--8 WAHYU-WAHYU s JAWA PL Mazmur Maleakhi

ZAKHARIA

BAB 1--8 WAHYU-WAHYU

Timbalan supaya mratobat 1:1-6 1 1 Ing sasi kang kawolu ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene: 2 “Banget dukane Pangeran Yehuwah marang para leluhurira. 3 Mulane sira kandhaa marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha mratobata marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi, -- Ingsun banjur bakal mbaleni sira. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi --. 4 Sira aja padha kaya para leluhurira, kang wus padha dipituturi dening para nabi ing maune mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Sira padha ngundurana lakunira kang ala lan pokalira kang duraka Nanging padha ora gelem ngrungokake sarta padha ora mreduli marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- 5 Para leluhurira iku padha ana ing ngendi? Lan para nabi iku apa padha urip ing salawase? 6 Nanging sakehe pangandika lan putusaningSun kang wus Sundhawuhake marang abdiningSun para nabi, iku rak wus tumeka ing para leluhurira? Wong-wong iku nuli padha mratobat sarta duwe pangucap mangkene: Kaya kang wus dadi karsane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi anggone nanduki marang aku, miturut laku lan pokalku, iya kaya mangkono Panjenengane anggone nanduki marang kita” Wahyu kang kapisan: Priya kang nunggang jaran 1:7-17 7 Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, pinuju sasi kang kaping sawelas, iya sasi Syebat, tanggal kaping patlikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene: 8 “Dhek mau bengi aku tampa wahyu: aku ndeleng ana priya nitih jaran abang, jumeneng ana ing antarane wit jambu keling kang ana ing jurang; lan ing burine ana jaran-jaran kang ulese abang, abang nom lan putih. 9 Aku banjur matur: Dhuh bendara, punapa tegesipun sadaya punika? Malaekat kang mangandikani aku tumuli paring wangsulan mangkene: Aku bakal nuduhake apa tegese kabeh iku mau. 10 Priya kang ngadeg ana ing antarane wit jambu keling iku banjur wiwit guneman, celathune: Iki kabeh wong kang padha kautus dening Pangeran Yehuwah ndlajahi bumi. 11 Wong-wong mau banjur padha matur marang Sang Malaekating Yehuwah kang jumeneng ana ing antarane wit jambu keling, mangkene: Kawula sampun sami ndlajahi dhateng bumi, lah salumahing bumi katingal ayem lan tentrem. 12 Ing kono ature Sang Malaekating Yehuwah: Dhuh Yehuwah, Gustinipun sarwa tumitah, badhe ngantos pinten laminipun anggen Paduka boten welas dhateng Yerusalem sarta kitha-kithanipun Yehuda ingkang sampun Paduka bendoni laminipun pitung dasa taun punika? 13 Sang Yehuwah tumuli paring wangsulan marang malaekat kang ngandika karo aku mau, kalawan tetembungan kang kapenak lan nglipur. 14 Malaekat kang ngandikan karo aku banjur dhawuh marang aku mangkene: Iki undhangna: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Wus banget anggoningSun mbudidaya kanggo Yerusalem lan Sion, 15 nanging banget anggoningSun bendu marang para bangsa kang rumangsa tentrem iku lan kang bareng Ingsun duka sathithik bae, banjur padha ngrewangi gawe piala; 16 mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun wangsul maneh marang Yerusalem kalawan sih-kadarman. PadalemaningSun bakal kabangun maneh ana ing kana, -- mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sarta tali ukuran bakal kapenthang maneh ing sadhuwure Yerusalem. 17 Kajaba saka iku sira ngundhangna iki: Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi mangkene: Kutha-kuthaningSun bakal padha pulih luber ing kautaman, sarta Sang Yehuwah bakal maringi panglipur marang Sion lan Yerusalem bakal kapilih maneh.” Wahyu kang kapindho: Sungu papat lan pandhe papat 1:18-21 18 Aku tumuli tumenga lan ndeleng, lah ana sungu papat, 19 aku banjur matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Punika tegesipun punapa?” Paring wangsulane: “Sungu-sungu iku kang wus mbuyarake Yehuda, Israel, sarta Yerusalem.” 20 Pangeran Yehuwah tumuli nedahake marang aku pandhe papat. 21 Aku banjur matur pitakon: “Tiyang-tiyang punika dhatengipun badhe nindakaken punapa?” Paring wangsulane malaekat marang aku mangkene: “Iku uga sungu kang wus padha mbuyarake Yehuda, nganti ora ana wong siji-sijia kang wani ndengengek. Anadene tekane iku arep gawe kagete wong-wong iku, yaiku mbanting sungune para bangsa kang wus padha masang sungune marang tanah Yehuda arep dibuyarake.” Wahyu kang kaping telu: Wong kang nyekel tali ukuran 2:1-5 2 1 Aku banjur tumenga lan weruh, lah ana priya kang nyekel tali ukuran, 2 Aku banjur matur pitakon: “Panjenengan tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane: “Arep ngukur Yerusalem, kepengin weruh pira ambane lan pira dawane.” 3 Anadene malaekat kang ngandikan karo aku iku tumuli majeng, banjur ana malaekat liyane kang methukake, 4 iku diprentahi mangkene: “Lumayua, wong nom kang ana ing kana kae kandhanana: Yerusalem bakal tetep kaya ara-ara kang ngeblak, awit saka kehing manungsa lan kewan kang ana ing jerone. 5 Sarta Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.” Wong buwangan diceluk dikon mulih 2:6-13 6 Ayo, ayo ta Padha lumayua saka ing Tanah Lor, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- awit sira padha Sunbuyarake ing keblat papat, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- 7 Ayo, ngungsia menyang ing Sion, he, wong kang padha manggon ing Babil 8 Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, -- sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. -- 9 “Lah ta Ingsun bakal ngobat-abitake astaningSun marang para wong iku, lan banjur padha dadi bandhangane para wong kang ing maune dadi reh-rehane.” Nuli kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi iku kang ngutus aku. 10 “He putri Sion Padha surak-suraka lan bungah-bungaha, awit Ingsun rawuh lan dedalem ana ing tengahira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 11 Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen pangeran Yehuwah kang ngutus aku. 12 Ing kono Yehuda bakal kapundhut dening Sang Yehuwah dadi kagungane ana ing tanah kang suci, sarta Yerusalem bakal kapilih uga. 13 He sakehe tumitah Padha manenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci. Wahyu kang kaping pat: Imam Agung Yusak 3:1-10 3 1 Sawuse mangkono aku banjur dituduh Imam Agung Yusak jumeneng ana ing ngarsane Sang Malaekating Yehuwah, dene setan ngadeg ana ing tengene, prelu ndakwa panjenengane. 2 Sang Malaekating Yehuwah banjur ngandika marang Iblis mau: “He Iblis Sira muga kadukanana dening Pangeran Yehuwah, iya kadukanana dening Sang Yehuwah kang milih Yerusalem. Wong iki rak tugelan kayu kang wus kajupuk saka ing geni?” 3 Anadene Imam Agung Yusak nalika jumeneng ana ing ngarsane Sang Malaekat iku pangagemane reged. 4 Dhawuhe Sang Malaekat marang kang padha ngladosi: “Cuculana sandhangane kang rege iku.” Dene marang Imam Agung Yusak pangandikane: “Lah kaluputanira wus Sunedohake saka sira, lan sira Sunanggoni sandhangan pista.” 5 Tumuli dhawuh: “Sirahe anggonana serban kang resik” Mastakane nuli diagemi serban resik, sarta diagemi pangageman pista; anadene Sang Malaekating Yehuwah jumeneng ana ing sacedhake. 6 Sang Malaekating Yehuwah tumuli pratela marang Imam Agung Yusak: 7 “Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene. 8 He, Imam Agung Yusak, sira ngrungokna, sira lan para kancanira kang lungguh ana ing ngarepira -- iku rak padha dadi pratandha kang elok, -- lah Ingsun bakal ngrawuhake abdiningSun, yaiku Sang Trubusan. 9 Mungguh watu adi kang wus Sunpasrahake marang Yusak iku saben watu siji ana mripate pitu, sarta Ingsun bakal natahi ukir-ukirane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. -- Apamaneh Ingsun bakal ngicali durakane nagara iku mung ing sajroning sadina. 10 Ing dina iku, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sira padha gentenan ngajak lelungguhan ana ing ayome wit anggur lan sangisore wit anjir.” Wahyu kang kaping lima: Padamaran mas rinengga ing wit jaitun loro 4:1-14 4 1 Kacarita malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, banjur nggigah aku patrape kaya nggigah wong lagi turu. 2 Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu; 3 punapa malih padamaran punika kaukiran wit jaitun kalih, satunggal wonten ing tengenipun wadhah lisah, satunggalipun wonten ing kiwanipun.” 4 Aku tumuli matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku mangkene: “Dhuh bendara, punika tegesipun kadospundi?” 5 Malaekat kang ngandikan karo aku iku nuli ndangu: “Kowe apa ora ngreti tegese kabeh iku?” Aturku: “Boten mangretos, bendara” 6 Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. -- 7 He, gunung kang gedhe, sira iku sapa? Ana ing ngarepe Zerubabel sira bakal dadi tanah rata, dene Zerubabel iku bakal ngangkat watu kang pinunjul dene wong padha surak-surak: Apik Apik banget watu iku” 8 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 9 “Tangane Zerubabel wus nalesi padaleman iki, iya tangane iku uga kang bakal ngrampungake, temah kowe bakal sumurup, yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe. 10 Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel. Dene kang pitu iki tingale sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.” 11 Aku banjur matur pitakon mangkene: “Menggah wit jaitun kalih ingkang wonten ing tengen sarta ing kiwanipun padamaran punika, punapa tegesipun?” 12 Aku tumuli matur maneh: “Menggah pangipun wit jaitun kalih sandhing torong emas kalih ingkang ngilekaken jer-jeran emas saking nginggilipun, punika punapa tegesipun?” 13 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe apa ora sumurup tegese iku?” Atur wangsulanku: “Boten sumerep, bendara” 14 Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi” Wahyu kang kaping nem: Gulungan kitab kang nglayang 5:1-4 5 1 Aku banjur tumenga nuli weruh ana gulungan kitab nglayang. 2 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe weruh apa?” Aturku: “Kula ningali wonten kitab gulungan nglayang, panjangipun kalih dasa asta sarta wiyaripun sadasa asta.” 3 Tumuli aku dipangandikani maneh, mangkene: “Iku sumpah wewelak kang nempuh ing sawratane nagara kabeh; sabab miturut surasane sumpah wewelak iku, saben maling ana ing kene isih luput ing paukuman, mangkono uga saben wong kang nglairake sumpah palsu iya isih luput ing paukuman. 4 Ingsun kang nglampahake wewelak iku, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.” Wahyu kang kaping pitu: Wong wadon ana ing takeran efa 5:5-11 5 Malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, sarta dhawuh marang aku: “Kowe namatna lan nitenana apa kang jumedhul ing kono?” 6 Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara” 7 Lah, tutupe timah takeran iku wus kaangkat, lan ing jerone ana wonge wadon kang lungguh. 8 Pangandikane malaekat mau: “Iku kadursilan” Wong wadon iku banjur dijorogake maneh ana ing takeran efa, sarta bandhule timah kabanting ing cangkeme efa. 9 Aku tumuli tumenga lan weruh, ana wong wadon loro kang suwiwine kasentor ing angin; suwiwine mau kayu suwiwine manuk cangak. Efane banjur diangkat mumbul dening wong loro iku ana ing antarane bumi karo langit. 10 Aku tumuli nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Efa punika dipun bekta dhateng pundi?” 11 Paring wangsulane malaekat: “Menyang ing tanah Sinear, wong wadon iku arep digawekake omah ana ing kana; samangsa wus dadi, wong wadon mau banjur dipapanake ana ing omah kono.” Wahyu kang kaping wolu: Kreta papat 6:1-8 6 1 Aku banjur tumenga maneh sarta weruh: lah ana kreta papat metu saka ing antarane gunung loro. Anadene gunung iku gunung tambaga. 2 Kreta kang kapisan rakitane jaran abang, kreta kang kapindho jaran ireng. 3 Kang katelu jaran putih lan kang kapat jaran plangka lan plontheng. 4 Aku banjur nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, aturku: “Dhuh bendara, punika sadaya tegesipun kadospundi?” 5 Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.” 6 Kang rakitane jaran ireng iku menyang ing Tanah Lor; kang putih iku parane mangulon, dene kang plangka menyang Tanah Kidul; 7 sarta kang abang iku metu, bingung arep lunga sumedya ndlajahi salumahe bumi. Nuli padha kadhawuhan: “Mangkata, padha ndlajahana salumahe bumi” Bumi banjur didlajahi. 8 Panjenengane tumuli nguwuh marang aku: “Sawangen, kang lakune menyang Tanah Lor iku arep nentremake RohingSun ana ing Tanah Lor kono.” Kratone Sang Trubusan ing Yerusalem 6:9-15 9 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 10 “Ing dina iki uga sira lungaa, menyang omahe Yosia bin Zefanya narikana pisungsunge Heldai, Tobia lan Yedaya, wong kang wus padha bali saka ing pambuwangan ing Babil. 11 Munguta salaka lan mas, iku banjur gawenen makutha lan sira etrapna ing sirahe Imam Agung Yusak bin Yozadak, 12 kalawan pratelanana: Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Lah iki priya kang asmane Sang Trubusan. Iki bakal tuwuh saka ing papane, lan bakal yasa padalemane Sang Yehuwah. 13 Panjenengane kang bakal mbangun padalemane Sang Yehuwah, sarta kang bakal tampi kaluhuran sarta lenggah ana ing dhampare kalawan ngasta paprentahan. Ing tengene bakal ana sawijining imam, sarta panjenengane sakarone iku bakal padha pirembagan bab damel tentrem-rahayu. 14 Anadene makutha iku bakal tetep kasimpen ana ing padalemane Sang Yehuwah, minangka pangeling-eling marang Heldai, Tobia, Yedaya lan marang Yosia anake Zefanya. 15 Wong-wong kang adoh bakal padha teka melu mbangun padalemane Sang Yehuwah, ing kono kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe kabeh. Lan prakara iki bakal kelakon, manawa kowe padha ngrungokake swarane Pangeran Yehuwah Allahmu kalawan temenan.” Bab puwasa kang sabenere 7:1-14 7 1 Ing taun kang kaping pat jamane Sang Prabu Dharius, pinuju tanggal kaping papat sasi kasanga, yaiku sasi Kislew, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia. 2 Dene wong kang manggon ing Betel wus padha kongkonan Sarezer lan Regem-Melekh sakancane, supaya ngunjukake panyuwun muga kaparingana sih-kamirahane Sang Yehuwah, 3 sarta matur marang para imam kang ana ing padalemaning Yehuwah Gustine sarwa dumadi lan marang para nabi, mangkene: “Punapa kula kedah sami nangis lan puwasa ing wulan kaping gangsal kados ingkang sampun kula lampahi mataun-taun laminipun punika?” 4 Ing kono ana pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang aku, mangkene: 5 “Sira mratelakna marang rakyat sakabehe lan marang para imam, mangkene: Nalika sira padha puwasa karo ngadhuh-adhuh ing sasi kalima lan kapitu salawase pitung puluh taun iki, apa enggonira puwasa iku kagem kaluhuraningSun? 6 Apamaneh manawa sira mangan utawa ngombe, rak iya mung mangan utawa ngombe kanggo awakira dhewe, ta? 7 Iki rak pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah lumantar para nabi kang dhisik, nalika Yerusalem dalah kutha-kutha ing saubenge isih dienggoni lan isih santosa, mangkono uga Tanah Negeb lan Dhaerah Pagunungan iya isih dienggoni.” 8 Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Zakharia, mangkene: 9 “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine. 10 Aja nindhes randha lan bocah lola, apadene wong ngamanca lan wong miskin, mangkono uga ing sajrone atinira aja ana kang ngrancang sumedya nandukake piala marang wong siji lan sijine.” 11 Nanging padha ora gelem nilingake, malah ngakokake pundhake sumedya nglawan lan mbudhegake kupinge supaya aja nganti krungu. 12 Atine padha diatosake kaya inten, supaya aja nganti krungu marang piwulang lan pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kalawan Rohe lumantar para nabine kang dhisik, temah padha kataman bebendune Sang Yehuwah kang ngedab-edabi. 13 “Kayadene anggone padha ora ngrungokake nalika katimbalan, iya kaya mangkono anggoningSun ora midhangetake nalika padha sambat-sambat, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. -- 14 Mulane bakal padha Sundamoni kaya tumanduke angin prahara, menyang ing antarane sakehe para umat kang ora diwanuhi, sarta sawuse iku tanahe dadi suwung, nganti ora kasaba ing wong, mangkono nagara kang adi iku padha didadekake tanah kang sepi mamring dening wong-wong mau.” Karahayone bangsa Israel 8:1-19 8 1 Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: 2 “Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Banget anggoningSun mbudidaya nindakake samubarang kanggo Sion lan kalawan bramatya kang banter. 3 Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal rawuh ing Sion maneh lan akedhaton ing tengahe Yerusalem, sarta Yerusalem bakal kasebut: Kutha Setya, dene gununge Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal kasebut: Gunung Suci. 4 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing lurung-lurunge Yerusalem bakal ana wong kaki-kaki lan nini-nini padha lungguh maneh kalawan padha nyekel teken, marga saka kehing umure; 5 sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal kebak bocah-bocah lanang lan wadon kang padha dolanan ana ing kono. 6 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Manawa lelakon ing wektu iku diarani aneh dening kekarene bangsa iki, apa Ingsun iya bakal mastani aneh uga? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. 7 Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Lah umatingSun Sunentasake saka ing panggonan pletheking srengenge nganti tumeka ing papan surupe, 8 sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.” 9 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Padha kuwatna atinira, he, para wong kang sasuwene iki padha krungu pangandika kang dilairake dening para nabi iku, wiwit nalika masang tetalesing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, nalika Padaleman Suci kaadegake. 10 Awit sadurunge iku wong padha ora oleh rejeki, mangkono uga kewan: sarta wong kang mlebu metu ora bisa tentrem marga saka anane mungsuh, apadene Ingsun ndadekake wong kabeh padha memungsuhan. 11 Nanging saiki, pangrehingSun marang kekarene bangsa iki ora kaya dhek biyen, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. 12 Nanging Ingsun bakal nyebar tentrem-rahayu. Ing kono wit anggur bakal metokake wohe, bumi bakal metokake asile sarta langit bakal menehake ebune. Iku kabeh bakal Sunparingake marang kekarene bangsa iki dadia darbeke. 13 He, turune Yehuda lan turune Israel, dhek biyen sira dadi ipat-ipat ana ing antarane para bangsa, nanging saiki Ingsun bakal ngganjar karaharjan marang sira kabeh nganti padha dadi berkah. Aja padha wedi, santosakna atinira” 14 Awitdene pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Yen ing biyen nalika para leluhurira padha memungu bebenduningSun, Ingsun banjur kagungan karsa arep ndhatengake bilai marang sira kabeh lan Ingsun ora keduwung -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi -- 15 nanging saiki Ingsun karsa damel becik maneh marang Yerusalem lan marang turune Yehuda. Sira aja padha wedi 16 Iki prakara-prakara kang kudu sira tindakake: Sawiji-wijining wong ngucapa kang bener marang pepadhane, lan netepana angger-angger ing sabenere kang njalari tentrem ana ing gapura-gapuranira. 17 Aja ngangen-angen marang cilakane pepadhanira, karomaneh aja seneng asumpah palsu, sabab kabeh iku Sunsengiti.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 18 Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang aku, surasane: 19 “Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Wektu puwasa ing sasi kaping pat, lan ing sasi kalima, ing sasi kapitu lan ing sasi kaping sapuluh, iku bakal dadi kabungahan lan suka pari suka sarta dadi riyaya kang nengsemake marang turune Yehuda; mulane sira padha nengenna marang kabeneran lan karukunan” Karahayon tumrap bangsa-bangsa 8:20-23 20 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Para bangsa lan para wong isine kutha-kutha pirang-pirang isih bakal padha teka maneh, 21 sarta para kang manggon ing kutha kang siji padha marani marang kang manggon ing kutha sijine kalawan ngucap: Payo padha sowan ngunjukake panyuwun marang Sang Yehuwah, supaya karsaa paring kamirahan tuwin ngupaya marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi Aku dhewe iya bakal padha sowan. 22 Dadi bangsa pirang-pirang lan para suku bangsa kang santosa bakal padha teka ing Yerusalem, ngupaya Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, sarta padha nyuwun kamirahaning Yehuwah.” 23 Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: “Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalane para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondheli pojoking jubahe wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhe tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil dening Gusti Allah”

BAB 9--14 PAMECA BAB BAKAL RAWUHE SANG MESIH