Underaning Perkawis Watesaning Perkawis

6

F. Paedahing Panaliten

Asiling panaliten ngengingi bab wacana pendidikan menika, dipunkajengaken saged nyaosi paedah ingkang teoritis saha paedah ingkang praktis : Paedah kanthi teoritis , asiling panaliten menika saged nambahi seserepan bab ngelmu basa mliginipun wonten ing bab analisis wacana ingkang ngrembag kajian jangkeping wacana bab sosial . Sanesipun ugi gadhah paedah saged damel referensi kangge panaliten ingkang sanes, mliginipun panaliten bab kajian wacana ingkang wonten gayutanipun kaliyan panaliten menika. Paedah kanthi praktis , asiling panaliten menika dipunkajengaken saged maringi sumbangan pamikiran saha tambahing seserepan ingkang enggal bab kajian wacana, ugi saged maringi motivasi kangge ingkang maos, saengga saged nuwuhaken panaliten-panaliten ingkang kathah mliginipun gayut kaliyan bab wacana. G. Pangertosan 1. Wacana Wacana inggih menika unit basa ingkang langkung jangkep saha langkung kompleks unsur ipun. Wacana saged dipunwujudaken saking satuan- satuan gramatikal ing ngandhapipun. Satuan gramatikal menika awujud tembung, ukara, paragraf , saha karangan ingkang wetah kadosta novel , buku, 7 artikel, seri ensiklopedia saha sanesipun ingkang gadhah amanat ingkang jangkep. 2. Jangkeping Wacana Keutuhan utawi jangkeping wacana inggih menika gayutan antawisipun unsur ing salebetipun struktur sintaksis wacana. Morfem terikat langkung gayut kaliyan unsur ingkang ndhereki tinimbang unsur sanesipun. 3. Proposisi Wacana Proposisi inggih menika makna utawi teges saking wosipun andharan, proposisi menika kadadosan saking predikat utawi wasesa ingkang sami gegayutan antawisipun setunggal perkawis menapa langkung. 4. Kalawarti Djaka Lodang Kalawarti Djaka Lodang satunggaling media waosan ingkang terbit ing Yogyakarta. Kalawarti menika kababar seminggu sepisan saben dinten Setu. Sedaya seratan, warta, seserepan, saha waosan sastra budaya wonten ing kalawarti Djaka Lodang menika ngginakaken basa Jawi. Kalawarti menika ngewrat kathah rubrik ingkang ngandharaken maneka warni bab ingkang gayut kaliyan pagesangan. Salah satunggaling rubrik ing salebeting kalawarti Djaka Lodang inggih menika “ Wanita lan Kulawarga ” minangka salah satunggaling tuladha saking wacana sosial .