Nyuwun Pangapunten Materi Pembelajaran

ta. Aku duwe sepatu telu kae ana ing omah. Dienggo wae kana sepatuku siji.” Atik : “Ah ora Yun. Aku emoh ngrepoti kowe terus. Kowe senengane nulungi aku, ananging aku durung bisa mbales apa- apa.” Yuni : “Aja kaya ngono lho Tik, aku ki ikhlas nulungi kowe ki. Wis sesok nganggo sepatuku dhisik wae. Ukuran sikile awak dhewe ya padha kok.” Atik : “Iya Yun, maturnuwun banget ya. Aku ora bakal lali karo pitulunganmu.” 1. Apa isine pacelathon ana ing dhuwur? 2. Piwulang luhur apa kang bisa dijupuk saka pacelathon ing dhuwur? 3. Ukara endi kang mahyakake atur panuwun ? 4. Kasebutna tumindak becik kang kudu dilampahake wong urip wonten ing pagesangan 5. Gawea ukara kang ngemu bab atur panuwun 2 2 2 2 2 Kunci Jawaban: I. 1. Inggih Pakdhe, Bapak wonten ing dalem. 2. Menika ngendikanipun Bapak sekedhap malih. Bapak taksih siram. 3. Iya Nang, engko kowe melu Pakdhe wae. 4. Ragam basa apa kang digunakake ing pacelathon menika inggih menika krama inggil lan ngoko lugu. 5. Inggih Pakdhe. Nyuwun pangapunten amarga dereng kula wangsulaken, amargi kala wingi badhe kula wangsulaken marang Mas Yundi, bukunipun ketinggalan. II. 1. Isine pacelathon ing inggil inggih menika nulungi kanca kang lagi kesusahan. 2. Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka pacelathon ing dhuwur inggih menika kita kedah mbiyantu tiyang sanes ingkang lagi kesusahan, lan kedah iklas anggone mbiyantu menika. 3. “Iya Yun, maturnuwun banget ya. Aku ora bakal lali karo pitulunganmu.” 4. Tumindak becik kang kudu dilampahake wong urip wonten ing pagesangan : a Nulungi wong liya sing lagi kesusahan, b Ngurmati wong sing luwih tuwa. c Kudu njaga tindak tanduk lan pituture awak dhewe. d Kudu iklas anggone nulungi wong liya. 5. Tuladha ukara kang ngemu bab atur panuwun : i. Maturnuwun banget ya le, wis ngrewangi simbah nggawa barang-barang iki. ii. Maturnuwun Gusti sampun diparingi kelancaran acara perpisahan kelas 9 SMP N 1 Sleman ing dinten menika. PEDOMAN PENILAIAN I. Soal nomor 1 Jawaban benar Skor 2 Soal nomor 2 Jawaban benar Skor 2 Soal nomor 3 Jawaban benar Skor 2 Soal nomor 4 Jawaban benar Skor 2