Panambang {–i} ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

1. Panambang awujud Polimorfemis

Panambang awujud polimorfemis ing Cerkak wonten Kalawarti Sempulur inggih menika panambang {-i-ni}, {-e-ne}, {-a}, {-an}, {-na}. Bab menika kaandharaken wonten ngandhap menika.

A. Panambang {–i}

Panambang awujud panambang {-i} ing Cerkak wonten Kalawarti Sempulur inggih menika, panambang {-i} dipunginakaken wonten ing tembung ingkang pungkasan tembung, tembung awujud konsonan, wondene {-ni} dipunginakaken wonten ing tembung ingkang pungkasan tembung awujud vokal. “Wis ora ana kurange ibu ngladeni bapak, nanging menawa bapak duwe pepinginan apa ibu kira-kira menehi palilah, utawa malah ibu mungsuhi bapak?”, Pak Tomo isih mlipir anggone arep walaka marang garwane. SME3,2012CK37P8K1 Saking andharan ing nginggil saged dipuntingali bilih tembung ‘mungsuhi’ kadhapuk saking tembung lingga + {-i}. Tembung ‘mungsuhi’ menika saking tembung lingga mungsuh, ingkang dipunraketi mawi panambang {-i}. Ginanipun panambang ‘mungsuhi’ menika ndhapuk tembung kriya. Lajeng tembung ‘mungsuhi’ nggadhahi teges ndadosaken musuh. Mungsuhi menika tembung andhahan polimorfemis ingkang kadhapuk saking tembung lingga aran “mungsuh” +{-i}, tembung ‘mungsuhi’ ndhapuk tembung kriya. mungsuhi mungsuh {-i} TKr ‘mengsah lawan’ Bagan 1. Pandhapuking panambang ‘mungsuhi’ bagan kapendhet saking Ramlan, 1997 Nanging, ora bakal arep nesoni kandhane, amarga pancen kandhane katon tresna banget, tur pancen ora tau duwe salah marang dheweke, malah kepara katon sabare lan bisa ngemong atine. SME2,2012CK43P20K2 Saking andharan ing nginggil saged dipuntingali bilih tembung ‘nesoni’ kadhapuk saking tembung lingga + {-ni}. Tembung ‘nesoni’ menika saking tembung lingga nesu, ingkang dipunraketi mawi panambang {-i}. Ginanipun panambang ‘nesoni’ menika ndhapuk tembung kriya. Lajeng tembung ‘nesoni’ nggadhahi teges tiyang ingkang nembe nesu kaliyan tiyang sanesipun. Nesoni menika tembung andhahan polimorfemis ingkang kadhapuk saking tembung lingga kriya “nesu” + {-i}, tembung ‘nesoni’ ndhapuk tembung kriya. nesoni nesu TKr ‘nesu’ {-ni} Bagan 5. Pandhapuking panambang ‘nesoni’ bagan kapendhet saking Ramlan, 1997

B. Panambang {-a}