Tujuan Pembelajaran : Materi Pembelajaran
Menyapa
SIMBAH RAWUH
Ibu dhawuh manawa dina iki simbah sekaliyan arep rawuh, mula Widada sa adhine diutus reresik omah. Dene ibu ngasta nyamikan semar mendem
klangenane mbah kakung. Ora sawetara suwe keprungu swara dhokar mandheg ing ngarep omah.
Widada
: “Dhik … dhik kae simbah wis rawuh Widati
: “Pak, Bu… menika simbah sampun rawuh Kabeh padha metu saka ngomah mapagake simbah kakung
putri. Widada miwiti salaman kanthi ngaras astane simbah kakung lan putri di susul adhi-
adhine, karo matur “Sugeng rawuh mbah” banjur Widada nggawakake tase simbahe,
kanthi rasa bungah Bapak
: Sugeng rawuh Pak, Bu” Simbah Kakung
: “Iya rak ya padha slamet ta? Ibu
: Pangestunipun bapak saha ibu, sedaya ginanjar wilujeng” Simbah Putri
:”Kae Wid, simbah ngasta manggis kesenenganmu, enggal dhudhahen oleh-olehe
Widada : “Wah matur nuwun sanget mbah, dhik oleh-olehe simbah
iki gawanen Widaningsih
: “Simbah putri , mangke dalu kula nyuwun dipun dongengi malih nggih.”
Simbah Putri :”Iya-iya mengko bengi simbah bakal ndongeng kanggo
kowe kabeh’ Widati
: “Nembang lagu dolanan ugi nggih mbah Simbah Putri
: “Iya dongeng lan nembang lagu dolanan Tetelune enggal nindakake dhawuhe ibune dene simbah sekaliyan isih
nerusake wawan pangandikan karo bapaklan ibu ing ruang tamu
Pertemuan kedua
Praktek pacelathon E.
Alokasi Waktu
Pertemuan pertama : 2 X 40 menit.
Pertemuan kedua : 2 X 40 menit