--24 PAMECA-PAMECA NGLAWAN ISRAEL

YEHESKIEL

BAB 1--24 PAMECA-PAMECA NGLAWAN ISRAEL

Nabi Yeheskiel mirsani kamulyane Sang Yehuwah 1:1-28 1 1 Ing taun kang kaping telung puluh, tanggal kaping lima sasi papat, nalika aku ana ing pinggir kali Kebar bebarengan karo para wong buwangan, nuli langit piyak lan aku sumurup wahyu saka ing Allah. 2 Ing tanggal kaping lima sasi iku, yaiku ing taun kalimane sawuse Sang Prabu Yoyakhin kakendhangake, 3 ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumuju marang Imam Yeheskiel, putrane Sang Busi, ana ing nagarane wong Kasdim ing pinggir kali Kebar, sarta ana ing kono panjenengane kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah. 4 Aku banjur ndeleng, lah ana prahara saka ing lor, kang nggawa mendhung kandel lan geni mulad-mulad; mendhung mau kinubengan ing pepadhang kang sumorot; ing jerone kaprenah ing satengahing geni iku ana kang kaya swasa mencorong. 5 Ing tengah-tengahe kono uga ana kang rupane kaya makhluk papat kang urip, lan iku katone mangkene: rupane kaya manungsa, 6 nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat. 7 Sikile lenceng-lenceng, sarta tlapakane kaya tracak pedhet, mencorong kaya swasa kang mentas kagebeg. 8 Ing sangisoring swiwi ana tangan manungsa kaprenah ing sisih papate pisan. Dene rai lan swiwine mau mangkene: 9 swiwine padha gathuk; manawa lumaku ora nganggo mingar-minger, nanging ing sapenering adhepe. 10 Raine katone mangkene: Kapat pisan raine kang ngarep rai manungsa, kang sisih tengen rai singa, kang sisih kiwa rai sapi, kang ana ing buri rai manuk garudha. 11 Swiwine padha kaegarake mandhuwur, sarta adu pucuk ngloro-ngloro, dene swiwi liyane nutupi awake. 12 Kabeh lakune ing sapenere adhepe, menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono parane; anggone lumaku ora nganggo mingar-minger. 13 Ing satengahing makhluk-makhluk mau ana kang katon kaya mawa geni mengangah, kayadene obor kang obah mrana-mrene ana ing antarane makhluk-makhluk kang urip iku; geni mau mubyar sarta metu kilate kang padha sesamberan. 14 Makhluk-makhluk kang urip iku padha mabur mrana-mrene kaya thathit. 15 Aku ndeleng, lah ing bumi ana rodha ngadeg sandhing makhluk-makhluk papat mau ing iringane ana rodhane siji, 16 rupane mencorong kaya sesotya pirus, kapate kembar lan katone ing tengahing rodha kaya ana rodhane. 17 Manawa padha lumaku, bisa ngener menyang ing keblat papat, ora nganggo mingar-minger. 18 Rodha-rodha mau ana wengkune lan aku ndeleng wengku kapat pisan iku padha kebak mata mubeng. 19 Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga lumaku ing sandhinge; lan manawa makhluk kang urip iku padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaumbulake. 20 Menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono paraning para makhluk mau tuwin rodha-rodhane padha kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing makhluk-makhluk kang urip iku dumunung ana ing rodhane. 21 Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga padha lumaku, manawa makhluk mau padha mandheg, rodhane iya padha mandheg, sarta manawa makhluk mau padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing para makhluk iku dumunung ana ing rodhane. 22 Ing sadhuwure sirahe makhluk-makhluk kang urip iku ana rerupan kang saemper langit, kang katon kaya kristal es kang nggegirisi, kagelar ing sadhuwure sirahe. 23 Lan ana ing sangisoring langit iku swiwine kabeber jejeg, kang siji gathuk karo sijine, kabeh padha duwe swiwi loro kang nutupi awake. 24 Manawa padha lumaku, aku krungu swara kumebeting swiwine kumrasak, kayadene swaraning grojogan, kaya swarane Kang Mahakwasa, gumuruh kaya swarane wadya bala akeh; manawa padha mandheg, swiwine diingkupake. 25 Aku banjur krungu swara saka ing sadhuwure langit kang mayungi sirahe; manawa makhluk mau padha mandheg, swiwine diingkupake. 26 Ing sadhuwuring langit kang mayungi para makhluk mau ana rerupan kang katon kaya dhampar, memper karo sesotya manila; lan ing sadhuwure kang rupane kaya dhampar iku ana kang katone kaya manungsa. 27 Wiwit kang kaya bangkekan iku nganti tekan ing dhuwur, aku ndeleng kang mencorong kaya swasa lan kaya geni kang ing sakubenge katutupan; lan saka kang kaya bangkekan tumeka ing ngisor aku ndeleng kang kaya geni kang kinubengan ing sunar. 28 Kayadene kluwung kang ing mangsa udan katon ana ing mendhung, iya kaya mangkono iku katone sunar kang ngubengi. Kaya mangkono katone gambaring kamulyane Pangeran Yehuwah. Bareng aku ndeleng iku aku banjur nyembah sujud, sarta krungu swaraning Panjenengane kang medhar pangandika. Imam Yeheskiel katimbalan dadi nabi 2:1--3:15 2 1 Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, sira tangia lan ngadega, nuli sira Sunpangandikani.” 2 Bareng aku wus dipangandikani mangkono, aku banjur kadunungan roh kang ngadegake aku, sarta aku krungu kang mangandikani aku. 3 Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, sira Sunutus nemoni wong Israel, bangsa kang ambek mbalela, kang wus mbalela marang Ingsun. Bangsa iki dalah para leluhure wus padha gawe duraka marang Ingsun nganti tumeka ing dina iki uga. 4 Anadene turune padha mbangkang lan wangkot atine; sira Sunutus nemoni bangsa iku, padha kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah. 5 Dene iku padha ngrungokake apa ora -- amarga iku jinis kang ambek mbalela -- nanging bakal padha sumurup, manawa ing satengahe bangsa iku ana nabine. 6 Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela. 7 Padha sira dhawuhana sapangandikaningSun, sanadyan dirungokake utawa ora, amarga padha ambek mbalela. 8 Dene sira, anaking manungsa, apa sapangandikaningSun marang sira iku rungokna, lan sira aja mbalela kaya jinis kang ambek mbalela iku. Sira mangapa, panganen apa kang Sunparingake marang sira.” 9 Aku mulat, lah ana asta kang kaulungake marang aku lan asta mau nyepeng layang gulungan, 10 kang banjur dibeber ana ing ngarepku. Ing kono katon ing jaba lan ing jerone katulisan kidung pangadhuh, pangesah lan pasambat. 1 Aku tumuli dipangandikani: “He, anaking manungsa, panganen apa kang sira temu iki; gulungan kitab iki panganen banjur lungaa, turune Israel sira kandhanana.” 2 Aku tumuli mangap sarta diparingi gulungan mau kakarsakake mangan. 3 Dhawuhe marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, gulungan kang Sunparingake marang sira iki panganen, wetengira isenana iku.” Iku banjur dakpangan, ana ing cangkemku rasane legi kaya madu. 4 Pangandikane marang aku: “He, anaking manungsa, lungaa, turune Israel temonana lan dhawuhana pangandikaningSun. 5 Dene anggonira kautus iku ora marani bangsa kang basane ora mangretekake lan alot ilate, nanging marani bangsa Israel; 6 dudu bangsa akeh kang basane nyleneh lan kang alot ilate, kang tembung-tembunge sira ora mangreti. Saupama sira Sunutus nemoni bangsa kang mangkono, iku bakal ngrungokake sira. 7 Nanging turune Israel ora gelem ngrungokake sira, amarga ora gelem ngrungokake Ingsun, awit kabeh turune Israel iku bathuke atos lan atine wangkot. 8 Lah rainira Sundadekake atos kaya raine wong-wong iku sarta semangatira Sundadekake kuwat nglawan wangkoting atine. 9 Atinira Sunteguhake kayadene inten, kang atose ngungkuli watu; sira aja wedi marang wong-wong iku lan aja gumeter ndeleng raine, awit iku jinis kang awatek mbalela.” 10 Sabanjure pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, nggatekna lan nilingna kupingira marang sakehing pangandikaningSun marang sira. 11 Lungaa nemonana para wong buwangan, para kanca kang tunggal bangsa kalawan sira, rembugana lan kandhaa marang wong-wong iku mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah; sanadyan padha gelem ngrungokake apa ora.” 12 Aku banjur kaangkat dening Sang Roh, sarta aku krungu swara gumuruh sora ana ing buriku, ing nalikane kamulyaning Allah mumbul saka ing panggenane, 13 yaiku swaraning swiwine para makhluk kang urip kang padha gesrek-gesrekan lan kajaba iku swaraning rodha-rodha kang gumledheg, swara gumuruh kang sora. 14 Sang Roh mau njunjung aku, kasingkirake; aku nuli lunga kalawan ati panas lan prihatin banget, amarga pangwaosing Pangeran Yehuwah banget-banget anggone meksa marang aku. 15 Aku banjur marani para wong buwangan kang padha manggon ing pinggir kali Kebar ing Tel-Abib sarta nganti pitung dina anggonku ana ing kono kalawan legag-legeg. Nabi Yeheskiel katimbalan dadi panjaganing Israel 3:16-21 16 Sawise pitung dina ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 17 “He, anaking manungsa, sira wus Suntetepake dadi panjaganing turune Israel. Manawa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha sira elingna awit saka asmaningSun. 18 Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi bakal kaukum pati -- mangka sira ora ngelingake wong iku lan ora kandha apa-apa marang wong duraka iku kanggo ngelingake supaya mbuwanga lakune kang ala, amrih bisane lestari urip -- wong iku bakal mati marga saka dosane, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira. 19 Nanging manawa sira ngelingake wong duraka iku, mangka wong mau ora gelem ngunduri pialane lan lakune kang duraka, iku bakal mati marga saka durakane, dene sira wus ngluwari nyawanira. 20 Manawa ana wong kang mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, lan Ingsun banjur nyelehake watu sandhungan ana ing ngarepe, wong iku bakal mati. Sarehne sira ora ngelingake wong mau, iku bakal mati marga saka dosane, dene panggawene becik kang wus dilakoni ora bakal kaetung, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira. 21 Nanging manawa sira ngelingake marang wong mursid iku supaya aja nglakoni dosa, lan iya ora nganti gawe dosa, iku bakal lestari urip, amarga gelem nampani pepeling, dene sira wus nguwalake nyawanira.” Nabi Yeheskiel dadi bisu 3:22-27 22 Bareng ana ing kono pangwaosing Yehuwah nglimputi aku sarta aku banjur kadhawuhan mangkene: “Sira ngadega lan mangkata menyang ing lebak, ana ing kono sira bakal Sunpangandikani.” 23 Aku banjur ngadeg lan mangkat menyang ing lebak, lah ana ing kono kamulyane Sang Yehuwah katon kaya kamulyan kang wus dakdeleng ana ing pinggir kali Kebar; aku tumuli sujud. 24 Nanging aku banjur kapanjingan ing roh; aku diadegake. Panjenengane nuli ngandika marang aku mangkene: “Sira muliha, lumebua ing omahira sarta kancingen lawange. 25 Lah sira, he anaking manungsa, bakal katlikung kalawan tali lan bakal kabanda, satemah sira ora bisa nekani ana ing satengahe wong-wong mau, 26 apadene ilatira bakal Sundadekake kraket ing cethakira, satemah sira dadi bisu lan ora bakal bisa melehake wong-wong iku, awit iku jinis kang awatek mbalela. 27 Nanging manawa Ingsun ngandikan kalawan sira, cangkemira bakal Sunbikak lan sira bakal ngandhani wong-wong mau mangkene: Mangkene iki pangandikane Pangeran Yehuwah. Sing sapa gelem ngrungokake, cikben ngrungokake; lan sing sapa emoh ngrungokake, cikben ora ngrungokake, amarga wong-wong iku jinis kang awatek mbalela.” Gegambaran bab anggone kutha Yerusalem bakal kakepung 4:1--5:17 4 1 “He, anaking manungsa, sira njupuka bata, selehna ana ing ngarepira, lan nggambara kutha ana ing dhuwure, yaiku Yerusalem. 2 Kutha iku enthanen lagi kakepung: dokokana beteng pangepungan, gawea undhug-undhugan lemah kang dadi tangguling pangepungan, dokokana tarub panginepaning wadya-bala sarta ing sakubenging kutha iku pasangana totog. 3 Nuli sira njupuka wesi wajan blebekan, iku degna ana ing antaranira lan kutha mau minangka pager wesi, sawuse mangkono sira marepa mrono, dadine kutha iku kakepung lan sira kepung. Iki dadi pratandha tumrap turune Israel. 4 Sira banjur turona miring ngiwa, sira nanggunga paukumane turuning Israel. Pirang dina anggonira turon mangkono iku, iya samono lawase anggonira nyangga paukumane. 5 Mangkene anggoningSun netepake tumrap sira: Pirang taun anggone turune Israel kaukum, iya iku cacahing dina anggonira nanggung paukumane, yaiku telung atus sangang puluh dina. 6 Manawa iku wus sira tindakake, banjur turona miring maneh, nanging miring manengen lan sira nyanggaa paukumane Yehuda lawase patang puluh dina; Ingsun netepake tumrap sira sadina kanggo sataun. 7 Sira mandenga marang Yerusalem kang kakepung iku lan ethungana antem sarta medhara wangsit nglawan kutha iku. 8 Lah sira bakal Suntaleni, satemah anggonira turon ora bisa alihan nganti sira wus ngganepi dinaning pangepunganira iku. 9 Sabanjure sira njupuka gandum sair, kedhele, kacang, jewawut lan kusemet, iku dadekna siji ana ing wadhah, nuli olahen dadekna roti. Iku minangka panganira ing sajrone sira turon miring iku, yaiku telung atus sangang puluh dina. 10 Lan panganira iku kehe bakal katemtokake sarana katimbang: sadinane rong puluh sekel; iku sira pangana ing wektu-wektu kang wus katemtokake. 11 Banyu kang sira ombe uga bakal katemtokake: sapranem hin; iku sira ombea ing wektu-wektu kang wus katemtokake. 12 Roti iku sira pangana kayadene roti sair bunder tuwin kudu sira bakar ing geni sesukering manungsa ana ing ngarepe wong-wong mau.” 13 Pangeran Yehuwah nuli ngandika maneh: “Wong Israel bakal Sunbuwang menyang ing satengahing bangsa-bangsa lan kalawan mangkono bakal mangan rotine ana ing kana kalawan najis.” 14 Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.” 15 Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Lah yen mangkono sira Sunparengake nganggo sesuker sapi minangka gantine sesuker manungsa, sarta rotinira kabakara ana ing kono.” 16 Sawuse mangkono aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal nyirnakake simpenane pangan ing Yerusalem -- lan wong-wong mau kalawan prihatin anggone mangan roti kang bobote wus katemtokake; mangkono uga anggone bakal ngombe banyu kang wus katemtokake takerane, iya kalawan susah banget -- 17 iku supaya padha kakurangan pangan lan ngombe, satemah padha ngenes tuwin padha gering ana ing sajroning paukumane. 5 1 He, anaking manungsa, sira njupuka pedhang kang landhep, anggonen kayadene ladinge panyukuran tukang cukur; rambuting sirahira lan jenggotira cukuren; nuli njupuka timbangan, rambutira bage-bagenen. 2 Sapratelon kudu sira obong ing geni ana ing satengahing kutha iku, samangsa wus ganep wektu pangepunge; sapratelon jupuken lan sabeten kalawan pedhang ana ing sakubenge lan sapratelon sira awut-awuta ing angin, dene Ingsun bakal ngunus pedhang kagawe mbujeng. 3 Sira njupuka rambut iku sathithik sira bundhelana ing poncoting jubahira. 4 Nuli sira njupuka maneh sawatara, sira cemplungna ing geni, cikben kobong; iku bakal metu genine kang mangsa turune Israel kabeh. Sira banjur ngucapa mangkene: 5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Yaiki Yerusalem Iki Sunpapanake ana ing satengahing bangsa-bangsa lan kaubengan ing nagara-nagarane. 6 Iku wus mbalela marang pranatan-pranataningSun, ngluwihi alane para bangsa, tuwin marang katetepaningSun ngluwihi nagara-nagara ing sakubenge, amarga padha nampik pranataningSun sarta kalakuane ora cocog kalawan katetepaningSun. 7 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne alanira ngluwihi para bangsa ing sakubengira tuwin kalakuanira ora cocog kalawan katetepaningSun sarta ora nindakake pranatan-pranataningSun, malah sira netepi pranatan-pranantaning bangsa-bangsa ing sakubengira, 8 mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah, Ingsun, iya Ingsun piyambak kang bakal nglawan sira lan Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang sira ana ing ngarepe para bangsa. 9 Marga saka panggawenira kang jember iku, Ingsun bakal nandukake marang sira apa kang durung tau Suntindakake lan kang ora bakal Suntindakake maneh. 10 Mulane bakal kelakon bapa padha mangan anake dhewe ana ing tengahira, lan uga anak padha mangan bapakne dhewe, sarta Ingsun bakal nandukake paukuman marang sira ana ing satengahira, sarta kabeh kekarenira bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat kabeh. 11 Awit saka iku dhemi Ingsun gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, marga saka anggonira najisake pasuceningSun kalawan sakehing dewanira kang nistha lan kalawan sakehing durakanira, lah Ingsun piyambak bakal ngrubuhake sira; Ingsun ora bakal ngeman lan ora bakal nandukake kawelasan. 12 Panunggalanira sapratelon bakal mati dening pageblug lan mati kaliren ana ing tengahira; sapratelon bakal tiwas dening pedhang ana ing sakubengira; lan sapratelon bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat sarta bakal Ingsun bujeng kalawan pedhang ligan. 13 Kaya mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau, satemah bentering panggalihingSun banjur lilih sarta Ingsun wus rumaos marem. Ing kono wong-wong iku bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah kang mangandikakake iku ing sajroning butajenganingSun, nalika Ingsun ngesokake bebenduningSun mau. 14 Sira bakal Sundadekake jugrugan lan cacadan ana ing satengahing para bangsa ing sakubengira ana ing ngarepe sakehing wong kang padha liwat. 15 Sira bakal dadi cacadan lan cecampahan, minangka pepenget lan dadi bab kang ngeram-eramake tumrap para bangsa ing sakubengira, yaiku ing samangsa Ingsun nibakake paukuman marang sira ing sajroning bendu lan duka sarta ing sajroning pangrangketingSun kang nggegirisi -- Ingsun, Pangeran Yehuwah kang mangandikakake -- 16 ing nalika Ingsun ndhatengake paceklik kang nggegirisi, kang neniwasi sarta kang Sundhatengake kanggo numpes sira kabeh, nalika Ingsun mbangetake paceklik tumrap sira kabeh lan nyirnakake pasadhiyanira pangan. 17 Ingsun bakal ndhatengake paceklik marang sira kabeh lan kewan-kewan galak ing satengahira, kang bakal ngentekake anak-anakira; pageblug bakal nekani sira lan bakal ana getih kang mili ana ing tengahira sarta Ingsun bakal ndhatengake pedhang marang sira, Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku kabeh.” Pameca nglawan gunung-gunung Israel 6:1-14 6 1 Sawuse iku ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, marepa marang ing gunung-gununge Israel lan nglairna pameca nglawan gunung-gunung iku 3 Munia: He gunung-gununge Israel, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah Allah Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang jurang-jurang lan lebak-lebak: Lah Ingsun bakal ndhatengake perang marang sira sarta Ingsun bakal ngrusak tengger-tengger panggonanira saos kurban. 4 Misbyah-misbyahira bakal dadi sepi mamring lan padupan-padupanira bakal karusak; tuwin Ingsun bakal ngebrukake para wongira kang padha pinatenan ana ing ngarepe brahala-brahalanira. 5 Mayit- mayite wong Israel bakal Sununcalake marang ing ngarepe para brahalane tuwin balung-balungira menyang ing sakubenging misbyah-misbyahira. 6 Ana ing ngendi bae pamanggonira, kutha-kuthanira bakal dadi jugrugan lan tengger-tengger panggonanira saos kurban bakal dadi sepi mamring, supaya misbyah-misbyahira karemuk lan tininggal sepi mamring, brahala-brahalanira diejur-ejur lan disirnakake, padupan-padupanira dilebur sarta gegaweaning tanganira padha kamusnakake. 7 Wong-wongira kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah. 8 Nanging saperangan, yaiku kang oncat saka pedhang, iku bakal Sunlestarekake urip ana ing satengahing para bangsa, samangsa sira padha kasebar-sebar menyang ing nagara-nagara iku. 9 Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha. 10 Banjur bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah lan ora omong kosong, manawa Ingsun ngandika bakal ndhatengake bilai marang wong-wong mau.” 11 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Keploka lan gedrugna sikilira ing lemah sarta nguwuha: Diawas Marga saka sakehing panggawene turune Israel kang nistha lan ala, wong-wong iku bakal padha ambruk mati dening pedhang, kaliren lan dening pageblug. 12 Kang adoh bakal mati kena ing pageblug, kang cedhak bakal ambruk dening pedhang, dene kang oncat lan kapitulungan bakal mati kaliren. Mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau. 13 Lan sira bakal sumurup, yen Ingsun iku Yehuwah, yaiku nalika wong-wonge kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahing para brahalane ing sakubenge misbyah-misbyahe, ing saben tengger kang dhuwur lan ing saben pucuking gunung, ing sangisoring saben wit kang ngrembuyung, ing saben wit elah kang ngrempoyok, papan-papan kang kanggo nganakake kurban kang arum marang sakehing brahalane. 14 Ingsun bakal ngayatake astaningSun bakal nglawan wong-wong mau lan tanahe, ana ing ngendi bae pamanggone, bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring wiwit ing pasamunan nganti tumeka ing Ribla, nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” Kawusananing Yerusalem 7:1-27 7 1 Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang tanah Israel: Wus tumeka ing wekasane Tanah ing keblat papat wus tumeka ing wekasane 3 Saiki wus tumeka ing wekasanira lan Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang sira, lan sira bakal Sunadili laras kalawan panggawenira sarta Ingsun bakal males marang sakehing tumindakira kang nistha. 4 Ingsun ora bakal rumaos eman tumrap sira tuwin ora bakal nandukake kawelasan, nanging Ingsun bakal males marang sira cundhuk kalawan tumindakira, lan panggawenira kang nistha, iku bakal tumempuh marang sira sarta sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.” 5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah, bilai kasusul bilai, iku bakal nekani 6 Wus tumeka ing wekasanira, kaya-kaya jumedhul nglawan marang sira, delengen tekane 7 Kasangsaran nekani sira, he para kang manggon ing tanah Wus tumeka ing wektune, wus tumeka ing dinane Dinaning pageger, dudu swaraning surak-surak ana ing gunung-gunung. 8 Saiki Ingsun enggal-enggal bakal ngesokake dedukaningSun marang sira lan ngatogake bebenduningSun marang sira, Ingsun bakal ngadili sira laras kalawan tumindakira lan males sakehing panggawenira kang nistha. 9 Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; sira bakal Sunwales cundhuk kalawan panggawenira lan tumindakira kang nistha bakal tumempuh marang sira. Sira banjur bakal sumurup, yen Ingsun, Yehuwah kang nyirnakake. 10 Lah sanyata wus tumeka ing dinane: bilai bakal tumempuh, gebuge wus semi, piangkuhe wus kembang, 11 panganiaya wus thukul dadi gitik kang tumrap ing duraka; wong-wonge ora ana kang kari, apa-apane, iya kaluberane, iya kamulyane, entek sakaluhurane pisan. 12 Wus tumeka ing wektune, wus meh tumeka ing dinane. Sing tuku aja bungah, sing adol aja susah, awit bebendu kang murub tumempuh marang sagolongane kabeh kang rame iku. 13 Amarga kang adol ora bakal mbaleni dodolane, sanadyan bokmanawa isih urip, sabab bebendu kang murub tumempuh marang sagolongane kabeh kang rame iku lan ora kena diduwa sarta ora ana wong kang bisa ngukuhi nyawane marga saka kaluputane. 14 Ngunekna kalasangka lan samubarang kabeh padha cawisna Nanging ora ana wong siji-sijia kang maju perang, amarga bebenduningSun kang mulad-mulad tumempuh marang sakehing karameane. 15 Ing jaban kutha pedhang, ing jero kutha pageblug lan kaliren Sing sapa ana ing jaban kutha bakal mati dening pedhang, lan sing sapa ana ing jero kutha bakal tumpes marga kaliren utawa dening pageblug. 16 Lan sanadyan bokmanawa panunggalane ana kang bisa oncat, iku bakal padha manggon ana ing gunung-gunung kaya manuk perkutut ing lembah-lembah, kabeh padha nggluruh-nggluruh awit saka pialane dhewe. 17 Sakehing tangan padha lemes lan kabeh wong padha kepoyuh-poyuh marga saking wedine. 18 Kabeh bakal padha manganggo bagor, bakal padha kalimputan ing rasa kaget, bakal padha kalimputan ing wirang lan sirahe padha ngundhul kabeh. 19 Salakane dibuwangi ing lurung lan emase bakal kaanggep najis. Emase lan salakane ora bisa ngluwari wong-wong mau ing dina bebendune Pangeran Yehuwah. Bakal padha ora bisa maregi lan ora bisa ngiseni wetenge. Sabab iku dadi sandhungan kang njalari tumibane ing kaluputan. 20 Wong-wong mau padha ngrerengga awake kalawan emase lan salakane lan endahing rerenggane iki dadi jalaraning gumunggung. Emas lan salaka dianggo gawe reca-recane kang nistha lan dewa-dewane kang najisake. Awit saka iku emase lan salakane bakal Sundadekake nenajis tumrap wong-wong iku. 21 Iku bakal Sunulungake dadi jarahan marang tangane para wong manca lan dadi rayahan marang wong duraka ing bumi iki, sarta bakal kanajisake. 22 Ingsun bakal mlengos ora mirsani wong-wong iku, lan para wong ambek siya bakal najisake padalemaningSun kang aji, bakal dileboni lan dinajisake, 23 sarta kasirnakake. Sabab nagara iku kapenuhan ing utang getih, lan kutha iku kebak panganiaya. 24 Bangsa-bangsa kang ambek siya dhewe bakal Suntogake bae anggone padha teka, iku bakal padha ngebeki omahe; Ingsun bakal mungkasi gumunggunge, kang tuwuhe marga saka kakuwatane iku, sarta papan-papane pasucen bakal kanajisake. 25 Padha tinempuh ing pagiris lan banjur padha ngupaya slamet, nanging ora bisa oleh. 26 Kasangsaran bakal gilir-gumanti tekane, pakabaran bakal sumebar susul-sumusul. Padha kepengin oleh wahyu saka nabi, piwulanging imam ilang, uga pituture para pinituwa. 27 Ratu bakal nandhang prihatin lan panggedhe bakal kalimputan ing rasa geter sarta tangane sakehe wong kang manggon ing nagara bakal lemes marga saka wedi. Ingsun bakal nandukake marang wong-wong iku kang cundhuk karo panggawene lan Ingsun bakal ngadili laras karo patrap anggone padha ngadili. Ing kono wong-wong iku bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.” Brahala kang nistha kang ana ing sajroning Padalemaning Allah 8:1-18 8 1 Ing taun kang kaping enem, tanggal lima sasi enem, nalika aku pinuju lungguh ana ing omahku, arep-arepan karo para pinituwaning Yehuda, aku nuli kalimputan ing pangwaose Pangeran Yehuwah, 2 sarta banjur tampa wahyu: Lah ana kang katon kang rupane kaya sawijining priya, wiwit bangkekan tekan ing ngisor rupane kaya geni, saka ing bangkekan mandhuwur katon mawa cahya, gumilap kaya swasa. 3 Iku nuli mulungake kang kaya asta, rambutku dicepeng. Aku banjur kajunjung dening Sang Roh iku marang ing antarane langit lan bumi sarta ing sajroning wahyuning Allah aku kabekta menyang ing Yerusalem, ing sacedhaking gapuraning plataran ing jero kang marep ngalor, kang ana recane brahala, kang nuwuhake butarepan. 4 Lah ing kono katon kamulyaning Allahe Israel, kaya wahyu kang dakdeleng ana ing lebak. 5 Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, ngingetna mangalor” Aku tumuli ngingetake mangalor, lah ing salore gapuraning misbyah, ing sacedhake dalan mlebu, ana reca kang nuwuhake butarepan mau. 6 Aku nuli kapangandikanan mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira ndeleng apa kang padha ditindakake, yaiku panggawe-panggawe kang nistha banget, kang dilakoni dening turune Israel ana ing kene, satemah Ingsun kapeksa ngedohi papan pasuceningSun? Sira isih bakal ndeleng panggawe kang nistha kang ngluwihi iku.” 7 Aku nuli kabekta menyang ing lawanging plataran; aku ndeleng lah ing temboke ana bolongane. 8 Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, bolongan ing tembok iku ambakna” Bareng bolongan iku wus dakambakake, ing kono ana lawange. 9 Aku tumuli dipangandikani: “Sira lumebua lan ndelenga panggawe-panggawe kang nistha kang ala, kang padha ditindakake ana ing kene” 10 Aku banjur lumebu lan ndeleng lah ana gambaring sakehe kewan gumremet lan kewan-kewan liyane kang njejemberi sarta sakehing brahalane turune Israel kang ingukir ana ing tembok ing sakubenge. 11 Ing ngarepe katon ana pinituwaning turune Israel pitung puluh kang padha ngadeg, Yaazanya bin Safan ana ing satengahe wong-wong mau, kabeh padha nyekel bokor padupan; kukusing dupa kang arum kumelun. 12 Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng apa kang katindakake dening para pinituwaning turune Israel ana ing pepeteng ana ing sajroning kamare dhewe-dhewe kang ana gambare ukir-ukiran? Amarga padha celathu mangkene: Pangeran Yehuwah ora mirsa kita; Pangeran Yehuwah wus nilar tanah kene.” 13 Pangandikane maneh mangkene: “Sira bakal ndeleng panggawe nistha kang ngluwihi gedhene maneh, kang padha dilakoni.” 14 Aku banjur kabekta menyang ing sacedhaking lawang gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah ing sisih lor, lah ing kono ana wong wadon kang padha nangisi Bathara Tamus. 15 Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng kang padha ditindakake? Sira isih bakal ndeleng panggawe-panggawe kang nisthani ngluwihi iki banget.” 16 Sawuse mangkono aku banjur dibekta menyang ing platarane njero padalemaning Yehuwah; lah ing sacedhake dalan lumebu marang ing padalemane Pangeran Yehuwah, ing antarane bale Pasucen lan misbyah ana wong lanang kira-kira selawe kang padha ngungkurake padalemane Pangeran Yehuwah, lan padha madhep mangetan kalawan sujud marang srengenge kang ana ing sisih wetan. 17 Aku tumuli dipangandikani: “Apa sira wus ndeleng iku, he anaking manungsa? Apa iki prakara remeh, panggawe-panggawe nistha kang dilakoni dening turune Yehuda ana ing kene iki? Dene tanah iki malah banjur wus dikebaki ing panganiaya, lan marga saka mangkono terus bae anggone gawe gerahing panggalihingSun. 18 Mulane bakal Sunwales kalawan bebenduningSun. Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan sarta sanadyan padha sesambat marang Ingsun kalawan sora, ora bakal Sunpiyarsakake.” Para wong duraka ing Yerusalem padha dipateni 9:1-11 9 1 Aku banjur krungu Panjenengane ngandika kalawan swara sora mangkene: “Padha majua mrene, he para kang kuwajiban nibakake paukuman marang kutha iki Siji-sijine nggawaa piranti kanggo nyirnakake.” 2 Lah ana wong lanang enem kang teka saka ing lawang gapura ing dhuwur, kang marep ngalor, siji-sijine nggawa piranti pangremuk. Panunggalane ana siji kang manganggo mori, kang ing lambunge ana pirantine kanggo nulis. Wong mau padha lumebu lan ngadeg sandhing misbyah tembaga. 3 Ing nalika iku kamulyaning Allahe Israel wus mumbul saka ing kerub papane sakawit, minggah ing tlundhaging lawange Padaleman Suci. Pangeran banjur nimbali wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge, 4 sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.” 5 Dene sapangrunguku wong liya-liyane padha dipangandikani mangkene: “Wong iku etutna, kutha iku dlajahana lan sira menthungana nganti mati Sira aja ngrasa eman lan aja nandukake piwelas. 6 Para wong tuwa, wong enom lanang wadon, bocah-bocah lan wong wadon, iku padha sira patenana lan sirnakna Nanging sakehing wong kang mawa tandha aksara T iku aja sira kapak-kapakake Lan wiwitane saka ing papan pasuceningSun” Banjur padha miwiti saka para pinituwa kang ana ing sangarepe Padaleman Suci. 7 Sawuse mangkono padha dipangandikani mangkene: “Padaleman Suci iku sira najisna, plataran-platarane kebakana wong-wong kang wus kapatenan. Wis padha mangkata” Nuli padha mangkat, wong-wong ing sajroning kutha padha dipenthungi nganti mati. 8 Sajrone padha mateni wong-wong iku -- ing nalika iku aku kari ana ing buri -- aku banjur sujud lan munjuk kalawan sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa karsa Paduka badhe nyirnakaken sadaya kekantunanipun Israel ing salebetipun Paduka ngesokaken bebendu Paduka dhateng Yerusalem punika?” 9 Paring wangsulane marang aku: “Kaluputane turune Israel lan Yehuda iku akeh banget, nganti tanah iki kebak utang getih lan kutha iki kebak kaanan kang ora adil; awit padha ngucap mangkene: Pangeran Yehuwah wus nilar tanah iki; Pangeran Yehuwah ora mirsani iki. 10 Mulane Ingsun uga ora bakal ngraos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe wong iku kabeh.” 11 Ing kono wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge iku banjur lapur, unjuke: “Kawula sampun nglampahi punapa ingkang Paduka dhawuhaken dhumateng kawula.” Kamulyane Pangeran Yehuwah nilar Padaleman Suci 10:1-22 10 1 Aku banjur ndeleng lah ing sadhuwure penthengan kang mayungi sirahe para kerub ing dhuwure ana kang kaya dhampar, katon kaya sesotya manila. 2 Kang manganggo mori mau nuli kapangandikanan mangkene: “Sira lumebua ing sangisoring kerub saka ing antarane rodha-rodhane, ngrakupa mawa mengangah saka ing satengahe kerub iku lan sawurna ing sadhuwure kutha iku.” Aku tumuli sumurup wong mau lumebu. 3 Kerub mau padha ngadeg ana ing sakidule Padaleman Suci, nalika wong mau lumebu ing satengahe rodha-rodhane, lan plataran ing jero kalimputan ing mega. 4 Ing nalika iku kamulyaning Sang Yehuwah minggah saka ing sadhuwuring kerub lan pindhah ing tlundhage lawanging Padaleman Suci, lan Padaleman Suci iki kapenuhan ing mega sarta platarane kebak cahya kamulyane Pangeran Yehuwah. 5 Swaraning swiwine kerub iku keprungu nganti tekan ing plataran ing jaba kaya swaraning Allah Kang Mahakwasa manawa ngandika. 6 Wong kang manganggo mori mau kadhawuhan mangkene: “Sira njupuka geni saka ing satengahe rodha-rodhane, saka ing satengahe kerub iki” Kang manganggo mori banjur mangkat lan ngadeg ing sandhinge salah sawijine rodha iku. 7 Nuli kerub kang siji mulung tangane saka ing satengahing para kerub marang ing geni kang ana ing satengahe, kajupuk sathithik kadekekake ing tangane kang manganggo mori. Wong iki nampani banjur lunga. 8 Kerub-kerub iku katon kadunungan kang kaya tanganing manungsa ana ing sangisoring swiwine. 9 Aku ndeleng sandhing kerub-kerub iku ana rodha papat, saben kerub ing sandhinge ana rodhane siji, sarta rodha-rodha iku katon gumebyar kaya sesotya pirus. 10 Katone kapat pisan iku padha, kaya-kaya rodha kang siji dumunung ing satengahe rodha sijine. 11 Manawa ngglindhing bisa ngener ing patang panggonan, ora nganggo mingar-minger lakune, amarga menyang ngendi parane rodha kang ngarep, rodha liya-liyane padha ngetutake, tanpa mingar-minger lakune. 12 Badane kerub sakojur, gegere, tangane, swiwine lan rodhane kapat pisan kebak mripat mubeng. 13 Sakrunguku rodha-rodhane iku jenenge “rodha mubeng”. 14 Siji-sijine kadunungan rai papat: kapisan rai kerub, kapindho rai manungsa, katelu rai singa lan kapate rai garudha. 15 Kerub mau banjur padha mumbul. Iku makhluk kang urip kang dhek biyen dakdeleng ana ing sapinggiring kali Kebar. 16 Manawa kerub iku lumaku, rodha-rodhane iya ngglindhing ing sandhinge, manawa kerub iku ngegarake swiwine arep mabur saka ing lemah, rodha-rodha mau iya ora obah saka ing sandhinge. 17 Manawa kerub mau padha leren, rodha-rodhane iya leren; manawa kerub iku padha mumbul, rodhane iya melu mumbul, awit rohe makhluk kang padha urip iku dumunung ana ing rodha-rodha kono. 18 Kamulyaning Yehuwah tumuli nilar tlundhaging lawange Padaleman Suci lan pindhah ing sadhuwuring kerub. 19 Kerub- kerub iku padha ngegarake swiwine lan nalika lungane aku sumurup, iku padha mumbul saka ing lemah bebarengan karo rodha-rodhane. Banjur padha leren ing sacedhaking lawange gapurane padalemane Pangeran Yehuwah kang ana ing sisih wetan, tuwin kamulyane Allahe Israel ana ing sadhuwure. 20 Yaiku makhluk-makhluk urip kang dhek biyen dakdeleng ana ing sangisoring Allahe Israel ana ing pinggir kali Kebar. Lan aku mangreti, manawa iku kerub. 21 Siji-sijine ana raine papat sarta ing sangisore swiwine ana kang wangune kaya tanganing manungsa. 22 Katone raine ceples karo kang dakdeleng ana ing sapinggiring kali Kebar. Kabeh lakune padha terus lenceng manut enering adhepe. Para panggedhening Israel padha kaukum 11:1-13 11 1 Aku nuli kajunjung dening Sang Roh kabekta menyang ing lawanging gapurane Wetan padalemaning Yehuwah, yaiku lawang kang marep mangetan. Lah ing gapura kono ana wong salawe lan ana ing satengahe wong-wong iku aku ndeleng Yaazanya bin Azur lan Pelaca bin Benaya, iku kabeh padha dadi panggedhening bangsa. 2 Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, yaiku wong-wong kang ngrancang-ngrancang kadurjanan lan nyenyebar pitutur ala ana ing kutha kene, 3 kang padha celathu: Wektune mbangun omah isih tangeh, kutha iki kendhile, dene kita padha dadi daginge. 4 Mulane sira medhara wangsit, nglawan wong-wong iku, medhara wangsit, he anaking manungsa” 5 Aku tumuli kalimputan ing Rohe Pangeran Yehuwah lan Pangeran Yehuwah ngandika marang aku mangkene: “Pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha celathu mangkene, he turune Israel, lan Ingsun mirsa apa kang tuwuh ana ing sajroning atinira. 6 Wong kang padha sira pateni iku cacahe saya akeh lan dalan-dalan padha sira kebaki mayite. 7 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Allah: Wong kang padha sira pateni iku daginge, dene kutha iki kendhile, nanging sira bakal Sungiring metu saka ing kono. 8 Sira padha wedi marang pedhang, nanging Ingsun bakal ndhatengake pedhang nempuh sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 9 Ingsun bakal nggiring sira metu saka ing kono, Sunpasrahake marang wong manca sarta sira bakal padha Sundhawahi paukuman. 10 Sira bakal padha ambruk dening pedhang, lan ana ing tanah Israel anggoningSun ngukum sira, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 11 Kutha iki ora bakal dadi kendhil tumrap sira utawa kaya-kaya sira dadi daging ana ing kono. Ana ing tanah Israel anggoningSun bakal ngukum sira. 12 Lan sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah; amarga kalakuanira iku ora cocog kalawan pranatan-pranataningSun sarta sira ora nglakoni dhawuhingSun, malah sira nindakake padataningSun bangsa-bangsa ing sakubengira.” 13 Nalika aku lagi medhar wangsit iku, Pelaca bin Benaya mati. Aku banjur sujud lan munjuk kalawan swara sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa Paduka badhe numpes kekantunipun Israel?” Janji bab pambanguning Israel 11:14-25 14 Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 15 “He, anaking manungsa, para kang manggon ing Yerusalem padha kandha bab sakehing sadulurira, sanak kadangira, lan sakehing turune Israel kabeh, mangkene: Wong-wong iku wus padha adoh karo Pangeran Yehuwah, tanah iki wus kaparingake marang aku dadi duwekku. 16 Mulane sira pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sanadyan wong-wong iku wus Sunbekta adoh menyang ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunsebar-sebar ana ing kutha-kuthane, sarta Ingsun mung dadi pasucen kang sepele tumrap wong-wong iku ana ing nagara-nagara kono, 17 ewasamono sira celathua: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira bakal padha Suntimbali nglumpuk saka ing panggonane para bangsa, sarta Sunkumpulake saka ing nagara-nagara, papan panggonanira kasebar, tuwin sira bakal Sunparingi tanah Israel. 18 Dene sawuse padha ana ing kana, bakal padha nyingkirake sakehing dewane kang nistha lan sakehing panggawene kang asor kang ana ing kana. 19 Bakal padha Sunparingi ati kang seje lan roh kang anyar ana ing batine; atine kang kaya watu bakal Sunbengkas lan bakal Sunparingi ati daging, 20 supaya lakune manut ing sakehing pranatan-pranataningSun lan tatananingSun kalawan setya; ing kono banjur padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe. 21 Anadene wong-wong kang atine kelet marang para dewane kang nistha lan panggawene kang ora pantes, iku kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” 22 Kerub-kerub mau nuli padha ngegarake swiwine lan rodhane iya padha melu obah, kalawan kaparingan kamulyane Gusti Allahe Israel, 23 dene kamulyane Pangeran Yehuwah mumbul saka ing satengahe kutha lan ngalih menyang ing sadhuwure gunung kang ana ing sawetaning kutha. 24 Aku nuli kajunjung dening Sang Roh lan ing sajrone wahyu kang saka ing Rohing Allah aku kabekta menyang ing nagara Kasdim, ing panggonane para boyongan. Sawuse mangkono wahyu kang dakdeleng iku banjur ilang, 25 sarta aku tumuli martakake marang para wong buwangan samubarang kabeh kang wus katedahake dening Pangeran Yehuwah marang aku. Nabi Yeheskiel nggambar anggone Israel kabuwang 12:1-28 12 1 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira iku manggon ana ing satengahing golongan kang mbalela kang ana mripate kanggo ndeleng, nanging ora ndeleng lan ana kupinge kanggo ngrungokake, nanging ora krungu, amarga iku golongan kang mbalela. 3 Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot. 4 Barang-barangira sira gawanana metu kayadene barange wong buwangan ing wektu awan, ana ing ngarepe wong-wong mau; lan ing wayah bengi sira dhewe metua ing sapandelenge wong-wong mau, kayadene wong kang kudu metu lan mangkat menyang ing papan pambuwangan. 5 Sira gawea bolongan ing tembok ing sapandelenge wong-wong mau sarta metua mbrobos ing kono. 6 Barang-barangira panggulen ana ing ngarepe lan gawanen metu ing wayah bengi kang peteng; sira nutupana rainira, nganti sira ora ndeleng lemah; amarga sira Sundadekake gegambarane turune Israel.” 7 Aku banjur nindakake apa sadhawuhe marang aku: ing wayah awan aku nggawa barang-barang kayadene barange wong buwangan lan ing wayah bengi aku gawe bolongan ing tembok kalawan tanganku; ing wayah bengi kang peteng ing sapandelenge wong-wong mau aku metu kalawan manggul barang-barangku. 8 Esuke ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 9 “He, anaking manungsa, apa turune Israel jinis kang wangkot iku ora takon marang sira: Panjenengan punika nindakaken punapa? 10 Iku wangsulana mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Wangsite Allah iki tumuju marang ratu ing Yerusalem lan kabeh turune Israel kang ana ing kana. 11 Sira tutura: Aku iki dadi gegambaran tumrap kowe kabeh. Apa kang daktindakake iki bakal tumanduk marang wong-wong iku: bakal dadi wong buwangan kabuwang menyang ing pambuwangan. 12 Lan ratune bakal manggul barang-barange ing wayah bengi kang peteng lan bakal tindak miyos. Wong bakal mbotol tembok kanggo dalan miyose. Panjenengane bakal nutupi pasuryane supaya ora mirsa lemah. 13 Ingsun bakal masang jaringingSun kanggo nangkep dheweke. Iku bakal kena ing jaringingSun lan banjur bakal Sunbekta menyang ing Babil, tanahe wong Kasdim, nanging tanah iku ora bakal kadeleng, banjur bakal mati ana ing kana. 14 Lan sakehe wong kang padha ana ing sacedhake, para pambantune lan wadya-balane, bakal Sunsebar ing sakehing keblat sarta Ingsun bakal ana ing burine kalawan ngunus pedhang. 15 Ing kono bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku manawa wus padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar-sebar menyang ing sakehing nagara. 16 Nanging ana panunggalane kang bakal Sunkarekake sathithik, kang oncat saka ing pedhang, kang ora mati kaliren lan ora katempuh ing pageblug, supaya padha nyaritakake sakehe panggawene wong-wong mau kang nistha ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani, satemah padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” 17 Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 18 “He, anaking manungsa, sira mangana panganira kalawan gumeter lan ngombea kalawan nrethek tuwin kalawan ati kang sumelang 19 lan tutura marang para kang padha manggon ing nagara iki mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah bab para wong Yerusalem kang ana ing tanah Israel: Iku bakal padha mangan pangane kalawan ati sumelang lan ngombe banyu kalawan ati kang susah banget, supaya tanahe dadi sepi mamring, awit isine wus sirna, marga saka panganiayane para wong kang padha manggon ing kono kabeh. 20 Kutha-kutha kang isih dienggoni ing wong bakal padha dadi gempuran lan tanah kono bakal dadi sepi mamring; ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.” 21 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 22 “He, anaking manungsa, bebasan apa kang tinemu ana ing satengahira ana ing tanah Israel, kang surasane: Wektune wus suwe, nanging ora ana wahyu siji bae kang kelakon? 23 Mulane tutura marang wong-wong mau: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngilangi bebasan iki, satemah bakal ora ana wong kang ngucapake iku maneh ana ing tanah Israel; malah padha sira kandhanana mangkene: Wektune wus cedhak lan saben wahyu bakal kelakon. 24 Sabab ora bakal ana maneh wahyu apas-apusan utawa pameca kang nasarake ing satengahe turune Israel. 25 Amarga Ingsun, Yehuwah bakal ngandika lan apa kang Sunpangandikakake bakal kelakon, lan pangandika iku ora bakal kaundur-undur maneh awit sajrone sira isih padha urip, he jinis kang wangkot, Ingsun bakal nglairake pangandika kang bakal Suntetepi. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” 26 Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 27 “He, anaking manungsa, lah turune Israel padha ngucap: Wahyu kang dideleng iku isih suwe banget bakale kelakon, pameca kang diucapake iku tumuju marang bab kang isih adoh banget. 28 Mulane sira pratelaa marang wong-wong mau: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Ora ana pangandikaningSun siji bae kang bakal kaundur-undur. Apa kang Sunpangandikakake bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Paukuman tumrap para nabi gadhungan 13:1-16 13 1 Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan nabine Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong kang medhar wangsit sasenenge dhewe bae iku mangkene: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah 3 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Cilaka para nabi kang gemblung kang nuruti pamisiking atine dhewe iku lan kang ora ndeleng wahyu. 4 Kayadene asu ajag ing satengahing gempuran; iya kaya mangkono iku para nabinira, he Israel. 5 Sira ora padha ngadeg ana ing bolongan-bolonganing balowarti lan ora ngedegake balowarti ing sakubenging omahe Israel, supaya padha bisa tetep lestari ana ing paperangan ing dinane Pangeran Yehuwah. 6 Wahyune wong-wong iku ngapusi lan pamecane iku goroh. Padha kandha: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah. Mangka padha ora kautus dening Yehuwah, ewasamono padha ngarep-arep kelakone pangandikane mau. 7 Kang padha sira deleng iku rak wahyu apus-apusan sarta pameca kang goroh, kang padha sira ucapake iku, samangsa sira celathu: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, mangka Ingsun ora ngandika? 8 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: 9 Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah. 10 Amarga, iki sanyatane, wong-wong iku padha nasarake umatingSun kalawan tembunge: Tentrem rahayu, mangka babar pisan ora tentrem rahayu -- padha ngedegake balowarti lan lah banjur dilabur kalawan gamping -- 11 sira kandhaa marang wong kang padha nglabur kalawan gamping mangkene: Udan deres bakal nganakake banjir, bakal ana udan krikil lan angin prahara 12 Manawa balowartine iku wus rubuh, apa wong ora bakal celathu marang sira: Endi saikine gamping kang sira templokake kae? 13 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sajroning bebenduningSun Ingsun bakal nganakake prahara lan sajroning dukaningSun udan deres kang nuwuhake banjir, sarta ing sajroning bebenduningSun udan krikil kang gawe rusak. 14 Sabanjure Ingsun bakal njugrugake balowarti kang sira labur kalawan gamping iku lan Sunbrukake ing lemah, nganti tetalese katon; balowartining kutha iku bakal ambrol lan sira bakal padha tiwas ana ing jerone Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah. 15 Mangkono anggoningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang balowarti iku marang wong kang padha nglabur kalawan gamping tuwin Ingsun bakal ngandika marang sira: Wus sirna balowartine lan wus sirna wong kang padha nglabur, 16 yaiku para nabine Israel kang nglairake pameca tumrap Yerusalem lan ndeleng wahyu bab tentrem rahayune, mangka babar pisan ora ana tentrem rahayu; mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Paukuman marang para nabi wadon gadhungan 13:17-23 17 “Sira anaking manungsa, nemonana golonganing wong wadon bangsanira kang memeca saenaking atine bae iku lan nglairna pameca nglawan wong-wong iku: 18 Sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para dhukun wadon, kang naleni kabeh ugel-ugel kalawan tali jimat lan ngenggokake kudhung ing sirahe wong kabeh, tuwa utawa enom, kanggo njiret nyawaning wong. Sira apa arep njiret nyawaning wong kang kagolong umatingSun lan ngetokake wong-wong liyane padha urip kanggo kapreluanira? 19 Sira iku nerak kasuceningSun ana ing satengahe umatingSun mung supaya oleh sair sawatara gegem lan roti sawatara iris kalawan mateni wong-wong kang kudune ora mati lan ngetogake wong-wong padha urip, kang kudune ora urip, marga saka anggonira ngapusi umatingSun, kang gelem ngrungokake ujar goroh. 20 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nglawan tali jimatira, kang sira anggo njiret nyawaning wong, bakal Sunrebat saka ing tanganira tuwin wong-wong kang padha sira cekel iku bakal Suneculake kaya manuk. 21 Kudhungira bakal Sunsuwek-suwek lan bakal nguwalake umatingSun saka ing tanganira sarta iku padha ora bakal dadi memangsanira maneh ana ing tanganira. Sira banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 22 Sarehne sira padha ngringkihake atine wong bener kalawan goroh, sanadyan Ingsun ora damel prihatine lan kosokbaline sira padha mangkotake atine wong duraka, satemah banjur ora mratobat saka ing kalakuane kang duraka iku, sarta sira padha nglestarekake wong iku urip, 23 mulane sira ora bakal ndeleng maneh prakara-prakara kang awujud apus-apus lan nglairake pameca-pameca kang goroh; Ingsun bakal ngluwari umatingSun saka ing tanganira tuwin sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” Paukuman marang para wong kang nyembah brahala 14:1-11 14 1 Sawuse mangkono panunggalane para pinituwaning Israel ana sawatara kang padha nemoni aku lan banjur linggih ana ing ngarepku. 2 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 3 “He, anaking manungsa, wong iki padha mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang njalari padha tumiba ing kaluputan. Apa Ingsun karsa yen wong iku padha nyuwun pituduh marang Ingsun? 4 Mulane padha tuturana lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Saben wong turune Israel kang mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang nuwuhake duraka, mangka banjur nemoni nabi -- Ingsun, Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan marga saka akehe brahalane iku, 5 supaya Ingsun bisa ngrogoh atine turune Israel, kang wus padha ninggal Ingsun kabeh sarana anggone padha ngetut-buri marang sakehing brahalane iku. 6 Awit saka iku sira tutura marang turune Israel mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Padha mratobata lan padha ngungkurna brahala-brahalanira lan ninggala sakehing panggawenira kang nistha, 7 amarga saka wong, turune Israel utawa wong manca kang manggon ing satengahing Israel, kang nyingkur marang Ingsun lan mundhi- mundhi para brahalane ana ing sajroning atine sarta mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe, kang marakake tumiba ing duraka, mangka banjur nemoni nabi tuwin njaluk tulung supaya nyuwunake pituduh marang Ingsun, Ingsun Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan. 8 Iku bakal Sunlawan piyambak lan bakal Sundadekake tandha lan gegambaran sarta bakal Sunsirnakake saka ing satengahing umatingSun. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah. 9 Manawa nabi iku nganti kena kabujuk lan banjur nglairake sadhengah tembung, Ingsun, Yehuwah mesthi bakal mbujuk nabi iku, sarta bakal ngayatake astaningSun nglawan marang wong iku, tuwin wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe umatingSun Israel. 10 Iku bakal padha nanggung kaluputane dhewe-dhewe, iya kang njaluk pituduh iya nabi mau, 11 supaya turune Israel aja padha kesasar maneh ora manut marang Ingsun lan aja najisake awake maneh kalawan sakehing panerake. Kalawan mangkono banjur padha dadi umatingSun sarta Ingsun dadi Allahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Paukumane wus ora kena kaduwa maneh 14:12-23 12 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 13 “He, anaking manungsa, manawa ana sawijining nagara kang dosa marang Ingsun kanthi patrap ora setya lan Ingsun banjur ngayatake astaningSun prelu nglawan kalawan nyirnakake pasadhiyane pangan lan ndhatengake mangsa pailan marang nagara iku sarta manungsa lan kewan ing nagara kono kasirnakake, 14 sanadyan ing kono tinemu wong telu iki, yaiku Nuh, Dhaniel lan Ayub, wong iki bakal mung bisa nylametake awake dhewe marga saka kamursidane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 15 Utawa manawa Ingsun ndadekake kewan galak padha saba ana ing nagara kono, kang ngentekake wong kang padha manggon ing kono, satemah nagara iku dadi sepi mamring lan ora ana wong kang wani mrono marga saka anane kewan-kewan galak mau, 16 sanadyan ing kono tinemu wong telu mau, dhemi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal padha bisa nylametake anak lanang utawa anak wadon; mung wong iku dhewe kang kapitulungan, dene nagara iku bakal dadi sepi mamring. 17 Utawa manawa Ingsun ngasta pedhang kanggo nagara iku lan Sunpangandikani: He pedhang, sira ndlajahana nagara iku, lan manungsa sarta kewan ing nagara kono Sunsirnakake, 18 sanadyan ing nagara kono tinemu wong telu mau, demi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa anak wadon, mung wong iku dhewe kang bisa kapitulungan. 19 Utawa manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing nagara kono tuwin Ingsun ngesokake bebenduningSun marang nagara iku kalawan ngwutahake getih, satemah sirna manungsa lan kewan ing nagara kono, 20 sanadyan Nuh, Dhaniel lan Ayub ana ing kono, demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa wadon, nanging mung bakal padha bisa mitulungi nyawane dhewe marga saka kamursidane. 21 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Malah ngluwihi iku, yaiku manawa Ingsun ndhatengake paukumaningSun patang warna kang abot-abot iku bareng, pedhang, pailan, kewan galak lan pageblug ana ing Yerusalem, kang nyirnakake manungsa lan kewan ing kono 22 Nanging, lah ing kono bakal ana kekarene, yaiku kang padha bisa oncat, anak lanang lan anak wadon; iku bakal padha metu nemoni sira lan sira bakal nyumurupi tindak-tanduke, temah sira banjur rumangsa kalipur ing bab kasangsaran kang Sundhatengake ing Yerusalem, iya bab kabeh kang Sundhatengake ing kono mau. 23 Wong-wong iku bakal padha dadi panglipurira, yaiku manawa sira sumurup marang tindak-tanduke sarta sira bakal padha mangreti, manawa anggoningSun nandukake iku mau kabeh marang Yerusalem iku ana sababe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Yerusalem, wit anggur kang tanpa guna 15:1-8 15 1 Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, apa kaluwihane kayu anggur yen katimbang karo sakehing kayu kang tuwuh ana ing satengahing wit-witan alas? 3 Apa wong njupuk kayune kanggo gawe barang dandanan utawa kanggo gawe canthelan kanggo nyanthelake sawernane piranti? 4 Ora, sanyatane kayu iku nuli diuncalake ing geni, bongkot pucuke entek kobong lan kang tengah lagi mengangah, apa iku isih migunani kanggo gegawean? 5 Lah isih wutuh bae ora kanggo apa-apa, saya maneh bareng wis kamangsa ing geni lan kobong; apa isih kena kanggo apa-apa? 6 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kayadene kayu anggur ana ing antarane wit-witan ing alas, kang Sununcalake ing geni supaya kobong, samono uga Yerusalem iya bakal Sunpatrapi mangkono. 7 Ingsun piyambak kang bakal nglawan. Sanadyan padha bisa oncat saka ing geni, ewasamono bakal kamangsa ing geni. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun lagi nglawan, 8 sarta nagara iku bakal Sundadekake sepi mamring, marga padha ora setya. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” YERUSALEM KANG ORA SETYA 16:1-63 Yerusalem kapundhut garwa dening Allah 16:1-14 16 1 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, Yerusalem sumurupna marang panggawe-panggawene kang nistha. 3 Lan tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Yerusalem: Asalira lan kalairanira iku saka ing tanah Kanaan; bapakira iku wong Amori lan ibunira wong Heti. 4 Kalairanira iku mangkene: Nalika sira dilairake, puserira ora dikethok lan sira ora didusi nganggo banyu supaya resik; sira uga ora dikosoki nganggo uyah utawa digedhong. 5 Ora ana siji-sijia kang ngrasa welas marang sira kang banjur nandukake iku mau marang sira marga saka anggone kadunungan rasa welas; sira malah nuli kabuwang menyang ing ara-ara, amarga nalika lairira kaanggep tanpa aji dening wong. 6 Ingsun tumuli tindak langkung lan ningali sira kroncalan kalawan kuthah getih, sarta sajrone sira kuthah getih iku Ingsun ngandika marang sira: Sira kudu urip 7 lan dadi gedhe kaya tetuwuhan ing ara-ara Sira dadi gedhe tuwin wus cukup umurira, malah banjur wus diwasa; payudaranira menter-menter, rambutira wus thukul, nanging sira wuda mblejed. 8 Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- mulane sira wus dadi kagunganingSun. 9 Sira Sunedusi nganggo banyu, Sunresiki getihira sarta Sunborehi kalawan lenga. 10 Sira Sunenggoni sandhangan kang mawa warna, sira Sunparingi sandhal walulang dhuyung lan kudhung mori alus apadene slendhang sutra. 11 Sabanjure sira Sunenggoni rerenggan, tanganira Sunenggoni gelang, sarta kalung ing gulunira. 12 Irungira Sunenggoni gelang lan anting-anting ing kupingira, sarta makutha kamulyan ing sirahira. 13 Dadine sira nganggo rerenggan emas lan salaka, sandhanganira mori alus lan sutra apadene panganggo kang mawa warna; sira dadi ayu linuwih, satemah pantes dadi ratu. 14 Marga saka endahing warnanira, jenengira misuwur ana ing satengahe para bangsa, awit kaendahanira iku luwih dening sampurna, amarga saka sumoroting rerengganingSun kang Sunparingake marang sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Yerusalem dadi wanita tunasusila, mulane banjur tampa paukuman 16:15-52 15 “Nanging sira ngendelake kaendahaning warnanira lan banjur dadi wanita tunasusila marga saka kondhangira iku, sarta anggonira dadi wanita tunasusila iku sira tawak-tawakake marang angger wong kang liwat. 16 Sandhanganira sira anggo ndadekake manca-warnane tengger-tenger pangurbananira lan sira banjur tumindak nistha ana ing kono. Pratingkah mangkono iku durung tau kelakon tuwin ora bakal kelakon maneh. 17 Rerengganira kang kagawe saka emasingSun lan salakaningSun, kang Sunparingake marang sira uga sira jupuk lan sira anggo gawe reca-reca lanang sarta sira banjur tumindak nistha kalawan reca-reca iku. 18 Sandhanganira kang manca-warna sira anggo nutupi reca-reca mau tuwin lenga lan dupa kagunganingSun sira sajekake. 19 Uga dhaharaningSun kang Sunparingake marang sira, yaiku glepung kang becik dhewe, lenga lan madu kang Sunparingake minangka panganira, iku iya sira wenehake minangka sesajen kang arum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 20 Malah dalasan anak-anakira lanang lan wadon kang sira lairake kagem Ingsun uga sira jupuk, sira dadekake sesajen marang reca-reca mau minangka pangane. Apa tindakira kang nistha kang mangkono iku durung cukup, 21 dene sira uga banjur nyembeleh para putraningSun, sira pasrahake marang reca-reca iku, sira dadekake kurban sarana kaobong ing geni? 22 Ing sajrone sakehing panggawenira kang asor lan nistha iku sira ora kelingan maneh marang nalika enomira, nalika sira isih wuda mblejed lan kroncalan kalawan kuthah getihira. 23 Lan sawuse sakehing durakanira iku -- bilai, bilai sira Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- 24 sira nganakake panggonan kang dhuwur lan gawe tengger pangurbanan ana ing saben ara-ara. 25 Sira gawe tengger pangurbanan ana ing saben prapatan lan banjur adol kaendahaning warnanira dadi tindak kang nistha kalawan mlengkahake pupunira sakarone kanggo saben wong liwat; kalawan mangkono kanisthanira saya wuwuh-wuwuh. 26 Sira tumindak nistha kalawan wong Mesir, tangganira kang karem asmara iku, satemah kanisthanira saya wuwuh-wuwuh maneh, njalari gerahing panggalihingSun. 27 Lah sira wus Ingsun lawan lan wus Sunkurangi cadhongira sarta sira Sunulungake marang tindake sawenang-wenang para wong kang padha sengit marang sira, yaiku para wong wadon Filisti, kang rumangsa isin ndeleng pratingkahira kang nistha iku. 28 Sira uga alaku nistha kalawan wong Asyur, amarga sira durung ngrasa marem, malah sanadyan sira wus laku nistha kalawan wong-wong iku, ewadene meksa durung ngrasa marem. 29 Tumindakira kang nistha iku sira wuwuhi sarana panggawenira kang mangkono iku karo nagara dagang Kasdim, nanging iya meksa durung marem. 30 Kebangeten temen anggonira ngumbar hawa-nepsunira iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- kabeh iku mau sira tindakake, yaiku panggawening sundel keparat, 31 kang nganakake pepunthuk ana ing saben prapatan lan gawe tetengger pangurbanan ana ing ara-ara. Nanging sira iku beda karo wanita tunasusila kang lumrah, amarga sira nampik opah. 32 He, wong wadon kang laku jina, kang ngrangkul wong-wong liya minangka gegentine bojone dhewe. 33 Sakehing wanita tunasusila padha gelem nampani opah, nanging sira ora mangkono, sira kang malah ngopahi para wong kang sira ajak bedhangan minangka pamikat, supaya wong-wong ing sakiwa tengenira padha marani sira lan banjur bebedhangan. 34 Mulane anggonira nindakake kanisthan iku patrape kosak-balen karo para wong wadon liyane; dudu wonge kang ngoyak sira, nanging sira kang malah menehi opahing kanisthan, dene sira ora oleh apa-apa; dadi kosok-balen kalawan sira. 35 Mulane, he wong wadon tunasusila, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah 36 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira ngobral-obral kanisthanira lan sira miyak wewadinira ing sajroning kanisthanira kalawan wong kang seneng karo sira sarta kalawan brahalanira apadene marga saka getihe anak-anakira kang sira kurbanake marang iku, 37 lah marga saka iku Ingsun bakal nglumpukake sakehing wong kang padha sira senengi, yaiku kang padha nggegendeng atinira, para wong kang sira dhemeni lan kang sira sengiti; iku bakal padha Sunklumpukake saka ing sakiwa tengenira kanggo nglawan sira, tuwin Ingsun bakal mbiyak wewadinira ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya padha ndeleng wewadinira kalawan cetha. 38 Sira bakal Sunadili kayadene patrape wong ngadili wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih apadene Ingsun bakal ngesokake marang sira bebendu lan butarepaningSun. 39 Sira bakal Sunulungake marang ing tangane wong-wong mau, papanira kang dhuwur bakal Sunjugrugi sarta tengger-tenggerira bakal Sunrusak; sira bakal diwudani dening wong-wong iku, rerengganira bakal karampas, sira banjur katinggal wuda mblejed. 40 Wong-wong iku bakal ngundang wong sagrombolan kang dikon nglawan marang sira; iku bakal mbenturi sira nganggo watu sarta nuwek sira kalawan pedhange. 41 Omahira bakal padha diobongi lan sira bakal dipatrapi paukuman ana ing ngarepe wong wadon akeh. Kanthi patrap mangkono iku anggoningSun nglereni anggonira tumindak nistha, tuwin opahing kanisthan ora bakal sira wenehake maneh. 42 Kaya mangkono anggoningSun ngesokake dukaningSun marang sira, satemah bentering panggalihingSun banjur sirep; Ingsun dadi aring sarta wus ora gerah ing panggalih maneh. 43 Ing sarehne sira ora eling marang nalika sira isih enom, nanging kalawan iku mau kabeh gawe dukaningSun nganti gumeter, lah Ingsun uga bakal nampekake panggawenira iku marang sirahira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- panggawenira kang nistha iki apa sira imbuhi kalawan sakehing tindakira kang asor? 44 Lah saben ahli bebasan bakal nyemoni sira mangkene: Ibune mangkono, anake iya mangkono 45 Sira iku anake ibunira, kang wus jeleh marang bojone lan anak-anake lanang, sarta sira iku adhine wadon mbakyu- mbakyunira, kang wus bosen marang bojone lan anak-anake lanang. Ibunira iku Heti lan bapakira iku wong Amori. 46 Mbakyunira kang tuwa dhewe iku Samaria, kang manggon ing salorira karo anak-anake wadon, tuwin adhinira wadon iku Sodom kang manggon ing sakidulira karo anak-anake wadon. 47 Pratingkahira iku rak niru panggawene wong-wong iku sarta kang sira tindakake iku niru panggawe-panggawene kang asor; malah ora let suwe panggawenira ing sajegira urip banjur ngluwihi alane wong-wong iku. 48 Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sadulurira wadon Sodom saanak-anake wadon ora nindakake apa kang sira lakoni kalawan anak-anakira wadon. 49 Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat. 50 Banjur padha kumlungkung lan padha nindakake kanisthan ana ing ngarsaningSun; mulane bareng Ingsun nguningani bab iku, banjur padha Sundohake. 51 Dene Samaria iku anggone nglakoni dosa ora ana saparonira, nanging sira malah tumindak nistha ngluwihi sakarone iku, satemah marga saka anggonira nglakoni sakehing durakanira iku, sira njalari para sadulurira wadon katon ora luput. 52 Mulane, heh sira, sira nyanggaa kawiranganira dhewe, kang njalari paukuman tumrap sadulur-sadulurira wadon luwih entheng katimbang kang tumrap sira; marga saka dosa-dosanira ngluwihi nisthane para sadulurira, mulane iku padha luwih resik katimbang sira. Mulane isina lan nyanggaa kawiranganira dhewe, awit sira njalari sadulur-sadulurira wadon padha katon ora luput.” Gusti Allah sanggem bakal nganakake prajanjian anyar 16:53-63 53 “Nanging Ingsun bakal damel pulihing kaanane, Sodom saanak-anake wadon sarta Samaria saanak-anake wadon, apadene Ingsun uga bakal mulihake kaananira ana ing satengahe wong-wong mau, 54 supaya sira nyanggaa ing kawiranganira lan supaya sira rumangsaa isin marga saka sakehing panggawenira iku. 55 Anadene mungguh para bakyunira, Sodom saanak-anake wadon bakal pulih kaanane kaya ing maune; Samaria saanak-anake wadon uga bakal pulih kaanane kaya ing maune; sarta sira saanak-anakira wadon uga bakal kapulihake kaananira kaya ing maune. 56 Bakyunira Sodom, bakyunira kang anom dhewe, nalika ing wektu gumunggungira rak dadi pocapanira, 57 sadurunge pialanira kawiyak, iya kayadene saiki, sira uga dadi cacadan tumrap para anake wadon Edom lan para wong ing sakiwa-tengene sarta tumrap anak-anak wadon Filisti, kang padha ngremehake sira saka ing sakiwa-tengenira? 58 Kanisthanira lan panggawenira kang asor iku kudu sira tanggung. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 59 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nandukake marang sira kaya apa kang sira lakoni, yaiku sumpah sira anggep entheng kanthi patrap ngrusak prajanjian. 60 Nanging Ingsun bakal ngengeti prajanjianingSun kalawan sira nalika enomira sarta Ingsun bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira. 61 Ing kono sira banjur eling marang kalakuanira lan rumangsa isin, ing nalika Ingsun mundhut para bakyunira, kang tuwa lan kang enom, nuli Sunparingake marang sira dadi anakira, nanging ora adhedhasar anggonira netepi prajanjian. 62 Ingsun bakal nglanggengake prajanjianingSun kalayan sira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah, 63 tuwin marga saka kang mangkono iku sira bakal tansah eling marang dhek biyen lan ngrasa isin, nganti cangkemira mingkem babar pisan awit saka kawiranganira, nalika Ingsun nganakake panebus tumrap sakehing panggawenira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Pasemon bab anggone Sang Prabu Zedhekia ora setya 17:1-24 17 1 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, turune Israel wenehana cangkriman lan pasemon. 3 Tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ana sawijining manuk garudha gedhe kang swiwine gedhe dawa, wulune ketel mancawarna, iku niyup menyang ing gunung Libanon lan nothol pucuking wit eres. 4 Pucuke kang dhuwur dhewe dipunggel banjur digawa menyang ing sawijining nagara dagang, nuli diselehake ana ing kuthane wong dagang. 5 Nuli njupuk trubusan ing tanah kono banjur ditandur ana ing pategalan kang wus kari nanduri bae; trubusan mau diprenahake ing sacedhaking banyu kang kimplah-kimplah, patrape kaya nandur wit gandarusa 6 satemah banjur thukul dadi wit anggur kang ketel, endhek pange akeh padha tumelung ngener marang manuk mau, dene oyod-oyode tetep ana ing sangisore. Mangkono anggone banjur dadi wit anggur kang metu elunge lan trubusane nggedhabyah. 7 Ing kono nuli ana manuk garudha gedhe liyane, kang swiwine gedhe, wulune ketel. Lah wit anggur mau banjur ngenerake oyod-oyode marang manuk iku lan pang-pange ditelungake mrono uga, supaya manuk iku ngilenana luwih becik tinimbang karo papan tumancepe. 8 Mangka wit iku wus katandur ing pategalan kang becik, cedhak karo banyu akeh kang luber supaya banjur metu pang-pange lan awoh sarta supaya dadi wit anggur kang becik. 9 Sira tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kang mangkono iku apa bakal mikolehi? Apa oyod-oyode ora bakal didhungkari ing wong lan wohe apa ora bakal dirantasi, satemah godhong-godhonge kang enom padha dadi garing? Ora usah tangan kang rosa lan wong akeh kang mbedhol saoyod-oyode. 10 Lah ta iku pancen ditandur, nanging apa bakal ana kasile? Apa iku ora bakal alum garing manawa katempuh ing angin wetan? Mesthi bakal alum lan garing ana ing papan thukule iku.” 11 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 12 “Tutura marang golongan mbalela iku mangkene: Apa sira ora sumurup marang tegese iki? Kandhanana: Lah ratu Babil bakal teka ing Yerusalem lan nyekel ratune sarta para panggedhene banjur padha diboyongi menyang ing Babil. 13 Nuli njupuk sawijining turuning ratu, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah. Wong-wong kang nyekel pangwasa ing nagara kono iya padha dicekeli, 14 supaya karajan iku dadi ringkih lan ora mbalela maneh, uga supaya netepi prajanjiane sarta kalawan mangkono banjur bisa lestari madeg. 15 Nanging wong iku meksa mbalela marang ratu ing Babil, nglakokake kongkonan menyang Mesir, supaya kabantonana jaran lan wadya-bala akeh. Apa bakal kelakon karepe? Apa wong kang mangkono pratingkahe iku bisa oncat? Apa wong kang mbubrah prajanjian iku bisa oncat? 16 Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku mesthi bakal mati ana ing nagara Babil, ing panggonane raja kang ndadekake ratu, amarga nganggep entheng marang sumpahe marang raja iku lan mbubrah prajanjiane kalawan raja mau. 17 Tur Pringon ora bakal aweh pambiyantu anggone perang awujud wadya-bala akeh lan wong sagolongan gedhe, nalika tembok lan beteng pangepungan didegake kanggo nyirnakake wong akeh. 18 Iya, wong mau pancen ngremehake sumpah lan mbubrah prajanjian. Lah ta sanadyan anggone saguh iku kalawan jawatan tangan, nanging kabeh mau padha katerak, mulane ora bisa oncat. 19 Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Demi Ingsun gesang, sumpahe marang Ingsun kang dianggep entheng lan prajanjiane ana ing ngarsaningSun kang kabubrah, iku bakal Suntampekake marang sirahe. 20 Ingsun bakal masang jaringingSun kanggo nyekel wong iku, mesthi bakal kena Sunkala sarta banjur bakal Sunbekta menyang ing Babil tuwin ana ing kana bakal Sundamel prakara amarga ngowahi kasetyane marang Ingsun. 21 Anadene kabeh wadya-balane pepilihan bakal tiwas dening pedhang, dene kang bisa oncat bakal kasebar menyang ing sakehing keblat. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang mangandikakake iku. 22 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal mundhut pang saka ing pucuking wit eres kang dhuwur bakal Suntanem; pucuke kang dhuwur dhewe kang isih enom bakal Sunpunggel lan bakal Suntanem piyambak ana ing gunung kang munggul dhuwur; 23 iku bakal Suntanem ing gununge Israel kang dhuwur, supaya bisa ngepang-ngepang lan awoh sarta dadi wit eres kang ngedab-edabi; sakehing jinis manuk lan kang mawa wulu tuwin swiwi padha manggon ing sangisore, padha ngayom ing sangisoring pang-pange. 24 Ing kono kabeh wit-witan ing ara-ara bakal padha sumurup, yen Ingsun, Yehuwah, ngasorake wit kang dhuwur lan ngluhurake wit kang asor, ndadekake alum lan garing wit kang seger lan ndadekake trubus maneh wit kang alum lan garing. Ingsun, Yehuwah, kang ngandikakake lan bakal nindakake iku.” Saben wong iku tanggung jawab tumrap awake dhewe 18:1-32 18 1 Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 2 “Ana apa ta sira iku, dene padha ngucapake tembung sesemonan iki ana ing tanah Israel: Para bapa padha mangan woh mentah lan untune anak-anake padha dadi linu? 3 Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira ora bakal ngucapake tembung sesemonan iki maneh ana ing Israel. 4 Lah ta sakehing nyawa iku Ingsun kang ndarbeni Apa nyawaning bapa apa nyawaning anak iku kagunganingSun Dene wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. 5 Manawa ana wong mursid kang nindakake kaadilan lan kabeneran, 6 ora mangan daging kurban kang ana ing gunung utawa ora tumenga marang para brahalane Israel, ora ngrusuhi bojone pepadhane lan ora sapaturon karo wong wadon kang lagi nggarap sari, 7 ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan, 8 ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane, 9 lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya -- yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 10 Nanging manawa wong mau duwe anak kang dadi garong lan kang seneng ngwutahake getih utawa nglakoni salah sawijining panggawe kang kaya mangkono 11 -- sanadyan si bapa ora nglakoni bab iku babar pisan -- uga mangan daging kurban kang ana ing gunung lan ngrusuhi bojoning liyan, 12 nindhes wong sangsara lan mlarat, ngrampas, ora mbalekake gadhening wong, tumenga marang para brahala tuwin nglakoni kanisthan, 13 nganakake dhuwit lan njupuk bebathening lintah darat, wong kang mangkono iku kudu mati; getihe nampek marang awake dhewe. 14 Lah manawa wong mau duwe anak lan anak iki nyumurupi sakehing dosa kang dilakoni dening bapakne, nanging mangreteni bab iku, satemah ora tumindak mangkono, yaiku: 15 ora mangan daging kurban kang ana ing gunung, ora tumenga marang para brahalane turune Israel, ora ngrusuhi bojone liyan, 16 ora nindhes wong liya, ora njaluk cekelan, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan marang wong luwe, aweh sandhangan marang kang kewudan, 17 ngedohi kaculikan, ora nganakake dhuwit lan ora njupuk bebathening lintah dharat, nindakake pranataningSun lan lakune manut ing katetepaningSun -- wong mangkono iku ora bakal mati marga saka kaluputane bapakne, mesthi urip. 18 Bapakne kang gawene memeres, kang ngrampas lan kang nglakoni bab-bab kang ora becik ana ing satengahing bangsane, lah iku bakal mati marga saka kaluputane. 19 Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? -- Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip. 20 Wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. Anak ora bakal melu nanggung kaluputane bapakne lan bapa ora bakal melu nanggung kaluputane anake. Wong mursid bakal tampa berkahing kamursidane lan wong duraka bakal nanggung durakane dhewe. 21 Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati. 22 Sakehing duraka kang dilakoni ora bakal kaetung maneh tumrap dheweke; wong iku bakal urip marga saka kabeneran kang dilakoni. 23 Apa Ingsun rena marga saka matine wong duraka? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Apa ora marga saka pamratobate supaya urip? 24 Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan banjur nindakake kaculikan kayadene sakehing kanisthan kang dilakoni dening wong duraka -- apa wong iku bakal urip? Sakehing kamursidan kang katindakake ora bakal kaetung maneh. Wong iku kudu mati awit saka anggone ora setya lan marga saka dosa kang katindakake. 25 Ewadene kowe padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener Rungokna dhisik, he turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener? 26 Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan nindakake kaculikan satemah banjur mati marga saka kaculikan kang katindakake. 27 Balik wong duraka manawa mratobat lan ninggal durakane kang dilakoni tuwin banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, iku bakal mitulungi nyawane. 28 Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati. 29 Ewasamono turune Israel celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener He, turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener? 30 Awit saka iku, he turune Israel, sira bakal padha Sunadili manut tumindakira dhewe-dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Padha mratobata lan padha sumingkira saka ing sakehe durakanira, supaya iku tumrap sira ora dadi sandhungan, kang njalari sira padha tumiba ing kaluputan. 31 Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel? 32 Amarga Ingsun ora rena, manawa wong kudu nanggung patine. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Mulane padha mratobata, supaya sira urip” Kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel 19:1-14 19 1 Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel, 2 lan pratelakna mangkene: “Wah, ibunira iku pancen singa wadon ana ing antarane singa-singa Nglemprak ana ing satengahe sings-singa enom lan nusoni anak-anake. 3 Anake ana siji kang diopeni nganti dadi singa enom, kang sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa. 4 Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane, nuli dikeluhi tuwin digiring menyang Mesir. 5 Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagal lan wus ora duwe pangarep-arep babar pisan banjur njupuk anake liyane sarta digulawenthah dadi singa enom. 6 Anake iki srawungan karo singa akeh nuli wus dadi singa enom lan sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa. 7 Betenge padha karusak, kuthane padha kaobrak-abrik; bumi dalah saisine kabeh padha kaget krungu swarane panggerone. 8 Para bangsa nuli padha gumregah nglawan saka ing wilayah-wilayah ing sakubenge, padha masang jaring kanggo nyekel lan banjur kacegur ing luwangan pasangan. 9 Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan, wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran, supaya swarane aja kaprungu maneh ana ing gunung-gununge Israel. 10 Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur kang katandur ing sacedhaking banyu, banjur awoh lan ngepang amarga saka akehe banyune. 11 Apa pange kang thukul kang kuwat kang dadi tekening karajan; thukule dhuwur ngungkuli pang-pang liyane kang rapet, lan katon ngegla marga saka dhuwure sarta marga ana pange cilik akeh. 12 Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu, lan kaebrukake ing bumi; angin saka ing wetan gawe alum lan garinge wohe padha gogrog. Pange kang kuwat dadi garing lan banjur kamangsa ing geni nganti entek. 13 Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun, ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget. 14 Banjur ana geni kang metu saka ing pange kang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek, satemah wus ora ana pange kang kuwat, ora ana pange kang kanggo teken karajan.” Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh. Katresnan lan paukumaning Allah ing sejarahe Israel 20:1-44 20 1 Ing nalika taun kapitu, tanggal ping sapuluh sasi lima, ana pinituwane Israel sawatara kang teka lan banjur lungguh ana ing ngarepku arep nyuwun pitedahe Sang Yehuwah. 2 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 3 “He, anaking manungsa, tutura marang para pinituwaning Israel iku lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha teka arep nyuwun pitedah marang Ingsun? Demi Ingsun kang gesang, Ingsun ora marengake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- 4 Apa sira gelem ngadili wong-wong iku, he anaking manungsa, apa sira gelem ngadili wong-wong iku? Padha sumurupna marang panggawene leluhure kang nistha, 5 lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina nalika Ingsun milih Israel, Ingsun supaos marang turune Yakub sarta ana ing tanah Mesir padha Sunsumurupake marang Ingsun. Ingsun supaos ana ing ngarepe: Ingsun iki Yehuwah Allahira 6 Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara. 7 Apadene padha Sunpangandikani mangkene: Saben wong mbuwanga para dewane kang marakake najis, kang tansah ditenga, lan sira aja najisake awakira kalawan brahala-brahala Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira. 8 Nanging banjur padha mbalela marang Ingsun lan ora gelem ngrungokake marang Ingsun; saben wong ora mbuwang dewa-dewane kang marakake najis, kang tansah dipandeng sarta ora ninggal brahala-brahala Mesir. Mulane karsaningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang wong-wong iku, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing satengahe tanah Mesir. 9 Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang tanahe padha dienggoni. Ana ing ngarepe bangsa-bangsa iku padha Sunsumurupake marang Ingsun, bakal Sunirid metu saka ing tanah Mesir. 10 Padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir, Suntuntun menyang ing ara-ara samun. 11 Ana ing kana Sunparingi sumurup bab katetepan-katetepaningSun lan paring uninga bab pranatan-pranataningSun, anadene wong kang nindakake iku bakal urip. 12 Dina-dina SabatingSun uga Sunparingake minangka pratandha ing antarane Ingsun lan dheweke kabeh, supaya padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake wong- wong mau. 13 Nanging turune Israel ana ing ara-ara samun padha mbalela marang Ingsun; lakune padha ora manut ing katetepaningSun sarta padha nampik marang pranataningSun, mangka wong kang nindakake bakal urip. Kasucening dina-dina SabatingSun uga banget anggone katerak. Mulane karsaningSun bakal padha Sunesoki bebenduningSun ana ing ara-ara samun iku sarta bakal kasirnakake. 14 Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang nyumurupi dhewe, nalika padha Sunirid metu iku. 15 Ewasamono ana ing ara-ara samun Ingsun supaos ana ing ngarepe, manawa ora bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus Sunparingake, kang mili susu lan madu, tanah kang endah ana ing antarane sakehing nagara, 16 amarga padha nampik marang pranataningSun sarta ora lumaku manut ing katetepaningSun apadene padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun, sabab atine padha ngeloni para brahalane. 17 Ewadene Ingsun ngraos welas mirsani wong-wong mau, satemah ora Sunsirnakake lan ora Suntumpes nganti tapis ana ing ara-ara samun. 18 DhawuhingSun marang para anake ana ing ara-ara samun mangkene: Lakunira aja padha manut marang ing katetepane bapakira lan aja padha nggondheli marang pranatane sarta aja padha najisake awakira kalawan para brahalane. 19 Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya, 20 dina-dina SabatingSun padha sira sucekna, supaya iku dadia pratandha ing antaraningSun lan sira kabeh, satemah wong banjur sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira. 21 Nanging anake padha mbalela marang Ingsun, lakune ora manut katetepaningSun lan ora nindakake pranataningSun kalawan setya, mangka sing sapa nindakake iku, bakal urip. Uga padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun. Mulane karsaningSun bakal Sunesoki bebenduningSun, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing ara-ara samun. 22 Nanging Ingsun nuli mekak astaningSun sarta anggoningSun tumindak iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa kang sumurup dhewe, nalika padha Sunirid metu. 23 Ewasamono Ingsun supaos ana ing ngarepe ana ing ara-ara samun, manawa bakal padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa sarta Sunsebar menyang ing sakehe nagara, 24 amarga padha ora nindakake pranataningSun lan nampik marang katetepaningSun tuwin nerak kasucening dina-dina SabatingSun sarta mripate tansah padha tumenga marang para brahalane bapak-bapakne. 25 Ingsun uga banjur paring katetepan kang ora becik lan pranatan kang njalari ora padha bisa urip. 26 Padha Suntogake dadi najis kalawan anggone sesaji, anggone padha ngurbanake sarana kaobong ing geni kabeh kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, supaya padha kadunungana pagiris tuwin padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 27 Awit saka iku, he anaking manungsa, sira tutura marang turune Israel lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Uga ing bab iki para leluhurira padha memada marang Ingsun, yaiku anggone banjur ora setya marang Ingsun. 28 Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben. 29 Banjur padha Sunpangandikani: Kang padha sira unggahi iku tengger apa? Mulane saprene jenenge Tengger. 30 Awit saka iku turune Israel iku kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Apa sira uga najisake awakira, niru lakune leluhurira lan tumindak sedheng kanthi patrap ngeloni para dewane kang nistha iku? 31 Ing sajrone sira padha nggawa sesajenira, yaiku anak-anakira kang sira kurbanake sarana kaobong ing geni iku sira padha najisake awakira kalawan para brahalanira nganti ing dina iki; apa Ingsun isih ngarsakake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun, he turune Israel? Demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun ora marengake maneh sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun. 32 Lan apa kang tuwuh ana ing sajroning atinira babar pisan ora bakal kelakon, yaiku kang padha sira ucapake: Aku padha kepengin kaya bangsa-bangsa liyane, kayadene sakehing golongan ing nagara-nagara liya, supaya iya bisa nyembah marang wit-witan lan watu. 33 Demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal ngereh marang sira kabeh kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaacungake sarta kalawan bebendu kang kaesokake. 34 Sira bakal Sunirid metu saka ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunkempalake saka ing nagara-nagara, panggonanira padha kasebar kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaacungake sarta kalawan bebendu kang kaesokake, 35 tuwin sira bakal Sunirid menyang ing ara-ara samuning bangsa-bangsa; ana ing kana Ingsun bakal prakaran kalawan sira aben ajeng. 36 Kayadene anggoningSun prakaran kalawan leluhurira ana ing ara-ara samun ing tanah Mesir, iya kaya mangkono anggoningSun bakal prakaran kalawan sira kabeh -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- 37 Sira bakal padha Sunlampahake ing sangisore tekeningSun pangon lan Sunlebetake ing kandhang kalawan Sunetang. 38 Wong kang padha mbalela lan gawe duraka marang Ingsun bakal Sunpisah saka ing tengahira; iku bakal padha Sunedalake saka ing nagara panggonane neneka, nanging bakal padha ora lumebu ing tanah Israel. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah. 39 He, sira para turune Israel, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- wong siji-sijine cikben lunga sujud marang para brahalane. Nanging sawuse iku sira bakal padha ngrungokake marang Ingsun lan mareni anggonira najisake kasucening asmaningSun kalawan sesajen-sesajenira lan para brahalanira. 40 Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake. 41 Kayadene marang padupan arum anggoningSun karenan marang sira nalika sira padha Sunedalake saka ing satengahing bangsa-bangsa tuwin Sunkempalake saka ing nagara-nagara panggonanira padha sumebar, sarta Ingsun bakal nedahake kasuceningSun marang sira kabeh ana ing ngarepe para bangsa. 42 Apadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun ngirid sira lumebu menyang ing tanah Israel, tanah kang wus Sunjanjekake bakal Sunparingake marang para leluhurira. 43 Ana ing kono sira bakal padha tansah kelingan marang sakehing pratingkahira anggonira padha najisake awakira, satemah sira bakal padha ngrumangsani nisthaning awakira marga saka anggonira nglakoni sakehing piala. 44 Anadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun, marga saka asmaningSun, ora nandukake marang sira kang satimbang kalawan pratingkahira kang ala lan nistha, heh turune Israel, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Geni saka ing tanah kidul 20:45-49 45 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 46 “He, anaking manungsa, marepa mangidul lan ngucapna panyendhu kang akeh marang tanah kidul sarta medhara wangsit marang alas ing tanah sisih kidul, 47 tuwin tutura marang alas ing sisih kidul: Pangandikane Sang Yehuwah iki rungokna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal karya geni ana ing sira kang bakal nyirnakake saben wit-witan kang urip ana ing sira lan saben wit kang garing. Geni kang murub mangalad-alad iku ora bakal sirep-sirep lan sakehing rai wiwit kang ana ing kidul nganti tekan kang ana ing lor bakal gosong dening geni iku. 48 Tuwin saben wong bakal sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang karya geni iku, lan iki bakal ora sirep-sirep.” 49 Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, tiyang-tiyang wau sami nyariyosaken bab kawula: Apa kang dikandhakake iku dudu mung tembung pasemon?” Pedhange Sang Yehuwah nglawan Yerusalem 21:1-27 21 1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira marepa menyang ing Yerusalem lan ngucapna panyendhu kang akeh marang papane kang suci sarta medhara wangsit kang nglawan tanah Israel. 3 Tanah Israel kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal nglawan sira lan bakal ngunus pedhangingSun saka ing warangkane tuwin banjur nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira. 4 Sarehne Ingsun arsa nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira, mulane pedhangingSun bakal kaunus saka ing warangkane banjur nglawan sakehing manungsa wiwit saka ing kidul nganti tekan ing lor. 5 Ing kono wong kabeh bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah ngunus pedhangingSun saka ing warangkane sarta ora bakal kawarangkakake maneh. 6 Anadene sira anaking manungsa, sesambata Sira sesambata ana ing ngarepe wong-wong mau kaya wong kang tugel bangkekane lan kang ana ing sajroning kasangsaran kang pait. 7 Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” 8 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 9 “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelakna: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Pedhang Pedhang Kang wus diasah lan uga wus kagebeg 10 Diasah kanggo ngwutahake getih lan kagebeg supaya kelap-kelap kaya kilat. Apa aku kabeh bakal padha bungah-bungah? -- Tekene putraningSun iku ngremehake sawernane kayu 11 Pedhang iku kapasrahake supaya kagebeg lan kena dianggo; pedhang iku kaasah lan kagebeg nuli kawenehake marang ing tangane si juru memateni. 12 Jerit-jerit lan nangisa, he anaking manungsa Amarga pedhang iku kanggo nglawan umatingSun tuwin nglawan sakehing panggedhening Israel; wong-wong iku lan umatingSun padha bareng kamangsa ing pedhang. Mulane sira ceblek-cebleka cethik minangka tandhaning kasusahan. 13 Awit wis kelakon cinoba lan ora ana siji bae kang bisa tahan. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 14 Anadene sira anaking manungsa, medhara wangsit lan keplok-keploka, pedhang iku cikben dadi tikel loro, tikel telu. Iku pedhang kanggo memateni, pedhang kanggo mateni gedhen-gedhenan, kang mider-mider nyirnakake wong-wong mau, 15 supaya padha remuk atine lan kang tumeka ing pati wuwuh-wuwuh ana ing ngarepe saben gapurane. Ingsun kang dhawuh ngwutahake getih kalawan pedhang iku. Adhuh, pedhange iku kagawe kayadene kilat lan digebeg kanggo ngwutahake getih. 16 Medhanga manengen, mangiwa, menyanga ngendi bae arepira. 17 Sarta Ingsun uga bakal akeplok-keplok tuwin bentering panggalihingSun banjur wus lilih. Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku.” 18 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 19 “He, sira anaking manungsa, nggambara dalan loro kang bakal diliwati ing pedhange ratu ing Babil, loro-lorone iku saka nagara siji. Sira masanga plang-dalan ing wiwitane dalan kang ngener menyang ing saben kutha. 20 Sira nggambara dalan kang kanggo liwat pedhang mau anggone banjur nglawan Raba, kutha-karajane bani Amon lan nglawan Yehuda, marang beteng Yerusalem. 21 Amarga ratu ing Babil bakal ana ing dalan simpangan kono, yaiku ing wiwitane dalan loro mau, prelu arep nindakake patenungan. Panahe dikrocok, terafim dijaluki pituduh lan atining kewan katiti-priksa. 22 Tangane tengen banjur oleh panah patenungan tumrap Yerusalem: swarane wong kang mateni lan ngucapake pekik pertempuran supaya keprungua lan nuli masang totog-totog gapura sarta ngundhug-undhug lemah minangka tembok pangepungan tuwin ngedegake beteng pangepungan. 23 Nanging tumrap wong-wong mau, iku kaaranan patenungan apus-apusan, sanadyan padha nglairake sumpah kang dakik-dakik, nanging wong iku eling marang kaluputane wong mau, mulane banjur padha dicekel. 24 Awit saka iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne anggonira padha nglakoni kaluputanira iku njalari banjur kelingan marga saka kawiyake panerakira iku, satemah dosa-dosanira ing sajrone sakehing panggawenira tumuli padha kasumurupan, ing sarehne sira banjur padha dadi kelingan maneh, mulane sira bakal padha dicekel kalawan kekerasan. 25 Anadene sira, he ratu ing Israel, wong duraka kang ala, kang wus tumeka ing titimangsanira tampa pangadilan kang wekasan, 26 mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Serbanira sira singkirna lan mbuwanga makuthanira Kaanan saiki iki ora ana kang tetep, kang endhek kadhuwurake, kang dhuwur kudu kaendhekake. 27 Reruntuhan, reruntuhan, bakal Sundadekake reruntuhan Iki uga bakal ora lestari mangkono, nganti sarawuhe kang kagungan wewenang marang iku, kang bakal Sunparingake iku.” Pedhange Sang Yehuwah nglawan bani Amon 21:28-32 28 “Anadene sira, he anaking manungsa, medhara wangsit lan mratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap bani Amon sarta panacade marang wong-wong iku: Pedhang, pedhange wus kaunus kanggo ngwutahake getih, wus kagebeg kanggo nyirnakake lan supaya gilap kaya kilat -- 29 ing nalika iku wong nyumurupi wahyu-wahyu kang goroh tumrap sira lan nandukake patenungan apus-apusan marang sira -- supaya banjur katamakake ing gulune para wong kang duraka lan ala, kang wus tumeka ing waktune bakal tampa pangadilan kang wekasan. 30 Warangkakna maneh iku Ingsun bakal ngukum sira ana ing panggonanira katitahake sarta ana ing nagara asalira. 31 Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang sira kabeh lan nyemburake genining dedukaningSun sarta sira bakal Sunpasrahake ing tangane para wong kang tanpa pikiran kang nuwuhake karusakan. 32 Sira bakal dadi memangsaning geni, getihira bakal wutah ana ing satengahing tanah kono tuwin sira bakal ora kaelingan maneh, sabab Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku.” Dosa-dosane Yerusalem 22:1-31 22 1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, sira anaking manungsa, apa sira gelem nibakake paukuman, nibakake paukuman marang kutha kang kebak getih iku? Iku sira kandhanana bab sakehing panggawene kang nistha, 3 sarta tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Heh kutha kang ngwutahake getih ana ing tengahira, satemah wus tumeka ing mangsane tibaning paukumanmu, lan kang gawe brahala-brahala kang najisake sira. 4 Marga saka anggonira ngwutahake getih iku sira nindakake kaluputan, tuwin marga saka anggonira gawe brahala-brahala iku sira dadi najis; marga saka mangkono sira njalari tekane mangsanira lan wekasaning taun-taunira. Mulane sira Sundadekake cacadaning para bangsa lan pepoyokaning sakehe nagara. 5 Kang cedhak tuwin kang adoh saka sira bakal padha moyoki sira, kang kejuwara kanisthanira tuwin kang kebak ruara iku. 6 Lah para panggedhening Israel padha ngendelake kakuwatane anggone ngwutahake getih ana ing tengahira. 7 Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes. 8 Samubarang kang suci tumrap Ingsun sira anggep dudu apa-apa sarta dina-dina SabatingSun sira najisake. 9 Juru pitenah padha ana ing tengahira sumedya ngwutahake getih, uga wong kang mangan daging kurban ing gunung-gunung; wong padha nglakoni kanisthan ana ing tengahira. 10 Ana ing sira wong kelakon ngungkabi kawirangane bojone bapakne lan sapaturon karo wong wadon kang lagi nggarap sari kang gawe najise. 11 Kang siji tumindak nistha karo bojone pepadhane, dene sijine nglakoni mangkono karo mantune wadon, ana maneh kang sapaturon karo sadulure wadon anake bapakne. 12 Ing tengahira ana wong kang nampani besel kanggo ngwutahake getih; sira nganakake dhuwit utawa njaluk anakan tuwin gawe pitunaning pepadhanira kanthi patrap nindhes, nanging sira ora eling marang Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 13 Lah Ingsun akeplok-keplok marga saka kauntunganira kang nistha lan marga saka getih kang kawutahake ana ing tengahira. 14 Apa atinira bakal tetep kuwat lan tanganira rumangsa rosa samangsa Ingsun matrapi sira? Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku lan kang bakal nindakake iku uga. 15 Sira bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar ana ing nagara-nagara sarta najisira bakal Sunsirnakake saka ing sira. 16 Sabanjure sira bakal kanajisake ana ing ngarepe para bangsa marga saka kasalahanira dhewe sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.” 17 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 18 “He, anaking manungsa, tumrap Ingsun turune Israel iku wus dadi taining logam; wong kabeh iku kayadene tembaga, timah putih, wesi lan timah ireng ing sajroning pawon paleburan; kayadene tai salaka. 19 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira kabeh padha dadi tai logam, mulane lah sira bakal padha Sunklempakake ana ing satengahe Yerusalem. 20 Kayadene wong kang ngumpulake salaka, tembaga, wesi, timah ireng lan timah putih ana ing pawoning paleburan lan ngububi genine ing sangisore kanggo nglebur iku, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nglempakake sira kabeh ing sajroning bebenduningSun lan dedukaningSun lan sira bakal Sundekek ana ing kono sarta Sunlebur. 21 Ingsun bakal nglempakake sira kabeh lan banjur Sunsemprot kalawan genining dedukaningSun, satemah sira padha kalebur ana ing sajroning pawon iku. 22 Kayadene salaka kalebur ana ing pawon paleburan, iya kaya mangkono anggonira bakal padha kalebur ana ing kono. Sira nuli bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang ngesokake bebenduningSun marang sira.” 23 Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 24 “He, anaking manungsa, sira ngandhanana mangkene: Sira iku tanah kang ora oleh udan, ora oleh banyu ing mangsa bebendu, 25 kang panggedhene ana ing satengahe padha kaya singa nggero, kang ndekep memangsane: manungsa diuntal, raja-branane lan barang-barang kang ana ajine dirampas, cacahing randha kang ana ing satengahe kagawe saya wuwuh-wuwuh. 26 Para imame padha nerak angger-anggering ToretingSun lan najisake samubarang kang suci tumrap Ingsun; padha ora mbedakake apa kang suci lan kang ora suci, ora mulang bab bedane apa kang najis lan kang ora najis; padha ngeremake mripate tumrap dina-dinane SabatingSun. Kalawan mangkono Ingsun kanajisake ana ing satengah-tengahe. 27 Para panggedhene ana ing satengah- tengahe kaya asu ajag kang ngelak marang getih padha ndekep memangsane; padha golek kauntungan kanthi patrap kang ora kalal, kalawan gawe rusaking wong-wong. 28 Sabanjure para nabine padha ngusar wong-wong mau nganggo gamping, dikantheni sumurup wahyu kang ngapusi, sarta nindakake patenungan kang goroh tumrap wong-wong mau; nabi iku padha pratela: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah -- mangka Sang Yehuwah ora nglairake pangandika. 29 Para wong kang manggon ana ing nagara padha daksiya lan ngrerampas, nindhes wong sangsara lan mlarat, sarta memeres wong manca, dadi cengkah kalawan angger-angger. 30 Ingsun ngupadi ana ing satengahe wong- wong mau, sawijining wong kang sumedya ngedegake tembok utawa kang ngukuhi nagara iku ana ing ngarsaningSun, supaya aja nganti Sunsirnakake, nanging Ingsun ora manggih wong kang mangkono. 31 Mulane Ingsun banjur ngesokake bebenduningSun marang wong-wong mau, Sunsirnakake kalawan genining dukaningSun; kalakuane Suntampekake marang sirahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Ohola lan Oholiba, sadulur kakang adhi 23:1-49 23 1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, ana wong wadon loro, kang tunggal biyung. 3 Karone padha dadi wanita tuna-susila ana ing tanah Mesir; anggone tumindak mangkono nalika isih enom; ana ing kana payudarane kaemek-emek lan dhadhane kang isih prawan kaucel-ucel. 4 Kang tuwa jenenge Ohola dene kang enom Oholiba. Loro-lorone iku kagunganingSun lan padha nglairake anak lanang lan wadon. Mungguh jeneng-jeneng mau, Ohola iku yaiku Samaria, dene Oholiba iku Yerusalem. 5 Kacarita Ohola iku laku sedheng, mangka dadi kagunganingSun. Banget anggone kedanan marang para dhemenane, para wong Asyur, para pahlawan perang, 6 kang manganggo jarit wungu tuwa, para bupati lan para kang nyekel pangwasa, kabeh wong enom kang nggantheng, para prajurit jejaranan. 7 Ohola laku jina karo wong-wong mau, kabeh iku padha wong Asyur pepilihan; dheweke najisake awake karo kabeh wong kang padha dikedani, lan karo para brahalane. 8 Anggone laku jina wiwit saka ing tanah Mesir iku ora diuwis-uwisi, amarga wiwit enome wus tumindak mangkono, kaelus-elus dhadhane kang isih prawan, lan banjur padha ngesokake derenging napsune marang dheweke. 9 Mulane banjur Sunulungake ing tangane para kang didhemeni, ing tangane wong Asyur, kang dikedani. 10 Iku padha ngungkabi kawirangane; anake lanang lan wadon padha dicekel, dene dheweke dhewe banjur dipateni kalawan pedhang. Marga saka iku jenenge tansah dadi pocapan ana ing antarane golongan wanita, awit wus kapatrapan paukuman. 11 Sanadyan Oholiba, adhine, nyumurupi bab iku, ewasamono derenging asmarane lan anggone laku nistha ngluwihi mbakyune. 12 Kasmaran marang wong Asyur, marang para bupati lan para kang padha nyekel pangwasa, marang para pahlawan perang kang panganggone endah ngleluwihi, marang prajurit jejaranan, kang isih enom kabeh lan nggantheng-nggantheng. 13 Ingsun nguningani anggone najisake awake; loro-lorone kalakuane padha. 14 Malah anggone nglakoni kanisthan diwuwuh-wuwuhi: dheweke weruh gambar-gambar wong lanang ukiran ana ing tembok, gambare para wong Kasdim, kang kaukir mawa warna abang, 15 bangkekane sinabukan, nganggo serban mawa kloncer, kabeh katon prawira-prawira kayadene wong Babil saka ing Kasdim, tanah kalairane 16 Sawuse ndeleng iku mau, banjur kasmaran marang wong-wong mau, nuli kongkonan marani menyang ing tanah Kasdim. 17 Banjur ana wong Babil kang padha teka lan sapaturon sarta najisake Oholiba kalawan kanisthane; bareng wus dadi najis nuli sumingkir saka ing wong-wong mau. 18 Sarehne anggone nglakoni kanisthan iku blak-blakan lan ngungkabi kawirangane, mulane Sundohi marga saka anggoningSun eneg, kayadene anggoningSun ngedohi sadulure wadon. 19 Anggone nglakoni kanisthan wuwuh-wuwuh maneh kalawan kelingan marang dhek enome, nalika tumindak nistha ana ing tanah Mesir. 20 Mitra-mitrane kang diajak laku nistha iku dikedani, kang kawirangane kaya kawirangane kuldi lan dakare kaya dakar jaran. 21 Sira kepengin marang pokalira kang rusuh nalika enomira, nalika wong Mesir padha nguyel-uyel dhadhanira lan ngemek-emek payudaranira kang isih prawan. 22 Mulane, heh Oholiba, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, sira iku pancen wus ngedohi para bedhanganira, nanging lah iku bakal padha Sundhawuhi tumandang nglawan marang sira, iku bakal padha Sunirid lumawan saka ing sakiwa-tengenira: 23 Wong Babil lan kabeh wong Kasdim, wong Pekod, wong Soa lan wong Koa, lan sakehing wong Asyur padha bebarengan, para nom-noman kang bagus, para bupati lan para pahlawan perang, sakehing bala jaranan. 24 Iku bakal padha teka nglawan sira kanthi kreta lan rodha akeh sarta kalawan bangsa-bangsa sagrombolan; padha nata tameng gedhe lan cilik lan tuwin topong ana ing saubengira, apa maneh bakal padha Sunpasrahi prakara iki sarta sira bakal diadili manut angger-anggere. 25 Bentering panggalihingSun bakal Suntempuhake marang sira, temah wong-wong iku padha nanduki sira kalawan kanepsone, irung lan kupingira bakal diperungi, sarta kekarenira bakal mati dening pedhang. Anak-anakira lanang wadon bakal padha dicekeli, dene kekarene bakal kamangsa ing geni. 26 Sira bakal diblejedi lan pepasrenira karampas. 27 Ingsun bakal marekake pokalira kang jember lan tindakira kang nistha wiwit saka ing tanah Mesir, satemah sira ora bakal klirak-klirik marang wong-wong iku maneh sarta ora bakal ngeling-eling maneh marang wong Mesir. 28 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ngulungake sira marang ing tangane wong kang sira sengiti, sanadyan sira wus ngedohi wong-wong mau. 29 Iku bakal gething marang sira, kabeh oleh-olehaning rekasanira bakal karampas lan sira katinggal wuda mblejed, temah kawiranganira katon. Tindakira kang jember lan pokalira kang nistha 30 kang nekakake iku kabeh marang sira, awit sira tumindak nistha kalawan ngendelake para bangsa sarta najisake awakira kalawan para brahalane. 31 Uripira iku niru kalakuane sadulurira tuwa, mulane sira bakal Sunombeni saka ing tuwunge. 32 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira kudu ngombe saka ing tuwunge, tuwung kang jero lan kang amba cangkeme, yaiku tuwung kang akeh isine, sira bakal dadi guyon lan kaiwi-iwi. 33 Sira bakal kebak endem lan kasusahan. Tuwunging pagiris kinanthen swasana sepi iku tuwunge Samaria sadulurira. 34 Iku sira ombe saampase, nganti tekan remukane sira krikiti sarta sira ngruwes-ngruwes payudaranira. Sabab Ingsun kang mangandikakake iku; mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 35 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira lali marang Ingsun lan nyingkur marang Ingsun, saiki sira dhewe kang nanggung pokalira kang jember lan tindakira kang nistha.” 36 Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, apa sira gelem ngadili Ohola lan Oholiba, tuwin martani bab tumindake kang nistha? 37 Awit wong iku padha laku bedhang, tangane kuthah getih, padha laku bedhang kanthi patrap nyembah marang para brahalane minangka pangane. 38 Kajaba saka iku padha duwe pokal mangkene marang Ingsun; padha najisake pasuceningSun ing dina iku, sarta padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun. 39 Sabanjure nalika padha nyembeleh anak-anake kanggo para brahalane iku, ing dina iku iya nekani pasuceningSun lan nerak kasucene. Sanyata iki kang ditindakake ana ing padalemaningSun. 40 Wuwuh maneh padha nyeluk wong-wong saka ing panggonan kang adoh kalawan nglakokake kongkonan ngundang wong-wong mau, sarta iku, iya banjur padha teka. Marga saka tekane mau sira nuli adus nganti resik, alisira sira pulas lan sira banjur nganggo pepasren. 41 Sira lungguh ing paturon kang sarwa endah, kang ing ngarepe ana mejane kang wus tinatanan dhedhaharan; paturon iki sira dokoki dupa lan lenga kagunganingSun. 42 Tumuli keprungu swarane wong kang padha rame-rame, padha seneng-seneng karo dheweke lan karo para wong panunggalane wong akeh, kawuwuhan para wong mendem saka ing ara-ara samun. Iku padha ngetrapi gelang ing tangane lan makuthaning kamulyan ing sirahe. 43 Ingsun banjur ngunandika: Apa kembang kang wus alum iki isih laku jina? Wong padha bebedhangan karo dheweke, iya karo dheweke. 44 Wong-wong mau anggone mara kaya patrape wong nekani wanita tunasusila. Kaya mangkono anggone padha nekani Ohola lan Oholiba prelu nindakake kanisthan. 45 Nanging para wong bener lan saleh bakal ngakimi wong-wong mau kayadene wong kang ngakimi para wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih, amarga wong-wong iku padha laku jina lan tangane kuthah getih.” 46 Awit pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Cikben ana wong sagolongan kang nglawan marang wong-wong mau, cikben padha disiya-siya lan dijarah-rayah. 47 Bakal padha dibenturi watu dening wong sagolongan mau tuwin dipateni kalawan pedhange, lan omahe padha diobong nganti entek. 48 Ingsun bakal nguwisi tindak nistha ing tanah kono sarta para wong wadon bakal migatekake pepenget iku lan ora bakal nindakake kanisthan maneh kaya kang padha sira lakoni. 49 Lakunira kang nistha iku bakal katampekake marang sira tuwin sira kudu padha nanggung dosa-dosanira, amarga sira padha nyembah para brahala. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Pasemon bab kenceng kang nai 24:1-14 24 1 Nalika ing taun kang kasanga, tanggal ping sapuluh sasi sapuluh ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, cathetana tanggale dina iki, iya tanggale dina iki. Ing dina iki uga ratu ing Babil wiwit nempuh Yerusalem. 3 Jinis kang wangkot iki sira kandhanana kalawan pasemon mangkene: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Kencenge tumpangna ing geni, tumpangna banjur isenana banyu, 4 nuli cemplungana tengkelan daging, kabeh tengkelan kang becik, pupune lan gegere; kebakana balung-balung pilihan. 5 Njupuka wedhuse kang pilihan, lan ing sangisore tumpukana kayu, olah-olahan iku cikben umob balung-balung supaya uga dadi empuk ana ing njerone. 6 Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Bilai kutha kang kebak utang getih, kenceng kang nai ing jerone lan kang reregede ora ilang Tengkelan-tengkelan mau entasen siji-siji ora usah ndadak milih-milih. 7 Amarga getih kang kailekake isih ana ing tengahe; anggone ngwutahake ana ing gunung parang kang gundhul. Ora kaesokake ing lemah, dimen kurugan ing lebu. 8 Mulane marga saka tuwuhing bebendu lan thukuling raos karsa ndhawahake piwales, Ingsun bakal ngwutahake getihe dhewe ing gunung parang kang gundhul supaya aja nganti ketutupan. 9 Mulane pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Bilai kutha kang kebak utang getih Pawone bakal Sungedhekake. 10 Kayune tumpukana kang akeh, urubna genine, daginge dimen mateng temenan, duduhe buwangen, cikben balung-balunge padha gosong. 11 Kenceng kang kothong iku engkrengna ing geni mawa, supaya panas lan tembagane mengangah, satemah reregede ing jero sirna lan taiyenge ilang. 12 Nanging rekasaningSun iku tanpa guna, sabab taiyenge kang kandel iku ora gelem ilang, sanadyan ana ing sajroning geni. 13 Ing sarehne sira najisake awakira kalawan kanisthanira sarta Ingsun karsa ngresikake sira, nanging sira ora dadi resik, mulane sira ora bakal karesikan maneh, nganti Ingsun wus ngesokake dukaningSun marang sira. 14 Ingsun Yehuwah, kang mangandikakake iku. Iku mesthi bakal kelakon sarta Ingsun kang bakal nandukake. Ingsun ora bakal mundur lan ora bakal ngraos mesakake sarta ora bakal keduwung. Sira bakal Sunadili manut panggawenira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Sedane garwane Nabi Yeheskiel dadi pralambang bab ambruke Yerusalem 24:15-27 15 Sawuse mangkono tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 16 “He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal mundhut saka ing sira kang banget sira tresnani kalawan lara dadakan, nanging sira aja ngadhuh-adhuh utawa nangis sarta aja ngruntuhake eluh. 17 Anggonira ngesah aja nganti nywara, aja nganakake patangisan kepaten; ubedna serbanira lan nganggoa trumpahira, aja nutupi rainira lan aja mangan roti palayadan.” 18 Esuke aku rembugan karo bangsa iku, sorene bojoku tinggal donya. Esuke ing dina candhake aku nglakoni apa kang kadhawuhake marang aku. 19 Bangsa iku banjur celathu marang aku: “Punapa panjenengan boten karsa paring sumerep dhateng kula, punapa tegesipun punika tumrap kula sadaya, dene panjenengan kok tumindak makaten?” 20 Banjur padha dakwangsuli mangkene: “Sang Yehuwah wus ngandika marang aku: 21 Kandhaa marang turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Satemen-temene Ingsun bakal najisake papan pasuceningSun, kang dadi kaluhurane pangwasanira, kasenengane mripatira lan nyawanira; sarta anak-anakira lanang lan wadon kang padha sira tinggal iku bakal padha mati dening pedhang. 22 Ing kono kowe bakal padha nglakoni apa kang daktindakake: Raimu bakal ora padha koktutupi, lan kowe ora bakal padha mangan roti palayadan. 23 Sirahmu bakal padha kokenggoni serban lan sikilmu bakal kokenggoni trumpah; tuwin kowe ora bakal padha ngadhuh-adhuh utawa nangis. Nanging kowe bakal padha lebur ing sajroning paukumanmu lan kowe bakal padha genten ngesah. 24 Kaya mangkono Yeheskiel bakal dadi gegambaran tumrap sira kabeh. Sira bakal padha nglakoni trep karo kang katindakake. Manawa iku wus kelakon, sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah. 25 Anadene sira, he, anaking manungsa, apa ora mangkene kang bakal kelakon iku? Ing dina anggoningSun mundhut betenge, pepasrene, kang nyenengake atine, kasenenganing mripate lan kang kaangen-angen dening nyawane, anak-anake lanang lan wadon, 26 ing dina iku uga bakal ana wong kang bisa oncat, kang teka nggawa pawarta marang sira. 27 Ing dina iku cangkemira bakal kabukak lan sira bakal caturan karo wong kang oncat mau sarta banjur ora lestari bisu. mangkono anggonira dadi pralambang tumrap para wong mau tuwin iku banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

BAB 25-32 PAMECA-PAMECA KANG NGLAWAN PARA BANGSA