Wujuding Aksara Jawa, Pasangan Aksara Jawa, saha Sandhangan

D. Alat, Media, dan Sumber Pembelajaran

Alat pembelajaran : papan tulis, spidol. Media pembelajaran : power point. Sumber pembelajaran : Mulyani, Hesti. 2013. Komprehensi Tulis. Yogyakarta: Astungkara Media.

E. Penilaian Hasil Belajar

1. Kisi-kisi Indikator Penilaian Jenis Bentuk Instrumen 1. Siswa dapat membaca wacana sederhana beraksara Jawa dengan benar dan tepat. 2. Siswa dapat menjawab pertanyaan berdasarkan bacaan dengan benar dan tepat. 3. Siswa dapat menyebutkan nilai-nilai moral dalam bacaan. Tes Soal 1. Cobi waosen waosan menika kanthi premati 2. Cobi wangsulana pitakenan- pitakenan wonten ngandhap menika kanthi leres a. Menapa ta irah-irahan waosan menika? b. Sinten kemawon paraga wonten waosan menika? c. Kados pundi watakipun paraga-paraga kasebut? d. Kados pundi setting papan saha wekdal wonten waosan menika? e. Menapa ta tegesipun tembung ngudarasa, guneman , saha bilahi? 3. Kasebutna 3 kemawon nilai- nilai moral ingkang wonten ing waosan menika Waosan Wonten ngandhap menika inggih menika alih aksara saking waosan wonten nginggil menika. Padhange Srengenge Ing sawijining dina, ana bocah wadon arane Misah ngudarasa mangkene, “Ambok iya taa srengenge katon aja mendhung kaya ngene wae.” Pujine Misah kasembadan nganti suwe banget ora udan-udan, panase banget marai tanduran rusak, sawah-sawah padha nela ora kena ditanduri. Kembang-kembang, tandurane Misah uga akeh kang mati. Embokne Misah banjur guneman mangkene, “Saiki wis cetha yen udan lan panas iku padha prelune. Semono uga manungsa yen seneng terus ora tau susah iya ora becik. ” Ringkese cerita mangkene, kersane Allah paring panas lan udan, awan lan bengi, beja lan cilaka, slamet utawa bilahi iku kabeh mesthi ana pigunane kabeh. 2. Kunci Jawaban No. Jawaban Skor 2. a. Padhange Srengenge 10 b. Misah saha Ibunipun Misah 10 c. Watakipun Misah inggih menika kirang gadhah raos syukur, kirang nrimah menapa kemawon ingkang dados kersanipun Gusti. Watakipun ibunipun Misah inggih menika wicaksana, bersahaja, sabar. 20 d. Setting papan wonten waosan kasebut inggih menika wonten pedesaan wonten narasi babagan saben, wondene setting wekdalipun inggih menika siyang. 20 e. Ngudarasa tegesipun mikir, menggalih. Guneman tegesipun ngomong. Bilahi tegesipun cilaka. 20 3. Nilai-nilai moral ingkang wonten ing waosan kasebut inggih menika : a. Tiyang menika kedah gadhah raos syukur. b. Tiyang menika boten pareng mengeluh. c. Tiyang menika kedah nrimah sedaya kemawon ingkang sampun dados kersanipun Gusti. 20 Skor total 100 Perhitungan nilai akhir dalam skala 0-100 adalah sebagai berikut. Gamping, 2 Agustus 2016 Mengetahui Guru Pembimbing Bardini, S. Pd. NIP 19650915 198703 1 005 Mahasiswa I ntan Chosi’ Nur Amelia NIM 13205241017 RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN RPP Nama Sekolah : SMP N 4 Gamping Mata Pelajaran : Bahasa Jawa KelasSemester : VIIIGasal Alokasi Waktu : 2x40 menit Standar Kompetensi : nyemak 4. Mengungkapkan gagasan wacana tulis sastra dalam kerangka budaya Jawa. Kompetensi Dasar :

4.3 Menulis karya sastra prosa fiksi

Indikator : 1. Siswa dapat menyusun kerangka karangan. 2. Siswa mengembangkan kerangka karangan menjadi suatu karangan. Tujuan Pembelajaran: Setelah mengikuti pembelajaran ini, diharapkan siswa dapat:

1. menyusun kerangka karangan, dan 2. mengembangkan kerangka karangan menjadi suatu karangan.

A. Materi Pembelajaran

1. Jinising Waosan Jinising waosan menika wonten gangsal, inggih menika: narasi, diskriptif, eksposisi, argumentasi, saha persuasi. Wondene andharan saking jinising waosan kaandharaken wonten ngandhap menika. a. Waosan Narasi Waosan narasi inggih menika waosan ingkang nyariosaken kahanan, lajeng tiyang ingkang maos menika ngraos nindakaken piyambak kahanan ingkang dipuncariyosaken. Prakawis ingkang dipungatosaken wonten waosan narasi inggih menika babagan rerangkeningurutaning kahanan. Wondene tuladhanipun waosan narasi kados ta wonten ing ngandhap menika. Tabuh enem enjing Bu Nia tindak dhateng peken. Anggenipun tindak peken Bu Nia nitih motor kaliyan Tika. Nalika wonten margi, motoripun Bu Nia kenging paku. Salajengipun Bu Nia kaliyan Tika dhawah sesarengan. Tiyang ingkang mangretosi kawontenan menika enggal-enggal mbiyantu. b. Waosan diskriptif Waosan diskriptif inggih menika waosan ingkang wosipun ngandharaken kanthi cetha kahanan sawijining objek. Biasanipun anggenipun diskripsiaken objek menika kanthi ngandharaken sipat, wujud, ciri-ciri, saha kawontenaning objek. Wondene tuladhanipun waosan diskriptif kados ta wonten ngandhap menika. Kala wingi Pak Galih mundhut ulam Arwana. Anggenipun mundhut ulam kasebut saking peken ingkang mapan wonten Magelang. Ulam Arwana ingkang dipunpundhut Pak Galih menika wernanipun silver, dene panjangipun kinten- kinten 20cm. Ulam Arwana kasebut dipunlebetaken wonten aquarium ingkang mapan wonten ruang tamu. c. Waosan Eksposisi Waosan Eksposisi inggih menika waosan ingkang dipunserat kangge ngandharaken kawruh, informasi, definisi, pangretosan, metode, cara, saha proses ingkang ndadosaken satunggaling prakawis. Wondene tuladhanipun waosan eksposisi kados ta wonten ing ngandhap menika. Gedhang basa ngoko utawi pisang basa krama menika thukul wonten dhaerah tropis.Pisang kasebut kalebet kulawarga Musaceae. Wonten mapinten- pinten jinising pisang ingkang wernanipun beda, kados ta wonten ingkang werni abrit, kuning, saha ijem. Pisang ingkang disade wonten peken inggih menika gedhang ingkang sampun mateng. Pisang menika kathah ngandhung kalium. d. Waosan Argumentasi Waosan argumentasi inggih menika waosan ingkang wosipun ngandharaken pamanggihipun panyerat ingkang dipunginakaken kangge ngewahi pamanggihipun tiyang sanes. Wondene tuladhanipun waosan argumentasi kados ta wonten ing ngandhap menika. Basa Jawa menika wonten relevansinipun kaliyan pendidikan budi pekerti. Tuladhanipun, tiyang ingkang sinau basa Jawa menika mboten ngraos bilih sinambi nyinaoni pendidikan budi pekerti. Paling mboten, tiyang menika saged mangretosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pekerti. e. Waosan Persuasi Waosan persuasi inggih menika waosan ingkang wosipun kangge ngajak tiyang sanes supados ndherek menapa ingkang dipunpengeni panyerat.Wondene tuladhanipun waosan persuasi kados ta wonten ing ngandhap menika. Sampun boten mokal bilih praktik pidato menika kaginakaken kangge nglatih rasa percaya diri. Nalika rasa percaya diri menika sampun ageng, pamicara saged nindakaken tugas kanthi sae tanpa wonten raos rikuh, boten wantun saha grogi. Percaya diri menika ingkang dados modal kangge keberhasilan pidato. Menawi panjenengan pengen trampil pidato, panjenengan kedah asring nindakaken praktek pidato. 2. Caranipun Nyerat Waosan Wonten mapinten-pinten rantamaningurutaning langkah anggenipun badhe nyerat waosan. Wondene rantamaning nyerat waosan menika kados ta wonten ngandhap menika. a. Nemtokaken tema. b. Ndamel cengkorongan.. c. Nyerat paragraf miturut cengkorongan. d. Milih tetembungan ingkang sae.

B. Metode Pembelajaran

Metode pembelajaran: ceramah, tanya jawab, penugasan.

C. Langkah-Langkah Kegiatan Pembelajaran

KEGIATAN PEMBELAJARAN Alokasi Waktu 1. Kegiatan Pendahuluan Apersepsi  Berdoa, presensi, pengkondisian siswa.  Guru memberi salam, menanyakan kabar, menanyakan kesiapan siswa.  Guru menanyakan materi apa saja yang telah dibahas pada pertemuan sebelumnya.  Guru menjelaskan KD yang akan dipelajari.  Guru menanyakan kepada siswa apakah siswa sudah pernah menulis karangan.  Guru menanyakan kepada siswa jenis-jenis karangan. 5 menit 2. Kegiatan Inti Mengamati  Siswa membaca materi tentang jenis-jenis karangan. Menanya  Siswa menanyakan perbedaan dari jenis-jenis karangan. 70 menit Tabel salajengipun KEGIATAN PEMBELAJARAN Alokasi Waktu Mengumpulkan Informasi  Guru menanyakan kepada siswa tentang pengertian dari masing-masing jenis karangan.  Guru menjelaskan pengertian dari masing-masing jenis karangan menggunakan media power point. Mengasosiasi  Siswa menyebutkan contoh karangan dari masing-masing jenis karangan. Mengomunikasikan  Guru mengoreksi contoh karangan yang disebutkan oleh siswa menurut jenis karangannya.  Guru menyuruh siswa untuk menulis karangan, dimulai dari membuat kerangka karangan dan dikembangkan menjadi karangan. 3. Kegiatan Penutup  Guru merefleksikan materi pelajaran.  Guru menyampaikan KD yang akan dibahas pada pertemuan selanjutnya.  Guru menutup pelajaran dengan berdoa dan salam. 5 Menit

D. Alat, Media, dan Sumber Pembelajaran

Alat pembelajaran : papan tulis, spidol. Media pembelajaran : power point. Sumber pembelajaran : Suparyadi, dkk,. 2016. SEMBADA. Yogyakarta: UD. Kurniawan Jaya Mandiri Klaten. Suyati, dkk. 2014. Puspita Basa “Basa Jawa”. Yogyakarta: Duta Aksara.