Matur nuwun sanget pak

Ulangan Basa Jawa kelas VII semester ganjil Kaca 3 Hendarti : “Aku saka SD Kanoman. Yen kowe?” Riyanti : “Aku saka MI Keputran.” Hendarti : “MI, apa kuwi MI?” Riyanti : “MI iku Madrasah Ibtida’iyah. Ya padha karo SD lah.” Hendarti : “ E... wis bel, ayo melu Upacara Pambukaan Masa Orientasi Siswa, yuk Miturut unggah-ungguh Jawa sing becik, ukara apa kang trep kanggo ngisi pacelathon ing dhuwur? a. Eh aku arep takon b. Nyuwun pangapunten c. Mrene dhisik aku arep takon d. Nyuwun sewu 8. Tepangaken nama kula Wildan Khairul Umam, asalipun saking Beji, kula saking kelas VII C, menawi .......... sekolah kula numpak sepedha sareng kaliyan Satriyo. Tembung kang trep kanggo njangkepi teks tetepungan ana ing dhuwur, yaiku? a. budhal c. mangkat b. wekdal d. tindak 9. Anisa : “Nuwun Sewu Bu Tatik..” Bu Tatik : “ee Anisa karo ulfi.. ana perlu apa iki? Arep njilih buku?” Ulfi : “boten badhe ngampil buku bu.. ananging..” Anisa : “menika bu, saderengipun kula nyuwun pangapunten ingkang ageng” Bu Tatik : “kenangapa anisa njaluk ngapura karo ibu?” Anisa : “amargi kula ngicalaken Buku Novel Laskar pelangi, ingkang kula ampil kala wingi dinten senen Bu” Bu Tatik : “Hla kok bisa ilang sa?” Anisa : “nggih Bu, menika luput kula, amargi bukunipun menika kula tilar wonten laci kelas Bu” Kenangapa anisa njaluk ngapura karo Bu Tatik? a. Mergane ngrusakake buku Novel Laskar pelangi b. Mergane nguncalake buku Novel Laskar pelangi c. Mergane ngilangake buku Novel Laskar pelangi d. Mergane ninggal buku Novel Laskar pelangi 10. Piwulang sing trep kang bisa dijupuk saka pacelathon nomor 9 ing dhuwur yaiku? a. Dadi bocah kudu seneng maca buku b. Barang sing dudu duweke kudu dirawat tenanan c. Seneng maca buku dadi ora didukani Bu Guru d. Dolan ning perpustakaan dadi marake pinter 11. Kepiye ukara kang bener nalika siswa arep ijin ning kamar mandi karo Pak Guru? a. Nyuwun pangapunten pak, arep nyuwun idin dhateng wingking Ulangan Basa Jawa kelas VII semester ganjil Kaca 4 b. Nyuwun sewu pak, badhe nyuwun idin dhateng wingking c. Nuwun sewu pak, badhe nyuwun idin menyang mburi d. Nyuwun pangapunten pak, badhe nyuwun idin dhateng wingking 12. Teks pacelathon ing dhuwur, kalebu jinis teks menapa? a. sapa aruh c. pamitan b. nyuwun idin d. tetepungan 13. Sapa aruh kuwi penting banget, sebabe? Kejaba, a. Bisa nambah guyub karo kanca b. Bisa nambah rukun ana ing bebrayan c. Bisa nambah swasana tentrem

d. Bisa nambah mungsuh ing bebrayan

14. Bu Darmaji : “Wis ya Pak, aku dak mangkat dhisik, ayo Desinta enggal pamit marang bapakmu.” Desinta : “Wis ya Pak aku pamit, njaluk sangu.” Bu Darmaji : “Lo...,lo...lo, kok le pamit kok kaya ngono Mbok ya sing bener, mengko yen kepireng Mbah kakung rak ya ngisin- isini.” Desinta : “Lah.., piye Bu, rak durung tau diwarahi.” Bu Darmaji : “Pak, kula nyuwun sangu, salajengipun keparenga kula pamit bidhal sekolah.ngono ndhuk” Kenangapa Desinta didukani Ibune nalika pamit karo bapak? a. mergane Desinta njaluk sangune akeh b. mergane Desinta ora nganggo basa jawa krama c. mergane Desinta pamitane cepet banget d. mergane Desinta ora duwe unggah-ungguh