51
D. Pirantining Panaliten
Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken kangge sarana nindakaken panaliten kangge ngempalaken data ngginakaken
teks
minangka sumber ingkang utami.
Teks
menika dipunpendhet saking sumber
data
panaliten inggih menika kalawarti
Djaka Lodhang
kanthi
edisi
September- November 2014.
Sanesipun ngginakaken sarana kalawarti minangka sumber
data
panaliten, ugi ngginakaken kertu
data
minangka sarana kangge mbiyantu anggenipun ngempalaken
data
.
Data
menika dipunperang miturut jinisipun.
Data
ingkang setunggal jinis menika dipundadosaken setunggal.
E. Caranipun Nganalisis
Data
Saksampunipun
data
panaliten dipunkempalaken dados setunggal, salajengipun nindakaken tahap
analisis data
. Anggenipun nganalisis
data
, panaliti ngginakaken
teknik analisis deskriptif
.
Analisis
kanthi
deskriptif
menika dipunginakaken kangge nggambaraken, ngandharaken, saha mahyakaken asiling panaliten kanthi menapa wontenipun. Tahap
analisis deskriptif
menika dipunlampahi kanthi cara:
identifikasi, klasifikasi,
saha nganalisis wacana-wacana ingkang mlebet jangkeping wacana
sosial
. Tahap
ingkang sepisan,
ngidentifikasi
data-data
ingkang dipunpanggihi anggenipun nindakaken panaliten lajeng dipunserat ing kertu
data
. Cara menika kangge manggihaken menapa kemawon sarana ingkang njangkepi wacana
sosial
. Tahap ingkang kaping kalih, saksampunipun data
52
dipunidentifikasi, panaliti nindakaken lampahing
klasifikasi
, inggih menika ngempalaken
data-data
asiling panaliten dados setunggal. Caranipun
data
dipunpantha miturut jinising sarana ingkang njangkepi wacana
sosial
menika. Saklajengipun
dipunpantha-pantha miturut
jinisipun, saklajengipun
nindakaken analisis
data
. F.
Caranipun Ngesahaken
Data
Validitas
data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten kangge neliti
data
ingkang awujud tembung-tembung. Tembung-tembung menika lajeng dipuntliti wujud saha tembungipun. Saksampunipun, dipuntindakaken
cek
saha
ricek
utawi dipuntliti datanipun.
Validitas data
kaukur kanthi
triangulasi teori
.
Triangulasi teori
wonten ing panaliten inggih menika nandhingaken
data
saking asiling panaliten kaliyan
teori-teori
ingkang jumbuh Setyadi, 2006:32. Sanesipun ngangge
triangulasi teori
ugi dipunginakaken
validitas semantik
kangge ngesahaken
data
menika.
Validitas semantik
inggih menika nganalisis
data- data
ingkang wonten sambung raketipun kaliyan sarana jangkeping wacana
sosial
inggih menika
kohesi
lan
koherensi
, saklajengipun
dipunkelompokaken, dipuntegesi, lan dipunanalisis kanthi nggatosaken
konteks
wacana, saengga gampil anggenipun mangertosi tegesipun utawi wosipun wacana. Kejawi menika ugi ngangge
pertimbangan
saking
para ahli
inggih menika kanthi cara
konsultasi
bab asiling panaliten. Bimbinganipun