-wong mau kalawan kakuwatane; iku padha diturokake ora kalawan ditetaki ana ing sacedhake wong-wong kang mati dening pedhang sarta padha nanggung kawirangane bebarengan karo wong-wong kang tumurun ing luwangan kuburan. 31 Pringon bakal ndeleng wong iku kabeh lan bakal rumangsa kalipur ing bab kaanane golongane kabeh. Pringon dalah wadya- balane mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 32 Ing sarehne Pringon wus nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, mulane diturokake ing satengahe wong-wong kang ora padha tetak, awor karo wong kang padha mati dening pedhang, Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

BAB 33--48 PAMECA BAB PANGAREP-AREPE ISRAEL