Jinising panaliten Data saha Sumber Data Cara Ngempalaken Data

35

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising panaliten

Panaliten menika migunakaken jinis panaliten deskriptif. Panaliten deskriptif dipunginakaken wonten ing mratelakaken utawi mahyakaken asiling panaliten kanthi menapa wontenipun utawi objektif Sudaryanto, 1988: 62. Ancasipun panaliten inggih menika ngandharaken kanthi cetha. Wosipun pirembagan dipunjumbuhaken kalihan wujud saha fungsinipun panambang ing cerkak wonten kalawarti Sempulur warsa 2011-2012. Lampahanipun panaliten dipuntindakaken kanthi cara ngempalaken data, milah-milahaken data klasifikasi data, saha analisis utawi pangolahing data wonten ing madosi saha ngandharaken wujud kalihan fungsinipun panambang ing cerkak wonten kalawarti Sempulur warsa 2011-2012.

B. Data saha Sumber Data

Sumber data panaliten menika ngginakaken Kalawarti Basa Jawi inggih menika kalawarti sempulur. Kalawarti menika kababar saben setunggal taun kaping sekawan, dipunterbitaken dening Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta wiwit taun 2002 Basa ingkang dipunginakaken inggih menika basa Jawi. Kalawarti menika sinerat kanthi sub-bab ingkang maneka warni, panaliten menika ngginakaken 6 Kalawarti Sempulur inggih menika saking taun 2011 ngantos 2012 No. 3-4 saha No. 1-4. Data ing panaliten menika samangke 36 awujud tembung-tembung ingkang pikantuk panambang kanthi wewaton ingkang sampun kaandharaken ing bab kalih.

C. Cara Ngempalaken Data

. Caranipun ngempalaken data kanthi cara maos saha nyerat, miturut Pradopo 2011: 95 inggih menika, panaliti maos data wonten ing cerkak Kalawarti Sempulur kanthi tliti, setiti, ngatos-atos supados saged manggihaken panambang ingkang maneka warni. Kaping kalihipun panaliti nyerat sedaya data ingkang kapanggihaken saking asiling maos cerkak menika wonten ing kertu dhata. Bab ingkang dipunserat wonten ing kartu data inggih menika sumber data, konteks, data, wujud kaliyan fungsinipun panambang ing cerkak wonten kalawarti Sempulur, saha katerangan. Salajengipun, data menika dipunpilah-pilah ingkang kalebet panambang saha dipunklasifikasi kanthi ningali titikanipun panambang saha teori-teori ingkang dipunginakaken.

D. Pirantining Panaliten