Cerita Sunan Kali Jaga dalam bahasa Jawa

Cerita Sunan Kali Jaga dalam bahasa Jawa
Jeneng asline Sunan kalijogo yoiku Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung
Wilatikta. Raden Sahid kalebu keturunane Ronggolawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma Raden
Sahur.Nalika Raden Sahid cilik, Raden Sahid wis di kenalake karo agama Islam karo guru kadipaten
Tuban. Nanging senajan deweke weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo uripe wong cilik sing pada
ngelih. Raden Sahid banjur atine mberontak.
Wektu Raden Sahid isih bocah atine ora lila, weruh para pejabat kadipaten sing sewena–wena marang
rakyat cilik. Durung meneh upeti sing di pungut kadipaten luwih saka bates kewajaran nambahi bebane
rakyat sing wektu kuwi wis kabotan anggone urip.Nalika musim ketiga dawa nambahi nelangsane rakyat.
Panen sing pada gagal amerga ora ono banyu. nanging pejabat kadipaten pada ora peduli sing di pedulike
amung piye anggone meres pajak saka rakyat cilik.
Raden Sahid putra bangsawan kuwi, dheweke luwih seneng urip sing bebas, kang nentang karo adat
istiadat kebangsawanan. Deweke luwih seneng kumpul nyawiji kalian rakyat jelata. Amarga saka uripe
kuwi deweke reti sakjeroning masyarakat Tuban.Niat kanggo ngurangi kasengsaraane rakyat wis
dikandhakake kalian bapane. Nanging bapane ora bisa apa–apa. Deweke maklum amarga bapake sing
njabat dadi Adipati bawahane Majapahit. Nanging niyate Raden Sahid ora bisa dilerem. Nalika bengi
deweke seneng ngurung awake ning kamar saperlu ngaji Al-quran.
Nalika sing jaga gudang kadipaten turu, Raden Sahid njupuk bahan pangan ning gudang sing arep di setor
marang Kerajaan Majapahit. Bahan makanan mau di bagekake marang rakyat jelata sing butuh banget
kanggo nyambung urip. Sing di lakukake Raden Sahid ora ana sing ngerti uga kanggo sapa kang nampa
pitulungane iku mau.Banjur rakyat sing rak reti apa–apa iku mau bingung campur seneng entuk rizki sing

rak kedugo–dugo.Ora trimo rakyat sing kaget nrimo rizki sing kaya–kayane tiba saka langit nanging sing
jaga gudang ya krasa kaget naliko barang lan bahan makanan sing bakale arep diwenehake marang
Kerajaan Majapahit tiap bengine sansaya kurang.
Sing jaga padha penasaran sapa sing wani maling barang sing kangarep dadi upeti kanggo Kerajaan
Majapahit iku mau. Nalika bengi para penjaga pada ethok–ethok turu,ngenteni malinge teka. Jebule bener
ana maling sing ngendap-ngendip marang lawang gudang nanging di tok dhisik karo penjaga nunggu
sampe maling iku mau jupuk barang sing arep di maling. Naliko di deloke para penjaga gudang mau
padha ora percaya menawa sing maling yaiku junjungane dhewe ingkang putra Adipati Wilatikta Raden
Sahid. Banjur Raden Sahid di gawa menyang Adipati Wilatikta. Banjur kang bapa iku nesu ora percaya
putra kesayangane iku mau wani dadi maling ana ing omahe dhewe. Banjur Raden Sahid diukum kalian
ukuman cambuk nang tangan 200 sabetan. Ukuman sing linyane yaiku di kurung sakjrone kamar. Lan
pesene bapane aja pisan–pisan meneh maling.
Sakwise nglakoni ukuman sing di wenehi saka bapane, banjur Raden Sahid mutusake metu saka
lingkungan istana. Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana kedaden kang
ora apik kalakoni dening Raden Sahid.Saiki Raden sahid ora trima maling nanging dadi begal sing maling
wong sugih sing enthuk rizki saka barang sing ora halal. Anggone ngrampok Raden Sahid nganggo topeng
lan busana sarwa ireng.Nanging suwe suwe anggone nganggo busana khase dheweke iku ana isng niru.
yaiku gerombolan perampok kang tanpa mikir sapa kang bakal dibegal. Gerombolan iki ora sungkan
anggone mateni sapa sing arep di rampok.Sak wijining bengi, naliko Raden Sahid lagi mudhun saka
musholla ba’dha isya, ana sak siwijining omah sing bengak–bengok ana rampok. Banjur Raden Sahid

cepet–cepet tumuju omah sing dirampok iku mau. Nanging nalika Raden Sahid teka ing papan si
perampok iku mau lagi ngrudhapeksa bocah wadon sing ana nang papan iku. Naliko arep di cekel kalian
Raden Sahid rampok iku mau padha mlayu nanging bocah wadon sing di perkosa mau nyikep siset Raden
Sahid nganti penduduk desa teka.
Amargo Raden Sahid isih gawa topeng rampoke bajur para penduduk desa padha nganggep menawa sing
ngrudhapeksa iku ya Raden Sahid.
Nalika topeng di buka para warga padha ora percaya sapa kang dadi perampok, yaiku iku putra junjungane
dhewe. Nalika Raden Sahid di gawa marang adepane kanjeng Adipati, Adipati Wilatikta duka gede. Sang
Adipati murka amarga Raden Sahid sing wis di karepake ora bakal maling meneh tanpa bias ngowahi
tumindhake. Raden Sahid diusir saka kadipaten karo Bapane, “lunga saka kadipaten Tuban iki rak sah
mulih! sakdurunge kowe bisa nggetarake dinding kadipaten iki nganggo bacaan Al Qur’an sing saben

wayah bengi mbok woco iku!”Adipati Wilatikta iku sing asline ora percaya karo apa sing dilakukake putra
kesayangane iku. Apa sing dikarepake Adipati, Raden Sahid sing menggko dadi penggatine dadi Adipati
nang Tuban sirna.Naming siji wong sing ora percaya Raden Sahid nglakukake perbuatane iku mau yaiku
adhike Dewi Rasa Wulan. Amargo rasa kasihhe marang kakangne iku Dewi Rasa Wulan lungo nggoleki
kakange Raden Sahid ananging ora ketemu.
Sakwise di usir saka kadipaten Tuban banjur Raden Sahid lunga menyang alas Jatiwangi. Pirang–pirang
tahun Raden Sahid ngrampok wong sing sugih sing lewat nang alas iku nganti di juluki Brandal Lokajaya.
Sawijining dina naliko ana wong tuo sing gawa teken lewat dhewe nglewati alas Jatiwangi. Nalika di

sawang–sawang tongkate iku mau kok ngetoakae sinar kempling koyo–koyo gagange iku digawe saka
emas. Banjur ora nunggu suwe tongkat sing di gawa wong tuwo mau di rebut pekso nganti wong tuwo
mau tiba grubakan nang lemah.Kanthi susah wong tuwo mau tangi, matne ngetoake eluh nanging ora
ngetokake suara naliko wong nangis. Nanging Raden Sahid lagi sibuk ndelengi tongkat sing direbut iku
mau.
Sansaya suwe di sawang tongkat iku mau jebule dudu emas sing di karepake Raden Sahid iku mau. Raden
Sahid kaget nalik weruh wong tuwo sakwise direbut tongkate kok nembe nangis “aja nangis meneh iki
tongkatmu tak balikna”. “dudu tongkat iki sing tak tangisi” omongane wong tuwo mau nunjuake suket
sing ana nang tlapakane. “delokno! Aku wis nglakoni dosa, gawe sia–siane barang. Suket iki mau kecabut
nalika aku tiba”
“Namung pirang lebar suket, ndadekake kowe krasane salah banget?” pitakone Raden Sahid.
“Ya, aku wis dosagedhe mergane aku nyabut suket iki mau tanpa ana gunane. Naliko aku ncabut suket iki
tak dadikno makanan ternak iku rak apa. Nanging barang sing di siak–siakna iku sing marahi dosa.”
Ati Raden Sahid krasanalika krungu ukara iku mau.
“Cah bagus apa sing mbok karepake nang alas iki?”
“Kula golek bandha”
“Kanggo apa?”
“Tak keake marang wong fakir lan miskin”
“Hmm…. Atimu sebenere mulya, nanging caramu sing kliru”
“He wong tuwa apa karepmu?”

“Oleh aku takon karo kowe? Nak kowe ngumbah pakaian nganggo banyu uyuh apa klambimu iku mau
bakale resik? Allah iku Dzat Suci, amung nrima amalan saka barang – barang sing apik lan halal”.
Kandhane wong tuwa mau.
Raden Sahid sansaya gemeter krungu wong tuwa mau
“Akeh dalan sing di lakokake nalika kowe pengen nulung wong fakir lan miskin mau. Kowe ora bisa
ngrubah nasibe wong iku mau namung aweh pangan lan dhuwit saka ngrampok iku mau. Kuwe peringatke
pengausa–penguasa sing lalim ben ngrubah carane mimpin rakyate kanthi aja sewenang–wenang. Kowe
ya bisa aweh pangarep kanggo ngowahi uripe kang sengsara kanthi luwih sregep anggone kerja.”
Raden Sahid sansaya gemeter krungu sing diucapake wong tuwa mau.
“Nek awakamu arep golek rizki sing halal nanging ora ngrugiake wong jupuka sing ana nang wit iku mau,
kanthi nunjuk nang wit aren iku mau.
Sakwise ngomong iku mau wit aren iku berubah dadi emas. Di penek wit aren iku mau dipetiki uwohe.
Nalika dhewe methik emas ana wit aren iku mau banjur wohe wit aren iku mau banjur rontok ngebruki
Raden Sahid nganti semaput. Nalika sadar Raden Sahid nggoleki wong tuwa mau. Nanging wong tuwa
mau wis adoh amung katon bayangane. Mlayu kebatan Raden Sahid ngoyak wong tuwa mau niba nangi.
Akhire sak pinggire kali Raden Sahid kasil nyusul wong tuwa mau.
“Nyuwun pangapunten ……….. nyuwun njenengan purun ngangkat kula dados murid” njaluk Raden
Sahid menyang wong tuwa mau.
“Kowe arep sianu bab apa karo aku?”
“Menapa mawon, sing penting panjenengan purun ngangkat kula dadi murid.”

“Abot …. Sarate apa abot, apa kowe siap?”
“Kula siap!”
Wong tuwa iku mau banjur nacepake tongkat sing di gawa mau lan Raden Sahid di kongkon nunggu
tongkat iku mau nang pinggir kali nganti dheweke balik nemoni Raden Sahid meneh. “Aja pisan–pisan
lunga saka papanmu nunggu tekenku iki”

Banjur wong tuwa mau nyebrangi kali kanti ngmbang ora kena banyu babar pisan. Sakwise wong tuwa
mau ilang saka pandangane Raden Sahid banjur Raden Sahid sila nunggu tongkat sing tancepake mau
kanthi eling saksijining surat sak jeroning Al Qur’an babagan Ashabul Kahfi kanthi ndonga Raden Sahid
di dadikna kaya Ashabul kahfi sing turu ratusan taun.
Dongane Raden Sahid kasembadan dening Allah SWT, Raden Sahid turu kurang luwihe 3 tahun. Nganti
awake di rubungi suket lan lumut.
Sak wise telung tahun wong tuwa mau banjur teka nemoni Raden Sahid. Nanging Raden Sahid ora isa di
tangikna amarga wis ngakon dekne turu. Banjur di adzani karo wong tuwa mau kanthi Raden Sahid
mbukak matane sakwise telung taun nungguni teken si temancep nang pinggir kali.
Awake Raden Sahid di resiki diwenehi busana anyar lan di gawa menyang tiban, napa kok Tuban amarga
wong tuwa mau yoiku Kanjeng Sunan Bonang. Sakwise dina iku Raden Sahid di kenal kalian sebuta
Sunan Kali Jogo sing diartikna wong sing pernah jogo kali taunan.Nanging ana sing ngartikna Kali Jogo
artine wong sing jogo aliran akidah nang mangsa iku. Artine ora ana akidah sing mbebayani umat.Raden
Sahid utowo Sunan kalijogo di perintahake kalian Sunan Bonang kanggo nyebarake Islam nang tanah jawi

kalian njogo akidahe ben tetep murni yoiku akidah islam.

Kancil lan Merak
Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha
nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan
ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang
Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku
mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!”
bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone
Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing
Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana
saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing
kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng
napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku
bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe.
Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wuluwuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora
ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil
nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya
aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi
kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?”
pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil
bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku
lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil
banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok
ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang
marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak
banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet.
Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane.

Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga
dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,”
ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake,
dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling
endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti
kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene
kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora
nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing
awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka
platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake
wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing
diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging

tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare
jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil
dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg
ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?”
pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel
diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!”

ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti
mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa
mbilaheni.
Alon-alon,
Merak
mbubuti
wulu
sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut
thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah
merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.